You are on page 1of 9

BAB III

ASPEK LEKSIKAL LAN ASPEK GRAMATIKAL TEMBANG ING ALBUM


CAMPURSARI CSGK MANTHOUS TUMRAP PAMUCALING NGREMBAG
TEMBANG KELAS XI SMA
A. Deskripsi Dhata
Dhata ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih punika dhata ingkang
ngandhut aspek leksikal lan aspek gramatikal tembang, ing album campursari
CSGK manthous. Pamedheting dhata punika kanthi teknik simak lan teknik
cathet ingkang gegayutan kaliyan aspek leksikal lan aspek gramatikal. Sumber
dhata panaliten punika arupi tembang ing album campursari CSGK Manthous.
Asil panaliten inggih punika ngandharaken aspek leksikal lan aspek gramatikal
saking tembang-tembang campursari ing album CSGK Manthous.
Wujud dhata punika arupi tembang-tembang ing album CSGK Manthous. Ing
panaliten punika ngginakaken aspek leksikal lan aspek gramatikal. Tembang
punika wonten gangsal inggih punika (1). Kangen, (2). Cintaku jauh di Lampung,
(3). Balen, (4). Kempling, (5). Ojo sembrono. Lajeng dipunanalisis kanthi
pethikan-pethikan

saben

ukara

ingkang

nyengkuyung

larik

supados

nggampilaken panaliti lan pamaos. Dhata saking pethikan punika dipunparingi


nomer kangge nggampilaken anggenipun nganalisis. Nomer dhata punika
dipunginakaken ing saben-saben tembang punika. Nomer dhata awujud angka
latin inggih punika (1), (2), (3), (4), lan sapiturute.
B. Analisis Dhata

Ing babagan punika badhe dipunrembag analisis aspek leksikal lan aspek
gramatikal lirik tembang ing album campursari CSGK Manthous. Dhata
panaliten punika arupi aspek leksikal lan aspek gramatikal ing wacana
tembang-tembang ing album campursari CSGK Manthous, salajengipun
dipunanalisis miturut golonganipun.
Wacana tembang ingkang badhe dipunanalisis inggih punika (1). Kangen,
(2). Cintaku jauh di Lampung, (3). Balen, (4). Kempling, (5). Ojo sembrono.

C. Aspek Leksikal
Aspek leksikal inggih punika hubungan antar unsur salebeting wacana
secara semantis. Kangge ngasilaken wacana ingkang padhu inggih
punika saged dipuntempuh kanthi cara milih tembung-tembung
ingkang sesuai isi wacana ingkang dipunmaksud.
1. Aspek Leksikal tembang Kangen

Kangen
Pitung sasi lawase nggonku ngenteni (1)
Mung sliramu wong bagus kang dadi ati (2)
Rino wengi mung tansah tak impi-impi (3)
Jroning ati kangenku setengah mati (4)
Jenang gulo, yo mas yo, mbok ojo lali (5)
Ngelingono rikolo jaman semono (6)
Sliramu janji aku setio ngenteni (7)
Lahir batin tersnaku terusing ati (8)
Kangen!... wong kangen ngene ngene rasane (9)
Rindu-rindu wong bagus kowe tak tunggu (10)
Kangen!... wong kangen opo opo tambane (11)
Rindu-rindu tambane kudu ketemu (12)
Klopo mudo enake kanggo rujakan (13)
Leganono aku kang nandang kasmaran (14)
Mbalung janur wong bagus tak anti-anti (15)
Mosa janji wong kangen ndang entuk jampi (16)
Aspek leksikal ingkang wonten salebeting tembang campursari
Kangen wonten tiga, inggih punika katingal saking pethikan dhata ing
ngandhap punika:
a. Pengulangan (repetisi)
Salebeting tembang Kangen katingal wonten tiga repetisi inggih
punika:
1). Repetisi Anafora
Repetisi awal utawi anafora saged katingal saking pethikan dhata ing
ngandhap punika,

(1) . Rindu-rindu wong bagus kowe tak tunggu (10)


