You are on page 1of 1

Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinabekten,


Bapak ibu guru ingkang saha kinurmatan,
Karyawan ugi karyawati ingkang kula kinurmati kaliyan,
Ugi mboten kesupen para rencang ingkang kula tresnani.
Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun maringi rahmat sarta hidayaipun.
Dene kula panjenengan sami saged makempal wonten sekolahan kangge ngawontenanken sesorah
wonten ngriki.
Para hadirin ingkang kula kumarti,
Sakderengipun diwiwiti para hadirin sampun mangertosi napa ingkang diarani jujur punika ?
Nggih, jujur inggih punika salah-saijining tumindhak becik kang kudu ditindhakakake kaliyan
para rencang utawi sedaya tiyang wonten donya niki. Menawi, jujur wonten zaman sakniki nggih
golekane angel amargi sampun katah tiyang ingkang mboten jujur. Salah saijine tuladha nggih punika
para koruptor ingkang mboten nggadahi kajujuran, mila tiyang koruptor wau gampang sanget kagodha
kalih arta amargi mboten kiyat imane, kalih among nuruti hawa nafsune. Kita manungsa kudu saget
ngendaleaken tumindhak ala punika.
Para hadirin ingkang kula kumarti
Tuladha wonten ngandhap punika aja ditiru nggih amargi mboten wonten untung e malah etug
murka ne saking gusti Allah.pancen wonten paribasan Jujur bakal ajur inggih betul paribasan iku wau,
jujur saderengipun koyo pahit brutowali wonten salajengipun jujur bakal makmur. Gari kita manungsa
kudu pinter pinter ngendalikakae kesabaran kitha, supados angsal kaberkahan utawi pahala saking Gusti
Allah.
Saderengipun ajeng kula tutup, kula anggadahi setunggal tembang macapat ingkang saget
maringi kita wejangan utawi nasihat kangge kita supadaos dados tiyang ingkang sae utawi jujur.
Pitutur bener iku
Sayektine apantes tiniru.
Nadyan metu saking wong sudra pepeki.
Lamun becik muruk ipun.
Iku pantes sira anggo.
Cekap semanten sesorah ingkang saget kula aturaken. Bok bilih menawi wonten kalepatan utawi klentu klentunipun. Kula nyuwun pangapunten sanget. Akhirul Kalaam.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

You might also like