You are on page 1of 1

7 Agustus 1987

isih turu aku digugah adhiku


dheweke mbengak: aku klebu
sipenmaru!
maca koran sing didudahake
"Endi?"
adhiku nggregeli
drijine nduding jenenge
"Iki lho......."
adhiku bungahe ora karuan
(sida dadi mahasiswa!)
simbok melu bingung
pamer tangga kiwo tengen
"Mbayar pira?"
"Satus telung puluh lima ewu!"
simbok ndomblang
nyawang isen-isen omahe
Sorogenen, Solo

You might also like