You are on page 1of 2

CERITA SANGKURIANG

Ing jaman dhikik, neng Jawa Barat urip putri raja sing nduwe jeneng Dayang Sumbi. Dheweke
nduweni anak lanang sing nduwe jeneng Sangkuriang. Anak kesebut seneng banget golek kewan
neng ngalas. Saben berburu, dheweke sanuli dikancani kirik ingonane sing nduwe jeneng
Tumang. Tumang sabenere yaiku titisan dewa, lan bapakne Sangkuriang, nanging Sangkuriang
ora ngerti babagan kuwi mergo ibune sengaja ndelike kasunyatan kuwi.Suwijining dina, kaya
biasane Sangkuriang lunga menyang ngalas kanggo manah kewan. Sakwise neng alas,
Sangkuriang anyak nggoleki kewan buruan. Dheweke ndeleng ana manuk sing lagi mencok ana
pang, nuli tanpa mikir dawa Sangkuriang banjur manah manuk kui kanthi pener. Sangkuriang
nuli ngongkon Tumang kanggo ngoyak manuk sing tibo mergo kepanah mau, nangning Tumang
meneng wae lan ora gelem nglakoni apa sing dadi kongkonane Sangkuriang. Amarga mangkel
banget, mula Sangkuriang nuli ngusir Tumang lan ora ngolehke mulih menyang ngomah bareng
Sangkuriang.Sangantine tekan ngomah, Sangkuriang nyeritoke kedaden kesebut marang ibune.
Krungu cerito saka anake, Dayang Sumbi banjur nesu. Dheweke njupuk enthong, lan digebugake
menyang sirahe Sangkuriang. Amarga rumangsa kuciwa karo ibune, mula Sangkuriang mlayu
lunga saka ngomah, lan ora bali. Sakwise kedaden kuwi, Dayang Sumbi getun banget. Dheweke
ndedonga saben dina, lan njaluk ben sawiji dina mengko bisa ketemu karo anake maneh. Amarga
donga saka Dayang Sumbi kesebut, mula Dewa menehine siji bebungah ngrupa kayon lestari lan
umur enom salawase.Sakwise pirang-pirang taun kapungkur Sangkuriang lungo, akhire dheweke
nduwe pangarah kanggo mulih menyang desane. Sangantine neng kana, dheweke kaget banget,
amarga desa ne wis ngowah total. Rasa seneng Sangkuriang kesebut nambah pas wektu neng
tengah dalan ketemu karo sawong wedok sing ayu banget, sing ora liya yaiku Dayang Sumbi.
Amarga puluhan taun ora ketemu Dayang Sumbi mula dheweke pangling ugo ra ngerteni yen kui
ibune. Singkat cerita mula Sangkuriang banjur nglamar Dayang Sumbi supaya dadi bojone.
Akhire lamaran Sangkuriang katampa saka Dayang Sumbi, lan sepakat arep rabi neng wayah
cedhak. Suwujining dina, Sangkuriang njaluk ijin calon bojone kanggo berburu neng ngalas.
Sadurung mangkat, dheweke njaluk Dayang Sumbi kanggo ngencengke ikete. Kaget Dayang
Sumbi, amarga nang wektu dheweke ngencengke iketan Sangkuriang, dheweke ndeleng ana
bekas tatu. Bekas tatu kesebut mirip karo bekas tatu anake. Sakwise pitakon marang Sangkuriang
babagan penyebab tatune kuwi, Dayang Sumbi nambah kaget, jebulna bener menawa calon
bojone kesebut yaiku anake dhewe.Dayang Sumbi bingung kudu kepiye, amarga dheweke ora
bakal rabi karo anake dhewe. Sakwise Sangkuriang mulih berburu, Dayang Sumbi nyoba
ngomong marang Sangkuriang, supaya Sangkuriang murungna niate ngrabeni Dayang Sumbi.
Nanging panjaluk Dayang Sumbi kesebut ora disetujoni Sangkuriang lan ora percoyo yen calon
bojone kuwi saktemene ibune dewe.Saben dina Dayang Sumbi mikir kepriye carane supaya
mantenan kui ora sido kedadean. Sakwise mikir, akhire Dayang Sumbi nemu cara paling becik.
Dheweke ngajokake rong (2) syarat marang Sangkuriang. Yen Sangkuriang bisa ngebaki 2 syarat
kesebut, mula Dayang Sumbi gelem didadekne bojo, ning sawalike yen wurung mula raben kuwi
kudu dibatalake. Syarat sing pisan Dayang Sumbi pengen supaya kali Citarum dibendung. Lan
sing kapindho yaiku, njaluk Sangkuriang kanggo nggawe prau sing gedhe banget kanggo
nyebrang kali. 2 syarat kuwi kudu dirampungake sadurung isuk tumeka.Sangkuriang nyaguhi
kapindho panjaluk Dayang Sumbi kesebut, lan ngujar bakal ngrampungke sadurung isuk tumeka.
Kanthi kasekten sing diduweni, Sangkuriang nuli ngerahke kanca-kancane saka lelembut kanggo

ngewangi ngrampungake tugase saka Dayang Sumbi kesebut. Meneng-meneng, Dayang Sumbi
ngindik pakoleh kerja saka Sangkuriang. Ebo kagete dheweke, amarga Sangkuriang ameh
ngrampungake kabeh syarat sing diwenehna Dayang Sumbi sadurung isuk tumeka.Dayang
Sumbi nuli njaluk bantuan warga sekitar kanggo ngenengna bebed sutera arupa abang neng sisih
wetan kutha. Pas ndeleng werna ngabang neng wetan kutha, Sangkuriang nduga yen dina wis
menjelang esuk. Sangkuriang teras ngendhegake gaweane lan rumangsa ora bisa ngebaki syarat
sing wis diajokake saka Dayang Sumbi.

You might also like