You are on page 1of 12

01.

Sejarah Hånåcåråkå

Aksårå Hånåcåråkå.
Aksårå Hånåcåråkå ( utåwå ) iku sarupaníng aksårå síng kaanggo ing Tanah Jåwå lan
saubêngé kåyå tå ing Madurå, Bali, Lómbók lan ugå Tatar Sundhå.
Aksårå Hånåcåråkå iku ugå diarani aksårå Jåwå nangíng sajatiné ukårå iki kurang srêg
amargå aksårå Jåwå iku warnané akèh saliyané iku aksårå iki ora namúng diênggo nulís
båså Jåwå waé.
Aksårå iki uga diênggo nulís båså Sangskrêta, båså Arab, båså Bali, båså Sundhå, basa
Madurå, båså Sasak lan ugå båså Mêlayu.
Nangíng ing artikêl iki ukårå Hånåcåråkå lan aksårå Jåwå diênggo loro-loroné lan yèn
ånå ukårå aksårå Jåwå síng dirujúk iku aksårå Hånåcåråkå.
Aksårå Hånåcåråkå kagólóng aksårå jinis abugida utåwå hibridha antårå aksårå silabik
lan aksårå alfabèt.
Aksårå silabik iki têgêsé yèn sabên aksårå ugå nyandhang sawijiníng swårå. Hanacaraka
kalêbu kulåwargå aksårå Brahmi síng asalé såkå Tanah Hindhústan.
Yèn bêntúké, aksårå Hånåcåråkå ånå wís kåyå saiki wiwít minimal abad kapíng 17.
Aksårå Hånåcåråkå iki jênêngé dijupúk såkå limang aksårå wiwitané.

Étimologi lan lêgèndha asal


Aksårå Hånåcåråkå jênêngé dijupúk såkå urutan limang aksårå wiwítan iki síng uniné
"hånå cåråkå".
Urutan dhasar aksårå Jåwå nglêgêna iki cacahé ånå róngpulúh lan nglambangaké kabèh
foném båså Jåwå.
Urutan aksårå iki kåyå mêngkéné:

hå nå cå rå kå
då tå så wå lå
på dhå jå yå nyå
må gå bå thå ngå
Urutan iki uga biså diwåcå dadi ukårå-ukårå:
"Hånå cåråkå" têgêsé "Ånå utusan"
"Dåtå såwålå" têgêsé "Pådhå garêjêgan"
"Pådhå jåyånyå" têgêsé "Pådhå digjayané"
"Mågå båthångå" têgêsé "Pådhå dadi bathang".
Urutan ukårå iki digawé miturút lêgèndha yèn aksårå Jåwå iku diastå déníng Aji Såkå

http://ki- 1
demang.com/index.php?option=com_content&view=category&layout=blog&id=96&Itemid=769
såkå Tanah Hindhústan mênyang Tanah Jåwå.
Banjúr Aji Såkå ngarang urutan aksårå kåyå mêngkéné kanggo mèngêti róng pånåkawané
síng sêtyå nganti pati: Dorå lan Sêmbådå.
Loroné mati amêrgå ora bisa mbúktèkaké dhawuhé sang ratu.
Mulå Aji Såkå banjúr nyiptakaké aksårå Hånåcåråkå supåyå biså kanggo nulís layang.

Caritané kåyå mêngkéné:


