You are on page 1of 3

Putri Novita Sari

12020114025
2012 A

STRUKTURALISME SAJRONE SASTRA


Karya sastra mujudake asil kreatifitas pangripta. Pangripta minangka
pawongan kang ngasilake karya sastra ora bisa uwal saka bebrayane ing sakupenge
tegese masyarakat, kabudayan, basa, lan alam nduweni pangaribawa sajroning
pangripta ngripta karangan. Cundhuk karo panemune Hutomo, yen sastra dudu karya
imajinatif wae, nanging karya imajinatif kang sumbere saka kedadeyankasunyatan.
Karya sastra sing apik adhedhasar saka kedadeyan kasunyatan (Hutomo, 1993:12).
Semono uga Ratna (2009: 60) ngandharake yen antarane sastra lan
masyarakat iku nduweni gegayutan sing hakiki. Gegayutan mau disebabake amarga:
a) karya sastra diripta dening pangripta, b) pangripta sastra dhewe sejatine yaiku
perangan saka masyarakat, c) pangripta migunakake fenomena ana ing masyarakat,
lan d) asil reriptane iku bisa digunakake dening masyarakat.
Saka andharan mau, bisa dijupuk dudutan yen antarane karya sastra lan
kedadeyan kasunyatan nduweni gegayutan. Sastra ngandharake kedadeyan
kasunyatan kang ditindhakake dening pangripta. Sastra nuduhake manungsa lan
babrayan, amarga sastra diripta dening pangripta kang dadi bagian saka masyarakat
iku dhewe. Pangripta ngrasakake lan rumangsa peduli marang kedadeyan sing
dirasakake lan ditindhakake masyarakat.
Strukturalisme sawijining paham ngenani unsur-unsur pamangune karya
sastra, sajrone unsur kasebut nduweni sesambungan antara unsur siji karo unsur
liyane nganti wutuh (Ratna, 2009:91). Karya sastra bisa dimangerteni cikal bakale
lan kedadeyane kuwi saka landhesan struktur sosial tartamtu.

Strukturalisme diandharake dening para ahli ing ngisor iki :


1. Levi-Staruss
Strukturalisme yaiku salah sawijine upaya sistematis kanggo ngandharake
struktur mental universal kang nduweni gegayutan tumrap struktur sosial kang
luwih kuwat, sajrone sastra, filsafat, lan matematika lan sajrone pola psikologis
bawah sadar kang motivasi marang manungsa.
2. Ferdinand de Saussure
Strukturalisme kalebu salah sawijine teori budaya kang idealistic amarga
strukturalisme ninting pamikiran-pamikiran kang kedadean sajrone pamikiran
manungsa.
3. Jean Piaget
Strukturalisme minangka salah sawijine struktur kang manunggal, yaiku
unsure-unsur kang perangan saka system ing saliyane struktur iku dhewe. System
kuwi dijupuk liwat kognisi anggota masarakat minangka kesadaran kolektif.
Tema minangka dhasar pangrembakane crita kang dadi jiwa sakabehing isi
crita. Tema sajroning reriptan fiksi ditemtokake kanthi ndudut sakabehing isi crita,
ora mung adhedhasar bagiyan-bagiyan crita tartamtu.
Aliran strukturalis utawa strukturalisme yaiku arupa pendekatan elmu
humanis kang nyoba njlentrehake bidang tartamtu (kayata, mitologi). Minangka
system kompleks kang gegayutan. Ferdinand de Saussure (1857-1913) diarani
minangka salah sawijine tokoh pencetus aliran iki. Aliran iki banjur ditrepake
marang bidang liyane kayata sosiologi, antropologi, psikoanalisis, teori sastra lan
arsitektur. Bab iki ndadekake strukturalisme ora mung salah sawijine metodhe,
nanging salah sawijine gerakan intelektual kang teka njupul alas eksistensialisme ing
Prancis taun 1960-an.

Miturut Alison Assister, ana 4 idhe umum ngenani Strukturalisme minangka


bentuk kecenderungan intelektual. Kapisan, struktur nemtokake posisi saben
elemen saka kabeh. Kaping loro, kaum strukturalisme percaya menawa saben system
nduweni unsure. Kaping telu, kaum struturalis tartarik marang struktural hokum
kang sesambungan karo urip kang bebarengan. Lan pungkasan struktur yaiku
samubarang kang nyata kang manggon ing ngisor permukaan utawa nduweni
makna tersirat.
Strukturalisme tuwuh udakara paruh kaloro abad ke-20 lan ngrembaka dadi
salah sawijine pendekatan kang paling popular utawa misuwur ing bidang akademik
kang gegayutan karo analisis basa, budaya, lan masarakat. Aktivitas Ferdinand de
Saussure kang ahli sajrone bidang linguistik iki kang diarani dadi titik awal
stukturalisme.

Teges

saka

strukturalisme

dhewe

tuwuh

ing

karya

antropo;ognPerancis Claude Levi-Strauss, kang nyebabkake gerakan strukturalis ing


Perancis.

Kapustakan
Hutomo, Suripan Sadi. 1975. Telaah Kasusastran Jawa Modern. Surabaya: Pusat
Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Indonesia
Ratna, Kutha Nyoman. 2009. Teori, Metode, dan Teknik Penelitian Sastra.
Yogyakarta: Pustaka Pelajar

You might also like