You are on page 1of 5

United Nations

联合国
Nations Unies
Объединённые Нации
‫امم متحدة‬
Naciones Unidas
Perserikatan Perserikatan Bangsa-Bangsa

Bangsa-Bangsa
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi
Bébas ing basa Jawa / Saking
Wikipédia, Bauwarna Mardika
mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah,


golèk
Artikel punika prakawis
Perserikatan Bangsa-Bangsa.
Kagem pangertosan sanès PBB (Gendéra PBB)
mangga pirsani PBB Inggris, Mandarin, Prancis,
(disambiguasi). Basa Resmi
Rusia, Arab, Spanyol
Perserikatan Bangsa-Bangsa utawi Sekretaris-
Ban Ki-moon (wiwit 2006)
kasingkat PBB (basa Inggris: United Jendral
Nations utawi kasingkat UN) punika
Dipunadegaken 24 Oktober 1945
setunggaling organisasi internasional
ingkang anggotanipun méh sedaya Cacahing
nagari ing donya. Lembaga punika 192
anggota
kabentuk kanggé maringi fasilitas ing
hukum internasional, pangamanan Markas New York City, NY, AS
internasional, lembaga ékonomi, lan Situs resmi http://www.un.org/
pangayoman sosial.
Sunting kothak iki
Perserikatan Bangsa-bangsa
dipunadegaken ing San Francisco
tanggal 24 Oktober 1945 sasampunipun Konferensi Dumbarton Oaks ing Washington,
DC, nanging Sidang Umum ingkang kapisan - dipunrawuhi wakil saking 51 nagari -
nembé lumampah tanggal 10 Januari 1946 (ing Church House, London). Saking taun
1919 dumugi taun 1946, wonten setunggal organisasi ingkang mirip, naminipun Liga
Bangsa-Bangsa, ingkang saget kaanggep dados pendhahulunipun PBB.

Kawit kaadegaken ing San Francisco tanggal 24 Oktober 1945 sakedhikipun 192 nagari
dados anggota PBB. Sedaya nagari ingkang kagabung ing wadhah PBB nelakaken
independensinipun piyambak-piyambak, kejawi Vatikan lan Takhta Suci sarta Republik
China (Taiwan) ingkang kagabung ing lebet wilayah Tiongkok taun 1971.

Ngantos taun 2007 sampun wonten 192 nagari Anggota Perserikatan Bangsa-bangsa.
Sekretaris Jenderal Ban Ki-moon saking Koréa Kidul ingkang sapunika njabat wiwit 1
Januari 2007.
Bab lan Paragraf
[delikna]
 1 Sajarah
 2 Sistem PBB
 3 Nagari anggota
 4 Referensi
 5 Mangga ugi pirsani

 6 Pranala jawi

Sajarah

Tapak asta Piagam PBB ing San Francisco, 1945.

Minangka panerus saking organisasi Liga bangsa-bangsa (1919–1946), ingkang Amérika


Sarékat mboten ndhèrèk nggabung, PBB dipunadegaken ing taun 1945 kanggé njagi
perdamaian internasional lan promosi kerjasama ngrampungi masalah ékonomi, sosial lan
kamanungsan. Rencana kongkrit paling wiwitan bab organisasi donya énggal puniki
saking prakarsa Départemen luar negeri AS ing taun 1939. Franklin D. Roosevelt
ingkang sepindhahan munculaken istilah 'United Nations' minangka istilah kanggé
njlèntrèhaken negari-negari sekutu salebeting Perang Donya II. Istilah punika sacara
resmi dipunanggé ing tanggal 1 Januari, 1942 nalika 26 pamaréntah napak-astani the
Piagam Atlantik (Atlantic Charter), minangka janji badhé nerasaken upados perang.[1] Ing
tanggal 25 April 1945, Konferensi bangsa-bangsa bab organisasi internasional
dipunwiwiti ing San Francisco, dipunrawuhi dening 50 wakil pamaréntah lan sawetawis
organisasi non pamaréntah (NGO) kanggé nyusun rancangan Piagam PBB. PBB
dipunanggep resmi madeg ing tanggal 24 Oktober 1945 nalika ratifikasi Piagam déning
lima anggota tetep Dewan Kaamanan PBB—Prancis, Republik Rakyat Cina, Uni Soviet,
Inggris lan Amérika Sarékat—lan déning mayoritas 46 panapak-asta sanèsipun. Patemon
sepindhahan Sidang Umum PBB, kanthi wakil saking 51 negari, lan Dewan Kaamanan,
dipunwontenaken ing Westminster Central Hall ing London ing wulan Januari 1946.[2]
Sistem PBB
Artikel utama: Sistem PBB

Sistem PBB punika dipundhasaraken dhumateng gangsal badan utami (sadèrèngipun


wonten enem – Dhéwan Perwalian PBB bubar ing taun 1994);[3] Sidang Umum, Dhéwan
Kaamanan, Dhéwan Ékonomi lan Sosial (ECOSOC), Sekretariat, lan Mahkamah
Internasional utawi International Court of Justice.

