You are on page 1of 1

PIDATO HARI KARTINI

Assalamualikum warahmatulah hiwabarakatuh


Ingkang kinurmatan Ibu Kepala SMKN 1 Magelang
Bapak soho ibu guru ingkang satuhu luhuring budi
Lan ingkang kula tresnani sanget rencang-rencang ugi adek-adek sedoyo.
Inkang rumiyin mugi kito sedaya sami-sami ngraosakin puji lan syukur kehadirat Allah SWT
sehinggo ing wektu punika kito saget makempal ting mriki ing keadaan sehat lan mboten
wonten alangan punapa-punapa. Ing wektu punika kula
badhe pidato ingkang temanipun "mengeti dinten kartini", bapak/ibu lan rencang-rencang
sedoyo mesti sampun ngerti sapa kuwi Kartini lan opo wae jasane tumrap bangsa lan negara,
khususipun dumateng tiyang setri.
Ibu Kartini menika sampun nyedhiyani tuladha maring kito sedoyo khususipun tiyang setri,
bilih jasanipun Ibu Kartini punika sakniki para tiyang estri saget ngrasaaken kebebasan ing
sakjroning kehidupan utawa urip. Ndek mbiyen niku sing jenenge tiyang wadon gayange
nggeh namung ting omah ugi nglayani bojonipun kiyambak, nanging amargo Ibu kartini
memperjuangkan hak-hakipun wanita sahingga sakniki tiyang estri saget ngrasaaken sing
jenenge bebas lan mboten ting nggriya mawon.
Atas jasa-jasanipun Raden Ajeng Kartini punika sakniki para kaum wanita saget bebas metu
saking omah, saget nggolek panguripan kiyambak, saget bebas sekolah lan tasih kathah
malih. Jalarain punika kula ngajak kalian rencang-rencang lan bapak soho ibu guru sedoyo
supados ndadiaken pangeten dinten kartini punika dados dinten ingkang spesial lan saget
ndadeake majune wanito Indonesia.
Cekap semanten anggen kula pidato, sak teruse kula donga maring sing kuasa supaya para
wanito Indonesia saget dados wanita ingkang banggaaken dumateng bojone utawa tiyang
kakung lan supados dadio wanito ingkang nggowo manfaat dateng Bangsa lan Negoro.
Cekap semanten, yen anggen kula matur wonten lepate kula nyuwun ngapuro ingkang sak
ageng-agengipun. Semogo dadio pidato niki nggowo manfaat dumateng sedayanipun,
Bilahitaufik walhidayah..
Wassaamualaikum warahmatulah hiwabarakatuh

You might also like