Kacaritå ing jaman mbiyèn ånå wóng såkå Tanah Hindhústan anóm jênêngé Aji Såkå.
Dhèwèké putrané ratu, nangíng kêpéngín dadi pandhitå síng pintêr.
Kasênêngané mulang kawrúh rupå-rupå. Dhèwèké banjúr péngín lunga mêncaraké
ngèlmu kawruh ing Tanah Jåwå.
Banjúr anuju sawijiníng dinå Aji Såkå sidå mangkat mênyang Tanah Jåwå, karo abdiné
papat síng jênêngé Dugå, Prayogå, Dorå lan Sambådå. Barêng têkan ing Pulo Majêthi
pådhå lèrèn.
Aji Såkå banjúr nilar abdiné loro; Dorå lan Sambådå ing púlo iku.
Déné Aji Såkå karo Dugå lan Prayogå arêp njajah Tanah Jåwå dhisík.
Dorå lan Sambådå diwêlíng orå olèh lungå såkå kono. Saliyané iku abdi loro wau
dipasrahi kêrís pusakané, didhawuhi ngrêkså, ora olèh diêlúngaké marang såpå-såpå.
Aji Såkå banjúr tindak karo abdiné loro mênyang ing Tanah Jåwå. Njujúg ing nêgårå
Mêndhang Kamolan.
Síng jumênêng ratu ing kono ajêjulúk Prabu Déwåtå Cêngkar. Sang prabu iku sênêngané
dhahar dagingé wóng. Kawulané akèh síng pådhå wêdi banjúr pådhå ngalíh mênyang
nêgara liya. Patihé ngaran Kyai Tênggêr.
Kacarita Aji Såkå ånå ing Mêndhang Kamolan jumênêng guru, wóng-wóng pådhå mlêbu
dadi siswané.
Pårå siswané pådhå trêsna marang Aji Såkå amêrga dhèwèké sênêng têtulúng.
Nalika sêmana Aji Såkå móndhók nèng omahé nyai råndhå Sêngkêran dipèk anak karo
nyai råndhå.
Kyai patíh karo nyai råndhå iyå wís dadi siswané Aji Såkå.
Anuju sawijiníng dinå sang prabu Déwåtå Cêngkar dukå bangêt ora wóng manèh síng
biså didhahar.
Aji Såkå banjúr sagúh dicaósaké sang nåtå dadi dhaharané.
Sang nyai råndhå lan patíh dadi kagèt bangêt.
Nangíng Aji Såkå cêlathu yèn wóng loro iku ora usah kuwatír yèn dhèwèké ora bakal
mati.
Banjúr Aji Såkå diatêraké ngadhêp prabu Déwata Cêngkar.
Prabu Déwåtå Cêngkar yå rumångså éman lan kêrså ngangkat Aji Såkå dadi priyayi,
nangíng Aji Såkå ora gêlêm. Ånå siji panyuwuné, yåiku nyuwún lêmah saikêt jêmbaré.
Síng ngukúr kudu sång prabu dhéwé.
Sang prabu Déwåtå Cêngkar iyå banjúr nglilani.
Nuli wiwít ngukúr lêmah diastå dhéwé.
Ikêté Aji Såkå dijèrèng. Ikêté tansah mulúr baé, dadi åmbå sêrtå dåwå. Iya dituti waé
déníng sang prabu.
Nganti nótóg ing sêgårå kidúl. Barêng wís mèpèd ing pinggír sêgårå, ikêté dikêbútaké.
Déwåtå Cêngkar katút mlêsat kêcêmplúng ing sêgårå.
Malíh dadi båyå putíh, ngratóni saisiníng sêgårå kidúl.

