You are on page 1of 1

Ulangan Harian 1 (Selasa, 17 September 2013)

I. Wacanen crita ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1-10!
Kecopetan ing Bis
Jenengku Nanda, ibuku guru. Saben tanggal siji, ibuku mundhut gaji ing Bank BRI ing Jalan Jendral
Sudirman, Solo. Sawijining dina, nalika aku lara ing rumah sakit, ibuku mundhut gaji karo sisan arep ngurusi
administrasi ing rumah sakit, amarga aku wis entuk bali saka rumah sakit.
Bubar mundhut gaji, ibuku nitih bis menyang rumah sakit. Saking sayahe ibuku mak ler sare. Bareng
wungu, tase ibu wis mbukak. Dhompet saisine, yaiku dhuwit gajian sewulan lan layang-layang penting musna
kabeh.
Nasibe ibuku dina kuwi pancen lagi apes. Wis ana kelara, arep mbayar ongkos rumah sakit malah
kecopetan. Ibarate wis tiba ketiban andha. Ibuku mung bisa pasrah marang Pangeran Kang Maha Agung. Ibuku
bingung banjur ngedol gelange ing toko mas. Sawise entuk dhuwit langsung bali ing rumah sakit saperlu ngurusi
administrasi sing kudu dibayar.
1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.

Apa irah-irahane crita ing dhuwur iku?


Apa pegaweane ibune Nanda?
Ana ngendi ibune Nanda mundhut gaji?
Sapa sing kecopetan?
Ing ngendi ibune Nanda Kecopetan?
Apa isi dhompete ibune Nanda sing dicopet?
Ibune Nanda arep tindak ngendi kok nitih bis?
Sapasing lara ing rumah sakit?
Kepriye kok ibune Nanda nganti kecopetan?
Sapa iku Pangeran Kang Maha Agung?

II. Wangsuli pitakon ing ngisor iki!


1. Tulisen urut-urutane nggawe lukisan kaleng, tulis bahane lan cara nggawene!
a. Bahene
1) ..
2) ..
3) lan seteruse
b. cara nggawene
1) .
2) .
3) lan seteruse
2. Urutaken gambar ing ngisor iki lan tulis critane!

3. Tulisen nganggo aksara jawa!


a. ana bata sanga
b. jaya nata bata
c. ana kaca mata
d. tapa lara lapa
e. cara padha jaya

You might also like