You are on page 1of 2

penyerahan pengantin

Assalamu alaikum wr.wb.


bismillah hirohman nirrohim,Alhamdulillah hirobbil alamina wakhafa,wassolatu wassalamu
ala sayidina muhammadinil mustofa,waala alihi wa askhabihi ahli sidqi walwafa ama bakdu
Dumateng poro alim poro ulama ingkang tuhu kinakbeten
dumateng poro sesepuh,pinisepuh ugi adi sepuh ingkang tuhu kinormatan
kususon dumateng sohibul hajah ingkang kawulo hormati
wabil khusus dumateng temanten kekaleh ingkang berbahagia.
Saderengipun monggo kito tansah muji syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Alloh
SWT, ingkang sampun pareng Rohmat soho nikmat dumateng kulo lan panjenengan sami,
sahingga kulo lan panjenengan sami saget pepanggihan,saget bertatap muka wonten ing
majlis puniko,kanti rahayu wilujeng.saperlu angrawuhi undangan walimatul arus.mugi-mugi
pepanggihan kulo lan panjenengan sami saget mbeto manfaat,kususipun dateng temanten
kekalih lan umumipun dateng kulo panjenengan sami
Ingkang kaping kalihipun solawat soho salam ,allohuma soli ala sayidina Muhammad
monggo tansah kunjuk dateng junjungan kito Nabi Besar Muhammad SAW nabi pungkasan
ingkang kito antu-antu syafaatipun benjang ing dinten Qiamat. Amiin
Poro rawuh ingkang tuhu kinormatan !
saklajengipun kawulo ngaturaken agunging panuwun dumateng sederek pranoto acoro
ingkang sampun paring wekdal dumateng kulo, mugi-mugi wekdal meniko saget kulo
gunaaken ingkang sasahe-sahenipun.
Saklajengipun wonten ing mriki kawulo minongko wakil konco pengantin.ngaturaken agunge
panuwun dumateng Shohibul kajah ingkang sampun nampi kulo sakonco kanti lemahing
penggalih,sampun nyediaaken papan pinaraan, shoho dedaharan lan unjukan ingkang
kados mekaten mewahipun, wonten ing mriki kawulo atas nami konco pengantin, mboten
saget mbales penghormatan meniko kejawi namung saget dungaaken dateng Shohibul kajah
sekeluarga Mugi-mugi penghormatan meniko andadoso amal sholehipun ingkang ditrimo
dening Allah, shoho dipun bales kanthi balesan ingkang sakkatah-katahipun.
Poro rawuh ingkang tuhu kinormatan
selajengipun, wonten ing mriki kawulo minongko wakil saking walinipun pengantin putri
inggih puniko Bapak....... saking dusun ......... kawulo nampi Amanat sangking Bapak .......,
ingkang supadoso masrahaken temanten putri ingkang Asma ........., dumateng bapak ........
mriki minongko tiyang sepuhipun temanten kakung. Pramilo saking meniko kanthi ucapan
Bismilah temanten putri meniko kulo pasrahaken dumateng Bapak ..... mriki, kanti pasrah
bongkoan tegesipun inggih kados mekaten meniko kawontenanipun. Dene wonten
kekirangipun sangking segi nopokemawon, , kawulo suwun Bapak Shohibul hajah mriki
kususipun, lan sedoyo keluarga soho masyarakat mriki umumipun kersoho paring bimbingan
soho tuntunan, kados pundi amrih saget sahenipun.

Bapak ibu ingkang tuhu kinormatan !


Ingkang terakhir kawulo ugi atas nami wakil saking konco pengantin bilih acara mangke
sampun paripurno, kawulo sarombongan, ugi nyuwun pamit sepindah, soho nyuwun
tambahipun doa Mugi2 kulo sarombongan wangsul saking dalem mriki, tumuju dateng
griyanipun piyambak, tansah dipun paringi slamet, wilujeng, boten wonten alangan
setunggal punopo. Amiin.
saderengipun kulo pungkasi, kawulo minongko wakil saking konco temanten, kulo nyuwun
agunging pangapunten,mbokbilih wonten tingkah tanduk, trap susilo ingkang kirang nyocoki
dateng panggalehipun Shohibul kajah mriki sakeluarga. Shoho kangge kulo pribadi sedoyo
kesalahan awal ngantos akhir kulo nyuwun pangapunten ingkang sak katah-katahipun.
Wabillahi taufiq walhidayah wassalamu alaikum wr wb
link sumber: http://www.wongcungkup.com/2013/05/contoh-naskah-pidatopenyerahan.html#ixzz3P0JYBt4r
Follow us: @wongcungkup on Twitter | wongcungkupblogspot on Facebook

You might also like