You are on page 1of 13

MAKALAH BASA JAWA

LAMARAN

Dening :
Abi Faisal Syahputra (02)
Devi Barkhatin Nurjanah (09)
Katon Pamungkas (19)
Nanda Ayu Rahmawati (22)
Veronika Dexsa Nanda (29)

ATUR PAMBUKA

Puji Syukur dhumateng ngarsaning Gusti ingkang Maha Wikan, awit saking rahmat lan
kamirahanipun, kita saged ngrampungaken panyeratan makalah ingkang duweni judul
MAKALAH BASA JAWA LAMARAN.
Wonten ing penyeratan laporan punika, penulis ngaturaken agunging panuwun
dhumateng Bu Ika ingkang sampun maringi arahan damel panyeratan makalah babagan lamaran
niki.
Ing makalah punika wonten kaluwihan lan uga kakirangan. Menawi wonten kritik utawi
saran, saged disampekaken dhateng penulis.

Blitar, 21 September 2015

Penulis

BAB I
PURWAKA
Salah sawijine adat jawa sing sering kita temokne ing masyarakat, utamane masyarakat
sing ngomah ing Jawa utawa ngomah ing njaba Jawa, nanging isih keturunan wong Jawa yaiku
adat lamaran. Saben wong jawa, yen arep dadi penganten, sadurunge mesthi ngelakoni lamaran
miturut adat Jawa. Biasane, tujuan lamaran yaiku kanggo ngomongne niat rabi wong lanang
marang pihak kaluwarga wong wadon. Ing jaman saiki, akeh wong asli Jawa sing ora ngerti
adat-adat kang diduweni Jawa. Dadi, makalah iki digawe supaya sing maca makalah iki ngerti
apa wae ngenani lamaran.

BAB II
ASILING PANALITEN

A. PANGERTENE LAMARAN
Lamaran yaiku tahapan pertama sing kudu dilakoni ing sawijining nikahan sing
umume dilakoni calon penganten lanang guna nyampekne niat rabi lan uga njaluk restu
saka wong tuwa calon penganten wadon

B. TAHAPAN LAMARAN
1. Nelesih
Nelesih yaiku tahap awal ing proses lamaran calon penganten, nelesih
dileksanakake dening wong kang kasebut dandan. Hal sing dileksanakake dandan
ing proses iki yaiku eneke calon penganten wadon sing nyangkut masalah.
a. Calon penganten wadon nduweni ikatan calon penganten lanang
b. Sesaton ukon ukon (jumlah satuan dina lahiran calon penganten, lan
digabung karo jumlah pasaran dina kelahiran calom penganten lanang)
c. Pertimbangan tradisional diterimane calon mantu saka pihak calon
penganten wadon didhasarne saka :
bibit: duweni latar belakang kaluwarga sing apik
bebet: calon penganten lanang bisa nyukupi kebutuhan kaluwarga
bobot: calon penganten lanang lan wadon iku wong sing duweni mental
apik lan uga duweni pendidikan sing lumayan apik
d. Status sosial kaluwarga penganten wadon sakwise keluawarga sing lanang
lan sing wadon setuju ngenekake perkawinan yaiku dadi sisetan pinangan

2. Sisetan
Sakwise dandan nyedaki pihak calon penganten wadon sing disebut nelesih lan
asile bisa ditampa marang keluarga calon penganten lanang, banjur sisetang sing
nduweni arti ngajukne maksud supaya oleh kesepakatan. Kegiyatan sing
dilakokake ing sisetan yaiku:
a. ngomongne maksud lan kepinginane pihak calon penganten lanang
b. nentokake tanggal lamaran
c. seserahan penyingset (kain dawa utawa jarik) sing dadi simbol tali
hubungan
3. Lamaran
Acara lamaran dilakoni sakwise pihak calon penganten lanang lan pihak calon
penganten wadon oleh kesepakatan rencana besanan. Keluarga saka pihak calon
penganten lanang lan wadon ditengeri karo seserahan penyingset saka pihak calon
penganten lanang marang penganten wadon. Kegiayatan sajroning acara lamaran
yaiku:
a. nontoni (ngenalne calon penganten lanang lan calon penganten wadon)
b. nentokne dina rabi
c. nyerahne srah-srahan

C. PAWONGAN ING ADAT LAMARAN


1. Calon penganten lanang
2. Bapak calon penganten lanang
3. Sedulur calon penganten lanang (wong lima, bisa mbah kakung, pakdhe, paklik,
lan liyane)
4. Calon penganten wadon

5. Bapak utawa ibu calon penganten wadon


6. Sedulur calon penganten wadon
7. Dandan (wong siji)

D. SRAH-SRAHAN DALAM UPACARA LAMARAN


1. Kaperlonan ing pawon
a. Beras utawa palawija liane
b. Gula jawa
c. Lengo Klentik
d. Gedhang raja
e. Kelapa
f. Lan liane sing dibutuhne ing pawon
2. Jajan
a. Jenang dodol
b. Jadah. Yen bisa ketan ireng
c. Wajik gula jawa
d. Lemper lan lepet
e. Opak gorengan kaya opak puli, rengginang opak gambir, lan liyane
f. Pleret
Bahan kanggo gawe panganan kasebut saka ketan. Ketan iku duweni sifat
pliket, dikarepake calon penganten lan besan bisa tetep raket.

