You are on page 1of 104

KOHESI LEKSIKAL CAKEPAN TEMBANG-TEMBANG

ING ALBUM SELEKSI KARAOKE KERONCONG CAMPURSARI 2002

SKRIPSI

Katujokaken dhateng Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni


IKIP PGRI Semarang, minangka kangge nggayuh tataran
Sarjana Pendidikan

GRASIANA TRI HANDANI


NPM 07430307

PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA


FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI
IKIP PGRI SEMARANG
2011

SKRIPSI

KOHESI LEKSIKAL CAKEPAN TEMBANG-TEMBANG


ING ALBUM SELEKSI KARAOKE KERONCONG CAMPURSARI 2002

Ingkang dipunserat lan dipunajengaken dening


Grasiana Tri Handani
NPM 07430307

Sampun dipunsarujuki dening panuntun saperlu katindakaken


pendadaran sangajenging Dewan Penguji
Surya kaping 16 Oktober 2011

Semarang, 16 Oktober 2011


Panuntun I

Panuntun II

Dra. H. R. Utami, M.Hum


NPP. 916301071

Drs. Suyitno Y. P. , M.Pd


NPP. 106501308

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI


IKIP PGRI SEMARANG
2011

ii

PANGESAHAN
SKRIPSI
KOHESI LEKSIKAL CAKEPAN TEMBANG-TEMBANG
ING ALBUM SELEKSI KARAOKE KERONCONG CAMPURSARI 2002

Ingkang dipunserat lan dipunajengaken dening


Grasiana Tri Handani
NPM 07430307

Sampun kaujekaken ing sangajengipun Dewan penguji


rikala surya 21 Oktober 2011 lan sampun njangkepi syarat kangge nggayuh
tataran Sarjana Pendidikan

Dewan panguji,
Pangarsa,

Panyitra,

Dra. Sri Suciati, M.Hum


NIP. 196503161990032002

Dra. H. R. Utami, M.Hum


NPP. 916301071

Panguji I

Dra. H. R. Utami, M.Hum


NPP. 916301071

Panguji II

Drs. Suyitno Y. P. , M.Pd


NPP. 106501308

Panguji III

Nuning Zaidah, MA
NPP. 117201329

iii

PRATELAN

Skripsi kanthi irah-irahan Kohesi Leksikal Cakepan Tembang-tembang


ing Album Seleksi Karaoke Keroncong Campursari 2002 saestu asil karya
piyambak, boten njiplak saking karya seratan tiyang sanes, wiwit saperangan
utawi sedayanipun. Pamanggih lan asil ingkang dipunpanggihaken tiyang sanes
ingkang kaemot wonten ing skripsi punika dipunrujuk adhedhasar kode etik
ilmiah.

Semarang, 17 Oktober 2011

Grasiana Tri Handani

iv

SESANTI LAN PISUNGSUNG


SESANTI

Sampun ngantos nglampahi samubarang prekawis tanpa restu saking


Bapak Ibu.

Nyenengke Bapak Ibu iku kang dadi motivasi uripku.

Aku bisa merga aku nduweni pikiran yen aku mesthi bisa (Insya
Allah).

PISUNGSUNG
Skripsi punika kaaturaken dhumateng
Bapak (M. Giarto) lan Ibu (Sumiyati) ingkang kula tresnani lan
kula urmati,

tansah paring

idi pangestu.

Tanpa

panjurung

saking panjenenganipun kula boten saged ngrampungaken skripsi


punika.
Kakang lan mbakyu kula, Mas Syaifudin; Mbak Mahera Setiawati;
Mas Hatta Dhanu Subroto; Mbak Ina Munasifah. Ingkang tansah
paring dedonga lan kawigatosan.
Ponakan kula Saifty Rahma Zahidah lan M. Akbar Fauzani.
kangmas Wasis Kusmawan ingkang kinasih, saha kulawarganipun
ingkang tansah paring dedonga panjurung lan kawigatosanipun.
Sedulur wedok Linda Ika Witanti lan Kanca-kanca

bimbingan

kang setya (Ilmi, Chusni, Febi, Ika, Asri, Noor, acih, lan Nurul).
Kanca-kanca kelas G lan KURAWA SETYA (Deria, Fira, Andin,
Khosim, Abu, Rohmat, lan Purwanto).
Kanca-kanca kos Pancakaraya Blok II No.31J (Hesti, Lilis, Aan,
Uun, Titis, Eri, Aviat, Koni, Via, Pipit, Sulis, lan Silvi).

ATUR PANGIRING
Puji syukur kaaturaken ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang
sampun paring rahmat, taufik, lan kanugrahan pramila skripsi kanthi irahirahan Kohesi Leksikal Cakepan Tembang-tembang ing Album Seleksi
Karaoke Keroncong Campursari 2002 punika saged purna kanthi sae.
Skripsi punika kadamel minangka syarat kangge nggayuh gelar sarjana
tataran S1 Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa.
Skripsi punika kadhapuk

saking kathah

pambiyantu. Ing

kalodhangan punika keparenga ngaturaken agunging panuwun dhumateng:


1. Bapak Muhdi, SH, M.Hum. Rektor IKIP PGRI Semarang ingkang
sampun paring palilah kangge nyerat skripsi punika.
2. Ibu Dra. Sri Suciati, M.Hum. Dekan Fakultas Pendidikan Bahasa dan
Seni ingkang sampun paring pepilah kangge damel skripsi.
3. Ibu Dra. H. R. Utami, M.Hum. Ketua Program Studi Pendidikan
Bahasa dan Sastra Jawa ingkang paring kalodhangan damel skripsi lan
ugi minangka Dosen pambimbing I ingkang sampun paring kawruh lan
bimbingan kanthi ikhlas, sabar, lan taliti salebetipun padhapuking
skripsi punika.
4. Bapak Drs. Suyitno Y. P. , M.Pd. Dosen Pambimbing II ingkang
sampun paring kawruh lan bimbingan kanthi ikhlas, sabar, lan taliti
salebetipun padhapuking skripsi punika.
5. Bapak lan Ibu Dosen IKIP PGRI Semarang, mliginipun Pendidikan
Bahasa dan Sastra Jawa ingkang sampun paring kawruh sadangunipun
perkuliahan.
6. Sedaya staf karyawan IKIP PGRI Semarang ingkang sampun mbiyantu
gegandhengan urusaning administrasi.

vi

7. Kanca-kanca IKIP PGRI Semarang angkatan 2007.


8. Kanca-kanca jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa mliginipun
kelas G.
9. Sedaya pihak ingkang sampun mbiyantu padhapuking skripsi punika.
Panyerat nglenggana bilih padhapuking skripsi punika taksih
kathah kekiranganipun, pramila panyaruwe lan pamrayogi sedaya pihak
tansah kaajeng-ajeng.
Pungkasaning atur, ing pangajap skripsi punika mupangati tumrap
sedaya ingkang sami maos.
Semarang, 17 Oktober 2011

