You are on page 1of 1

WAKIL SAKING KANCA

Assalamualaikum Wr. Wb
Bapak Kepala Sekolah, bapak saha Ibu Guru ingkang kinormatan,
adek adek lan kanca kanca kula kelas 1 ngantos kelas 6 kang kawula
tresnani. Lan boten kasupen dhumateng Bapak, Ibu saha undhangan
sanesipun ingkang minulya.
Sumangga kita sareng sareng muji syukur dhateng ngarsanipun
Gusti Kang Maha Agung ingkang sampun paring rahmat lan
hidayahipun saengga ing titiwanci punika kita saged pepanggihan kanthi
boten wonten alangan satunggal punapa.
Kula minangka wakil saking kanca-kanca wiwit saking kelas 1
ngantos kelas 6, tumut nglairaken raos remen kang tanpa upami, dene
kanca kanca kula kelas enem saged ngrampungaken pamulangan kanthi
biji ingkang sae lan boten nguciwani. Sedaya alawau saged kaleksanan
awit ugi saking panggula wenthahipun Bapak lan Ibu guru ingkang sabar
lan tlaten, serta teberinioun kanca-kanca anggenipun sami sinau. Kula
sakanca tumut anyurung mugi-mugi sedaya saged nerusaken mlebeting
pamulangan salajengipun kanthi lancer.
Cekap semanten, mbok bilih wonten kirang saha lepatipun atur
nyuwun pangamputen.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

You might also like