Tembung rinengga tegese: pinacak (dipacak), dipajang-pajang, dipaesi, kinarawista;
prelune supaya endah, bregas (sigrak, katon becik, waras), ngengreng, lan ngresepake. Mula basa rinengga bisa ditegesi kanthi mangkene: basa sing dipacaki, basa sing dipajang, basa kang dipaesi, utawa basa kang bisa digawe bregas. Basa rinengga uga diarani basa pacakan utawa basa bregasan. Basa rinengga iku mesthi wae ngemu rasa kaendahan, yaiku kaendahane basa. Basa sing endah uga ora ateges basa sing angel, sanajan mesthi wae uga akeh basa sing endah kang angel ditegesi. Carane ngrengga basa nganti dadi basa rinengga utawa basa pacakan, bisa diwaca ing ngisor iki. 1. Sarana dikandhakake (dicritakake), nganggo ukara liya kang tetembungane ngemu surasa luwih bregas. Tuladhane: kudu yen dikandhakake ora kena ora utawa aja tan ora, sing kaya mangkono banjur dadi basa rinengga. a. ora kena ora, tegese: yen ora, ora kena; lumrahe aja b. aja tan ora utawa ora kena ora kadhang disaroja karo tembung kudu, dadi: kudu, ora kena ora utawa aja tan ora, kudu tegese: aja nganti ora, nanging kudu. 2. Diganti tetembungane (sawatara), upama sarana diganti nganggo tembung Kawi. Tuladhane: Tandange kaya bantheng kataton. a. Yen unen-unen kaya bantheng kataton diganti kadi andaka kanin, banjur dadi basa rinengga. Tembung sedhela banget yen diganti sakedhepe netra, banjur dadi basa rinengga. Mangkono uga yen dikandhakake nganggo ukara liya kang unine: yen nginanga during abang, idua during asat, uga diarani basa rinengga.