Panyerat

vii

ABSTRAK

Grasiana Tri Handani. NPM 07430307. Kohesi Leksikal Cakepan Tembangtembang ing Album Seleksi Karaoke Keroncong Campursari 2002. Skripsi.
PBSJ-FPBS IKIP PGRI Semarang. Tahun 2011. Pembimbing I Dra. H. R.
Utami, M.Hum. Pembimbing II Drs. Suyitno Y. P. , M.Pd.
Kata Kunci: Kohesi Leksikal, Teks Lagu
Penelitian ini mempunyai tujuan untuk menemukan kohesi leksikal. Kohesi
leksikal mempunyai peran untuk muwujudkan kepaduan wacana dan
menyelaraskan wacana yang berupa wacana tulis atau lisan. Salah satu wacana
tulis yaitu teks lagu. Teks lagu yang ada dalam album Seleksi Karaoke Keroncong
Campursari 2002 mengandung kohesi yang beraneka macam. Dari keterangan
itu, masalah dalam penelitian ini yaitu bagaimana kepaduan wacana dalam teks
lagu yang ada dalam album Seleksi Karaoke Keroncong Campursari 2002,
berdasarkan kohesi leksikalnya. Penelitian ini mempunyai tujuan untuk
mengetahui kepaduan wacana teks lagu yang terdapat dalam album Seleksi
Karaoke Keroncong Campursari 2002, berdasarkan kohesi leksikalnya. Hasil
penelitian ini diharapkan dapat menambah wawasan tentang pengetahuan di
bidang bahasa dan linguistik, mengembangkan wawasan tentang linguistik
khususnya dalam bab wacana, dan menambah wawasan tentang kohesi leksikal.
Pendekatan yang digunakan dalam penelitian ini yaitu pendekatan kualitatif
dengan metode deskriptif. Data dalam penelitian berupa kata atau frasa didalam
teks lagu campursari yang ada aspek leksikalnya. Sumber data diambil dari
album Seleksi Karaoke Keroncong Campursari 2002. Selanjutnya data
dikumpulkan dengan teknik sadap dan teknik catat. Setelah data ditemukan,
kemudian diteliti dengan metode agih. Pada metode agih ini digunakan teknik
perluas dan tekinik ganti. Langkah terakhir disuguhkan dengan metode informal.
Hasil penelitian menunjukan kepaduan wacana teks lagu yang ada dalam
album Seleksi Karaoke Keroncong Campursari 2002, yang didukung oleh kohesi
leksikal. Tidak semua kohesi leksikal dapat ditemukan dalam penelitian ini, yaitu:
(1) repetisi yang berupa: repetisi epizeuksis, anafora, epistrofa, simploke,
mesodiplosis, dan anadiplosis, (2) sinonimi yang berupa: sinonimi morfem
dengan morfem, kata dengan kata, kata dengan frasa, (3) antonim yang berupa:
oposisi mutlak, oposisi hubungan, oposisi majemuk, (4) hiponimi, dan (5)
ekuivalensi.

ABSTRAK
viii

SARIPATHI

Grasiana Tri Handani. NPM 07430307. Kohesi Leksikal Cakepan Tembangtembang ing Album Seleksi Karaoke Keroncong Campursari 2002. Skripsi.
PBSJ-FPBS IKIP PGRI Semarang. Taun 2011. Pambimbing I Dra. H. R.
Utami, M.Hum. Pambimbing II Drs. Suyitno Y. P. , M.Pd.
Tembung Wos: Kohesi Leksikal, Cakepan Tembang
Panaliten punika nggadhahi ancas manggihaken kohesi leksikal. Kohesi
nggadhahi peran mujudaken wuwuhipun wacana lan nglarasken wacana arupi
wacana seratan utawi lisan. Satunggaling wacana seratan inggih punika cakepan
tembang. Cakepan tembang ingkang wonten ing album Seleksi Karaoke
Keroncong Campursari 2002 ngemot kohesi ingkang maneka warni. Saking
pratelan punika, prekawis ing panaliten inggih punika kadospundi gemblenging
wacana ing cakepan tembang-tembang salebeting album Seleksi Karaoke
Keroncong Campursari 2002 adhedhasar kohesi leksikalipun. Panaliten punika
nggadahi ancas mangertosi gemblenging wacana cakepan tembang-tembang
ingkang wonten ing album Seleksi Karaoke Keroncong Campursari 2002
adhedhasar kohesi leksikalipun. Asiling panaliten punika dipunkajengaken saged
mewahi seserepan enggal ing babagan kawruh basa lan kawruh linguistik,
ngrembakaken seserepan linguistik mliginipun ngengingi wacana, lan mewahi
seserepan babagan kohesi leksikal.
Pendhekatan ingkang kaginakaken ing panaliten inggih punika pendhekatan
kualitatif kanthi metodhe deskriptif. Dhata ing panaliten punika awujud tembung
utawi frasa ingkang wonten ing album Seleksi Karaoke Keroncong Campursari
2002 ingkang wonten aspek leksikalipun. Sumber dhatanipun kapendhet saking
album Seleksi Karaoke Keroncong Campursari 2002. Salajengipun dhata
kakempalaken ngginakaken teknik sadap lan cathet. Sasampunipun dhata
kapanggihaken lajeng dipuntaliti ngangge metodhe agih. Wonten ing metodhe
agih migunakaken teknik perluas lan teknik ganti. Pungkasan dhata
dipuncawisaken kanthi metodhe informal.
Asiling panaliten nedahaken gemblenging wacana cakepan tembang ingkang
wonten ing album Seleksi Karaoke Keroncong Campursari 2002, ingkang
dipunsengkuyung dening kohesi leksikalipun. Boten sedaya kohesi leksikal saged
kapanggihaken ing panaliten punika: (1) repetisi ingkang arupi: repetisi
epizeuksis, anafora, epistrofa, simploke, mesodiplosis, lan anadiplosis, (2)
sinonimi ingkang arupi: sinonimi morfem kaliyan morfem, kata kaliyan kata, kata
kaliyan frasa, (3) antonim ingkang arupi: oposisi mutlak, oposisi hubungan,
oposisi majemuk, (4) hiponimi, dan (5) ekuivalensi.

