Professional Documents
Culture Documents
Artikel Bahasa Kawa
Artikel Bahasa Kawa
tamba tatu
Masyarakat padha nenandur lidah buaya umume kanggo pasren utawa
rerenggan plataran utawa tanaman hias. Durung akeh kang migunakake
kanthi optimal kanggo kesehatan. Paling-paling mung dianggo
kramas.Bab iki amarga kurang pangertene masyarakat. Mula ing kene
penulis bakal ngaturake bab khasiate lidah buaya.
Wektu iki wis dadi trend masyarakat modern bali marang alam,antara liya
kanthi migunakakae tanaman minangka obat klebu ing kene lidah buaya
utawa basa Latine Aloe Vera.Ing negara maju kayata Amerika , Australia,
lan negara-negara ing Eropa, lidah buaya dipigunakake kanggo bahan
baku industri lan omben-omben kesehatan. Ing Indonesia uga wis akeh
kang padha mbudidaya Lidah Buaya. Wilayah penghasil lidah buaya kang
paling jembar yaiku Kalinantan Barat (Pontianak ),saengga kawentar
minagka kutha Lidah Buaya.
Adhedasar panaliten, godhong lidah buaya bisa dipigunakake minangka
anti i inflamasi utawa peradangan, anti jamur, anti bakteri, lan regenerasi
sel . Kejaba iku lidah buaya uga duweni khasiat ngudunake kadar gula
sajrone getih kanggo panandhang diabetes. , ngontrol tekanan getih,
ngrangsang kekebalan awak ngadhepi serangan lelara kanker, sarta
dipigunakake minangka nutrisi pendukung tumrap panandhang HIV. Lidah
buaya uga mbiyantu nyegah encok utawa rematik lan ngurangi
peradangan panggonan persendian lan sing wis kita sumurupi lidah buaya
nyegah rontoking rambut lan nambani tatu. Menawa ing ndalem ana
tanaman lidah buaya ora perlu bingung yen golek obat tatu. Kanggo
nambani ambeien utawa wasir lan radang tenggorokan uga bisa.
.Olehe migunakakae bisa wujud bahan seger utawa bahan dadi kayata
kapsul, jus pasta utawa makanan lan minuman kesehatan. Kembang lan
akare uga duwenu khasiat kanggo ngobati lelara. Yaiku tatu memar lan
muntah getih.Akare nduweni khasiat minangka obat cacing tamba
sembelit utawa angel bebuwang. Gel lidah buaya uga nduweni kasiat
ngatasi gangguan pencernaan, ngatur keasaman lambung, ngundhakake
kinerja lambung,gangguan panggonan usus liyane.
Bageyan kang duweni khasiat obat utamane yaiku cairan bening kaya
jeli.kanthi mbelah batang lidah buaya. Khasiat utamane yaiku anti
inflamasi,anti bakteri,anti jamur, lan mbiyantu regenerasi sel. Cairan
kuning ing perangan njabakulit lidah buaya biasane dipigunakake kanggo
obat pencahar komersiallan ngandhut zat kang jenenge aloin. Zat gizi lan
zat liyane kang kinandhut sajrone lidah buaya pancen cukup
akeh,saengga maedahi tumrap kasarasan.
Carane ngramu
kaping pindho utawa ping telu nganti resik. Irisan kang wis resik mau
banjur digodhog nganggo banyu lan godhong pandhan nganti mateng
utawa umob. Kangge gawe sirup migunakake gula jawa dilaurutake ung
banyu 250 cc banyu lan digodhog nganti umob,semono uga santene
digawe pisah..
.Olehe nyawisake ,potongan lidah buaya dicemplungake ing gelas
lan ditambahake sirup gula jawa lan santen.
Cara liyane yaiku digawe selai . Bahan : Daging lidah buaya. ; 500 gram
gula pasir kanggo 1 kg. Daging lidah buaya,; asam askorbat o,1 % utawa
1 gram per liter banyu; natrium benzoate o,5 % utawa 5 gram per kg
daging lidah buaya. 3 gram ager-ager bubuk utawa bungkus. Carane
nggawe : Lidah buaya kang wis resik banjur dikum sajrone larutan asam
askorbat sajrone 15 menit, banjur ditirisake lan diremuk nganggo blender.
Lidah buaya kang wis remuk iki banjur dipanasi kanthi nambahake gula
pasir,asam sitrat lan ager-ager. Olehe manasake nganti umob kanthi
diaduk-aduk ,sawise iku diwenehi bahan pengawet benzoate. Sawise dadi
gel,olehe manasi diendhegake lan busa kang ana dhuwur dibuang. Selai
wis dadi lan siap dikemas nganggo botol.
Ana maneh kang diolah kanthi srana digawe teh Carane nggawe : Kulit
godhong lidah buaya dikumbah resik lan ditirisake,dipotong cilik-cilik
utawa dirajang kaya godhong tehbanjur dipepe sing panas utawa dioven.
Sawise dikeringake ,teh lidah buaya siap dikonsumsi kaya dene teh tubruk
utawa teh biasa. Uga bisa digawe bubuk,banjur dikemas sajrone kanthong
kertas kayadene teh celup.
: Dodol : Bahan : 1 kg daging daun lidah buaya; 700 gram tepung ketan
400 gram tepung beras;2 kg gula pasir 2 liter santen; 0,1 % asam
askorbat ( 1 gram kanggo 1 liter banyu utawa 0,1 gram kanggo 100 ml
banyu ); pewarna ijo prayoga sing alami nganggo godhong suji ); agerager sakcukupe. Carane nggawe : santen lan gula dimasak nganti kenthel.
Tepung ketan lan beras dicampurake ing larutan gula. Lidah buaya
dicemplungake, banjur diudak nganti ora lengket ing wajan. Sawise iku
diwenehi ager-ager lan pewarna lan dodol siap dikemas. Dodol lidah
buaya iki mujudake panganan khas Pontianak.
Kanggo omben-omben bisa digawe sirup lidah buaya lan serbat. Bahan
kang diperlokake kanggo nggawe sari lidah buaya yaiku : godhong lidah
buaya kang dijupuk daginge. Pilih sing during tuwa kanthi cirri : werna ijo,
bintik-bintik putih, perangan pinggir erine empuk lan pucet. Daging lidah
buaya dicampur nganggo banyu kanthi perbandingan : daging lidah buaya
: banyu 1 : 4, saumpama daging lidah buaya 100 gram banyune 400 ml.
Sabanjure daging lidah buaya lan banyu diblender nganti remuk
Sabanjure disaring nganggo kain saringan utawa saringan plastic Lebokna
ing cairan lidah buaya kasebut gula 10 15 %,asam sitrat 0,1 -0,2 %,uyah
0,025-0,1%,esen lan pewarna sakcukupe. Sabanjure dimasak sajrone suhu
85-90 derajat Celcius nganti 20-25 menit. Sajrone kahanan panas