You are on page 1of 4

PEMERINTAH KABUPATEN GUNUNGKIDUL

DINAS PENDIDIKAN PEMUDA DAN OLAH RAGA


SMP NEGERI 2 PATUK
Alamat : Jl. Yogya-Wonosari KM 24, Patuk, Gunungkidul 55862 Telp. 7478763

ULANGAN AKHIR SEMESTER


TAHUN PELAJARAN 2013/2014
Mata Pelajaran : Bahasa, Jawa
Kelas
: VII
Hari/Tanggal : Rabu, 11 Juni 2014
Waktu
: 10.00 11.30
-----------------------------------------------------------------------------Wenehana tandha ping (X) ana ing aksara a, b, c, utawa d tumrap wangsulan kang kok anggep bener!
Wacan
Gambuh
Tatakramane wong mlaku,
Tansah eling estokna satuhu,
Minggir kiwa ora gojeg aja lali,
Tan sinambi ngguya-ngguyu,
Mlakune ya loro-loro.
Yen renteng-renteng lakumu,
Mitra liya rumangsa keganggu,
Dalan iku aja nganti den kebaki,
Apamaneh kanthi mlayu,
Bisa tiba tan karaos.
1. Tembang Gambuh ing dhuwur menawa disurasa
ngrembug bab.
a. Yen mlaku ana sisih kiwa ora kena disambi
gojegan
b. Yen mlaku ngebaki dalan ngganggu wong
liya
c. Tatakramane wong mlaku.
d. Yen mlaku karo mlayu bisa tiba.
2. Kang ora kena ditindakake nalika mlaku yaiku.
a. Mlaku sinambi gojeg lan mlayu.
b. Mlaku jejer loro-loro.
c. Mlaku ora ngebaki dalan.
d. Mlaku ora renteng-renteng.
3. Yen renteng-renteng lakumu. Tembung rentengrenteng nduweni teges
a. Mlaku terus ora pedhot-pedhot.
b. Mlaku karo lembeyan tangan.
c. Mlaku ngundang kancane supaya njejeri.
d. Mlaku gandheng-gandhengan bocah akeh.
4. Kang kasebut ing ngisor iki endi kang kalebu
tatakramane wong mlaku?
a. Mlaku sinambi gegojegan.
b. Mlaku ana sisih kiwa.
c. Mlaku kena jejer luwih saka loro.
d. Menawa selak telat kena karo mlayu.
5. Menawa saben pawongan kang mlaku padha
netepi tatakrama bakal nuwuhake.
a. Wektune rada suwe merga kudu alon-alon.

b. Slamet tekan kang tinuju, ora ana rubeda apaapa.


c. Ora gayeng, ora bisa gegojegan karo
kancane.
d. Nyenengake pawongan liya kang padhapadha mlaku.
Wacan
Nindakake tatakrama iku padha karo nggunakake
pangati-ati, deduga lan prayoga. Kabeh tumindake
wong urip kuwi becik yen tansah nganggo deduga,
prayoga, pangira-ira, pangati-ati, reringa, weweka.
Kabeh kuwi tegese padha. Ingkang Sinuwun
Pakubuwana IV ing bukune Wulangreh paring
dhawuh menawa duga lan prayoga iku katindakake
yen pinuju lungguh, ngadeg, mlaku, omong,
meneng, turu, mangan. Sebab duga lan prayoga iku
pirantining urip kang ora kena ditinggal.
6. Apa dhawuhe Sinuwun Paku Buwana IV ing
buku Wulangreh?
a. Nindakake tatakrama iku kudu nggunakake
duga lan prayoga.
b. Nindakake tatakrama ora nganggo duga lan
prayoga.
c. Nindakake tatakrama iku angon mangsa.
d. Nindakake tatakrama iku aja kepeksa.
7. Deduga, prayoga, pangira-ira, pangati-ati,
reringa, weweka, kabeh kuwi tegese padha.
Tembung liya kang nduweni teges padha
diarani.
a. Tembung padha
b. Antonim
c. Dasanama
d. Kosok balen
8. Wulangreh paring dhawuh menawa duga lan
prayoga iku katindakake yen pinuju.
a. Lungguh, ngadeg, mlaku, ngomong
b. Lungguh, ngadeg, mlaku, ngomong, meneng
c. Lungguh, ngadeg, mlaku, ngomong, meneng,
turu
d. Lungguh, ngadeg, mlaku, ngomong, meneng,
turu, mangan