http://ki- 2
demang.com/index.php?option=com_content&view=category&layout=blog&id=96&Itemid=769
Wóng-wóng ing Mêndhang Kamolan pådhå bungah.
Awít ratuné síng diwêdèni wís sírnå.
Sêka panyuwuné wóng akèh. Aji Saka nggantèni jumênêng ratu ånå ing nêgårå
Mêndhang Kamolan ajêjulúk Prabu Jåkå, iya prabu Widåyåkå.
Déné patihé isíh lêstari kyai patíh Tênggêr. Si Dugå lan si Prayogå didadèkaké bupati,
ngarané tumênggúng Dudugå lan tumênggung Prayogå.
Sang prabu Jåkå, iyå sang prabu Widåyåkå nimbali si Dorå lan si Sambadå.
Kacarita sang prabu Widåyåka, pinuju miyós siniwåkå. Diadhêp kyai patíh sartå pårå
bupati. Sang prabu kèngêtan abdiné síng didhawuhi ngrêkså pusåkå kêrís ånå ing Pulo
Majêthi.
Ndangu marang Dudugå lan Prayogå kêpriyé wartané si Dorå lan si Sêmbådå. Prayogå
lan Dudugå ora bisa mangsuli awit wís suwé ora krungu åpå-åpå.
Kacarita si Dorå lan si Sambådå sing kari ånå ing Pulo Majêthi.
Wóng loro iku wís pådhå krungu pawårtå manåwå gústiné wís jumênêng ratu ånå ríng
Mêndhang Kamolan.
Si Dorå ngajak sowan nangíng si Sambådå ora gêlêm awít wêdi nêrak wêwalêré gústiné,
ora parêng lungå-lungå sêkå pulo Majêthi, yèn ora tinimbalan.
Nangíng si Dorå nékad arêp sowan dhéwé.
Si Sambådå ditilapaké. Banjúr mangkat ijèn waé.
Ånå ing dalan si Dorå kapêthúk karo tumênggúng Dudugå lan Prayogå. Utusan loro mau
banjúr diajak bali déníng si Dorå.
Awit si Sambadå dijak ora gêlêm.
Wóng têlu banjúr sowan ing ngarsané sang prabu.
Sang Prabu ndangu si Sêmbådå ånå ing ngêndi lan diwangsuli yèn dhèwèké ora gêlêm
diajak.
Mirêng aturé si Dorå, sang prabu dukå bangêt, lali dhawuhé dhéwé mbiyèn.
Banjúr Dorå, didhawuhi bali mênyang pulo Majêthi lan nimbali si Sambådå.
Yèn mêkså ora gêlêm didhawuhi dirampungi lan kêrisé dibalèkaké.
Dorå sanalikå mangkat. Ing pulo Majêthi kêtêmu karo Sêmbådå. Kåndhå yèn mêntas
sowan gústiné.
Saiki diutús nimbali si Sambådå. Pusåkå kêrís didhawuhi nggåwå.
Nangíng si Sambådå ora ngandêl marang kandhané si Dorå. Banjúr pådhå padu ramé.
Suwé-suwé pådhå kêkêrêngan, dêdrêg ora ånå síng kalah, awít pådhå digdayané.
Wasånå banjúr pådhå nganggo gaman kêrís pådha gênti nyudúk. Wêkasan pêrangé
sampyúh.
Si Dorå lan si Sambådå pådhå mati kabèh.
Sang Prabu ngarêp-arêp têkané si Dorå. Wís sawêtårå suwéné têkå durúng sowan-sowan
mångkå didhawuhi énggal bali.
Sang prabu nimbali tumênggúng Dudugå lån Pråyogå. Didhawuhi nusul si Dorå mênyang
pulo Majêthi.
Sanalikå banjúr mangkat.
Barêng Dudugå lan Prayogå wís têkå ing pulo mau, kagèt bangêt déné si Dorå lan si
Sambådå kêtêmu wís pådhå mati kabèh.
Tilasé mêntas pådhå kêkêrangan pådhå tatu kênå ing gaman. Pusåkå kêrís síng dadi
rêrêksan gumléthak ånå ing sandhingé.
Pusåkå banjúr dijupuk arêp diatúraké marang gústiné.

http://ki- 3
demang.com/index.php?option=com_content&view=category&layout=blog&id=96&Itemid=769
Dudugå lan Prayogå banjúr bali sowan ing ngarsané gústiné lan mratélaké kahanané.
Sang Prabu Widåyåkå kagèt bangêt mirêng pawarané, awít pancèn kaluputané dhéwé wís
kêsupèn pandhawuhé.
Banjúr sang prabu nganggít aksårå Jåwå nglêgêna kanggo mèngêti abdiné loro iku.