SARIPATHI

ix

DHAPTAR ISI
Kaca
IRAH-IRAHAN ............................................................................................ i
PASARUJUKAN.......................................................................................... ii
PENGESAHAN ............................................................................................ iii
PRATELAN.................................................................................................. iv
SESANTI LAN PISUNGSUNG................................................................... v
ATUR PANGIRING..................................................................................... vi
ABSTRAK .................................................................................................... viii
SARIPATHI.................................................................................................. ix
DHAPTAR ISI .............................................................................................. x
DHAPTAR BAGAN .................................................................................... xiii
DHAPTAR TABEL ...................................................................................... xiv
DHAPTAR SINGKATAN ........................................................................... xv
BAB I PURWAKA ....................................................................................... 1
A. Pawadaning Prekawis .................................................................. 1
B. Momotaning Prekawis.................................................................. 3
C. Ancasing Panaliten ....................................................................... 3
D. Mupangating Panaliten ................................................................ 3
1. Mupangat Teoritis ................................................................... 4
2. Mupangat Praktis .................................................................... 4
x

E. Panandhesing Tembung ing Irah-irahan....................................... 4


1. Kohesi Leksikal ...................................................................... 4
2. Cakepan................................................................................... 5
3. Tembang ................................................................................. 5
4. Album Seleksi Karaoke Campursari 2002.............................. 5
F. Tatacaraning Panaliten.................................................................. 5
1. Pendhekatan Panaliten ............................................................ 5
2. Sumber Dhata lan Dhata ......................................................... 6
3. Teknik Pangempalan Dhata .................................................... 7
4. Teknik Analisis Dhata............................................................. 7
5. Teknik Panyawisan Asil Analisis dhata.................................. 8
G. Tatarakiting Panyeratan Skripsi ................................................... 8
BAB II LANDHESANING TEORI ............................................................. 10
A. Karya Sastra .............................................................................. 10
B. Tembang .................................................................................... 13
C. Pangertosan Wacana.................................................................. 15
D. Jinising Wacana ........................................................................ 20
E. Kohesi Leksikal ......................................................................... 25
BAB III ASILING PANALITEN LAN PIREMBAGANIPUN ................... 41
A. Asiling Panaliten ....................................................................... 41
1. Repetisi .................................................................................. 42
xi

2. Sinonimi ................................................................................ 54
3. Antonimi................................................................................ 57
4. Hiponimi................................................................................ 61
5. Ekuivalensi ............................................................................ 64
B. Pirembagan ................................................................................ 66
BAB IV PANUTUP...................................................................................... 68
A. Dudutan ..................................................................................... 68
B. Pamrayogi.................................................................................. 69
KAPUSTAKAN ........................................................................................... 70
LAMPIRAN

xii

DHAPTAR BAGAN

Kaca
Bagan 1: Hiponimi ........................................................................................ 39

DHAPTAR BAGAN

xiii

DHAPTAR TABEL

Kaca
Tabel 1 : Repetisi .......................................................................................... 53
Tabel 2: Sinonimi.......................................................................................... 56
Tabel 3: Antonimi ......................................................................................... 61
Tabel 4: Hiponimi ......................................................................................... 64
Tabel 5: Ekuivalensi ..................................................................................... 65
Tabel 6: Dhata ............................................................................................... 66

DHAPTAR TABEL
xiv

DHAPTAR SINGKATAN
1. IWS

: Iki Weke Sapa

2. LB

: Lara Branta

3. WK

: Walang Kekek

4. CG

: Caping Gunung

5. YITAL: Yen Ing Tawang Ana Lintang


6. LL

: Lelo Ledung

7. JG

: Jangkrik Genggong

8. R

: Resepsi

9. AAL : Andhe-Andhe Lumut


10. KK

: Kecik Kecik

11. G

: Gemes

12. TP

: Tukang Pijet

xv

BAB I
PURWAKA

A. Pawadaning Prekawis
Wonten pagesangan punika antawis manungsa setunggal kaliyan
manungsa sanesipun temtu kemawon gadhahi sesambetan ingkang boten
saged uwal saking prekawis sesrawungan. Amargi manungsa punika
makhluk ingkang sosial, tegesipun punika manungsa boten saged gesang
piyambak. Saking proses kadadosan punika manungsa betahaken piranti
kangge

ngungkapaken

punapa

kemawon

ingkang

wonten

ing

penggalihipun. Miturut Tarigan (1993: 4) satunggaling kanyatan bilih


manungsa punika migunakaken basa minangka piranti sesrawungan
ingkang vital salebeting gesang. Basa punika gadhahipun manungsa. Basa
inggih punika satunggaling ciri pambeda utama kaliyan makhluk gesang
sanesipun ing donya punika.
Sacara umum, Sumarlam (2009: 1) maringi pangertosan bilih
sarana sesrawungan verbal dipunbentenaken dados kalih werna, inggih
punika sarana sesrawungan arupi basa lisan lan sarana sesrawungan arupi
basa serat. Kanthi mekaten wacana utawi tuturanipun dipunperang dados
kalih inggih punika wacana lisan lan wacana serat.

Menawi badhe nganalisis wacana punika kedah mangertosi


rumiyin punapa ingkang dipunwastani wacana. Miturut Tarigan (1993: 27)
wacana inggih punika satuan basa ingkang jangkep lan inggil piyambak
utawi ingkang ageng, sanginggilipun ukara utawi klausa.
Wacana tembang saged dipunkategorikaken minangka wacana
geguritan menawi dipuntingali saking genre sastra lan kagolong wacana
rekreatif. Geguritan inggih punika karya sastra kanthi basa ingkang cekak
aos lan dipunparingi wirama kaliyan swanten ingkang gembleng lan
pamilihing tembung-tembung ingkang kias (imajinatif). Tembung ingkang
cekak aos dipunpilih ingkang nggadhahi swanten ingkang sami (wirama),
makili teges ingkang langkung wiyar lan kathah, mila saking punika
dipunpadosaken konotasi lan teges tambahan lan dipundamel nggadhahi
gaya kanthi basa figuratif (Waluyo ing Sumarlam, 2004: 42).
Mila ing panaliten punika panyerat kepengen mangertosi punapa
cakepan-cakepan tembang ing album Seleksi Karaoke Keroncong
Campursari 2002 ingkang ngemot 12 cakepan tembang punika ngemot
kohesi leksikal punapa boten. Album Seleksi Karaoke Keroncong
Campursari 2002 punika sawijining album ingkang swarawatinipun
Waldjinah. Adhedhasar saking katrangan punika, pramila skripsi punika
nggadhahi irah-irahan Kohesi Leksikal Cakepan Tembang-tembang ing
Album Seleksi Karaoke Keroncong Campursari 2002.

