You are on page 1of 3

Khutbah Jumat Basa Jawa : Ukhuwah

.
Para sedherek sidang jumat ingkang dipun muliaaken dening Alloh SWT, mangga kangge
pambukaning atur kulo ngajak dateng panjenengan sedoyo, mangga tansah ningkataken iman lan
taqwa kita dhumateng ngarsa dalem Alloh SWT ingkang sampun maringi kanugrahan ingkang
kathah dhumateng kita ingkang menawi kita badhe ngetang kanugrahan saking Gusti Alloh wau
mongko mboten badhe seged dipun etang. Sholawat saha salam mugi konjuk dhumateng
Nabiyulloh Muhammad SAW ingkang sampun nuntun umat saking alam pepethengan utawi
jahiliyah dateng margi ingkang leres inggih marginipun Gusti Alloh kanthi agami Islam ingkang
badhe mbekta keslametan dunya lan akhirat.
Ing satunggaling ayat al-Quran para khotib sering maosaken ayat mekaten :

Ingkang artosipun kirang langkung :


Wahai para manungsa satemene kulo Gusti Alloh sampun nyiptaaken manungsa saking lanang
lan wadon lan ndadosaken pirang-pirang bangsa lan suku supados sami kenal-mengenal
(silaturrahim) satemene wong sing paling mulia tumrape Gusti Alloh inggih meniko tiyang
ingkang taqwa
Teng ayat wau dipun sebataken bilih ontenipun suku lan bangsa ken mboten sami musuhmusuhan nanging supados sami taaruf lan rukun. Nopo malih namung benten grumbul, nopo
malih kita sejaosipun niku sedherek ingkang sampun dipun iket kaliyan setunggal aqidah inggih
meniko aqidah Islam. Alloh SWT wonten Quran surat Al-Hujarat : 10 ngendhika :

Maknanipun : Satemene tiyang ingkang iman niku sedherek mulo akurana anatarane sedherekmu
lan taqwao marang Gusti Alloh supados angsal rahmat
Meniko wau satungaling ayat ingkang ngengetakan dhumateng kita bilih kita tiyang Islam niku
sedherek, mulo kedhah njagi pasedherakan wau, ingkang istilahipun yaiku Ukhuwah Islamiyyah
tegese pasedherekan ingkang dipun iket kanthi aqidah tauhid lan syahadat Asyhadualla ilaha
illalloh waasyhaduannamuhammadarrosululloh. Dados ampun ngantos amargi masalah ingkang
alit lan sepele kita malah saling terpecah-pecah lan mboten purun silaturrahim. Wonten ing
Quran Surat Ali Imron ayat : 103 Gusti Alloh ngelingaken datheng kita sedoyo:

Ingkang basa jawi campur Indonesianipun mekaten : lan berpegangteguhlah kamu sekalian
marang agamanipun Gusti Alloh lan janganlah kamu bercerai berai! Lan elingo marang nikmate
Alloh naliko siro kabeh ing jaman jahiliyah musuh-musuhan lalu Alloh menjinakkan hati kalian,
lan ndadosaken siro kabeh karono nikmatipun Alloh tiyang-tiyang ingkang bersaudara
Saking ayat niko kita ugi dados mangertos bilih sederengipun Islam wonten ing negeri Arab
masyarakatipun sami crah lan sering sanget sami perang, sesampune Islam, tiyang-tiyang wau
dados rukun lan mboten crah malih. Kito ugi saged neladani kepripun pasedherekan ingkang
dipun ajaraken Nabi Muhammad lan para sahabat. Para sahabat sesampunipun maos sahadat
lajeng ndadosaken Alloh lan Rosulipun langkung dipun remeni ketimbang sanesipun lan
ndadosaken tiyang Islam dados sedulur ingkang kedah dipun jagi kehormatanipun sanajan
benten asalipun wonten ingkang saking Mekah, Madinah, Mesir, Afrika, Italia, lan sanessanesipun. Saking tarikh utawi sejarah Islam kita ugi saged ngertos kepripun persedherekan
ingkang sampun dipun contoaken dening para sahabat muhajirin lan anshor. Para sahabat
muhajirin karono Alloh dan Rosulnya rela ninggalaken tanah tumpah darahipun, harta dunya ugi
keluarga kangge hijrah saking Mekah dateng Madinah. Teng Madinah dipun sedherekaken
dening Rosululloh kanthi raos persederekan ingkang sae sanget. Sahabat Anshor ngendika : Kulo
gadheh pekarangan, monggo sepalihipun kangge penjenengan, kulo gadheh dunya, monggo
sepalihipun kulo pasrahaken dhateng sedherek kulo saking muhajirin, kulo gadeh griyo kalih
monggo setunggal panjenengan panggeni, kulo gadheh estri tigo, pilih setunggal mengkin estri
kulo niku wau badhe kulo ceraiken lan monggo dipun dadosaken estri penjenengan.
Subhanalloh!
Para sedherek kaum muslimin jamaah jumat ingkang kulo tresnani karono Alloh,
Dados monggo kita blajar saking nopo ingkang sampun dipun contoaken dening sahabat ingkang
ndadosaken pasederekan Islam utawi ukhuwah Islamiyyah niku satunggaling perkawis ingkang
penting lan kedhah dipun degdegake. Kita kedhah prihatin menawi umat Islam sami pecah
amargi benten organisasi, benten partai lan sanes-sanesipun. Organisasi utawi partai niku
satunggaling alat utawi sarana kangge dakwah dados ampun nganthos justru ngalahaken ingkang
wajib inggih meniko njagi persatuanipun umat islam ampun ngantos crah lan bubrah. Ingkang
dipun untungaken menawi kita teksih seneng terpecah lan sami gontok-gontokan mboten sanes
kejawi musuh-musuh Islam. Musuh-musuh Islam seneng ningali kahanan mekaten amargi kanthi
umat islam ingkang terpecah belah ndadosaken gampil anggenipun rubuhaken agami Islam.
Kenging nopo umat Islam teksih gampil dipun pecah ukhuwahipun? Perkawis-perkawis ingkang
ndadosaken ukhuwah Islamiyyah lemah antawisipun:
- Setunggal : iman utawi aqidahipun lemah, amargi ukhuwah dipun bangun kanthi landasan
iman, menawi aqidahipun lemah ukhuwahipun nggih dados lemah
- Kaping kalih : ikatan islamipun lemah, menawi ikatan Islampipun ageng Insya Alloh badhe
ngalahaken ikatan-ikatan sanes kadosto suku, bangsa, golongan. Nanging badhe abot mujudaken
ukhuwah Islam menawi fanatisme golongan teksih ageng lan nganggep golonganipun piyambak
ingkang sae lan golongan sanesipun lepat utawi sesat.
- Kaping tigo : Kirang taaruf utawi silaturrahim, ingkang saged nuwuhaken ukhuwah
antawisipun muslim kedhah purun Taaruf (saling kenal), ingkang selajengipun Insya Alloh
badhe saling memahami (tafahum) kangge selajengipun saged saling menolong (taawun) lan
saling menanggung (takaful).
Sidang jumat ingkang minulyo
Rosululloh nggambaraken pasedherekan antawisipun kaum muslim kadosdene satunggal awak
ingkang sami-sami ngraosaken satunggal lan satunggalanipun. Mulo kedahipun kita ugi saged
ngraosaken nopo ingkang seniki dipun raosaken dening sedherek kita wonten ing Maluku,
wonten ing Poso, wonten ing Filipina, Pattani Thailand, Kashmir India, Palestina, Irak, lan derita
muslim teng dunia pundi kemawon.
Ugi dipun gambaraken kadosdene satunggal bangunan ingkang saling nglengkapi lan nguataki
antara setunggal lan setunggale. Mesthi benten wadahipun nanging sedoyo gadhehi kelebihan
lan kekiatan ingkang saged nglengkapi bangunan Islam. Mongga sesarengan kita mujudaken
kesatuan barisan umat supados saged mujudaken kejayaan Islam ingkang dipun cita-citaaken
dening kita sedaya.

You might also like