You are on page 1of 4

DONGENG SAKING BANYUMAS : SANTRI GUDIG

Santri Gudig kuwi mung sebutan, sedurunge diarani santri gudig jeneng asline Pangeran Agiyana
saka daerah Ampel, Jawa timur. Cilikane pangeran Adiyana wis ditinggal wong tuane amarga pas
Pangeran Agiyana cilik dheweke ditingal wong tuane dadine deweke mung urip dewekan karo
mbakyune.
Ana ing sakwijining dina Pangeran Agiyana lunga karo mbakyune saka daerah Ampel kanggo
nglaksanaake ibadah haji neng mekah.daweke mlaku nglewati alas, sawah lan desa-desa dadine
pangumbaraane ora nyenengke amarga neng dalan sering ketemu rampok lan kewan-kewan sing gede
kaya dene ula,macan,srigala lan sakjenise. Pangeran Agiyana bae ora ngerti kapan bisa tekan neng
mekah.
Sakwise pirang wulan mlaku wong loro kuwi wis tekan daerah Cirebon, Jawa barat. Neng kono
wong loro kuwi pengin istirahat pirang dina. Sakwise diterima neng Kanjeng Sultan Cirebon. Pirang
dina sakwise, Kanjeng Sultan Cirebon ngungkapake yen dheweke seneng karo mbakyune Pangeran
Agiyana lan mbakyune Pangeran Agiyana ora nolak yen arep didadikake perrmaisuri.
Ana ing sakwijining bengi Sultan mlebu ana ing kamare permaisuri, nanging mbakyune
Pangeran Agiyana kuwi kaget nalika Kanjeng Sultan nembe mendem. Ora nyangka yen saka peristiwa
kuwi, permaisuri milih dadi randa tinimbang duwe bojo seneng mendem. Banjur mbakyune Pangeran
Agiyana kuwi njaluk ijin maring mburi kanggo nemoni Pangeran Agiyana nanging nganthi suwe
mbakyune Pangeran Agiyana kuwi ora bali neng kamar. Sultan wis mrentahke adhine kon nggoleki
nanging esih urung ketemu lan nggledah kamare Pangeran Agiyana tetep ora ketemu. Jebul Pangeran
Agiyana lan mbakyune minggat saka keraton Cirebon, banjur Kanjeng Sultan mrentah prajurite kanggo
nguber wong loro kuwi, yen kecekel supaya balik menyang keratin. Yen ora gelem arep dipateni bae.
Mlayune Pangeran Agiyana nglewati dalan setapak lan alas- alas gedhe supaya ora bisa keuber
prajurit Cirebon. Wektu prajurite wis cedak, pangeran agiyana ngetokake mantra- mantra kanggo
ngapusi prajurit- prajurit mau amarga saka mantra- mantra mau metu kewan- kewan kaya dene kijang,
rusa, marmot, sapi, kebo lan kewan- kewan sakjenise. Banjur wong loro kuwi mlebu neng alas, nanging
neng kana isih ketemu karo prajurit sing nguber dheweke. Akhire Pangeran Agiyana gelut karo prajuriprajurit mau, banjur menang nanging awake pada lara kabeh nganthi pada gudigen. Gara- gara kuwi
prajurit nganthi ora bisa ngenali maneh.
Akhire Pangeran Agiyana tekan neng desa pekiringan lan ditulungi Pangeran Wali Perkosa sing
nduwe pondok pesantren neng kana. Bubar kuwi Pangeran Agiyana merguru neng kana. Ana ing
sakwijining bengi dheweke diterima dadi muride Pangeran Wali Perkosa. Lan dheweke turu barengbareng karo santri- santri liyane neng surau. Wektu Pangeran Wali Perkosa arep solat tahajud, dheweke
kaget nalika weruh geni ana ing salah siji santrine banjur langsung nyewek sarung sing dinggo santri
kuwi. Esuke santri- santri pada dikumpulke kabeh. Dheweke pengin weruh sapa sing sarunge sewek.
Jebule sing sarunge sewek kuwi santri gudig. Saka kedadeyan kuwi, Pangeran Wali Perkosa ngewehi
jeneng Pangeran Mahdum Cahyana.

