You are on page 1of 8

Rajut Lo Dhoyong

Bebarengan sumamburate langit ing bang wetan, ing tepis wiringe kutharaja Kedhiri
wis katon sabregada prajurit jejaranan metu saka tapel wates. Tumbak cecrongatan
nantang langit jingga kang kapapag mega pepanthan. Playune turangga ora pati rikat,
nanging wis mantep parane. Dalan njlirit sing kiwa-tengen isih kebak gegrumbulan
disasak wani dening prajurit cucuk laku. Prajurit cucuk laku sing nyoncong tumbak
tansah siyaga sawayah-wayah mapag tekane kala. Kalorone sajak wanuh banget
marang kahananing papan kang lagi ditempuh.
Padesan kapisan isih sepi, mung sawetara lesung sing keprungu ngungkung sineling
jago kluruk sesautan, pratandha wong padesan wis gumregah mergawe ing papane
dhewe-dhewe. Sawetara kuwi lakune bregada prajurit ngungkurake Gunung Kelud
sing katon biru manda-manda, awit saperangan kasilep pedhut tipis. Mung sakeplasan
wae gunung kuwi katon, amarga ngepasi liwat ara-ara pesawahan. Bubar kuwi banjur
mlebu alas bebondhotan. Swara lesung sansaya kari lamat-lamat, cat keprungu cat
ora.
Ngepasi srengenge manjer, prajurit cucuk laku tumapak ing tepining alas sengkeran.
Alas kang amengkoni tlatah bengawan Brantas sing pinercaya angker banget, bebasan
jalma mara jalma mati. Kuwi tumrape jalma sawantah. Seje karo para prajurit lan
punggawa kraton, sing tekane saperlu mbebedhag, wis nggawa juru panyisih. Kewan
galak lan bekasakan sinapu nganggo mantra panyisih lan panyirep.
Awan kuwi prajurit kang ngiring Sri Aji Jayabaya padha mandheg, nyiagakake uba
rampene mbebedhag. Germa kang wis apal marang solah lakune kewan alas nyedhak
jaran kang dititihi Sri Aji Jayabaya.
Miturut petangan dinten, pekenan, dalah wukunipun, dinten punika ngepasi kewan
sami kuthuk, Gusti Prabu. Kewan-kewan galak sami singidan, kantun kewan ingkang
dados memangsan sami saba pados tetedhan, atur palapurane germa kuwi.
Pangajabku mengkono, Germa, panyambunge Sri Aji Jayabaya nyawang alas
sakukubane. Swara ocehing manuk ngrenggani alas gung liwang-liwung kuwi. Wiwit
swara kang medeni nganti swara tekek gilir-gumanti utawa bebarengan swarane.
Ning, sakuthuk-kuthuke sato wana boten gampil pambujungipun, Gusti Prabu, atur
sumelane Patih Tunggul Wulung. Amargi wana punika kathah gegrumbulanipun,
pramila bilih sato punika lumajar dhateng gegrumbulan inggih sampun boten

