You are on page 1of 2

PIDHATO SYUKURAN LULUS SEKOLAH

Assalamualaikum wr. wb
Bapak Kepala Sekolah, Bapak Pengurus Komite Sekolah, Bapak Ibu
Guru, ingkang kula kurmati, saha kanca-kanca kelas 6 ingkang kula tresnani.
Puja lan puji syukur, sumangga sami kula aturaken dhumateng Gusti
ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring kawilujengan, saengga ing
wekdal menika kita dipun panggihaken ing pasamuan ngriki.
Minangka wakilipun kanca-kanca kelas 6, kula ngaturaken gunging
panuwun, dene Bapak saha Ibu sampun kersa rawuh ing pasamuan ingkang
kula wontenaken menika. Pasamuan menika minangka raos syukur, dene
kanca-kanca kelas 6 saget lulus sedaya.
Salajengipun, kula inggeh ngaturaken gunging panuwun dhateng
Bapak saha Ibu Guru ingkang sampun nggulawenthah kula sakanca wiwit
kelas 1 ngantos kelas 6. Ngrumaosi kula kathah kalepatanipun ing wekdal
menika kula nyuwun gunging samodra pangaksami. Kula inggih nyuwun
donga pengestu, mugi-mugi kula saged nglajengaken dhateng sekolah
langkung inggil.
Wasana, cekap semanten atur kula, wonten kaladuking atur, kula
nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum wr. Wb

NAMA: YESIKA ANDINA PUTRI

You might also like