02 Aksårå Jåwå Hånåcåråkå

Aksårå Hånåcåråkå iku babóné aksårå Brahmi síng asalé såkå Hindhústan.
Ing anak bawånå Indhia iku akèh rupa-rupaníng aksårå. Salah sijiníng aksårå síng wigati
iku aksara Pallawa saka Indhia sisih kidúl.
Aksårå iki inaranan mêngkéné miturút jênêngé salah siji karatón ing Indhia kidúl yaiku
Karajan Pallawa.
Aksårå Pallawa iki digunakaké ing kiwa têngêné abad kapíng-4 Masèhi.
Ing Nusantårå patilasan sajarah arupå prasasti Yupå saka Kutai, Kalimantan Wétan tinulis
nganggo aksårå Pallawa.
Aksårå Pallawa iki dadi babóné kabèh aksårå Nusantårå, antarané aksårå Hånåcåråkå ugå
aksårå Réncóng (aksara Kaganga), Surat Batak, aksara Makassar lan aksara Baybayin
(aksarané saka Filipina).
Professor J.G. de Casparis, yaiku pakar paléografi utåwå ahli ngèlmu sajarah aksårå
misuwúr såkå Walåndå mérang sajarah tuwuhíng aksårå Hånåcåråkå ing limang mångså
utåmå:
1. Aksårå Pallawa
2. Aksårå Kawi Wiwitan
3. Aksårå Kawi Pungkasan
4. Aksårå Måjåpait
5. Aksårå Pasca-Majåpåit utawa Hånåcåråkå
Aksårå Pallawa iki digunakaké ing Nusantårå såkå abad kapíng 4 nganti kurang luwíh
abad kapíng 8.
Banjúr aksårå Kawi Wiwitan diênggo såkå abad kapíng 8 nganti abad kapíng 10 utamané
ing Jawa Têngah.
Aksara Kawi Pungkasan digunakaké sawisé abad kapíng 10 nganti kirå-kirå abad kapíng
13 ing Jåwå Wétan.
Banjúr aksårå Måjåpait iku digunakaké ing Jåwå Wétan nalikå jaman Måjåpait.
Banjúr sawisé karajan Måjåpait binêdhah, muncúl aksara Hånåcåråkå modhèrn síng ugå
kêrêp diarani aksårå Jåwå.
Aksårå ini banjúr dadi kanggo ing saubêngíng Tanah Jawa, Tatar Sundhå, Madurå, lan
Bali.
Kabèh-kabèh aksårå iki dadi sakêlómpók lan isíh sakêrabat.
Nangíng sajatiné ugå ånå aksårå liyané ing tanah Jåwå síng luwíh lawas lan isíh diênggo.
Aksårå iki jênêngé dadi aksara Budå.
Aksårå Hånåcåråkå banjúr déníng wóng-wóng Eropah digawèkaké vèrsi aksårå céthak
ing abad kapíng 19.

http://ki- 4
demang.com/index.php?option=com_content&view=category&layout=blog&id=96&Itemid=769
03 Aksårå Pallawa

Prasasti Yupa
Aksårå Pallawa iku asalé såkå India sisíh kidúl. Jênís aksårå iki digunakaké ing kiwå-
têngêné abad kapíng 4 lan abad kapíng 5.
Búkti kapisan panganggonan jênís aksårå iki ing Nuswantårå ditêmókaké ing pulo
Kalimantan sisíh wétan ing cêdhak tlatah síng saiki diarani Kutai.
Banjúr aksårå iki ugå digunakaké ing pulo Jawa ing Tatar Sundhå ing prasastiné
Tarumanêgara síng katulis ing kiwå-têngêné taun 450. Ing Tanah Jåwå dhéwé aksårå iki
kagunakaké ing Prasasti Túk Mas lan Prasasti Canggal.
Aksårå Pallawa iki biså dianggêp babóníng kabèh aksårå ing Nuswantårå, kalêbu aksårå
Hånåcåråkå.
Yèn didêlêng aksårå Pallawa iki rupané makothak-kothak. Ing basa Inggrís prêkårå iki
diarani nganggo ukara “box head” utåwå “square head-mark”. Banjúr mèh kabèh aksårå
tinulís nganggo åpå síng kasêbút måwå istilah serif. Serif-é tinulis ing sisíh kiwå.
Sênadyan aksårå Pallawa wís ditêpangi ing Nuswantårå wiwít abad kapíng 4, nangíng
båså Nuswantårå asli durúng ånå síng katulis ing aksårå iki.

Aksårå Kawi Wiwitan


Prabédan antårå aksårå Kawi Wiwitan karo aksårå Pallawa iku utamané gayané.
Aksårå Pallawa iku kêtårå yèn sawijiníng aksara monumèntal síng kanggo nulís ing watu.
Aksårå Kawi Wiwitan katóné utamané aksårå síng kanggo nulís ing róntal lan mulané
bêntúké dadi luwih kursif.
Aksårå Kawi Wiwitan digunakaké antara taun 750 nganti 925. Prasasti-prasasti sing
katulís ing aksårå Kawi Wiwitan cacahé akèh, kurang luwíh 1/3 (sapratêlón) såkå kabèh
prasasti síng ditêmókaké ing pulo Jåwå.
Ing Tanah Jåwå, aksårå iki palíng tuwå ditêmókaké ing Prasasti Plumpungan (cêdhak

http://ki- 5
demang.com/index.php?option=com_content&view=category&layout=blog&id=96&Itemid=769
Sålåtigå) síng kurang luwíh ditulís ing taún 750. Prasasti iki isíh ditulís ing båså
Sangskrêta.

