You are on page 1of 5

Macapat iku tembang tradhisional ing tlatah Jawa.

Saben bait macapat nduwni baris kalimat sing


diarani gatra, lan saben gatra nduw sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi
nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu.[1] Macapat kanthi jeneng sing bda uga bisa
ditemokak jroning kabudayan Bali[2], Sasak[3], Madura[4], lanSunda. Sajaban kuwi macapat uga
nat ditemokak ing Palembang[5] lan Banjarmasin.[6] Biasan macapat dimaknani minangka maca
papat-papat, yaiku cara maca saben patang wanda (suku kata).[7] Nanging bab iki dudu siji-sijin
makna, penafsiran liya uga ana.[7] Macapat dikira muncul ing pungkasan jaman Majapahit lan
wiwitan pengaruhWalisanga, nanging bab iki mung kanggo kahanan ing Jawa Tengah.[8] Sebab
ing Jawa Wtan lan Bali macapat wis dikenal sadurung teka Islam.[8]
Karya-karya kasusastran klasik Jawa saka jaman Mataram Anyar, umum ditulis nganggo metrum
macapat.[9]. Sawijining tulisan jroning wangun prosa utawa gancaran umum ora dianggep minangka
asil karya sastra nanging mung kayadn 'daftar isi' wa.[9] Sawetara conto karya sastra Jawa sing
ditulis jroning tembang macapat kalebu Serat Wedhatama[10], Serat Wulangreh[11], lan Serat
Kalatidha.[12]
Puisi tradhisional Jawa utawa tembang biyasan diprang dadi telung kategori: tembang
cilik, tembang tengahan lan tembang gedh.[13] Macapat digolongak kategori tembang cilik lan
uga tembang tengahan, dn tembang gedh arupa kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna,
nanging ing jaman Mataram Anyar, ora dipatrapak prabdan antara suku kata dawa lan cendhak.
[13]

Saliyan kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi tradhisional jroning

basa Jawa Tengahan.[14]


Yn dibandhingak karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi bda lan luwih gampang
dipatrapak jroning basa Jawa amarga bda karo kakawin sing didhasarak marang basa
Sangskerta, jroning macapat prabdan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakak. [13]
Aturan-aturan jroning macapat mau antara liya:

Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (Indonesia: bait).

Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.

Guru lagu : tiban swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.

Dn, tembang utawa sekar sejatin ana werna-werna. Lumrah diprang dadi telung jenis, yaiku:
Sekar alit, sekar tengahan lan sekar ageng.

Sekar Macapat utawa Sekar Alit

Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umum dienggo sumrambah ing ngendingendi. Urut-urutan tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang
nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkn urut-urutan tembang kaya kang ing ngisor iki:

Maskumambang: Gambarak jabang bayi sing isih ono kandhutan ibun, sing durung
kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, kumambang
ateges urip ngambang nyang kandhutan ibun.

Mijil: Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.

Sinom: Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggon wong anom
supaya bisa ngangsu kawruh sak akh-akh.

Kinanthi: Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku
ngambah panguripan ing alam ndonya.

Asmarandana: Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok balin)
kang kabh mau wis dadi kodrat Ilahi.

Gambuh: Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yn wis jumbuh / sarujuk banjur
digathukak antarane priya lan wanita sing padha nduwni rasa tresna mau, ing pangangkah
supaya bisaa urip bebrayan.

Dhandhanggula: Nggambarak urip wong kang lagi seneng-seneng, apa kang digayuh
bisa kasembadan. Kelakon duw sisihan / bojo, duw anak, urip cukup kanggo sak kulawarga.
Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.

Durma: Saka tembung darma / wwh. Wong yen wis rumangsa kacukupan urip, banjur
tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyan kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur
tuwuh rasa kepngin darma / wwh marang sapadha - padha. Kabh mau disengkuyung uga
saka piwulang agama lan watak sosial manungsa.

Pangkur: Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang
dipikir tansah kepingin wwh marang sapadha - padha.

Megatruh: Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wancin
katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.

Pocung: Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durung
dikubur.

Sekar Macapat
Sekar Macapat

Guru gatra

Guru wilangan

Guru lagu

Mijil

10, 6, 10, 10, 6, 6

i, o, e, i, i ,u

Sinom

8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12

a, i, a, i, i, u ,a ,i, a

Dhandhanggula

10

10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7

i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a

Kinanthi

8, 8, 8, 8, 8, 8, 8

u, i, a, i, a, i

Asmarandana

8, 8, 8, 8, 7, 8, 8

a, i, e, a, a, u, a

Durma

12, 7, 6, 7, 8, 5, 7,

a, i, a, a, i, a, i

Pangkur

8, 11, 8, 7, 12, 8, 8,

a, i, u, a, u, a, i

Maskumambang

12, 6, 8, 8

i, a, i, a, a

Pucung

12, 6, 8, 12

u, a, i, a

Jurudhemung

8, 8, 8, 8, 8, 8, 8

a, u, u, a, u, a, u

Wirangrong

8, 8, 10, 6, 7, 8

i, o, u, i, a, a

Balabak

12, 3, 12, 3, 12, 3

a, e, a, e, u, e

Gambuh

7, 10, 12, 8, 8

u, u, i, u, o

Megatruh

12, 8, 8, 8, 8

u, i, u, i, o

Girisa

8, 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8,

a, a, a, a, a, a, a, a

Sinom

Kinanthi

Pangran kang sipat murah (8/a)

Padha gulangen ing kalbu (8/u)

Njurungi kajating dasih (8/i)

Ing sasmita amrih lantip (8/i)

Ingkang temen tinemenan (8/a)

Aja pijer mangan nndra (8/a)

Pan iku ujaring dalil (8/i)

Kaprawiran dn kasthi (8/i)

Nyatan ana ugi (7/i)

Pesunen sariranira (8/a)

Iya Kiyageng ing Tarub (8/u)

Sudanen dhahar lan guling (8/i)

Wiwitan nenedha (7/a)

Tan pedhot tumekng siwi (8/i)

Wayah buyut canggah warng kang tampa (12/a)

Asmarandana

Anjasmara ari mami (8/a)

Masmirah kulaka warta (8/a)

Dhandhanggula

Anng kuta Prabalingga (8/o)

ling-ling pra kadang dn ling (10/i)

Prang tanding lan Wurubisma (8/a)

Uripira ing ndonya tan lama (10/a)

Kariya slamet wong ayu (8/u)

Bebasan mung mampir ngomb (8/e)

Pun kakang pamit palastra (8/a)

Cinecep nulya wangsul (7/u)

Mring asal sangkan nguni (9/i)

Begja kang wus pana (7/a)

Sangkan paranipun (6/u)

Dedalan kang dn ambah (8/a)

Mrih rahayu lumampah margi utami (12/i)

Sejatining kasidan (7/a)

Megatruh

Sigra milir sang gthk sinanggga bajul (12/u)

Kawan dasa kang njagni (8/i)

Ing ngajeng miwah ing pungkur (8/u)

Sinangga ing kanan kring (8/i)

Sang gthk lampahnya alon (8/o)

You might also like