Ana ing sakwijining dina Pangeran Mahdum Cahyana diwenehi tugas kanggo njaga sawah.
Wektu kuwi santri gudig pancen duweni niat arep nglaksanaake tapa marungga. Tekan gubug Santri
Gudig nguripke geni lan dheweke mlebu ana ing kana. Nganti suwe dheweke aa ing gubug kuwi. Banjur
Pangeran Wali Perkosa teka ana ing kana lan langsung neu amarga parine pada rusak. Santri Gudig
ngerti yen Pangeran Wali Perkosa teka ana ig kana, banjur deweke langsung metu saka gubug
kuwi.kenapa parine nganti rusak kaya kuwi padahal koe tak prentah nunggoni? Santri Gudig
njawab,nuwun sewune rama kyai menawi kula mboten salah mireng kuls mboten dipin prenatah kagem
ngusah kewen-kewan ingkang ngrusak pri nanging naming nunggoni mawon. Pangeran Wali Perkosa
ngrungokke jawabane Santri Gudig.
Bubar dipanen Pangeran Wali Perkosa kaget yen hasil panenne kaya ngene akehe ora kaya
biasane.
Wis suwe bosen dadi jaka Pangeran Mahdum Cahyana pengin nggolet bojo nanging sedurunge
olih bojo pangeran wali perkosa duwe niat ngawinke anake, pangeran Estri karo pangeran mahdum
cahyana lan deweke setuju. Banjur Pangeran Mahdum Cahyana dikawinke karo Pangeran Estri.
Ana ing sakwijining dina Pangeran Mahdum Cahyana mlaku-mlaku ana ing pinggir kali karang
nganti tekan kali bodas neng kono dheweke weruh plataran sing amba banjur dheweke duwe rencana
mbangun pesanggrahan ana ing kana . dheweke banjur njaluk tulung karo sing nggawe urip supaya
watu-watu ana ing kana dadi pager.
Sedurunge ninggal Pangeran Mahdum Cahyana duwe wasiat karo keluargane yen ninggal kon
dikubur ana ing panggonan mau. Pangeran Agiyana dikubur ana ing desa grantung kecamatan karang
moncol nganti saiki kuburane esih ana.

KUCING SING PINTER NGALEMBANA


Suwijining ndina ana Kucing sing alus, kinclong, lan putih mulus wulune mlaku-mlaku ning
pawon. Dheweke weruh ana anak thekek lagi nggondol daging empal mbuh seka ngendi. Kucing dadi
kepengin melu mangan, terus golek cara supaya bisa ngrebut daging empal kuwi. Kanthi modal wulune
sing mranani, lan kaprigelan olah-kata kang mendhemi, Kucing rumangsa isa ngrebut empal saka anak
thekek sing miturut pengamatane isih mentah, kurang pengalaman.
"Hai Thekek, awakmu iku kethok pengkuh, rosa banget, lan kulitmu kandel ora tipis kaya kulit
cecak. Apa tho rahasiane?
Thekek bungah banget dialembana dening Kucing kang elok rupane. Nanging dheweke meneng
wae amarga sumelang menawa mangsuli pitakone Kucing, empale bakalan tiba ning njobin.
Kucing ora kurang akal, banjur takon meneh
"Hai Thekek, kowe iso ora ngajari aku mlaku ning tembok. Kok ya ampuh tenan kowe ki iso
mlaku ning tembok, sing ngajari sapa tho?
Thekek meneng wae, sakjane dheweke pingin ngejawab menawa isa mlaku ning tembok kuwi
ora ana sing ngajari. Dheweke kuwi pinter banget, dadi isa mlaku dhewe rasah diajari sapa-sapa.
Kucing nyoba ngalembana meneh marang si anak Thekek.
"Hai Thekek, suaramu kuwi tak akoni pancen merdu tenan. Mbok kowe nyanyi sak lagu wae
ben tambah kasengsem athiku marang sliramu"
Anak Thekek ora iso ngampet meneh, kepingin eksis. Dheweke mbukak cangkeme arep nyanyi.
Mesthi wae empale tiba ning njobin. Untunge ana Mbokne Thekek sing nyaut empal sing tiba mau,
banjur ngajak anak Thekek lunga ngedohi Kucing kang rupane mranani kuwi. Mbokne rumangsa
dheweke kurang anggone ngajari anake supaya ora gampang klenthir nalika dialembana dening sosok
kang pasuryane mranani ati (Undil - 2012).