Aksårå Kawi Pungkasan


Kira-kira sawisé taún 925, pusat kakuwasan ing pulo Jåwå dadi pindhah ing Jåwå Wétan.
Pangalihan kakuwasan iki uga katón pangaruhé ing jênisíng aksårå síng kanggo.
Mångså aksårå Kawi Pungkasan iki kirå-kirå såkå taún 925 nganti 1250. Sajatiné aksårå
Kawi Pungkasan ora béda akèh ing wujudé karo aksårå Kawi Wiwitan, namúng gayané
waé sing dadi rådå séjé.
Ing sisi liyå, gaya aksårå síng kanggo ing Jåwå Wétan sadurungé taún 925 uga wís bédå
karo gaya ing Jawa Têngah.
Dadi katóné prabédan iki ora namúng prabédan ing wêktu waé nanging uga ing papan.
Ing mångså iki biså dibédakaké papat gaya aksårå sing bédå-bédå:
1. Aksårå Kawi Jåwå Wétanan såkå taún 910 - 950;
2. Aksårå Kawi Jåwå Wétanan såkå jaman prabu Airlangga (1019 - 1042);
3. Aksara Kawi Jåwå Wétanan Kêdhiri (kurang luwíh 1100 - 1220)
4. Aksara têgak (quadrate script) isíh såkå mångså Kêdhiri (1050-1220).
04 Aksårå Måjåpait

Prasasti Singhåsari 1351

Ing sajarah Nuswantårå mångså antårå taún 1250 - 1450 iki ditandhani karo dhominasi
Måjåpait ing Jåwå Wétan.
Aksårå Måjåpait iki ugå nudúhaké pangarúh såkå gaya panulisan ing róntal lan rupané

http://ki- 6
demang.com/index.php?option=com_content&view=category&layout=blog&id=96&Itemid=769
éndhah. Gayané sêmu kaligrafis.
Conto utåmå gaya panulisan aksara iki bisa paling bêcík didêlêng ing Prasasti Singhåsari
1351 sing gambaré ana ing sisih ndhuwur iki.
Gaya panulisan aksårå gaya Måjåpait iki wis nyêdhaki gaya modhèrn.

05 Aksårå Pasca-Måjåpait

Prasasti Ngadóman

Sawisé jaman Måjåpait síng miturút tradhisi Jåwå nêgårå binêdhah ing taún 1478
(cåndråsangkalané sirnå ilang krêtaning bumi) nganti pungkasan abad kapíng 16 utåwå
awal abad kapíng 17, kanggo sajarah aksårå Jåwå bisa diarani "jaman pêtêng".
Amêrgå sawisé iku nganti awal kapíng 17 mèh ora ditêmókaké bukti panulisan.
Ujug-ujug bêntúk aksårå Jåwå dadi bêntuké síng modhèrn.

Sênadyan mêngkono ugå ditêmókaké prasasti síng wigati amêrgå dianggêp dadi "missing
link" antårå aksårå Hånåcåråkå såkå jaman Jåwå Kunå lan aksårå Budå síng isíh diênggo
ing Tanah Jåwå, utamané ing sakiwa-têngêning Gunúng Mêrapi lan Mêrbabu nganti abad
kaping 18.
Prasasti síng diómóngaké iki diarani Prasasti Ngadóman síng ditêmókaké cêdhak
Sålåtigå.
Nangíng conto aksårå Budå síng paling tuwå didugå asalé såkå Jåwå Kulón lan
ditêmókaké ing naskah-naskah síng ngamót Kakawin Arjunawiwaha lan Kunjarakarna
gancaran.

http://ki- 7
demang.com/index.php?option=com_content&view=category&layout=blog&id=96&Itemid=769
05 Muncúlé Aksårå Hånåcåråkå Anyar

