You are on page 1of 3

Ingkang kinurmatan Bapak Lurah

Ingkang kinurmatan bapak Ketua Rt ,,,


Ingkang kinurmatan bapak ..
Poro hadirin sedoyo ingkang kawulo hormati.
Assalamualaikum Wr. Wb.
Kawulo aturaken matur nuwun sanget kagem bapak / ibu sedoyo ingkang sampun
menehi kesempatan kagem kawulo kangge nyambut acara meniko wonten ing Isra
mira nabi agung Muhammad saw. Saderengipun monggo kito sedoyo ngucapaken
puji syukur dhumateng gusti Allah swt, sebab kanti nikmat lan rahmatipun kito
sedoyo saget makempal wonten ing mriki, sehingga wonteng ing ndalu niki kito
tanda diwenehi kesehatan jasmanu ugi rohani kagem ngringoaken ceramah agama
kagem santapan rohani wontening acara Isro lan miroj nabi agung Muhammad saw.
Salajengipun, kulo aturaken matur nuwun ingkang seagengipun dumating sedoyo
poro rawuh lan tamu undangan ingkang sampun kanti ikhlas nglonggaraken
wektunipun kagem nggolet ilmu lan ngrungoake ceramah agama ingkan sekedap
malih bade dipun sampeaken dening Bpk .. (ingkang badhe ngisi pengajian)
Poro hadirin ingkang minulyo, kito umat islam sampun sawajare mangertos
dumateng junjungan nabi kito nabi Agung Muhammad saw, sedoyo meniko namung
kagem ningkataken iman lan takwa kito dhumateng Allah swt. Semoho ugi kita
saged luwih ngedekaken kito dhumateng Allah swt, lan saget nglakoaken sedoyo
perintahipun lan ngedoih sedoyo ingkang dado larangan-laranganipun Allah swt.
Kawulo atas nami Ketua Panitia peringatan Isro lan mijob, ngarep-arep mugi-mugi
ilmu pengetahuan agama kito khususipun masalah isro lan mijor meniko benerbener dipun gateaken dening poro rawuh sedoyo, lan salajengipun saget dipun
amalaken miturut tuntunan ingkang sampun diajaraken dening Allah swt kagem kito
sedoyo umat islam.
Khususipun kagem Bapak . (ingkang isi ceramah) kawulo aturaken matur nuwun
ingkang sanget kagem keikhlasanipun wonten ing ngaturaken babagan agama
kagem kito sedoyo wonten ing ndalu puniko, mugimugi amalipun saged dipun tampi
dening Allah swt lan dipun paringi ganjaran ingkang lipet.. amin
wa billahitaufiq walhidayah,
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.


Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.
Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa
ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal
manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun
pahargyan pengetan dinten Kartini samang-ke punika.
Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini
pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa
Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun
mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia taksih
dipuncengkerem dening bangsa penjajah.
Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkunglangkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge
majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged dipunremehaken,
malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika.
Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang
kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar pindha waja
ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun
Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia.
Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi
dene para priya ing babagan warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged
damel mongkoging manah.
Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken
gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten
kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia.
Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.Semanten saha makaten
atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan
kelepatan kula.

Assalamu'alaikum wr. wb
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu
luhuring budi lan rencang - rencang kelas 9 ingkang kula tresnani.
Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung
ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo
dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak
manika.
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak
ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan
sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.
Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh
wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu
rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi
wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak
rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten
disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo
lan rencang - rencang.
Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika
amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo.
Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh
wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget
dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika.
Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan
kulo nyuwun agenging pangapunten.
Wasslamu'alaikum wr. wb

You might also like