9. Ing ngisor iki mumpangate tatakrama yaiku ......


a. Tatakrama tumuju marang kabecikan lan
kaslametan.
b. Tatakrama tumuju marang kanisthan.
c. Tatakrama tumuju marang kadurakan
d. Tatakrama tumuju marang kacilakan
10. Tuladhane tatakrama kang biyen dianggep ala
saiki dianggep lumrah kaya ing ngisor iki
kejaba.
a. Biyen wong mangan karo omong utawa
ngadeg iku ora becik. Jaman saiki lumrah
kaya dene yen jagong ing acara manten.
b. Biyen bocah sekolah kudu lungguh
nggatekake karo tangane sedheku. Saiki
murid sing penting tertib.
c. Biyen wong tuwa diajeni banget, saiki ora
kudu diajeni malah becike diwaneni.
d. Biyen wong mlaku ing kraton ndhingkluk lan
meneng, nanging saiki malah padha
guneman.
11. Endi ukara kang bener manut unggah-ungguhe?
a. Pak guru dereng rawuh.
b. Pak guru dereng dhateng.
c. Pak guru dereng mlampah.
d. Pak guru dereng dugi.
12. Ing ngomah adhimu lara, kowe jagongan karo
mbakyumu. Becike anggonmu omongan.
a. Karo ngguyu cekakakan.
b. Santer nganti wong liya krungu.
c. Bengak-bengok karo gegojegan.
d. Alon, ora ngganggu wong saomah.
13. Aku liwat ing ngarepe Pak Guru kang lagi
lenggahan, anggonku matur.
a. Nuwun sewu Pak, ndherek langkung.
b. Amit sewu Pak, kula ajeng liwat.
c. Nuwun sewu Pak, dalem badhe langkung.
d. Nuwun sewu Pak, kula ajeng langkung.
14. Patrap awakmu kang becik nalika mlaku ing
sangarepe wong tuwa kang lagi lenggah yaiku.
a. Mbungkuk, ngulatake, sumeh, matur amit
sewu.
b. Mbungkuk, ngulatake, meneng, matur nuwun
sewu.
c. Mbungkuk, ngulatake, mlayu, matur ndherek
langkung.
d. Mbungkuk, ngulatake, sumeh, matur ndherek
langkung.
15. Trotoar iku satemene dicawisake kanggo.
a. Pedagang kaki lima
b. Parkir kendharaan
c. Wong mlaku
d. Liwat kendharaan
Wacan
Tanggal 21 April nduweni sejarah tumrap kaum
wanita Indonesia. Dina iki dipengeti awit bareng
wiyose RA Kartini kang miyos tanggal 21 April
1879 lan seda tanggal 17 September 1904 ing Jepara.

Wanita rikala jaman semana ora bisa sekolah, mung


putra bangsawan sing bisa sekolah. RA Kartini
ngajab supaya kaum wanita Indonesia ora kalah
drajade karo kaum priya (emansipasi).
16. Kapan wiyose Raden Ajeng Kartini?
a. Tanggal 21 April 1789
b. Tanggal 21 April 1879
c. Tanggal 17 September 1904
d. Tanggal 17 September 1940
17. Kepriye perjuangane Raden Ajeng Kartini?
a. Supaya kaum wanita Indonesia ora kalah
drajade karo kaum priya.
b. Supaya kaum wanita Indonesia bisa perang
mungsuh Walanda.
c. Supaya kaum wanita Indonesia ngalahake
priya.
d. Supaya akeh pahlawan wanita.
18. Nalika jaman Raden Ajeng Kartini cilik, sapa
sing bisa sekolah?
a. Kabeh bocah lanang lan wadon.
b. Kabeh bocah lanang saka kalangan apa wae.
c. Kabeh bocah saka kalangan bangsawan.
d. Kabeh bocah wadon sanajan wong mlarat.
19. Tana matur kanthi ngapurancang. Tegese
ngapurancang ....
a. Tangan ngepel ing pupu kaya patrape wong
baris
b. Tangan dibanda ing buri utawa posisi
istirahat
c. Driji kiwa lan tengen ditangkupake nuli
diselehake ing sangarepe setut
d. Tangan dilebokake ana ing sak clana
20. Nabi Muhammad SAW miyos ing wulan Robiul
Awal. Robiul Awal iku sasi ......
a. Ruwah
b. Pasa
c. Rejeb
d. Mulud
21. Tulisan Jawa kang unine pahlawan dumunung
ing.
a. palwn\
b. phlwn\
c. plwn\
d. phalwn\
22. Dina Pasaran iku ana lima mula uga diarani .
a. Nawa wara
b. Hastha wara
c. Pancawara
d. Saptawara