B. Momotaning Prekawis
Adhedhasar pawadaning prekawis ing nginggil, pramila prekawis
ingkang badhe dipunrembag ing salebeting panaliten inggih punika:
1. Kadospundi panganggit tembang ngginakaken kohesi leksikal ing cakepan
tembang-tembang album Seleksi Karaoke Keroncong Campursari 2002?
2. Kenging punapa panganggit tembang ngginakaken kohesi leksikal ing
cakepan tembang-tembang album Seleksi Karaoke Keroncong Campursari
2002?
C. Ancasing Panaliten
Ancasing panaliten ingkang badhe dipunrembag ing panaliten
inggih punika :
1. Saged deskripsikaken kadospundi panganggit tembang ngginakaken
kohesi leksikal ing cakepan tembang-tembang album Seleksi Karaoke
Keroncong Campursari 2002.
2. Saged ngandharaken kenging punapa panganggit tembang ngginakaken
kohesi leksikal ing cakepan tembang-tembang album Seleksi Karaoke
Keroncong Campursari 2002.
D. Mupangating Panaliten
Ing sawijining

panaliten dipunpikajengaken

saged maringi

mupangat, sae kanthi teoritis ugi praktis. Supados langkung gamblang


mupangat punika saged kawedaraken kanthi mekaten:

1. Mupangat Teoritis
Kangge ngrembakakaken ilmu sastra ing Indonesia, mliginipun
ing panerapan teori-teori sastra lan kohesi leksikal tembang campursari
ing album Seleksi Karaoke Keroncong Campursari 2002.
2. Mupangat Praktis
Kangge maringi patuladan kadospundi nganggit tembang
campursari ingkang sae lan endah.
E. Panandhesing Tembung ing Irah-irahan
Irah-irahan saking proposal punika yaiku Kohesi Leksikal
Cakepan Tembang-tembang ing Album Seleksi Karaoke Keroncong
Campursari 2002. Mila supados boten nuwuhaken kaluputan lan
bentenipun penafsiran anggenipun maringi pangertosan irah-irahanipun
punika, panyerat badhe jletrehaken tegesipun tetembungan ingkang
dipunginakaken wonten ing salebetipun irah-irahan inggih punika:
1. Kohesi Leksikal
Kohesi leksikal inggih punika gegayutaning antawis unsurunsur salebeting wacana sacara semantis. Ing salebeting wacana
Sumarlam (2006: 27) bentenaken kohesi leksikal dados enem werna,
inggih punika repetisi (pangambalan), sinonimi (padhan tembung),
kolokasi (sandhing tembung), hiponimi (hubungan inggil-andhap),
antonimi (kosok wangsul), lan ekuivalensi (paradikma).

2. Cakepan
Cakepan miturut Prabowo (2007: 36) inggih punika tembung
utawi gabunganing tembung ingkang dipunginakaken ing sajroning
tembang Jawi. Ing bidang musik, istilah cakepan asring dipunsebat
lirik sajroning tembang.
3. Tembang
Tembang miturut Prabowo (2007: 301) inggih punika ciptaning
sastra ingkang gumathok ing kaliyan paugeran tinamtu lan cara
anggenipun maos kanthi dipunlagokaken.
4. Album Seleksi Karaoke Keroncong Campursari 2002
Album Seleksi Karaoke Keroncong Campursari 2002 punika
kempalan tembang-tembang

campursari

ingkang

dados

objek

panalitenipun. Kanthi swarawati Waldjinah ingkang dipunwedalaken


dening Pusaka Record.
F. Tatacaraning panaliten
1. Pendhekatan Panaliten
Wonten panaliten punika panyerat migunakaken pendhekatan
kualitatif. Jalaran dhata-dhata ingkang dipunkempalaken awujud
tetembungan, frasa, lan ukara ingkang wonten ing lirik tembang sanes
angka-angka. Pendhekatanipun kualitatif deskriptif. Amargi ing
panaliten punika ngrembag lan nganalisis data sacara objektif
adhedhasar kasunyatan ingkang dipunpanggihi, lan salajengipun
dipuncawisaken sacara deskriptif.

Pendhekatan kualitatif deskriptif punika kaginakaken amargi


dhata ingkang dipunrembag ing panaliten punika awujud wacana teks
lirik tembang. Ingkang ancasipun kangge ngungkapaken kohesi
leksikal punapa kemawon ingkang wonten album Seleksi Karaoke
Keroncong Campursari 2002.
2. Sumber Dhata lan Dhata
a. Sumber Dhata
Sumber dhata ing panaliten punika arupi sedaya cakepan
tembang album Seleksi Karaoke Keroncong Campursari 2002
ingkang cacahipun 12. Album Seleksi Karaoke Keroncong
Campursari 2002 punika wedalan Pustaka Record. Album kanthi
swarawati Waldjinah. Swarawati asli Solo punika asring kasebat
ratu langgam lan keroncong.
b. Dhata
Dhata

hakekatipun

objek

sasaran

panaliten

kaliyan

konteksipun. Dhata wonten ing panaliten punika arupi cakepancakepan tembang ingkang ngemot kohesi leksikal utawi teks
leksikal ingkang wonten ing album Seleksi Karaoke Keroncong
Campursari 2002. Tembung-tembung ingkang ngawrat kohesi
leksikal salebeting album Seleksi Karaoke Keroncong Campursari
2002 kasebat, kamangke dados objek sasaran panaliten ingkang
salajengipun tembung-tembung punika dipuncathet, dipunpundhut,
lan dipunpindhah seratan kagem dipunanalisis.

3. Teknik Pangempalan Dhata


Wonten ing panaliten, prekawis ingkang wigati

punika

kadospundi caranipun ngempalaken dhata. Amargi saking dhata


punika ingkang badhe dipunginakaken kangge bahan analisis
salebeting panaliten punika. Miturut Sudaryanto (1993: 10) metodhe
ingkang dipunginakaken kangge ing tahap pangempalan dhata wonten
kalih, inggih punika metodhe simak.
Ing panaliten punika migunakaken metodhe simak kanthi
mirengaken sacara pratitis tembung-tembung ingkang dipuntaliti.
Minangka teknik salajengipun inggih punika teknik cathet, dipuncathet
ing kartu dhata ingkang salajengipun dipunklasifikasikaken miturut
strukturipun kemawon.
4. Teknik Analisis Dhata
Analisis dhata dipuntindhakaken kangge mangsuli pitakenanpitakenan ing panaliten. Kadospundi cara nganalisis sawijining kajian
basa. Kangge nganalisis asringipun wonten kalih metodhe ingkang
dipunginakaken inggih punika wonten metodhe padan lan metodhe
agih. Ing analisis dhata punika migunakaken metodhe distribusional
(metodhe agih), metodhe punika piranti panemtunipun saking basa
ingkang nggadhahi gegayutan punika kaliyan basa piyambak.
Sudaryanto (1993: 31) teknik ingkang wonten ing metodhe
agih wonten pitu inggih punika teknik ganti, teknik balik, teknik lesap,
teknik sisip, teknik ulang, teknik perluas, lan teknik ubah wujud. Ing

panaliten punika panyerat migunakaken teknik perluas lan teknik


ganti. Dados, wonten tambahanipun identik kaliyan unsur-unsur
ingkang sampun wonten.
5. Teknik Palapuran Asil Panaliten
Sasampunipun analisis dipuntindhakaken, salajengipun dhata
asil saking analisis

punika dipunserat. Ing panaliten punika

medharaken asiling dhata analisis ing wujud laporan seratan.


Metodhe ingkang dipunginakaken kangge nyawisaken dhata
ing panaliten punika metodhe informal. Metodhe informal punika
perumusan ingkang namung migunakaken tetembungan limrah.
G. Tatarakiting Panyeratan Skripsi
Panyeratan ing skripsi punika, kaperang dados pinten-pinten bab.
Pramila ing ngandhap punika dipunandharaken tatarakiting panyeratan
skripsi.
Skripsi punika dipunjarwani dening Bab I minangka purwakaning
seratan skripsi. Dipunandharaken runtut punapa ingkang dados landhesan
pamilihing irah-irahan, kalajengaken momotaning prekawis, ancasing
panaliten,

mupangating

panaliten.

