You are on page 1of 3

Nama :

Kelas :

No. Absen :

Wangsulana pitakon-pitakon wonten ngandhap punika kanthi ngeping (X) huruf a, b, c, utawa d,
wangsulan ingkang paling leres.

1. Rini kaliyan Siti sampun dangu memitran. Dheweke mboten nate tukaran utawi nesu-nesunan.
Menawi budhal sekolah mesthi sesarengen. Wonten tugas sekolah inggih dipundhamel sareng-sareng.
Lare kalih menika pancen raket sanget, kados……
a. kebo kabotan sungu. d. timun wungkuk jaga imbuh.

b. tumbu oleh tutup. e. kebo nusu gudel.

c. sumur lumaku tinimba.

2. - Gathutkaca lampahipun ngambah gegana.


- Langite padhang sumilak.
- Narni senengane nembang Yen ing Tawang Ana Lintang.
Saking ukara-ukara ing nginggil menika tembung-tembung ingkang tegesipun sami (dasanama) inggih
menika…..
a. ngambah, sumilak, nembang.

b. gegana, langit, tawang.

c. gegana, sumilak, lintang.

d. gegana, sumilak, tawang.


e. ngambah, padhang, tawang.

3. Sesorah ingkang salam pambukaning wonten waosan “Innalillahi wa inna illaihi roji’un” menika nuduhaken
sesorah……
a. atur pambagya c. selapanan e. supitan
b. tetesan d. kesripahan

4. Nuwun, kanthi serat menika kula ngaturi pirsa bilih pikantuk berkah saking Gusti tuwin pangestu
panjenengan sekalian kula tansah ginanjar wilujeng. Mugi bapak ibu sarta sedaya kulawarga ing
Tlogowungu ugi mekaten.
Ukara wonten nginggil kalebet peranganipun layang iber-iber, inggih menika…….
a. pambuka/ bebuka c. surasaning layang e. wasana basa
b. adangiyah/ adawiyah d. pepranahan
5. Adi : “Ya ora kudu ngono kuwi. Kene dadi bocah enom kudu bisa milih endi kang bener
endi kang ora. Aja nganti dheweke iki melu-melu bocah-bocah liyane kegerus arus
jaman moderen. Kene kudu bisa prihatin marang uripe dhewe. Kudu pinter milih endi
kang ana paedahe endi kang ora.”
Siti : “Kados mekaten nggih mas?”
Adi : “Ya intine ngono kuwi.”
Watakipun Adi wonten ing pacelathon nginggil inggih menika…..
a. aleman c. diwasa e. anggak
b. sregep d. kesed

6. Bapak Bupati kang padha rawuh ing Madiun uga nyaosi katrangan babagan kagunan reyog marang
panjenengane Bapak Menteri.
Ukara wonten nginggil, menapa dipundadosaken krama inggil ingkang leres inggih menika…..
a. Bapak Bupati kang padha rawuh ing Madiun uga nyaosaken katrangan babagan kagunan reyog
marang panjenenganipun Bapak Menteri.
b. Bapak Bupati ingkang sami rawuh ing Madiun uga nyaosi katrangan babagan kagunan reyog
marang panjenenganipun Bapak Menteri.
c. Bapak Bupati ingkang sami rawuh dhateng Madiun ugi nyaosaken katrangan babagan kagunan
reyog marang panjenenganipun Bapak Menteri.
d. Bapak Bupati ingkang padha rawuh wonten Madiun uga nyaosake katrangan babagan kagunan
reyog marang panjenenganipun Bapak Menteri.
e. Bapak Bupati kang sami rawuh ing Madiun ugi nyaosi katrangan babagan kagunan reyog marang
penjenenganipun Bapak Menteri.

7. asMrfn
aj turu [so[r kki
an [dw zL= l= jgf\
v=ki= [bo[k/o kenCn[n
aisi[n [doz tetulk\
snF= klwnPzn\
yaiku b[gynNipun\
[w=o me[lkSb/ nrim

Guru lagu lan guru wilangan tembang macapat wonten nginggil inggih menika….
a. 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a.
b. 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8o, 8a.
c. 7i, 8a, 8e, 7a, 8a, 8u, 8a
d. 7i, 7a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a.
e. 8i, 7a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a.
8. Surasanipun tembang macapat ing soal nomer pitu inggih menika….
a. Dados tiyang menika kedhah ngibadhah dateng Gusti ingkang Murbeng Dumadi supados angsal
katentreman lan pangayoman.
b. Kita kedhah tansah melek ngantos dalu kangge golek pangan.
c. Kita kedhah ngibadhah ing wanci dalu, amargi ing wanci menika Gusti Kang Maha Asih paring
rejeki lan pangayoman langkung kathah.
d. Tiyang ingkang saged melek ngantos dalu menika tiyang ingkang sabar.
e. Wanci dalu menika kathah dewa-dewa ingkang sami medal.

9. Sulastri menika lare panggulu, kakangipun wonten setunggal lan rayinipun tiga.
Lare panggulu inggih menika…..
a. lare nomer setunggal c. lare ingkang pungkasan e. lare ingkang tengahan
b. lare nomer tiga d. lare nomer kalih

10. Wonten komplek kraton Ngayogyakarta dipunkawontenaken “Festifal Sekar” ingkang temanipun
“Katakan dengan Bunga”. Mila komplek Kepatihan wonten sekar manekawarna. Wiwit saking gapura
ngajeng jalan Malioboro ngantos dugi Bangsal Kepatihan kathah modhel kekembangan ingkang
dipunronce kanthi manekawarna lan jinis sekar. Adicara menika dipunresmekake dening Gubernur
DIY, Sri Sultan Hamengku Buwono X.
Surasanipun wacan wonten nginggil inggih menika……
a. “Festifal Sekar” dipunresmekake dening Gubernur DIY.
b. Gubernur DIY wonten ing “Festifal Sekar”.
c. Sekar maneka werna.
d. Reroncean kembang ing “Festifal Sekar”.
e. “Festifal Sekar” wonten ing Kraton Ngayogyakarta.

You might also like