You are on page 1of 1

JAMU PEGEL MLARAT

dek reneo tak kandani


ojo mencap-mencep gatelne ati
DEK NDANG GAWEKNO KOPI
NDASKU MUMET KET WINGI DURUNG MARI
YEN DIKONGKON MBOK YO NDANG DILAKONI
ojo tambah mbok tinggal nonton tv
mas mbok yoo kowe ngerti
duit seng ngendi digawe tuku kopi
be_lanjane gak mbejaji
bumbu daput kabeh entek kari trasi
aku isin bendino ditagihi
sok kapan utangmu kok sauri
tak rewangi kerjo NGANTI bengi
nanging kayane yo Ora mesti
tak rewangi mlider TEKAN bali
nanging kayane ora mesti
sakjane aku wes ora kuat
sakjane aku wes pegel mlarat
kepengen duwe sedan mengkilat
duit sak milyar lan omah tingkat
sakjane aku yo ora kuat
sakjane aku yo emoh mlarat
golekno jamu pegel mlarat
sopo ngerti mene dadi konglomerat
CIDRO
wes sakmestine ati iki nelongso
wong seng tak tresnani mblenjani janji
opo ora eling naliko semono
kebak kembang wangi jroning dodo
kepiye maneh iki pancen nasibku
kudu nandang loro koyo mengkene
remok ati iki yen eleng janjine
ora ngiro jebul lamis wae
gek opo salah awakku iki
kowe nganti tego blenjani janji
opo mergo kahanan uripku iki
mlarat bondo seje karo uripmuu
aku nelongso mergo kebacut tresno
ora ngiro sak iki we cidro
ora ngiro sak iki we cidro

You might also like