Salajengipun

kapratelakaken

panandhesing tembung ing irah-irahan, methode panaliten ingkang


dipunginakaken kangge cara-caranipun damel skripsi ugi ubarampenipun
ingkang dipunbetahaken kangge sumber dhata lan dhata anggenipun
mbabar landhesaning teori lan tatarakiting panyeratan.

Landhesaning teori njletrehaken teori-teori ingkang jumbuh


kaliyan wosing irah-irahan punika kaserat ing Bab II. Landhesan teori
kasengkuyung

buku-buku

ingkang

relevan

supados

anggenipun

njlentrehaken saged jumbuh kaliyan babagan ingkang dipunrembag.


Minangka asil saking panaliten kaemot ing Bab III ingkang dipunrembag
wujud-wujud ingkang wonten kohesi leksikal ing album seleksi karaoke
keroncong campursari 2002 lan kenging punapa kohesi leksikal punika
dipunagem dening panganggit.
Saking bab-bab ingkang sampun karembag, ing Bab IV panganggit
paring dudutan lan pamrayogi babagan prekawis ingkang sampun
dipuntaliti ing salebeting skripsi.
Perangan pungkasan skripsi inggih punika arupi kapustakan,
kangge paring katrangan babagan buku sumber lan literatur ingkang
dipunginakaken.

10

BAB II
LANDHESANING TEORI

A. Karya Sastra
Teeuw ing Fananie ngandharaken bilih sastra punika saking basa
Sansekerta: sas ingkang nggadhahi teges maringi pituduh, mucal utawi
instruksi; sarta panambang tra ingkang nggadhahi teges piranti utawi
sarana. Dados sastra inggih punika piranti kangge mucal. Nanging ing
pangertosan

sapunika

sastra

dipuntegesaken

minangka

seratan.

Pangertosan punika lajeng dipuntambahi kanthi tembung su ingkang


tegesipun endah, lan sae. Mila susastra dipuntegesaken seratan ingkang
endah utawi sae (Fananie, 2001: 3).
Kejawi punika Hardjana ing bukunipun Harjito (2007: 92) ugi
maringi panyaruwe bilih karya sastra kalebet wacana panganggenipun
menawi dumugi ing wates ingkang sainggil-inggilipun. Kanthi mekaten,
sastra boten namung ing wujud seratan nanging ugi ing wujud lisan. Sastra
inggih punika sawijining asil saking karya sastra ingkang saged
dipunwastani nggadhahi nilai sastra ingkang salabeting punika wonten
kasalarasan antawisipun wujud kaliyan wosipun
Karya sastra punika karya seni ingkang dipunanggit miturut
standar basa karya sastra. Wujud basanipun punika sae lan endah lan cakcakipun kaliyan wosipun

saged nuwuhaken pangraosan ingkang

ngremenaken manah para pamaos. Karya sastra punika pedamelanipun

10

11

bebrayan ing babagan kabudayan, saengga kabudayan punika saksi budaya


ingkang taksih tansah ngrembaka wonten ing pundi kemawon. Saking basa
salajengipun ngrembaka dados karya sastra punika ingkang saged
dipundumadosaken inspirasi kagem para manungsa.
Miturut Lubis ing Sumarlam (2004: 124), karya seni punika produk
saking daya inspirasi lan daya cipta manungsa ingkang bebas. Karya seni
katujokaken kangge manungsa, saengga pangripta lan objek riptanipun ugi
nggadhahi ancas kangge sesrawungan kaliyan manungsa saengga
piyambakipun saged mangertosi lan mahami punapa kemawon ingkang
kaemot ing salebeting karya kasebat. Karya seni kalebet manifestasi
tandha-tandha

ingkang

dipuntangkep

dening

pangripta,

ingkang

salajengipun dipungarap kanthi daya riptanipun lan dipunramu kanthi


gaya kreasinipun kangge dumadosaken produk tuturan ingkang runtut
lan atraktif. Pangripta karya seni, punika minangka komunikator utawi
penutur, nggadhahi pangajeng mengekspresikan

penggalih-penggalih

dhumateng komunikan utawi petutur lumantar cabang seni ingkang


dipunremeni, umpaminipun

penyair lumantar

geguritan, pangripta

tembang lumantar tembangipun, lan dhalang lumantar wayangipun.


Miturut Suharianto (1982: 11) karya sastra benten kaliyan
karangan-karangan sanesipun. Karya sastra benten kaliyan buku-buku
sejarah, sanadyan ing salebeting karya sastra punika ngemot kaleresan
ingkang nggadhahi sifat sejarah. Karya sastra benten kaliyan buku-buku
matematika, sanadyan ing salebetipun wonten penggalih-penggalih

12

ingkang logis. Karya sastra nggadhahi donya piyambak. Punika kalebet


nggulawentah pagesangan asil panaliten sastrawan saking pagesangan ing
sakiwa-tengenipun. Karya sastra inggih punika pagesangan ingkang
dipundamel sastrawan. Pagesangan salebeting karya sastra inggih punika
pagesangan ingkang dipunwarnai kanthi patrap panyeratipun, latar
belakang pendidikan, kapitadosan (agama), lan sapanunggalipun. Amargi
saking punika kanyatan utawi kaleresan salebeting karya sastra boten
saged dipunsandhingaken kaliyan kanyatan utawi kaleresan ing sakiwatengenipun panjenengan lan kula.
Kadosta karangan-karangan sanesipun, karya sastra dipundamel
panganggit kangge nyrawungaken sawijining prekawis dhumateng para
brebayan. Sacara fungsi, kanthi karyanipun panganggit karya fiksi utawi
sastrawan nggadhahi maksud nelakaken paraosipun kados punapa ingkang
dipunraosaken nalika piyambakipun wonten ing pagesangan sakiwa
tengenipun. Dados sasaran karya sastra punika sanes penggalih saking
bebrayanipun, ananging paraosipun. Karya sastra boten nggadhahi maksud
namung

supados

para

bebrayan

mangertosi

punapa

ingkang

dipunsrawungaken, ananging dherekaken supados ngraosaken punapa


ingkang dipunraosaken dening panganggit.
Mupangat saking karya sastra punika piyambak, boten namung
panglipur. karya sastra ugi boten namung piranti kangge nelakaken
wejangan-wejangan utawi pendidikan. Nanging karya sastra kalebet
jalinan utawi perpaduan

antawis kekalihipun. Kanthi karyanipun

13

panganggit

nggadhahi

maksud

nelakaken

gagasan-gagasan,

pamanggihipun, tanggapan saking pagesanganipun lan sanesipun kanthi


cara ngusahani ngremenaken (Suharianto, 1982: 19).
Harjito ing buku Melek Sastra (2007: 95), nggadhahi pamanggih
bilih karya sastra ing Indonesia dipunbentenaken dados tiga. Karya sastra
punika awujud prosa, geguritan lan drama.