Rindu-rindu tambane kudu ketemu (12)
Dhata ing nginggil kalebet repetisi anafora. Tembung Rindu-rindu
tegesipun kangen ingkang sampun boten saged dipuntahan lan kedhah
ketemu.
2). Repetisi epistrofa
Inggih punika pangambalan satuan lingual ukara utawi frasa wonten
ing pungkasan larik (wonten ing puisi) utawi pungkasan ukara.
Repetisi epistrofa saged katingal saking pethikan dhata ing ngandhap
punika,
(2). Pitung sasi lawase nggonku ngenteni (1)
Sliramu janji aku setio ngenteni (7)
Dhata (2) ing nginggil tembung nggonku ngenteni, aku setio
ngenteni tegesipun tiyang ingkang setia anggenipun nenggo
kekarepan ingkang dipunkarepake.
3). Repetisi mesodiplosis
Satuan lingual ukara utawi frasa wonten ing tengah larik. Repetisi
mesodiplosis saged katingal saking pethikan dhata ing ngandhap
punika,
(3). Mung sliramu wong bagus kang dadi ati (2)
Mbalung janur wong bagus tak anti-anti (15)
Dhata (3) ing nginggil tembung wong bagus tegesipun tiyang ingkang
nggadhahi rupa ingkang sae.
b. Sinonimi
1). Sinonimi tembung lan tembung
Sinonimi tembung lan tembung salebeting tembang Kangen
punika katingal saking pethikan dhata ing ngandhap punika,

(4). Pitung sasi lawase nggonku ngenteni (1)


Leganono aku kang nandang kasmaran (14)
Saking dhata (4) ing nginggil tembung aku kaliyan ku tegesipun
sami inggih punika kula piyambak.
c. Antonimi
1). Oposisi Mutlak
Oposisi mutlak salebeting tembang Kangen punika katingal saking
pethikan dhata ing ngandhap punika,
(5). Rino wengi mung tansah tak impi-impi (3)
Saking dhata (5) ing nginggil tembung rino tegesipun wayah
nalika srengenge sampun nginggil, lan wengi tegesipun wayah
nalika srengenge angslup utawi wayah nalika boten wonten
srengenge.
2. Aspek leksikal tembang Cintaku Jauh di Lampung
CINTAKU JAUH DI LAMPUNG
Cintaku jauh disana (1)
Dilampung di tanah seberang (2)
Aku sedih jadinya (3)
Waduh entah mengapa (4)
Tak tahu apakah sebabnya (5)

Wis setahun tak ada berita (6)


Kangenku dalam hati membara (7)
Mungkinkah tak merasa (8)

Dalam ati adinda (9)


Kakanda rindu di tanah jawa (10)

Sedina rasane setahun (11)


Aduh-aduh niki pripun (12)
Siang malam aku melamun (13)
Biyen diajak kula kok boten purun (14)

Kepadamu atiku merindu (15)


Kepadamu ngarep-arep sliramu (16)
Lampung pulau Sumatra (17)
Bingung aku jadinya (18)
Sakit rindu dhik pasti dia obatnya (19)
Aspek leksikal ingkang wonten salebeting tembang campursari
Cintaku Jauh di Lampung wonten enem, inggih punika:
a. Pengulangan (Repetisi)
Salebeting tembang Cintaku Jauh di Lampung katingal wonten
kalih perangan repetisi inggih punika,
1). Repetisi Anafora
Repetisi awal utawi anafora saged katingal saking pethikan
dhata ing ngandhap punika,
(6). Kepadamu atiku merindu (15)
Kepadamu ngarep-arep sliramu (16)
Dhata (6) ing nginggil tembung kepadamu tegesipun marang
sampean, panjenengan, kangge tiyang ingkang dipunajak
guneman.