ketawis.
Bener aturmu, Paman Patih. Nanging sajake tinimbang aku kudu nunggang jaran
luwih sigrak yen ndlamak. Tegese aku bakal luwih gampang sumusup ing sadhengah
papan, pamilihe Sri Aji Jayabaya, banjur mencolot mudhun saka gigir jaran.
Dening pekathik jaran dicancang ing wit gendhisan sing godhonge ngrembuyung
sacedhake papan kuwi. Prajurit pangiring lan germa enggal mencar nggiring kewan
alas supaya tumuju menyang papan sangarepe Sri Aji Jayabaya. Sri Aji Jayabaya
ngeningake cipta luwih dhisik, sadurunge menthang gandhewa, ing pangajab anggone
mbebedhag ora nemu sambekala sawiji apa. Kewan kang ora dituju sumingkir, dene
kewan kidang menjangan padha mapan. Sri Aji Jayabaya tumuli nyangklong langkap
isi jemparing. Gandhewa dicangking banjur jumangkah maju, mlebu alas larangan
papan mbebedhag.
Prajurit kang pepak manggul tumbak pating crangap ngiring saka buri. Dene Patih
Tunggulwulung nyisihi Sri Aji Jayabaya rada buri. Sapecak baka sapecak jumangkah
maju. Grumbul baka grumbul dipiyak tanpa wigih. Kewan-kewan buron datan ana
sing kemliwer. Mung bangsa kewan iber-iberan sing pating kleper ninggalake
padhelikane. Sansaya manjero, alas sengkeran sansaya ketel. Nanging sajake durung
nemu buron kaya adat biasane.
Kok sepi, panguwuhe Sri Aji Jayabaya rada gela. Biasane ora adoh saka pinggir alas
wis keprungu pambekike kidang, banjur digasakne dening para germa mlumpuk
manengah. Sri Aji Jayabaya kari menthang gandhewa, nglepasake jemparing. Sepisan
jemparing mlesat ngenani sirah, kidang sambat kelaran banjur njungkel. Padatan aku
mlaku samene adohe iki wis bisa ngentukake menjangan utawa celeng sapirangpirang. Kena apa dina iki ora katon kemliwere sato kewan?
Para germa taksih nggasakaken saking katebihan, mangke bilih sampun nyelak rak
kathah sanget sato kewan ingkang mlajar wonten ngarsa paduka, Patih
Tunggulwulung ngayem-ayemi.
Coba, ayo mlebu maneh sing luwih jero. Bokmenawa enggal kepethuk kidang utawa
menjangan sing kita arep-arep, pangajake Sri Aji Jayabaya.
Para andhahan dalah Patih Tunggulwulung mung sumanggem. Jumangkah lan terus
jumangkah miyak rerungkudan kang kadhangkala kebak eri bebondhotan. Sawise

rada adoh, banjur manyak jurang cerung. Saka kadohan katon kali kang jembar
bawera. Banyune kang mili anteng katon kinclong-kinclong kena sunare bagaskara
ing wayah rina. Sri Aji Jayabaya mandheg sedhela sinambi nyawang iline bengawan
kang ngelam-lami ati kuwi.
Aku wiwit cubriya, tembunge Sri Aji Jayabaya. Kena apa para germa nganti
wayah tengah rina kaya ngene durung ana sing nyedhak aweh palapuran ngenani asile
nggasakake sato kewan.
Kula inggih gadhah pamanggih makaten, Gusti Prabu, Patih Tunggulwulung
sapanemu.
Lho! Lha kae ana gegrumbulan bosah-basih, dudu tilas tipake lakune awake dhewe,
panguwuhe Sri Aji Jayabaya nuding pernah wetan. Sapa sing wani nerak wewaler
Kedhiri iki? Katitik tilase mesthi dudu kewan. Iki wis ana manungsa kang
dhedhemitan mlebu alas luwih dhisik tanpa palilah saka Krajan Kedhiri. Apa sengaja
njarag supaya aku kecelik?
Punapa sengaja badhe nodhi prajurit Kedhiri! dumadakan Patih Tunggulwulung
duwe panemu sing luwih panas. Ing pikirane cumithak rasa cubriyane marang
manungsa sing wis kumawani ndhisiki kersane Sri Aji Jayabaya.
Katitik bosah-basihe gegrumbulan punika, tiyangipun boten namung setunggal,
palapurane prajurit. Layak ta layak wiwit saka tepine alas kok ora tinemu kemliwere
sato kewan.
Wis, wis. Ayo ngaso sawetara wektu dhisik ana ngisor wit gedhe kae, pangajake Sri
Aji Jayabaya sareh. Sajake bakal ana lelakon gedhe sing kudu daklakoni. Mula aja
padha sumelang. Aja mikirake buron maneh. Saiki ayo padha mikirake, kepriye
awake dhewe murih bisa bali metu saka alas kang sajak nyalawadi iki.
Kersanipun Gusti Prabu, sapunika kondur kemawon? Patih Tunggulwulung
njlentrehake.
Karepku ya ngono, nanging sajake awake dhewe ora bisa bali saiki, Sri Aji
Jayabaya mapan lungguh ing godhong plasa kang dipecok kanggo lemek.
Lajeng? Badhe nyipeng wonten wana mriki? Patih Tunggulwulung sansaya ora

ngerti. Patih kuwi uga melu mapan lungguh.


