Professional Documents
Culture Documents
LUNGITING ASMORO
Seprene nggonku ngenteni janji
Iki prasetyaning ati
Kadung tresno ning sliramu dhuh cah bagus
Ra eling dino lan wektu
Neng ati katon ra biso ilang
Soyo suwe soyo ra karuan
Snadyan mung tansah anggadhang
Aku samar yen sliramu ra kelingan
Wong bagus tak anti-anti
Jo pijer semoyo wae
Aku tresno karo kowe
Tegane atimu soyo gawe loro iku ra prayogo
Aku ora bakal mundur
Aku ora bakal mlayu
Yen durung nyanding sliramu
Ukuraning tresno dudu bondho
Nanging lungiting asmoro
TEMBANG KANGEN
Wayah wengi udan grimis, ra uwis-uwis
Banyu kang tumetes, dadi saksi nggonku nangis
Wong sing tak tresnani, tego ningglake aku
Suwung jeroning uripku, yen ora ono sliramu
Sumilire angin tansah ndudul kalbu
Roso kang tak empet agawe loro dodoku
Liwat tembang kangen, mugo biso dadi tombo
Tombo kangen iki, nandang wuyung rino wengi
Liwat tembang kangen, aku titip tresno
Opo pancen sliramu, uwis ora kroso
Liwat tembang kangen, aku titip sayang
Tresnaku mring sliramu, ora biso ilang
Opo lali opo pancen wis ra ngerti
Sak tenane aku, mung tansah setyo ngenteni
Ngenteni baline endah manise esemmu
Liwat tembang kangen, iki wujud katresnanku
LAYANG KANGEN
28
KETAMAN ASMORO
Saben wayah lingsir wengi
Mripat iki ora biso turu
Tansah kelingan sliramu
Wong ayu kang dadi pepujanku
Bingung rasane atiku
Arep sambat nanging karo sopo
Nyatane ora kuwowo
Rasane atiku sansoyo nelongso
Wis tak lali-lali
Malah sansoyo kelingan
Nganti tekan mbesok kapan nggonku
Mendem ora biso turu
Opo iki sing jenenge
Wong kang lagi ketaman
asmoro
Prasasat ra biso lali
Esuk awan bengi tansah mbedo ati
Bingung rasane atiku
Arep sambat nanging karo sopo
Nyatane ora kuwowo
Rasane atiku sansoyo nelongso
Wis tak lali-lali
Malah sansoyo kelingan
Nganti tekan mbesok kapan nggonku
Mendem ora biso turu
Opo iki sing jenenge
Wong kang lagi ketaman
asmoro
Prasasat ra biso lali
Esuk awan bengi tansah mbedo ati
Prasasat ra biso lali
Esuk awan bengi tansah mbeda ati
OJO LAMIS
5
TRESNO SUDRO
Aboting wong nandang tresno
Tak belani nganti tekan pati
Tresnaku mung kanggo siro
Kusumo ayu sing merak ati
Awan bengi ra biso lali
tansah eling esem mu
Nganti kapan aku rangerti
biso nyanding sliramu
Abote dadi wong sudro
tresno tulus ora dipercoyo
Wong tuwo ngumbar sujono
tansah ngiro aku wong durjono..
Pancen dalan sing tak liwati..
ngalor ngidul mung dengkul..
paribasan turu kelesetan
uripku tansah cedhak pancoban..
Reff:
Cah ayu..cah ayu tak enteni
Lilane wong tuwamu maringke kowe..
Sing sabarsing sabar yo tresnaku
Ing tembe mburi bakal dadi duwekku
Duh..Gusti sing tak Puji..
Paringono dalan..kanggo tresnaku..
Reff = versi cewek diganti :
wong bagus wong bagus tak enteni..