23.?fink/tinit=gl\.....
a. ;20;Api]l\
b. ;21;Api]l\
c. ;23;Api]l\
d. ;24;Api]l\
24.?menwmLkubeci[kK.
a. [j[j/[j[j/
2

b. k[ro[go[jg\
c. ai=sisih[t[zn\
d. ai=sisihkiw
25. ?tnShzufilkuautm.
Tulisan
wacane.
a. Tansah ngudi laku utama.
b. Tansaha ngudi laku utama.
c. Tansah angudi laku utama.
d. Tansaha angudi laku utama.

Jawa

iki

26 Manut pranataning wong mlaku kaya kang


kasebut ing andharan ngisor iki, yaiku....
a. Manawa mlaku ing dalan prayogane sisih
tengen.
b. Kudu mlaku siji-siji supaya ora ngganggu wong
liya.
c. Yen bareng kanca mlaku loro-loro lan ora sambi
gojegan.
d. Manawa numpak kendharaan kena boncengan
nganti telon.
27. Tatakramaning
wong
mlaku
manawa
katindakake kanthi temenan, bakal tumuju
marang....
a. Kanisthan.
b. Kacilakan.
c. Kabecikan
d. Kasangsaran
28. Nalika numpak kendharaan, wong bisa ngalami
kacilakan amarga....
a. Nindakke aturane dhewe.
b. Nindakke paugeran lalulintas.
c. Ngati-ati marang lakune ing dalan.
d. Nggatekke rambu-rambu lalulintas ing dalan.
29. Andharan kang ora bener manawa numpak
kendharaan ing dalan umum, yaiku....
a. Numpak kendharaan ora kena boncengan
telon.
b. STNK kudu digawa minangka syarat numpak
motor.
c. Helm lan jaket ora kena lali yen arep
nganggo montor.
d. Manawa sekolah nggawa montor ora perlu
nggawa SIM.
30. Ana paribasan Yitna yuwana lena kena
manawa mlaku ing dalan, kang tegese....
a. Sing ngati-ati bakale slamet dene sing
sembrana bakal cilaka.
b. Sapa wae sing ngalang-alangi bakal nemoni
kacilakan ing dalan.
c. Nemahi kacilakan amarga ora nindakke
aturan rambu-rambu lalulintas.
d. Keslametan tansah jinangka tumrape wong
kang ngati-ati mlaku ing dalan.
Wacan:
TATAKRAMANE
WONG SRAWUNG
Wong urip ing ngalam donya bakal
ngrasakkae katentremaning urip yen bisa
nindakke tatakramaning wong srawung.

Tatakramaning wong sesrawungan iku kayata;


bisa ngajeni marang liyan, ora umuk utawa
gumedhe, bisa ngasorake dhiri pribadine, uga
luwih becik enggal njaluk ngapura manawa
nindakake kaluputan marang wong liya.
Ana pitutur kang wigati kanggo sangu
srawung ing masarakat Ngajenana marang
wong liya yen sliramu kepengin diajeni.Dene
kunci pokok wong srawung yaiku ucapan kang
sopan lan ngregani wong liya bakal mulya uripe
ing ngalam donya.
31. Miturut wacan ing ndhuwur, bab sing kudu
disingkiri nalika srawung wong liya, yaiku....
a. Bisa ngregani wong liya.
b. Aja umuk lan kumalungkung.
c. Manawa luput becike enggal njaluk ngapura.
d. Ora perlu ngajeni liyan sebab wong liya ya
ora ngajeni.
32. Bab kang paling penting tumrape wong srawung
kaya kacetha ing wacan, yaiku....
a. Ora gumedhe.
b. Ngajeni wong liya.
c. Ucapane kang sopan.
d. Ucapan kang sopan lan ngregani wong liya.
33. Pitutur Ngajenana wong liya yen sliramu
kepengin diajeni, maksude....
a. Tansah ngurmati marang wong liya saengga
wong liya uga bakal ngurmati awake dhewe.
b. Ngurmati marang wong liya supaya oleh
pangalembana.
c. Njaluk marang wong liya supaya gelem
ngajeni awake dhewe.
d. Ora gelem ngajeni liyan.
34. Ki Hajar Dewantara minangka Bapak
Pendidikan Nasional, kondhang kanthi ajarane
Tri Logi Kepemimpinan. Salah sijine Tri Logi
Kepemimpinan yaiku ing ngarsa sung Tuladha,
kang tegese....
a. Pemimpin bisa ngawasi saka kadohan tumrap
kang dipimpin.
b. Mapan ing tengahing kang dipimpin kudu
bisa menehi kekuwatan.
c. Pemimpin
cukup
ngawat-awati
saka
kadohan, sing dipimpin wis gumregah.
d. Pemimpin mapan ing ngarep kudu bisa dadi
tuladha tumrap kang dipimpin.
35. Saiki dina Rebo Pahing, dina Rebo candhake
dina Rebo .....
a. Pon
b. Wage
c. Kliwon
d. Legi
36. Manungsa srawung ing masyarakat prayogane
nyingkiri
tumindak
adigang,
adigung,
adiguna, kang tegese....
a. Umuk marang kekuwatane dhewe.
b. Kumalungkung lan rumangsane paling pinter.
c. Ngendel-ndelake kaluhurane lan kekuwatane.
d. Ngumukke kekuwatan, keluhuran, lan
kepinterane dhewe.
3