Kula sampun pana sanget margi wangsul, Gusti Prabu, panyembahe prajurit cucuk
laku sinambi sedheku.
Yen ngono kebeneran. Sliramu karo Paman Tunggulwulung enggal balia menyang
pinggir alas, papan budhale dhek mau. Aku karo prajurit liyane dakgolek dalan liya
kanggo bali. Samangsa aku bisa bali luwih dhisik, aku bakal ngerigake prajurit
nggoleki Paman Patih Tunggulawulung. Dene suwalike, yen aku ora enggal bali,
panjengan Paman Patih pados rekadaya madosi kula, prentahe Sri Aji Jayabaya.
Lho, kenging punapa kedah mencar, Gusti Prabu? Patih Tunggulwulung isih durung
mudheng.
Wis ta, Paman Patih. Mangga panjenengan budhal dhisik, sadurunge telat!
Gusti Prabu?
Wis ta, panjenengan budhal!
Kanthi owel Patih Tunggulwulung ninggalake Sri Aji Jayabaya. Prajurit cucuk laku
kang angantheni ninggalake papane Sri Aji Jayabaya lagi ngaso. Lagi wae nyasak alas
durung nganti adoh dadak keprungu swara braoking manungsa sing datan dingerteni
karepe. Patih Tunggulwulung mandheg sedhela.
He, prajurit! Swara broak-braok kae rak saka papan pernahe Sri Aji Jayabaya, ta?
Tegese Sri Aji lagi nemahi bebaya, cluluke Patih Tunggulwulung.
Nyuwun pangapunten, Gusti Patih, prajurit cucuk laku menehi urmat. Paduka Sri
Aji rak sampun paring piweling, bilih panjenganipun boten saged kondur Gusti Patih
dipunaturi pados rekadaya kados pundi ngluwari Paduka Sri Aji. Kula kinten Paduka
Sri Aji sakalangkung mangertos punapa ingkang badhe dumados. Pramila saenipun,
kita enggal wangsul dhateng kitharaja.
Kanthi mandheg mangu, Patih Tunggulwulung bali jumangkah ngetut wuri prajurit
cucuk laku. Atine isih durung tega ninggalake Sri Aji Jayabaya, nanging jangkahe
tetep lumaku sansaya adoh saka braoking manungsa sing sajak seje wicara.