lilane wong tuaku NERIMO kowee
SRI HUNING
Sri huning mustiko tuban
Labuh tresno lan saboyo pati
Marang raden wiratmoyo
Kang wis prasojo hanambut branti
Sri huning daton ngrahito
Kang rinipto kadange pribadi
Wiratmoyo putra niro
Ronggolawe adipati tuban
Sri huning putrane abdi
Wongso pati nalikane uni
Kapupuk ing madyo logo
Duk prang tandhing lawan minakjinggo
Katresnane wiratmoyo
Tinampi dene roro sri huning
Senadyan wekasan niro
Prapteng lampus alabuh negoro
JAMBU ALAS
Kelingan manis eseme
trus kelingan ramah gemuyune
Tresno lan kasih, kasih sayange
karep atiku klakon dadi bojone
Sayange wes nduwe bojo
nanging aku, aku wes kadung tresno
Nelongso rasaneng ati
yen aku ra klakon melu nduweni
reff:
Jambu alas kulite ijo
sing digagas wes duwe bojo
Ada gula ada semut
durung rondho ojo direbut
Sumpah ning batin
yen kula tidak dikawin
Tekade ngati
ora bakal luruh ganti
Sumpah wis janji
arep sehidup semati
seneng lan sedih
bareng-bareng dilakoni
Jambu alas nduk
manis rasane
Snajan tilas
tak enteni rondhone
JENANG GULO
Jenang gulo kowe ojo lali
Marang aku iki, cah ayu
Nalikane nandang susah
sopo sing ngancani
Dek semono aku tetep setyo sarto tetep tresno
Dereng nate gawe gelo lan gawe kuciwa
Ning sak iki bareng mukti
kowe kok njur malah lali, marang aku
Sithik sithik mesti nesu
Terus ngajak padu ....
jo ngono ojo ngono....
Opo kowe pancen ra kelingan
jamane dek mbiyen cah ayu
Kowe janji bungah susah pada di lakoni
TONDO MOTO
10
JOKO MLARAT
Wiwit biyen mulo
Aku rak wis kondo
Aku wong ndeso ora bondo dunyo
Joko mlarat wong tuwamu pangkat
Aku wong ndeso uripku rekoso
Iki wis wancine kowe di daupke
Karo prio bagus sing podo sugihe
Ora nyono lan ora nglegewo
Yen sliramu tego polokromo
Srengenge ngulon parane
Yen bengi rembulan jenenge
Esuk tempe jarene, sore dele
Tresno tenan mbok anggep sepele
Srengenge ngulon parane
Yen bengi rembulan jenenge
Esuk tempe jarene, sore dele
Tresnamu mung abangabang lambe
11
GELANG KALUNG
12
KEMBANG RAWE
13
Imbangono Katresnanku
Saben dino mung ngalamun
Jroning sepi, sepi samun
Amung tansah kadulu
Wewayanganku duh nimas wong ayu
Linali tan biso lali
Soyo angrerujit ati
Lelewane cah manis
Amung kumantil ing panduking netro
Opo tego siro ni mas cidreng janji
Misahke katresnan jati
Lamun mangkono piye katresnanmu
Piye Katresnanmu
Mongko ni mas katresnanku
Bebasane tan biso tinuku
Cunduk lan prasetyamu
Tak korbanake jiwo lan ragaku
14
PERAHU LAYAR
Yo konco ning nggisik gembiro
Alerap lerap banyune segoro
Angliyak numpak prau layar
Ing dino minggu keh pariwisoto
Galo praune wis nengah
Byak byuk byak banyu binelah
Ora jemu jemu karo mesem ngguyu
Ngilangake roso lungkrah lesu
Adik njawil mas
Jebul wis sore
Witing kalopo katon ngawe awe
Prayogane becik balik wae
Dene sesuk esuk
Tumandang nyambut gawe
15
IRENG MANIS
Ireng Manis Yen kelingan lelakon ku cah manis
Naliko ing pamulangan
Aku duwe konco putri, grapyak
Ayu lahir lan bathine
Bareng dolan ning omahku, perlune
Mung sinau bebarengan
Suwesuwe aku tresno margo
Kelingan ireng manise
Nanging cuwo, ora biso urip bebarengan
Senajan aku wis sumpah, tetep tresno lahir bathin,
eee,eee.