B. Tembang
Miturut Biman putra ing Purwadi (2006: 2) kabudayan Jawi
yuswanipun sampun ewonan taun. Salah satunggal bageyanipun saking
kabudayan kasebat inggih punika kesenian mliginipun seni tembang. Seni
tembang ing budaya Jawi ngemot unsur estetis, etis lan historis. Seni
tembang ing masyarakat Jawi sansaya ngrembaka sacara dinamis. Seni
tembang ngrembaka trep kaliyan nitung jaman kelakone. Minangka salah
satunggaling cabang kesenian Jawi, tembang nggadhahi panggenan
ingkang langkung kinurmatan. Seni tembang minangka bageyan saking
kesenian daerah (Jawa) kalebet unsur kesenian/seni budaya ing wajib
dipunuri-uri pembinaanipun lan ngrembakanipun. Menawi Sardjijo
ingkang ugi wonten ing Purwadi (2006: 2) seni tembang ingkang wonten
gegayutanipun kaliyan seni sastra Jawi inggih punika bageyan unsur
kabudayan nasional ingkang dipunlindungi Negara. Tembang kalebet
geguritan ingkang dipuntembangaken. Jinis tembang wonten tiga werna,
yaiku: macapat, tengahan lan tembang gedhe.

14

Saking tembang punika saged ketingal pangriptanipun. Amargi


saking basa seratan ing lirik tembang punika asringipun ngemot prekawisprekawis ingkang dipunraosaken pangriptanipun. Tembang punika
nggadhahi genre ingkang boten sekedhik umpaminipun wonten genre pop,
poprock, dangdut, koplo, jazz, RnB, keroncong, campursari, lan taksih
kathah sanesipun.
Kathah tembang Jawi ingkang dipunsekaraken kanthi irama bebas.
Ewadene dipunsebat dipunsekaraken kanthi irama bebas, temtu kemawon
taksih kamireng lan karasa wontenipun: dawa pendekipun swara, atos
empukipun swara, ageng alitipun swara, gancar alonipun wekdal (tempo),
liukan swara utawi alunan swara lan sanesipun (Purwadi, 2006: 2).
Adhedhasar kasunyatan ingkang wonten, tembang ingkang
dipunremeni bebrayan Jawa punika tembang kanthi genre campursari. Lan
boten jarang antawisipun genre-genre punika dipunkolaborasi supados
dados genre tembang ingkang langkung sae. Kadosta keroncong kaliyan
campursari ingkang dipunkolaborasi dados tembang ingkang langkung
dipunremeni kaliyan tiyang Jawi mliginipun tiyang-tiyang sepuh.
Sudaryanto ing bukunipun Sumarlam (2004: 125) mratelakaken
bilih tembung campursari piyambak punika saking tembung campur
gabung lan sari bakal buah. Kanthi harafiah campursari saged
dipuntegesaken penggolongan unsur-unsur ingkang benten kangge
ngasilaken

prekawis

ingkang

enggal.

Wiwitanipun

campursari

15

dipunginakaken kangge nami kesenian gabunganipun keroncong lan


karawitan keroncong lan tembang tradisional utawi gamelan.
Miturut Gesang ingkang ugi wonten ing bukunipun Sumarlam
(2004: 112), keroncong punika musik ingkang sesarengan ananging
nyuwunaken mutu pawongan. Biduan utawi biduanita ingkang boten
namung sae swantenipun, ananging kedah trampil ngginakaken cengkokcengkok ingkang trep miturut ingkang dipunkedahaken. Keroncong ing
zaman rumiyin boten betahaken dirigen minangka pembimbing langsung
orkestra. Prekawis punika sami kaliyan orkestra gamelan ingkang
dipuntabuh dening puluhan yaga nanging boten betahaken dirigen.
Miturut pengamatan tokoh musik saderengipun zaman Jepang,
punapa-punapa ingkang dipunsebat langgam punika wiwitanipun inggih
punika tembang keroncong utawi ingkang dipuntumindhakaken kanthi
gaya roffel utawi kocokan keroncong awujud adaptasi lan asringipun ugi
adaptasi saking tembang-tembang jazz ingkang dipunangsali saking
mirengaken lan ngapalaken tembang-tembang saking film Amerika utawi
saking piringan cemeng, punika miturut Firdaus ing bukunipun Sumarlam
(2004: 113).

C. Pangertosan Wacana
Nama wacana ing khasanah linguistik dipunwastani pangertosam
saking basa inggris, inggih punika discourse. Sawijining wacana punika
nggadahi proposisi ingkang sami sesambetan. Proposisi dipunpratelaken

16

dening ukara-ukara ingkang kalebet satuan ingkang alit ing wacana. Mila
saking punika analisis wacana ukara-ukara boten dipunanalisis kanthi
isolatif.
Sumarlam (2009: 23) nggadhahi pamanggih bilih basa kaperang
saking wujud (form) lan teges (meaning), mila gayutaning antawis
bageyanipun wacana saged dipunbentenaken dados kalih jinis, inggih
punika gayutaning wujud ingkang dipunsebat kohesi (cohesion) lan
gayutaning teges utawi gayutaning semantis ingkang dipunsebat koherensi
(coherence). Sesambetan kaliyan kohesi, Halliday lan Hasan (wonten ing
Sumarlam, 2009: 23) merang kohesi dados kalih, inggih punika kohesi
gramatikal (grammatical cohesion) lan kohesi leksikal (lexical cohesion).
Wonten ing analisis wacana, struktur lahir wacana dipunsebat kohesi
gramatikal wacana; ewadene struktur batin wacana dipunsebat kohesi
leksikal wacana. Kanthi cara rinci, kohesi gramatikal wacana dipunperang
dados pengacuan (reference), penyulihan (substitution), pelesapan
(ellipsis), perangkaian (conjungtion). Menawi kohesi leksikal wonten
repetisi (pangambalan), sinonimi (padhan tembung), kolokasi (sandhing
tembung), hiponimi (hubungan inggil-andhap), antonimi (kosok wangsul),
lan ekuivalensi (paradikma).
Wonten pamanggih ngenani wacana ingkang dipunandharaken
dening Eriyanto (2001: 1) maringi pangertosan ngenani tembung wacana
punika satunggaling tembung ingkang kathah dipunsebat ing wekdal
punika kajaba dhemokrasi, hak asasi manungsa, bebrayan sipil, lan