3. Busana calon penganten wadon sapengadeg


a. Kebaya, sewek (kain batik sing digawe ngisoran kebaya), lan centing
b. Perhiasan

c. Kerudung
d. Sandal manten utawa sandal kondhangan
Barang-barang kasebut dituku sabisane calon penganten lanang nukokake
(Manut kahanan ekonomi penganten lanang)

E. KRONOLOGI LAMARAN
1. Keluarga calon penganten lanang yaiku calon penganten lanang, bapak,
pakdhe/budhe, paklik/bulik rawuh kanggo silaturahmi menyang omahe calon
penganten wadon, yaiku calon penganten wadon, mbah kakung/mbah putri,
pakdhe/budhe, paklik/bulik, ditambahi tangga cedhak liyane, bebarengan nrima
rawuhe rombongan calon penganten lanang (atur pambagya), uga prosesi kenalan
dilakoni kanthi cara yaiku wong tuwa saka calon penganten wadon nimbali anake
kanggo

nyiapne

suguhan

kayata

jajan

(roti),

omben,

dhaharan,

lan

sapanunggalane marang para tamu, kembul bujana.


2. Karo dhahar suguhan saka pihak kaluwarga calon penganten wadon lewat juru
wicara ne (sesepuh) nyatakake kesediaane nerima lamaran saka pihak calon
penganten lanang lewat othak athik mathuk sesaton uko-ukon. Kabeh calon
penganten di digabungake kanggo nentukne dina nikahe lewat pertimbangan para
tamu lan sedulur sing ana ngolehi kesepakatan yen dina nikahe arep dilaksanaake
dina kamis kliwon (contone). Keputusan kuwi disambut karo suasana sing meriah
karo para tamu, dadi tanda terimane lamaran. Dandan nyatakake yen pihak calon
penganten lanang wis siap kanggo nyerahake srah-srahan kanggo ditompo calon
penganten wadon.

BAB III
PANUTUP

Saka udharan ing nduwur, bisa dijupuk dudutan yaiku ana pirangane tahapan ngelakoni
lamaran. Sepisan yaiku nelesih, kapindho yaiku sisetan, lan kaping telu yaiku lamaran. Ing
lamaran, sing lanang sing pertama mara ing omahe wong wadon kanggo ngomongne maksud yen
kepengen rabi kalihan calon penganten wadon. Calon penganten lanang nggawa barang sing
kudu digawa kanggo simbol kayata jajan jadah sing asale saka ketan sing nduweni makna raket
lan isih akeh liyane.
Ing panulisan makalah sing ngudhari babagan lamaran mesti ana luwih lan ana kurange.
Yen ana kurange, penulis nyuwun pangapura.

DAFTAR PUSTAKA
http://praditarachman.blogspot.co.id/2013/10/makalah-bahasa-jawa.html
http://mayaafi.blogspot.co.id/2013/04/contoh-makalah-batik-basa-jawa.html
http://panduan-seputar-pernikahan.blogspot.co.id/p/lamaran.html
https://lubisgrafura.wordpress.com/f-kejawen/mengenal-tata-upacara-pengantin-adat-jawa/
http://yaseniyaseni.blogspot.co.id/2013/11/upacara-lamaran.html
https://jv.wikipedia.org/wiki/Pangant%C3%A8nan_adat_Jawa
https://jv.wikipedia.org/wiki/Urutan_tata_cara_mantu_miturut_adat_Jawa
http://yuni-1991-adatbudayajawa.blogspot.co.id/2011/12/upacara-lamaran.html
http://yuni-1991-adatbudayajawa.blogspot.co.id/2011/12/lamaran-adat-jawa.html

LAMPIRAN

Lamaran

Srah-srahan

Nalika Sisetan

Kain penyingset

Kaperlonan ing pawon

Lengo klentik

Beras

Gula jawa

Kelapa

Jajan

Gedhang raja

Jenang dodol

Wajik

Lepet

Lemper

Rengginang

Jadah

Busana calon penganten wadon

Pleret

Perhiasan
Sepatu penganten

Kebaya

Kerudung

You might also like