Sawetara kuwi Sri Aji Jayabaya dalah sawetara prajurit njenggirat kaget, bareng saka
grumbul sakiwa-tengene jumedhul manungsa-manungsa cemani padha nyekel
gegaman maneka warna. Janma cemani kang wujud buta bajang. Sri Aji Jayabaya
enggal menyat. Prajurit sing angupeng uga enggal siaga jejaga marang gusti ratune.
Kanthi swara kang werna-werna, manungsa cemani kuwi pating braok sejane
ngrangsang kang kinupeng.
Bareng salah sijine manungsa cemani maju, prajurit Kedhiri sigra tumandang
angembari kridhane. Jebul gandane manungsa cemani banger bacin anjijiki. Kanthi
rambut kang rata-rata njegrag gimbal, wong-wong mau padha nggero ngisisake
untune sing katon kuning semu ireng. Gandane abab nyebar kaya racun. Ewasemono
prajurit Kedhiri ora gigrig. Kanthi ngetog karosan lan aji-ajine tumandang nadhahi
prangrangsange manungsa cemani.
Senjatane arupa gada kang ginawe saka watu kuwi bola-bali dibabitake, nanging
tansah bisa ditangkis dening prajurit Kedhiri kang mawa gaman pedhang lan tumbak.
Swara kumrencang wesi adu kalawan watu keprungu susul-sumusul. Swara braok lan
jerit ngrangsang sansaya rame. Manungsa cemani sing ora ngerti ulah kridhaning
perang, siji baka siji bisa kadugang utawa katigas pedhang lan sambat kelaran.
Kahanan kuwi ora suwe, buta bajang bali gumregah. Tatu ing awake pulih tanpa tabet.
Durung nganti tuntas manungsa cemani, dumadakan ora adoh saka papan kuwi katon
nggembulenge geni. Keluke katiyup angin tumuju papane Sri Aji Jayabaya lan para
prajurit. Gandane keluk kuwi gawe seseg sing padha nyedhot. Ora suwe sirahe dadak
nggliyeng, banjur padha tiba kelangan daya.
Manungsa cemani sing gawe keluk mendemi surak mawurahan. Manungsa sing mung
menganggo saanane kuwi banjur nyedhaki sing padha lali purwaduksina kanthi
nggawa tali saka wit-witan mrambat. Siji baka siji prajurit Kedhiri dirangket. Sri Aji
Jayabaya ora keri. Ora beda kewan buron, prajurit kuwi ditaleni banjur digantung sikil
lan awake, tumuli digantung ing kayu. Manungsa cemani mikul bebandane kuwi
tumuju Bengawan Brantas.
Gethek saka pring sing ditata mujur jembar wis cumawis ing sapinggire bengawan.
Sri Aji Jayabaya lan prajurit cacah lima gumlethak ing gethek tanpa daya. Tangan lan
sikil karangket. Gethek siji sing paling ngarep banjur disatangi nganggo pring dawa.
Wong cemani cacah enem nyatangi gethek siji. Kasusul gethek kang ngemot Sri Aji
Jayabaya dalah prajurit Kedhiri. Lakune gethek sing nantang santere banyu bengawan
kuwi katon rekasa, nanging alon-alon sansaya ngadoh saka alas kang ketel kebak

rerayutan kuwi. Ulegan lan santere bengawan kaya wis dadi pasaban saben dina. Mula
lakune gethek ora kangelan senajan kudu ngliwati ulegan kali sing seser.
Bareng tumeka ing sungapan kali sing arahe saka kidul, gethek dienggokake mlebu
kali sing mung mambeg ora katon mili. Nanging sansaya adoh katon yen banyune kali
katon bening kinclong-kinclong. Iwak-iwak sing padha langen ing sajroning banyu
katon ngegla. Dhasaring kali katon soklat semu putih. Iwak-iwak padha sumingkir
saka lakune gethek sing terus lumaku.
Ing sapinggire kali katon trap-trapan sing digawe saka watu putih. Trap-trapan kuwi
munggah pereng kali menggak-menggok katon resep ing pandulu. Apa maneh
sapinggire trap-trapan tinanduran maneka warna tetuwuhan sing rupane werna-werna.
Ing papan iki gethek labuh. Wong-wong cemani nywara pating cruwet dibarengi
lunjak-lunjak, sajak lagi ngumbar kasenengan. Swara kuwi ngundang pawongan saka
dhuwur pereng kali.
Kanjeng Ratu wis ngantu-antu tekamu kabeh, pawongan sing pakulitane lumrah
bisa basa kayadene manungsa lumrah.
Inggiiih, mung kuwi semaure wong-wong cemani.
Wong-wong cemani banjur tumandang. Prajurit rangketan banjur digantung ing
pikulan kaya kewan buron sing wis mati.
He, he! Mandheg! pawongan sing lumrah kuwi paring prentah. Caramu nggawa
manungsa sing diaji-aji Kanjeng Ratu aja kaya ngono!
Wong-wong cemani mung padha mlongo, ora ngerti karepe sing prentah.
Ayo, sawetara bali njupuk tandhu. Sri Aji Jayabaya kudu dipikul nganggo tandhu
sing paling apik. Mengko kowe ben nampa ganjaran saka Kanjeng Ratu. Ayo njupuk
tandhu dhisik! prentahe pawongan kuwi.
Wong cemani cacah papat padha mlayu ninggalake gethek sing ditali ing sawijining
wit ing pinggir kali. Munggah trap-trapan kanthi mlayu sajak ora menggeh-menggeh
babarpisan. Sedhela wae wis padha bali kanthi tandhu sing dipikul, sajak kesusu
banget.