KEWAN SING ANGKUH


Ning njero alas ono kewan loro, jenenge kethek karo wedhus, wedhus iku pinter lan meneng gak koyo
kethek sing awake gedhe, angkuh lan ora di senengi karo konco-koncone.
Ing sak wijine dino wedhus lunguh ning nisore wit sing gedhe, gak sengojo ono kethek liwat nang
ngarepe wedhus.
Ketheke nyopo Wedhuse
Kethek : Hei Wedhus ono opo awakmu ning kene?
Wedhus :Aku mung liwat thok, arep mulih
Kethek : DhusDhus, awakmu wani opo gak balapan mlayu karo aku?, mlayuku lho paling paling
banter.
Wedhus: Wani seeh.., tapi ojo saiki yo Kethek, aku mau wis di peseni karo Mak ku, ora oleh dolan
suwe-suwe di kongkon cepetan mulih
Kethek : Yo wes, nek ngono mene ae yow balapan mlayune, tak enteni jam pitu isuk ning ngisore wit
ringin yo..?
Wedhus: Yow is , aku tak mulih dhisik..
Sesuk e jam pitu isuk Kethek wis ngenteni Wedhus ning ngisore wit ringin karo mangan suket. Si
Wedhus ngomong dhewe karo ngomel-ngomel.
Kethek : Nang endhi Wedhus iki, tak enteni kaet mau kok gak teko-teko..?
(Gak suwe si Wedhus teko marani si Kethek)
Wedhus: Hei. Kethek, wis suwe ta ngenteni aku?
Kethek : Kowe wing ngomong atene balapan mlayu karo aku, sido opo gak?
Wedhus: Yo, aku tak sarapan dhisek yo Kethek
(Si Wedhus mangan suket, sampe Kancil kewareken trus glegeen heeeeeiiiiiikkkk)
Wedhus : Wis ayo Kethek, aku wis siap saiki
Kethek : Yow is ayo tak itung yo siji. loro.telu..
(Kethek mlayu banter, Wedhus sing ning mburine Kethek)
(Saking kesele Kethek leren karo ndelok ingak inguk ngoleki Wedhus sing durung ketoro irunge. Akhire
Kethek keturon ning ngisore wit, lan nganti saking pulese turu Kethek sampek ngorokngorok)
Gak suwe Wedhus liwat karo mlayu banter sampek Wedhus menang, tapi Kethek gak ngerti amergo
Kethek isih turu, gak suwe Kethek tangi trus kaget yen ngerti Wedhus sing menang.
Wedhus: Yo salahe dhewe awakmu turu ae, yo tak tinggal lho.
Kethek : Yo wis nek ngono, selamat yo Dhusawakmu sing menang, sepurane yo Dhus awakmu
ancene kewan sing apik
Wedhus: Yo podo-podo saiki awakmu karo aku koncoan ae, gak usah musuhan!
Kethek : Iyo .Dhus!
Teko ceritane bu guru mau bocah-bocah gak oleh nduweni sifat sing angkuh..

You might also like