17

lingkungan pagesangan. Ananging, kados ing limrahipun kathah tembung


ingkang sansaya kathah dipunsebat lan dipunangge boten dadosaken
langkung gamblang ananging langkung bingungaken. Wonten ingkang
negesaken wacana minangka unit basa ingkang langkung ageng saking
ukara. Wonten ugi ingkang negesaken minangka pacelathon utawi
diskursus.
Wacana inggih punika satuan basa ingkang jangkep piyambak
ingkang nyuraosaken kanthi lesan kados pidhato, ceramah, khotbah, lan
pacelathon utawi, kanthi kaserat kados cerkak, novel, buku serat, lan
dokumen kaserat, ingkang dipuntingali saking struktur sanesipun (saking
segi wujud) asifat kohesif, sami sesambetan lan saking struktur batinipun
(saking segi makna) asifat koheren, nyawiji (Sumarlam, 2009: 16)
Miturut Douglas ing Sumarlam (2005: 3), sacara etimologi istilah
wacana saking basa sansekerta wac/wak/vak ingkang tegesipun berkata,
berucap. J. S. Badudu ing Eriyanto (2001: 2) mratelakaken bilih wacana
piyambak anggadhahi teges (1) rentetan

ukara ingkang wonten

gegayutanipun, ingkang gayutaken proposisi ingkang setunggal kaliyan


proposisi sanesipun, mujudaken setunggal kesatuan, saengga dadosaken
makna ingkang serasi ing antawisipun ukara-ukara kasebat. (2) kesatuan
basa ingkang ingkang langkung jangkep lan inggil utawi agenging
sanginggilipun ukara utawi klausa kanthi koherensi lan kohesi ingkang
inggil ingkang wonten kesinambunganipun, ingkang saged nggadhahi

18

wiwitan lan pungkasan ingkang nyata, dipunaturaken sacara lisan utawi


seratan.
Istilah wacana taksih asring dipunrembag ing pundi kemawon sae
ing perdebatan-perdebatan utawi

ing

teks-teks

ilmiah,

ananging

panganggenipun boten ngagem paugeran tartamtu, wonten ingkang boten


jlentrehaken tegesipun rumiyin. Akibatipun, konsep wacana dados taksa,
tegesipun dados samar, utawinipun panganggenipun tegesipun sacara
benten salebeting konteks-konteks ingkang benten. Wacana inggih punika
gagasan umum bilih basa dipuntata miturut pola-pola ingkang benten
ingkang dipundherekaken dening ujaran para pangangge basa rikala
mendhet bageyan salebeting domain-domain pagesangan sosial ingkang
benten, umpaminipun salebeting domain wacana medis lan wacana
politik. Kanthi mekaten analisis wacana kalebet analisis saking polapola kasebat (Jorgensen lan Phillips, 2007: 1).
Miturut Cook ing Rani (2006: 5) wacana punika

kalebet

satunggaling panganggenipun basa salebeting sesambetan kaliyan tiyang


sanes, sae sacara lisan utawi seratan. Panganggenipun basa saged arupi
iklan, drama, pacelathon, diskusi, debat, lan sapanunggalipun. Pamanggih
sanes miturut Samsuri ing bukunipun Sumarlam (2003: 8), negesaken bilih
wacana punika rekaman bebasa ingkang wantah ngenani prastawa
sesrawungan. Sesrawungan saged migunakaken basa lisan, lan ugi saged
migunakaken basa seratan.

19

Chaer ing Sumarlam (2004: 227) jlentrehaken, bilih wacana inggih


punika satuan basa ingkang jangkep, saengga salebeting hierarki
gramatikal kalebet satuan gramatikal ingkang langkung inggil lan
langkung ageng. Wacana dipunsebat jangkep, amargi ing salebetipun
wonten konsep, gagasan, penggalih, utawi ide ingkang wantah, ingkang
saged dipunpahami dening pamaos (wacana seratan) utawi dening
pamireng (wacana lisan). Wacana gadhahi unsur pambentuk ingkang
awujud ukara utawi ukara-ukara ingkang gadhahi paugeran gramatikal lan
paugeran-paugeran sanesipun.
Stubbs ing Tarigan (1993: 25) maringi pangertosan sanes ngenani
wacana inggih punika organisasi basa ingkang ing sanginggilipun ukara
utawi sanginggilipun klausa; kanthi tetembungan sanes unit-unit linguistik
(utawi ingkang sanesipun). Pamahaman bilih wacana kalebet satuan basa
ingkang jangkep lan kalebet satuan basa ingkang langkung inggil
salebeting hierarki gramatikal, inggih punika pemahaman ingkang saking
kanyatan, wacana (discourse) miturut Fatimah (1994: 3) inggih punika
satuan basa ingkang langkung jangkep; salebeting hierarki gramatikal
kalebet satuan gramatikal langkung inggil utawi ageng. Wacana punika
dipunrealisasikan ing wujud karangan ingkang wantah awujud novel,
buku, ugi ensiklopedia, lan sapanunggalipun.
Keraf ing Sobur (2006: 11), pangertosan wacana saged dipunwatesi
saking kalih sudut ingkang benten. Ingkang sepisan saking sudut wujud
basa, lan kaping kalih, saking sudut ancas umum sawijining karangan

20

ingkang wantah utawi minangka wujud sawijining komposisi. Saking


sudut wujud basa, utawi ingkang sesambetan kaliyan basa, ingkang
dipunmaksud

kaliyan

wacana

inggih

punika

wujud

basa

ing

sanginggilipun ukara ingkang ngemot sawijining tema. Satuan wujud


ingkang ngemot tema punika lumrahipun kaperang saking alinea-alinea,
anak-anak bab, bab-bab, utawi karangan-karangan utuh, sae punika
kaperang saking bab-bab utawi boten. Dados, tema kalebet ciri sawijining
wacana. Tanpa tema boten wonten wacana. Ing pihak sanes, pangertosan
wacana saged dipuntingali saking sudut sawijining komposisi utawi
karangan ingkang wantah. Salebeting prekawis punika, landasan ingkang
utami kangge bentenaken karangan setunggal kaliyan karangan sanesipun
inggih punika ancas umum ingkang badhe dipungayuh salebeting
karangan. Ancas umum punika kalebet asil klasifikasi saking sedaya ancas
ingkang wonten, ingkang beta corak khusus saking karangan-karangan
ingkang sami. Ancas umum ingkang badhe dipungayuh salebeting
karangan dipunpangaribawani lan dipuntemtukaken dening kabetahan
dasar manungsa.
D. Jinising Wacana
Kanthi adhedhasar ing wujudipun, Robert E. Longacre ing
Mulyana (2005:47) klasifikasikaken wacana dados enem inggih punika:
1. Wacana Naratif inggih punika wujud wacana ingkang kathah
dipunginakaken

kangge

nyariosaken

sawijining

kisah.

21

Dipunjlentrehaken kanthi ringkes. Bageyan-bageyan ingkang wigati


asring dipunparingi tekanan utawi dipunambali.
2. Wacana Prosedural inggih punika wacana ingkang dipunginakaken
kangge maringi pitunjuk utawi katrangan kadospundi sawijining
prekawis kedah dipuntumindhakaken. Amarga saking punika ukaraukaranipun ngemot paugeran tartamtu supados ancasipun kagiyatan
saged kasil kanthi sae.
3. Wacana Ekspositori punika nggadhahi sifat njlentrehaken sacara
informatif. Basa ingkang dipunginakaken punika denotatif lan
rasional. Ingkang kalebet ing wacana punika inggih punika ceramah
ilmiah, artikel ing media massa.
4. Wacana Hartatori inggih punika wacana ingkang dipunginakaken
kangge mangaribawani pamireng utawi pamaos supados saged katarik
dhumateng pamanggih

ingkang

persuasif, ancasipun kangge

dipunsumadyakaken.

