You are on page 1of 4

1.

Tuladha sesorah ambal warsa (ulang tahun SMP)


Assalamualaikum Wr. Wb
Nuwun,
Ingkang kinabekten Bapak Kepala Sekolah,
Ingkang pantes sinudarsana Bapak saha Ibu Guru,
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Karyawan,
Para kadang wredha mudha siswa SMP Tunas Bangsa ingkang
kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kula panjenengan ngunjukaken
puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang
Mahawikan. Inggih awit sih nugraha sarta berkahipun, kula
panjenengan saged pinanggih ing papan punika kanthi bagya
mulya kalis ing sambekala
Salajengipun, kula ingkang pinangka sesulihipun panitya,
ngaturaken sugeng rawuh. Mugi-mugi rawuh panjenengan
saged damel regenging swasana. Awit saking punika, kula
ngaturaken agunging panuwun boten kesupen, kula ngaturaken
gunging panuwun dhumateng Bapak Kepala Sekolah ingkang
sampun paring idi palilah murih kaleksanananipun sedya
pengetan ambal warsa SMP Tunas Bangsa ingkang kaping -60
ing kalenggahan siyang punika. Ugi kula ngaturaken gunging
panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak/Ibu Guru
sumarambah Para Karyawan ingkang kepareng paring iguh
pratikel murih pratitising adicara punika. Atur panuwun ugi kula
aturaken dhumateng para kadang wredha mudha siswa SMP
Tunas Bangsa , ingkang asung sabiyantu ngantos adicara
punika saged kaleksanan kanthi gancar.
Para Bapak, Ibu, sarta kadang mitra ingkang satuhu bagya
mulya. Bilih wigatosing gati , panjenengan kasuwun rawuh ing
pahargayan ambal warsa SMP Tunas Bangsa kaping-60 punika
kanthi ancas, mugi-mugi pahargyan punika saged dados
pecuting lampah ing dinten-dinten samangke, ngandelaken
tekad
majengangaken
panggula
wenthah
umumipun,
ningkataken prestasi sekolah tuwin akhlakipun para siswa
mliginipun.

Menggah wedharan sajangkepipun mungguhing pengetan


ambal warsa SMP Tunas Bangsa dalah pameran, bazaar, tuwin
pentas seni, badhe kababar dening panjenenganipun Bapak
Kepala sekolah . mugi-mugi kanthi wedharan samangke,
mliginipun para siswa tumanggap ing karya bilih labuh
labetipun para sesepuh tuwin alumni SMP Tunas Bangsa rikala
semanten sanyata awrat. Ingkang tundhonipun saged
nglajengaken semangatipun, pangurbananipun miwah ngukir
prestasi ing tataran nasional punapa dene internasional. Awit
saking punika, kula nyuwun dhumateng panjenenganipun
Bapak kepala sekolah kersaa paring wedharan pengetan ambal
warsa SMP Tunas Bangsa ingkang kaping-60 kalajengaken
hambuka adicara pameran, bazaar, dalah pentas seni.
Ing wasana, sugeng mriksani ngantos paripurnaning adicara.
Namung kemawon, mbokbilih lampahing adicara punika kirang
mranani penggalih panjenengan, panitya nyuwun agunging
pangaksami. Dene kula pribadi nyuwun lumunturing sih
pangaksami menggah solah bawa dalah panataning basa
ingkang tebih saking tatakrama tuwin paramasastra.
Nuwun. Wassalammualaikum wr.wb.
Matur nuwun.

KONSEP PIDATO HALAL BI HALAL


As. Wr.Wb.
~ Ingkang kawulo hormati Bp Kepala Desa Sidowayah.
~Ingkang kawulo hormati Bp Almukarom .........
~Ingkang kawulo hormati Bp Parmo, selaku Pengasuh
pengajian
~Ingkang kawulo hormati Bp/Ibu ingkang kepareng
rawuh wonten
ing pepanggihan ndalu meniko.
Langkung rumiyin monggo panjenengan kulo dereaken
ngaturaken sykur Alhamdullillah wonten ngarsanipun
Alloh swt, ingkang tansah paring kenikmatan kesehatan
lan ugi kesempatan bilih ing ndalu puniko kulo lan ugi
panjenengan sami, saget makempal wonten ing papan
puniko, ingkang saperlu
HALAL BI HALAL ingkang dipun wontenaken ibu-ibu
kelompok yasinan Sidowayah.
Kulo ingkang piniji Ketua panitia Halal Bi Halal,
ngaturaken agunging panuwun,menggah kerawuhan
panjenengan sami.
Matur nuwun ugi dumateng ibu-ibu yasinan kelompok
sidowayah, ingkang sampun paring bantuan awujud
menopo kemawon.

Kulo ngrumaosi bilih pelaksanaan Halal Bi Halal ing


ndalu meniko taksih katah kekiranganipun, pramilo kulo
nyuwun agunging pangapunten.
Mbok bilih, namung meniko ingkang saget kulo
aturaken, menawi wonten cewet utawi lepatipun
nyuwun gunging samudro pangaksami.
Ws. Wr. Wb.

You might also like