You are on page 1of 1

Bima Bungkus

Ing negeri Ngastina, lair bayi kang diarani Bima. Bima iku putrane Prabu
Pandudewanata lan Dewi Kunti. Nanging bayi iku awujud bungkus. Bungkus mau ora bisa
pecah lan gawe Dewi Kunti duka. Dewi Kunti banjur jaluk Prabu Pandu kanggo nggoleti cara
supaya bungkus mau bisa pecah. Nanging bungkus mau ora bisa pecah-pecah. Ing sawijining
dina, Prabu Pandu olih wisikan saking dewa kanggo mbuwang si bungkus menyang Alas
Krendawahana supaya bisa pecah. Banjur Prabu Pandu mbuwang si bungkus. Nanging wis
pirang-pirang taun, si bungkus ora pecah pecah.
Ing Pertapan Wukir Retawu, Raden Permadi lan Punakawan teka kanggo nemuni
Begawan Abiyasa. Raden Permadi nakoni kabar kakange, si bungkus. Banjur Begawan
Abiyasa ngomong yen si bungkus bakal dadi ksatria kang utama.
Amarga si bima bungkus kang gawe geger, ing Suralaya, Batara Guru ngongkon
Gajahsena lan Dewi Umayi. Gajahsena dikongkon mecahna si bungkus lan Dewi Umayi
dikongkon kanggo ngajarna si bungkus kautaman urip. Banjur Gajahsena lan Dewi Umayi
lunga menyang panggonan si bungkus yaiku Alas Krendawahana. Ing alas, sedurunge si
bungkus dipecah, Dewi Umayi maringi busana lan pangajaran kanggo si bungkus. Sakwise
iku, Gajahsena mecahna bungkus nganggo kekiatan gadinge. Bungkus mau pecah lan Bima
akhire metu. Amarga dipecahna, Bima sewot lan banjur nyerang Gajahsena. Rohe Gajahsena
mlebu marang awake Bima lan dadi kekiatane. Sakwise iku, Batara Narada teka lan maringi
aran marang Bima yaiku Bratasena.
Bratasena banjur dadi ksatria kang gagah perkasa. Amarga kekiatane kang perkasa,
Ratu Tasikmadu njaluk tulung kanggo ngalahna para raseksa kang cacahe ana 4. Banjur
Bratasena tanding nglawan 4 raseksa mau. Para raseksa mau akhire kalah lan kekiatane
mlebu marang awake Bratasena.

You might also like