Sawisé jaman Måjåpait, muncúl jaman Islam lan uga jaman Kolonialismê Kulón ing
Tanah Jawa.
Ing jaman iki banjúr muncúl naskah-naskah manuskrip kapisan síng wís nganggo aksårå
Hånåcåråkå Anyar.
Naskah-naskah iki ora namúng katulís ing gódhóng palêm (róntal utawa nipah) manèh,
nangíng ugå ing dluwang utawa kêrtas lan awujúd buku utåwå codex ("kodhèks").
Naskah-naskah iki ditêmókaké ing tlatah pasisir lór Jåwå lan pådhå digawani mênyang
Eropah ing abad kapíng 16 utåwå 17.
Bêntuké aksårå Hånåcåråkå Anyar iki wís bédå karo aksårå sadurungé kayåtå aksårå
Måjåpaitan.
Prabédan utåmå iku anané serif tambahan ing aksara Hånåcåråkå Anyaran.
Aksårå-aksårå Hånåcåråkå awal iki bêntúké mèmpêr kabèh såkå Bantên ing sisíh kulón
nganti têkan Bali.
Nangíng banjúr akiré pirang-pirang tlatah ora nganggo aksårå Hånåcåråkå lan pindhah
nganggo Pégón lan aksårå Hånåcåråkå gaya Surakartan síng dadi baku.
Nangíng saka kabèh aksårå iku, aksara Bali síng bêntúké têtêp padha nganti ing abad
kapíng 20.

Aksårå Hånåcåråkå ing médhia céthak

Aksårå Hånåcåråkå wiwít digunakaké kanggo nyithak buku ing púrwané abad kapíng 19.
Tèknik médhia cithak wiwít ditêpangi púrwané ing Eropah ing têngahé abad kapíng 15
ing kiwå-têngêné tahún 1450.
Síng kapisan ngriptå iku Johannes Gutenberg såkå Jêrman.
Måwå sistém Gutenberg iki, dadi sawijiníng tèks ora usah ditulís måwå tangan manèh
déníng sawijiníng juru tulís nangíng bisa dicithak.
Akibaté buku-buku biså diprodhúksi massal lan éwadéné biså diêdól luwíh murah lan
panyêbarané luwíh jêmbar.
Bångså Éropah wís pådhå nêkani Nuswantårå wiwít taun 1511, lan manyinaóni båså-båså
pribumi ing tlatah kéné, nangíng gagasan kanggo nyithak buku-buku måwå aksårå
pribumi lagi muncúl ing purwané abad kapíng 19.
Sadurungé ånå aksårå síng marêmi brayat umúm, ana sawêtårå gagasan-gagasan síng
muncúl prêkårå aksårå Jåwå cithak síng apík såkå sumbêr síng séjé-séjé.
Ing kålå sêmono pangriptå aksårå Jåwå cithak iki dadi diprakarsani déníng kêlómpók síng
séjé-séjé yaiku: Raffles, pamaréntah Hindhia-Walåndå, kaúm panyêbar agåmå Kristên
(zending), lan pårå ngèlmuwan.
Kanggo aksårå Hånåcåråkå Jåwå, priyayi síng kapisan nggawé cithakan aksårå
Hånåcåråkå iku Thomas Stamford Raffles ing bukuné síng misuwúr The History of Java
(Raffles 1817).
Nangíng aksårå cithak Jåwå iki namúng kanggo ilustrasi ing bukuné waé, ora kanggo
nyithak tèks síng akèh.

Van Vlissingen
Sawisé iku ing taún 1820, kêpala Algemeene Secretarie ing Batavia, J.C. Baud mutúsaké
supåyå ånå mêsín cithak måwå aksårå Jåwå. Baud banjúr awèh paréntah marang