Sekawan saking gangsal badan kasebat dumunung wonten ing Markas PBB ing New
York City. Mahkamah Internasional dumunung ing Den Haag, déné badan liyané
manggon ing kantor PBB ing Jenewa, Wina, lan Nairobi. Institusi PBB sanèsipun
sumebar ing saindhenging donya.

Basa resmi ing PBB wonten enem, ingkang dipunanggé wonten ing salebeting patemon
antar pamaréntah lan dhokumèn, inggih punika Basa Arab, Basa Cinten, Basa Inggris,
Basa Prancis, Basa Rusia, lan Basa Spanyol,[4] sementawis Sekretariat nganggé kalih basa
kerja, basa Inggris lan basa Prancis. Gangsal basa resmi kapilih nalika PBB
dipunadegaken; basa Arab dipuntambahaken ing taun 1973. Pitedah èditorial PBB
mratélakaken bilih standar basa Inggris ingkang dipunanggé wonten ing dhokumèn
punika basa Inggris Britis kanthi éjaan Oxford (Oxford spelling) (en-gb-oed), lan standar
tulisan Cinten ingkang dipunagem inggih punika aksara Cinten ingkang sampun
dipunprasajakaken (simplified Chinese character). Aksara punika nggentos aksara Cinten
tradhisional ing taun nalika wakil PBB saking Cinten dipun gentos saking Republik
China (Taiwan) dhumateng RRC.

Badan utami PBB wonten enem, inggih punika:

 Sidang Umum PBB


 Dewan Keamanan PBB
 Dewan Ekonomi dan Sosial PBB
 Dewan Perwalian PBB (sampun dipunwedalaken saking operasi ing taun1994)
 Sekretariat PBB
 Mahkamah Internasional

Nagari anggota
Artikel utama: Anggota PBB

Cacahing nagari anggota PBB ing mangsa sapunika 192 nagari. Pirsani artikel Anggota
PBB kanggé dhaftar lengkap sarta tanggal mlebetipun. Sapunika wonten 192 anggota
PBB, nyakup mèh sedanten negari mardika ing donya. Saking kantoripun ingkang
sumebar ing donya, PBB lan badan-badan mliginipun mutusaken masalah-masalah
administratif lan substantif salebeting patemon rutin ingkang diunawontenaken taun
lumampah. Organisasi puniki dipunpérang dados badan administratif, utaminipun: Sidang
umum (minangka sidang utami); Dewan Kaamanan (ingkang nemtokaken resolusi
tinamtu tumrap perdamaian lan kaamanan); Dewan Ékonomi lan Sosial (mbiyantu
promosi ékonomi internasional lan kerjasama lan pembangunan sosial); Sekretariat
(nyadiakaken pasinaon, informasi, lan fasilitas ingkang dipunbetahaken déning PBB);
Mahkamah Internasional (International Court of Justice) (minangka organ hukum).
Badan tambahan ingkang ngurusi badan-badan ing salebeting sitem PBB, kados World
Health Organization (WHO), World Food Programme (WFP) lan United Nations
Children's Fund (UNICEF). Organisasi puniki mawa béya asal saking kontribusi sukarila
negara-negara anggota, lan nggadhahi enem basa resmi: Arab, Cina, Inggris, Prancis,
Rusia, lan Spanyol.[4]

Referensi
1. ↑ David, Wilton United Nations. Etymologies & Word Origins: Letter U.
WordOrigins.org.
2. ↑ Milestones in United Nations History. Department of Public Information,
United Nations. URL diaksès tanggal 17-07-2008
3. ↑ Membership of Principal United Nations Organs in 2005. United Nations.
4. ↑ 4,0 4,1 FAQ: What are the official languages of the United Nations?. UN
Department for General Assembly and Content Management. URL diaksès
tanggal 2008-09-21

Mangga ugi pirsani


 Sekretaris Jenderal PBB
 Piagam PBB
 Daftar Tandha Penghargaan PBB
 Hak veto

Pranala jawi

Wikimedia Commons kagungan galeri bab:


Perserikatan Bangsa-Bangsa
 United Nations - Situs resmi
 Piagam PBB - isi Piagam mawi Basa Inggris
o Priambul Piagam PBB
 Deklarasi Universal prakawis Hak Asasi Manungsa
 Forum Kabijakan Global - Independent think-tank on UN
 Komite kanggé PBB ingkang Demokratis
 Universal Beliefs and Restructuring World Government

You might also like