You are on page 1of 1

Assalamualaikum wr.

wb / Sugeng Enjang,
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Desa,
Bapak/Ibu para lenggah ingkang minulya,
Para kanca ingkang kula tresnani
Saderengipun sumangga kula dherekaken monjukaken puja puji syukur
wonten ing ngarsa dalem Gusti ingkang sampun paring kanikmatan saha
rahmat, satemah ing wekdal menika kula lan panjenengan saged kempal ing
mriki saperku rawuh ing adicara Sosialisasi Tanaman Obat.
Wonten mriki, kula badhe ngaturaken wewarah kanthi irah irahan
Khasiat Pace
Bapak saha ibu sarta para kadang mitra ingkang satuhu bagya minulya,
Wonten Indonesia kathah tanaman ingkang saged dipundadosaken obat
herbal, kados dene jahe, kunir, pace, temulawak, suruh. Sanajan gampil
anggenipun pados lan ngolah, obat herbal menika langkung sae tinimbang
obat obat ingkang kadamel saking zat zat kimia.
Ing wekdal punika, kula badhe ngaturaken bab pace. Pace menika
gadhahi kathah mupangat, saged langge obat watuk, benter, sakit padaran,
hipertensi, anti kanker, lan sak panunggalanipun.
Menawi badhe kangge obat benter, caranipun ngolah inggih menika,
pace lan kencur dipungodhok ngangge toya 2 gelas, ngantos toyanipun
kantun 1 gelas. Saklajengipun dipunsaring. Ramuan menika saged
dipununjuk kaping kalih setunggal dinten ing wayah enjang lan sonten.
Mekaten ingkang saged kula aturaken, mbok bilih kathah kalepatan
kula nyuwun agunging pangapunten. Mugi mugi ngadhahi kathah manfaat.
Matur nuwun
Wassalamualaikum wr. wb / Sugeng Enjang

You might also like