Wis saiki rangkete Sri Aji Jayabaya gek diuculi, banjur diunggahake menyang
tandhu kanthi alon-alon. Kowe kabeh kudu ngerti kepriye ngajeni manungsa
kinurmat, pituture pawongan kuwi.
Inggih, Ndara Memali, swarane salah sijine wong cemani serak, ora kaya lumrahe
swara manungsa.
Lha, ya ngono. Gene wis bisa basa, pawongan sing diundang Memali ngalembana
marang wong cemani.
Wong-wong cemani banjur padha tumandang miturut prentahe Memali. Sri Aji
Jayabaya kanthi alon-alon diglethakake ing tandhu. Wong cemani papat banjur
manggul tandhu kairing Memali munggah trap-trapan pinggir kali. Dene para prajurit
sing durung eling isih dipikul ing kahanan dirangket.
Ing tengah alas sakulone Bengawan Brantas rada mangidul isih klebu tlatah Kedhiri
dumunung padesan. Padesan kang ora pati katengen tumrape punggawa Kedhiri. Awit
papane mencil lan wis sawetara wektu mung dipanggoni sawetara pawongan wae.
Mulane luwih kondhang aran alas Lo Dhoyong. Ing padesan sing lepas saka
kawigaten kuwi, dina kuwi dadak katon omah jejer tharik-tharik akeh banget. Omah
mawa payon alang-alang kuwi ngupeng sawijining beteng jembar kang jinaga dening
prajurit. Ing jero beteng katon wewangunan sing katon gedhe mawa payon sirap.
Joglo-joglo rerentengan nganti adoh memburi.
Omah gedhe kang merbawani kuwi isen-isene katon mabyor. Ing bale katon dhampar
ukir tinretes emas kang endah banget. Wong cemani cacah loro ngadeg ing ngarep
regol mawa ukiran kala makara kang katon medeni banget. Wong cemani sing jaga
padha manggul tumbak, siaga ngadhepi bebaya.
Awan kuwi pendhapa katon sepi. Dumadakan sawetara pawongan sing pakulitane
sawo mateng kanthi penganggo sing luwih merbawani padha teka ing pendhapa.
Wong-wong kuwi banjur sila ing sangarepe dhampar tinretes kencana. Dhayang ayuayu mbukani lungguh ing kiwa tengen dhampar. Banjur sing pungkasan wanita
menganggo ratu jumedhul, banjur mapan lungguh ing dhampar. Para punggawa padha
nyembah.
Endi Sri Aji Jayabaya sing jare wis kasil karangket? swarane wanita kuwi keprungu
ngresepake ati kepenak dirungu.

Nuwun sewu, taksih dipunpapag dhateng bengawan, Gusti Ratu, wangsulane salah
sijine punggawa kang lungguh trapsila ing pendhapa.
Lhadalah, yen Sri Aji Jayabaya kasil karangket gawe bombonge atiku. Sri Aji
Jayabaya minangka priya kang dadi memaniking atiku sida kasil dadi darbekku. Oo,
gegayuhanku dadi garwane ratu agung binathara sida klakon. Aku bakal klakon dadi
prameswari raja Kedhiri ha-ha-ha! wanita kuwi tumuli ngadeg kanthi tangan
dibegarake, epek-epeke madhep mandhuwur. Kepriye para punggawaku? Aku rak
pantes dadi prameswari Sri Aji Jayabaya, ta?
Kasinggihan, Gusti Ratu! swara kuwi ambata rubuh.
Bilih Gusti Ratu tamtu dados prameswari, kitharaja punapa tamtu badhe kalengser
dhumateng Lo Dhoyong mriki? salah sijining punggawa sumela pitakon.
Ha-ha-ha! Bener, Lo Dhoyong bakal dadi punjering kraton. Sira kabeh sing bekti
banget marang ingsun bakal mukti wibawa amarga saka ingsun, wangsulane wanita
kuwi.
Oh, inggih, Gusti Ratu. Miturut pamanggih kula saenipun paduka sampun ngagem
sesebatan Ratu Lo Dhoyong, atur pamrayogane salah siji punggawa.

You might also like