You are on page 1of 2

Assalamualaikum wr.

wb
Bapak Kepala SMP 3 wonosari ingkang kula hurmati,
Bapak Pengurus Komite Sekolah saha tamu undangan ingkang kula hurmati,
Bapak ibu karyawan lan karyawati ingkang kula hurmati,
Bapak saha ibu guru ingkang tansah kula bekteni, lan
Rencang-rencang saha adik-adik ingkang kula tresnani.
Minangka pambukaning atur, sumangga sesarengan kula dherekaken ngaturaken puja-puji syukur
wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring berkah karaharjan, kanikmatan, saha
kasarasan, saengga kita sadaya saged kempal wonten ing pahargyan pepisahan siang punika, kanthi
wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa..
Keparengan ing mriki kula minangka sesulihipun putra-putri kelas IX, badhe matur wonten ngarsa
panjenengan sami.
Bapak saha ibu guru sekaliyan, utaminpun bapak kepala sekolah, wonten ing kalodhangan punika
kula sakanca ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng panjengan sami, awit
saking sih katresnan, sadangunipun tigang tahun, dipun gulawenthah kanthi manah ingkang sabar,
ikhlas, kebak raos tresna lan asih. Ngantos karaosaken boten wonten bentenipun kaliyan bapak saha
ibu ingkang nglairaken kula piyambak. Makaten kalawau saengga samangke saged ngrampungaken
pasinaon wonten ing pawiyatan SMP 1 Wonosobo punika. Semanten agenging lelabetan kalawau,
pramila, kula sakanca tansah dedonga, mugi-mugi lelabetan panjenengan sami pikantuk ganjaran
lan pepulih ingkang matikel-tikel saking Gusti Allah SWT.
Saestunipun awrat anggen kula badhe matur, amargi, salebeting batin kepingin sanget tansah
cecaketan kaliyan bapak saha ibu guru, ngangsu kawruh ngantos dumugi salaminipun. Nanging
temtu kemawon sadaya kalawau boten badhe kelampahan, jer kula sakanca, nggadhahi ayahan lan
jejibahan ingkang langkung awrat, inggih punika ngudi kawruh wonten ing pawiyatan ingkang
langkung inggil. Pramila pudya pangastutinipun bapak saha ibu guru kemawon ingkang tansah kula
suwun, mugiya dadosa jimat ingkang tansah nyurung lan nuntun dhumateng lampah kula ngudi
gegayuhan minangka sanguning gesang ing bebrayan agung.
Kula sakanca, ingkang badhe nilaraken pawiyatan SMP 1 Wonosobo punika, mbok bilih
sadangunipun sesrawungan kathah tindak tanduk saha atur ingkang nguciwani lan kirang mranani,
nyuwun agunging samodra pangaksami. Mekaten ugi dhumateng adik-adik kelas VII lan kelas VIII.
Dhumateng adik-adik kelas VII lan kelas VIII, nyuwun pandonga sageda kalampahan idham-idhaman
lan gegayuhan kula sakanca. Ugi nyuwun supados adik-adik sregep anggenipun sinau, saha miturut
punapa ingkang dados dhawuhipun bapak lan ibu guru.
Minangka pungkasaning atur, mbok bilih namung makaten anggen kula saged matur dhumateng
bapak ibu guru sarta adhik-adhik, sumrambahipun para rawuh sadaya. Boten kesupen kula pribadi
menawi wonten klenta-klentu anggen kula matur, nyuwun agunging samodra pangaksami.
Matur nuwun.
Bilahi taufik wal hidayah, wassalamualaikum wr. wb.

Assalamualaikum Wr. Wb.


Bapak-bapak, Ibu-ibu ingkang kula urmati, sumawana para putra-putra mudha-mudhi ingkang
karoban ing raos bagya. Saderengipun kula matur wonten ing ngarsa panjenengan, langkung rumiyin
kula nyuwun agunging sih samodra pangaksama, awit kula kumawantun, ngadeg ing ngarsa
panjenengan sami.
Alhamdulillah ing enjing menika kita sedaya saged kempal sesarengan ing kampus SMA N 5 ingkang
kita remeni menika. sampun ngrampungaken UNAS ingkang dados syarat utama kangge siswa SMP
kangge ngelanjutaken ing jenjang luwih dhuwur.
Enjing menika, enjing ingkang ngerenyuhaken sanget kangge kita sedaya para hadirin. Menapa
boten, ingkang slamanipun kita utawi teseh dados siswa mriki, kita kerep pethukan, sinau sareng,
diskusi sareng, ing wayah sekedhap melih kita badhe pisahan. Nanging, kita kagungan pangajengajeng supados perpisahan menika boten kita banjur pedhot kekancan. Supados kita teseh wonten
rerembagan ingkang ageng kayata sakderengipun kita pisah.
Para rencang ingkang sedaya maksud lan tujuan dianaaken perpisahan menika botenn namung
ngunduraken rencang-rencang kelas XI mawon, ananging luwih saking menika supados rencangrencang tetep eling lan terus njagi rerencangan, inggih menika ing proses sinau utawi mlebet ing
kegiatan sanes-sanesipun.
Para rencang ingkang badhe pisah menika, sejatinipun tugas para rencang menika luwih abot
maneh, saya inggil tingkat pendidikan saya inggil injih tugas ingkang kedah dipunrampungaken.
Mula kta kedah semangat sinau mempeng supados menapa mawon ongkang para erncang citacitaaken saged dipuncapai. Boten namung kita mawon ingkang bangga menawi sukses, nanging
Bapak lan ibu guru kita injih remen lan bangga.
Para sedherek sedaya, wayah saged damel kita sedaya saged kempal ing acara menika. Nanging
wayah menika ugi ingkang misahaken kita sedaya. Kita namung saged mbales nggangge doa mugimugi sukses lan slamet lan mugi-mugi amal tuwin kesaenanipun para Bpak lan Ibu guru katampi ing
sisihipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung.
Kula cekapi semanten rumiyin atur kula, bilih wonten kiranging atur mawantu-wantu kula nyuwun
lumunturing samodra pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

You might also like