http://ki- 8
demang.com/index.php?option=com_content&view=category&layout=blog&id=96&Itemid=769
sawijiníng pakar båså Jåwå Walanda síng nalika iku manggón ing Suråkårtå, P. van
Vlissingen supåyå biså ngrancang sawijiníng aksårå cithak síng praktis tur apik. Van
Vlissingen sarujúk lan nggawé sawijiníng modhèl aksarané.
Nangíng dhèwèké ing taún 1821 mulíh mênyang Walåndå.
Sênadyan mêngkono pårå pênggêdhé ing Batavia sênêng marang rancangané lan Van
Vlissingen síng wís ing Walåndå dikirim layang supåyå nêrusaké gayuhé.
Banjúr wusanané ing Juni 1825 aksårå cithak iki têkan ing Batavia.
Wóng-wóng ing kånå pådhå sênêng amêrgå aksarané biså kanggo nyithak tulisan tênanan
lan tuladhané yå aksårå síng kaanggêp apík dhéwé kålå iku: aksårå Hånåcåråkå gaya
kêratónan Suråkårtå.
Nangíng sênadyan mêngkono ugå ånå kritik marang aksårå cithak iki.
Aksarané kêcilikên ukurané minångkå rélatif lan akèh pådå-pådå såhå sandhangan síng
ora mèlu kacipta dadi aksårå iki ora bisa kanggo nyithak tèks-tèks kasusastran, namúng
kanggo nyithak tèks-tèks biyåså waé ing koran.
Kamångkå rêncanané mbiyèn olèhé nggawé aksårå cithak iku supåyå bisa nyithak buku-
buku kasusastran

Brückner
Banjúr kurang luwíh ing mångså síng pådhå ånå sawijiníng juru dakwah Protèstan
(Walanda zendeling) såkå Jêrman ajênêng Gottlob Brückner síng nduwé kapénginan
nêrjêmahaké Alkitab ing båså Jåwå. Brückner wís manggón wiwít taún 1814 ing
Sêmarang. Alíhbåså Alkitabé wís rampúng ing taún 1821, banjúr dhèwèké kêpéngín
nyithak naskahé lan takón mênyang pamaréntah kolonial åpå bisa nggawé mêsín cithak
aksårå Jåwå ora.
Nangíng suwé ora olèh réaksi wusanané dhèwèké nggawé aksara cithakan dhéwé síng
rampúng ing taún 1831.
Aksarané iki saliyané kanggo nyithak pratélan Alkitabé, uga diênggo nyithak pamflèt-
pamflèt Kristên síng diêdúmaké ing Sêmarang taún 1831.
Ing Sêmarang pårå pêdunúng pribumi tibaké sênêng bangêt marang tulisané nganti
pamaréntah kolonial dadi wêdi lan mbêslah åpå síng turah.
Banjúr Brückner ugå olèh pèngêtan yèn Alkitab-Alkitabé ugå bakal dibêslah yèn
diêdúmaké.
Wujúd aksårå Jåwå gaya Brückner iki ditliti déníng pårå pakar sastrå Jåwå kålå iku yaiku
C.F. Winter lan J.F.C. Gericke.
Pårå pakar iki kúrang sênêng marang modhèl aksarané Brückner amêrga kaanggêp dudu
cangkókan gaya Kêratón Suråkartan síng kålå iku kaanggêp apík dhéwé.

Roorda van Eysinga lan Radèn Saleh


Roorda van Eysinga, sawijiníng pakar sastrå Jåwå ing nêgårå Walåndå uga tau ditugasi
nggawé aksara cithak.
Roorda van Eysinga banjúr ngrancang sawijiníng aksårå, rinéwangan déníng Radèn
Salèh.
Aksårå riptan Roorda van Eysingan iki rampúng ing taún 1835.
Nangíng kasilé dikritik amêrgå rupané isíh ålå lan wujúdé wujúd aksårå pêsisiran, dudu
aksårå gaya Suråkartan.