Repetisi

punika

ing

tembung

kepadamu

dipunmanfaataken panyerat kangge ngandharaken ancas bilih


panyerat nyariosaken tiyang ingkang dipuntresnani.
2). Repetisi mesodiplosis
Repetisi tengah utawi mesodiplosis saged katingal saking
pethikan dhata ing ngandhap,
(7). Kangenku dalam ati membara (7)
Dalam ati adinda (9)
Kepadamu atiku merindu (15)
Dhata (7) ing nginggil tembung ati tegesipun manah, telenging
raos kabatinaning manungso.
b. Sinonimi
Sinonimi salebeting tembang Cintaku jauh di Lampung punika
katingal saking pethikan dhata ing ngandhap,
(8). Kangenku dalam ati membara (7)
Biyen diajak kula kok boten purun (14)
(9). Kepadamu atiku merindu (15)
Kepadamu ngarep-arep sliramu (16)
Dhata (8) ing nginggil tembung kula kaliyan ku tegesipun sami
inggih punika kula piyambak utawi aku. Tembung punika
nggadhahi fungsi ingkang sami, inggih punika nedahaken
panganggit tembang piyambak mula tembung punika dipunsebat
sinonimi. Dhata (9) tembung kepadamu tegesipun marang
panjenengan, sliramu tegesipun awakmu, ingkang dipunmaksud
ing ngriki tiyang sanes. Tiyang sanes ing ngriki inggih punika
pepujaning ati panganggit.

c. Antonimi
Antonimi salebeting tembang Cintaku jauh di Lampung punika
katingal saking dhata ing ngandhap,
1). Oposisi mutlak katingal saking dhata ing ngandhap punika,
(10). Siang malam aku melamun (13)
(11). Di Lampung di tanah seberang (2)
Kakanda rindu di tanah jawa (10)
Dhata (10) ing nginggil tembung siang tegesipun wayah nalika
srengenge sampun nginggil, lan malam tegesipun wayah
nalika srengenge angslup utawi wayah nalika boten wonten
srengenge. Tembung siang lan malam dipunsebat oposisi
mutlak, amargi tembung-tembung punika nyata minangka
lelawanan tegesipun. Dhata (11) tembung di tanah seberang
tegesipun panggenan utawi pulau ingkang panggenanipun ing
pinggiring pulau ingkang dipunmaksud, tembung di tanah
jawa tegesipun pulau ingkang panggenanipun ing pulau jawa.
Tembung tanah seberang lan tanah jawa dipunsebat oposisi
mutlak amargi kekalihipun nggadhahi teges ingkang lelawanan
lan tembung punika nedahaken kutha papan panggenan.
2). Oposisi hubungan
(12). Dalam ati adinda (9)
Kakanda rindu di tanah jawa (10)
Dhata (12) ing nginggil tembung adinda tegesipun sebatan
tiyang jaler marang pepujaning ati (tiyang estri) lan kakanda
sebatan tiyang estri marang pepujaning ati (tiyang jaler).
Tembung punika kalebet oposisi hubungan amargi nggadhahi
sifat njangkepi setunggal kaliyan sanesipun.

3). Oposisi hirarkial


(13). Sedina rasane setahun (11)
Dhata (13) ing nginggil tembung sedina tegesipun wekdal
wiwit medalipun srengenge ngantos amblese srengenge,
dangunipun namung 24 jam, lan setahun tegesipun mangsa
ingkang dangunipun 12 wulan utawi 360 dinten.
d. Kolokasi (sanding kata)
1). Kolokasi katresnan
(14). Kangenku dalam ati membara (7)
Siang malam aku melamun (13)
Kepadamu ngarep-arep sliramu (16)
2). Kolokasi papan panggenan
(15). Kakanda rindu di tanah jawa (10)
Lampung pulau Sumatra (17)
Dhata (14) ing nginggil punika kadhapuk ing perangan
kolokasi, punika katingal saking pangginakaken tembung
kangen, melamun, ngarep-arep ingkang sami berkorelasi lan
nyengkuyung kepaduan wacana kasebut. tembung-tembung
punika nyariosaken ngengingi tiyang ingkang dipuntresnani
panganggit punika lunga utawi tindak tebih, panganggit
kangen lajeng ngalamun kepingin enggal-enggal kepanggih
kaliyan wanita ingkang dipuntresnani. Dhata (15) tembung
jawa, lampung, sumatra ingkang sami berkolerasi lan
nyengkuyung kepaduan wacana kasebut. Mila tembungtembung punika dipunsebat kolokasi ingkang nedahaken papan
panggenan.

e. Hiponimi
Hiponimi salebeting tembang Cintaku jauh di Lampung punika
katingal saking dhata ing ngandhap,
(16).

D. Aspek Gramatikal

You might also like