Mung jalaran pepisahan, dipekso omah omah wong
tuwane
Tresnaku ra
biso ilang, margo kelingan ireng manise
16
MAWAR BIRU
Tumetesing waspaku
Ora tego, rasaning atiku
Ninggalake sliramu priyo idamanku
Tansah katon esemmu
Ngawe-awe rasaning atiku
Ngelingake naliko bareng mlaku-mlaku
Ora nyono, ora ngiro
Yen ngene dadine
Aku kudu melu, ndherekake romo lan ibuku
Mulih neng ndesaku
Wekasan mung welingku
Aku titip, kembang mawar biru
Openono, minongko tondho katresnanku
17
CEWEK GAUL
18
CAPING GUNUNG
19
NGIMPI
20
DADI ATI
Nggoleki sing koyo ngopo,
Wong nyatane kalakon seprene
Angger-angger gendro,
Wekasane malah mbangun tresno
Dudu bondho dudu rupo,
Mung atine dadi tetaline
Guyub rukun kadyo,
Pepindhane mimi lan mituno
Wus jamak lumrahe,
Yen wong urip coba lan godhane gedhe
Supradene, Ora nganti ndadak dadi gawe
Rino wengi dadi ati,
Wong prasojo luhur bebudhine
Sabar tur gemati,
Momong putro alus bebudhine
21
LUNTUR
22
23
Tresno Waranggono
Nelongso roso rasane tangis njroning atiku
Yen kelingan esem gemuyumu
Larasworo gending tresno gawe kangene atiku
Tansah eleng aku ro sliramu
Duh kangmas sak tenane aku ngerti atimu
Ning wes pastine aku duk jodohmu
Pancen roso kari Roso
Kudu lilo nggonmu nrimo
Lilakno aku nyanding prio lio
Ra keroso wes sewindu nggonku ora ketemu
Kegugah atiku krungu suwaramu
Aku mung bisa ndedungo waranggono sing tak tresno
Mugo biso urep tentrem mulyo
Tak tulis lakon tresnamu ning gending katresnanku
Tak tembangne saben kangen sliramu
24
Ra keroso wes sewindu nggonku ora ketemu
Kegugah atiku krungu suwaramu
Aku mung bisa ndedungo waranggono sing tak tresno
Mugo biso orep tentrem mulyo
Tak tulis lakon tresnamu ning gending katresnanku
Tak tembangne saben kangen sliramu
Sak tenane aku nangis nanging tresno wis ginaris
Taklakoni Kanti ikhlas ati
Wuyungku ngelayung ngamboro ing awang awang
Tanpo biso nyanding aku mung biso nyawang
Tumetes eloku deres mili ono pipi
Opo tresno iku pancen ra kudu nduweni
Wes lilakno aku kangmas wes cukup lalekno
Lelakon tresno iki bakal dadi crito
Tresno Waranggono
SRAMPAT
25
KUSUMANING ATI
Kusumaning ati
Duh wong bagus kang tak antianti
Mung tekamu biso gawe
Tentrem ning atiku
Biyen nate janji
Tak ugemi ora bakal lali
njur kelingan jroning ati
Sak bedahing bumi
Kadung koyo ngene
Sak iki piye karepe
Malah mirangake
Manis pambukane
Kok pahit tibo mburine
Pancen mangkelake
Amung pamujiku
Mugomugo rak ono rubedho
Sak pungkure
Nggonmu lungo
Ora kondokondo
26
BLITAR
Blitar kutha cilik sing kawentar
Edi peni gunung Kelud sing ngayomi
Blitar jaman Jepang nate gempar
Peta brontak sing dipimpin Supriyadi
Blitar nyimpen awune sang Nata
Majapahit eneng candhi Penataran
Blitar nyimpen layone Bung Karno
Proklamator lan presiden kang kapisan
Ana crita jare patih Gajahmada
Ingkang bisa nyawijekke nuswantara
Lan uga Bung Karno kang kondhang kaloka
Eneng tlatah Blitar biyen cilik mula
Ora mokal Blitar dadi kembang lambe
27
DAFTAR ISI
Cidro..
Lumiting Asmoro.
Tembang Kangen
Ketaman Asmoro.
Ojo Lamis..
Tresno Sudro..
Srihuning..
Jambu Alas.
Jenang Gulo.
Tondo Moto.
10
Joko Mlarat.
11
Gelang kalung..
12
Kembang Rawe..
13
Imbangono Katresnanku..
14
Perahu Layar.
15
Ireng Manis.
16
Mawar Biru.
17
Cewek Gaul..
18
Caping Gunung
19
Ngimpi.
20
Dadi Ati.
21
Luntur
22
23
Tresno Waranggono..
24
Srampat..
25
Kusumaningati..
26
Blitar.
27
Layang Kangen..
28
Klinci Ucul.
29
KLINCI UCUL
Ngubengi kutho..,
Sakteruse, neng ndeso ndeso..
Mergo aku anggoleki,
Sing tak tresnani, kelinciku ucul..
Lungo mangetan,
Suroboyo, terus nyang bali..
Mangulon lungo nyang bandung ora ketemu..
Terus aku nyang jakarta..
29