37. Kunci pokok wong srawung yaiku njaga


ucapane dhewe , aja leda-lede , kaya unine
paribasan ....
a. Kutuk marani sunduk.
b. Iwak kalebu ing wuwu.
c. Esuk dhele sore tempe
d. Gajah ngidak rapah.
38. Tanggal 12 Mulud, yen ditulis Jawa...
a. ?t=gl\;g2;muluf\,
b. ?t=gl\;g3;muluf\,
c. ?t=gl\;2g;muluf\,
d. ?t=gl\;3g;muluf\,
39. Sapa gelem nindakake tatakrama bakal...uripe.
a. rekasa
b. cilaka
c. sengsara
d. mulya
40. Pamit marang Pak guru menyang pakiwan sing
bener yaiku .....
a. Pak , kula ajeng teng WC
b. Nuwun sewu Pak nyuwun idin dhateng WC
c. Pak, dalem nyuwun idin tindak WC
d. Nuwun sewu Pak , ajeng tindak WC
41. (1) Ibu saweg dhahar
(2) Kula badhe kondur rumiyin
(3) Bapak tindak kantor
(4) Simbah ajeng teng peken
Andharan ing dhuwur kang bener unggahungguhe , yaiku....
a. (1), (2), (3)
b. (2), (3). (4)
c. (1), (3), (4)
d. (2), (4), (1)
42. Saben selapan dina ing kampungku nganakake
rapat RW. Selapan dina iku ana ..... dina
a. 5
b. 7
c. 35
d. 30
43. Sampun tigang dinten menika simbah .....
opname wonten Bethesda
a. Gerah

b. Sakit
c. Mriyang
d. Lara
Wacan
Anoman malumpat sampun,
Prapteng witing nagasari,
Mulat mangandhap katingal,
Wanodya yu kuru aking,
Gelung rusak awor kisma,
Kang iga-iga kaeksi.
44. Nitik cacahing gatra tembang macapat ing
dhuwur iku tembang .....
a. Mijil
c. Kinanthi
b. Gambuh
d. Pocung
45. Manut tembang ing dhuwur Anoman weruh apa?
a. Wit nagasari
b. Wong wadon nganggo gelung
c. Wong kuru aking
d. Wanita ayu sing kuru aking
46. Gelung rusak awor kisma. Tegese kisma yaiku ....
a. Banyu
c. reged
b. Lemah
d. bledug
47. Tembang ing dhuwur kang nduweni guru
wilangan lan guru 8i ana ing gatra ....
a. 1, 2, 3
c. 2, 4, 6
b. 2, 3, 6
d. 4, 5, 6
48. Sapa sing dikarepake : wanodya yu kuru aking
ing tembang iku?
a. Dewi Sinta
c. Dewi Anjani
b. Anoman
d. Dewi Trijatha
49. Kang kalebu golongane tembang dolanan kaya
ing ngisor iki, kajaba.....
a. Menthok-menthok
b. Gundhul Pacul
c. Cublak-cublak Suweng
d. Sewu Kutha
50. Cakepan (syair) tembang dolanan biasane .....
a. Endah, angel diapalake
b. Endah, gampang diapalake
c. Prasaja, gampang diapalake
d. Prasaja , angel diapalake

You might also like