http://ki- 9
demang.com/index.php?option=com_content&view=category&layout=blog&id=96&Itemid=769
Roorda
Taco Roorda iku síng kapisan biså nggawé aksårå Jåwå síng biså dianggêp suksès amêrgå
aksarané ditampa déning pårå pakar sajaman lan têtêp diênggo nganti luwih saka 100
taún.
Aksårå Roorda iki rampúng ing taún 1838.
Taco Roorda iku sajatiné pakar båså Wétan Têngah kaya ta båså Ibrani, budaya Wétan
Têngah, såhå tafsir Prajanjian Lawas.
Nangíng dhèwèké dadi profésor båså lan sastrå Jåwå wiwít taún 1842 ing Delftsche
Academie, akadêmi studi ‘Hinda’ ing Delft. Sawisé lêmbaga iki dibubaraké ing taún
1864, dhèwèké dadi profésor ing lêmbaga pênêrusé ing Leiden síng diarani
Rijksinstelling tot Opleiding van Indische Ambtenaren utåwå 'Lêmbaga Negårå bagi
Pêndidikan Pêgawai Nêgêri Hindia'.
Roorda dhéwé miturút panuturé dhéwé biså nggawé aksårå síng apík mêrgå bisa niliki lan
sinau såkå pêngalaman pårå pêndahulu-né. Saliyané iku dhèwèké biså nggambar måwå
apík, mulané bisa nggambar konsèp cithakan aksarané.
Banjúr jênís aksårå sing diênggo déníng Roorda iku jênisé pancèn têpat, yaiku aksårå
Jåwå gaya Karatón Suråkårtå síng kålå iku dianggêp apík dhéwé.

http://ki- 10
demang.com/index.php?option=com_content&view=category&layout=blog&id=96&Itemid=769
06 Kómputêrisasi aksårå Hånåcåråkå

Wiwít dåsåwårså 1980-an pungkasan lan purwané 1990-an, aksårå Hånåcåråkå ugå
digawèkaké fónt ing kanggo panrapan ing kómputêr. Salah siji síng kapisan nggawé fónt
aksårå Jåwå iku Willem van der Molen, dhosèn filologi lan sastrå Jåwå Kuna ing
Univèrsitas Leiden.

Aksårå Hånåcåråkå kanggo båså séjé saliyané Jåwå

Tulisan båså Madurå måwå Hånåcåråkå

Hånåcåråkå ugå diênggo nulís båså-båså liyå, saliyané båså Jåwå. Conto síng cêthå
bangêt tamtuné båså Bali.
Båså Bali Kunå ditulís nganggo sawijiníng aksårå síng biså diarani séjé.
Nangíng mbókmênåwå sawisé jaman Måjåpait, aksårå Hånåcåråkå gaya Jåwå dadi
kanggo nganti sêpréné.
Dadi aksårå Bali modhèrn iku yèn dirunút sarasilahé asalé såkå aksårå Måjåpait lan ora
såkå aksårå Bali Kuna.
Sabanjúré aksårå Hånåcåråkå síng diarani Carakan ugå dadi diênggo ing Tatar Sundhå
wiwít abad kapíng 16 nalikå Mataram mbêdhah karajan Sundhå lan ngasta budåyå Jåwå
såhå agama Islam ing Jåwå Kulón.
Sadurungé iku wóng-wóng Sundhå nganggo aksårå Sundhå síng sênadyan isíh sakrabat
karo aksårå Hånåcåråkå, nangíng séjé rupané. Aksårå Sundhå iki luwíh cêdhak lan luwíh
mèmpêr karo aksårå Budå.
Carakan disinaóni ing Tatar Sundhå nganti sawisé Pêrang Donya II. Ing sawêtårå pirang
taún pungkasan iki ånå gêrakan ing Tatar Sundhå síng nyobå nrapaké panggunané aksårå
Sundhå Kunå manèh.

http://ki- 11
demang.com/index.php?option=com_content&view=category&layout=blog&id=96&Itemid=769
Têrús såkå pulo Madurå akèh ditêmókaké naskah-naskah manuskrip ing róntal utåwå
dluwang.
Akèhé pancèn tinulís ing båså Jåwå, nangíng aksårå Hånåcåråkå ugå ditrapaké kanggo
nulís båså Madurå.
Utamané wiwit ing abad kapíng 19. Såkå pungkasané abad kapíng 19 lan wiwitan abad
kapíng 20 ugå akèh buku-buku måwå båså Madurå ing aksårå Hånåcåråkå síng kacithak.
Banjúr ing wusånå, aksårå Hånåcåråkå ugå kadhangkålå diênggo nulís båså Mêlayu.
Biyasané wujudé layang síng tinulís déníng wóng-wóng síng dudu kalêbu wóng pribumi
ing Tanah Jåwå utåwå Bali lan dadi ora nguwasani båså lokal.

http://ki- 12
demang.com/index.php?option=com_content&view=category&layout=blog&id=96&Itemid=769

You might also like