Sifatipun

madosi pengikut supados purun

numindhakaken, utawi kangge nyarujuki prekawis ingkang wonten ing


wacana kasebat.
5. Wacana Dramatik inggih punika wujud wacana ingkang ngemot
pacelathon antawis panutur. Sasagedipun minimalaken sifat narasi ing
salebetipun. Tuladhanipun teks dramatik inggih punika skenario
film/sinetron, pagilaran wayang wong, ketoprak, sandiwara, lan
sapanunggalipun.

22

6. Wacana Epistori punika wacana ingkang lumrah dipunginakaken ing


prekawis seratan. Limrahipun nggadhahi wujud lan sistem tartamtu
ingkang sampun dados paugeran.
Menawi dipuntingali saking sifatipun, Mulyana (2005: 54)
bentenaken wacana dados kalih yaiku wacana fiksi lan wacana nonfiksi.
1. Wacana Fiksi
Inggih punika wacana ingkang wujud lan wosipun nggadhahi
orientasi ing imajinasi. Basanipun ngagem basa ingkang konotatif,
analogis,

lan

multi-interpretable.

Lumrahipun,

basa

ingkang

dipuncawisaken punika sacara literer utawi estetis (endah). Kejawi


punika, karya-karya fiksi punika asringipun ngemot fakta. Ananging,
kadosta proses lairipun lan sifatipun, karya ingkang kados punika
kalebet wacana fiksi.
Wacana fiksi saged kapilah dados tiga jinisipun, inggih punika:
wacana prosa, wacana puisi, wacana drama.
a. Wacana Prosa
Wacana prosa dipunpratelakaken dening Tarigan (1987: 57)
inggih punika wacana ingkang dipuntelakaken utawi dipunserat
ing wujud gancaran. Wacana punika saged awujud seratan utawi
lisan. Novel, cariyos cekak, artikel, makalah, buku, laporan
panaliten, skripsi, tesis, disertasi, lan pinten-pinten wujud
druwang nyambut damel saged dipunkalebetaken minangka
wacana fiksi.

23

b. Wacana Geguritan
Wacana

geguritan

kalebet

jinis

wacana

ingkang

dipuntuturaken utawi dipuntelakaken ing wujud geguritan.


Kadosta wacana prosa, wacana geguritan ugi saged awujud
seratan utawi lisan. Basa ingkang dipunginaken lan wosipun
nggadhahi orientasi ing kualitas estetika (kaendahan). Tembang,
geguritan, lan sajinisipun ingkang kalebet tuladha-tuladha saking
wacana geguritan.
c. Wacana Drama
Wacana drama (dramatik) inggih punika jinis wacana
ingkang dipuntelakaken ing wujud drama. Pola ingkang
dipunginakaken lumrahipun awujud pacelathon utawi dialog.
2. Wacana Nonfiksi
Wacana nonfiksi ugi dipunsebat wacana ilmiah. Jinis wacana
punika dipuntelakaken kanthi pola lan cara-cara ilmiah ingkang saged
dipuntanggung jawabaken kaleresipun. Basa ingkang dipunginakaken
anggadhahi sifat denotatif, lugas, lan gamblang. Aspek estetika boten
malih dados ancas utama. Sacara umum nelakakenipun boten
nengenaken

kaidah-kaidah

gramatikal

basa

ingkang

wonten

gegayutanipun. Tuladha wacana nonfiksi antawisipun laporan


panaliten, buku materi pakuliahan, pitunjuk ngoperasikaken pesawat,
lan sapanunggalipun.

24

Menawi dipuntingali saking media ingkang dipunginakaken,


miturut Sumaralam (2003: 16) wacana saged wacana serat, lan wacana
lisan.
1.

Wacana Serat
Inggih punika wacana ingkang dipuntelakaken kanthi basa
seratan utawi lumantar media serat. Kangge saged nampi lan mahami
wacana serat mila panampi kedah maos. Salebeting wacana serat
kadadosan prastawa sesrawungan sacara boten langsung antawis
panyerat kaliyan pamaos. Wacana serat punika salebeting referensi
basa inggris dipunsebat kaliyan para ahli kanthi written discourse
utawi written text.

2.

Wacana Lisan
Inggih punika wacana ingkang dipuntelakaken kanthi basa
lisan utawi media lisan. Kangge saged nampi utawi mahami wacana
lisan mila panampi kedah nyemak utawi mirengaken. Salebeting
wacana lisan kadadosan prastawa sacara langsung antawis tiyang
ingkang guneman kaliyan tiyang ingkang mirengaken.
Adhedhasar basa ingkang dipunginakaken minangka sarana

ingkang kangge ngungkapaken, miturut Sumarlam (2003: 15) wacana


saged dipunklasifikasikaken dados:
1. Wacana basa nasional (Indonesia),
2. Wacana basa lokal (basa Jawa, Bali,
sapanunggalipun),

Sunda, Madura, lan

25

3. Wacana basa internasional (Inggris),


4. Wacana basa sanesipun (kadosta basa Belanda, Jerman, Perancis, lan
sapanunggalipun).
Wacana basa Indonesia punika wacana ingkang migunakaken
basa nasional inggih punika basa Indonesia minangka basa sasaranipun.
Wacana basa lokal punika wacana ingkang migunakaken basa lokal
sawijining

daerah kangge

ngungkapaken

wacana.

Wacana

basa

internasional punika wacana ingkang migunakaken basa internasional


nalika ngungkapaken wacananipun inggih punika basa Inggris, lan
salajengipun.
E. Kohesi Leksikal
Wacana ingkang gembleng punika kejawi dipunsengkuyung
dening kohesi gramatikal ugi dipunsengkuyung dening kohesi leksikal.
Kohesi leksikal inggih punika gegayutaning antawis unsur-unsur
salebeting wacana sacara semantis. Ing bab punika supados ngasilaken
wacana ingkang gembleng, panyerat saged nglampahi kanthi cara milah
tembung-tembung ingkang jumbuh kaliyan wosing wacana. Sambetan
kohesif ingkang dipundamel adhedhasar kohesi leksikal, pamilihing
tembung ingkang jumbuh, nyuraosaken sesambetaning makna sanesipun
ing salebeting wacana.
Miturut
dipunbentenaken

Sumarlam
dados

(2009:
enem

35),

werna,

kohesi
inggih

leksikal
punika

saged
repetisi

(pangambalan), sinonimi (padhan tembung), kolokasi (sandhing tembung),

26

hiponimi (hubungan inggil-andhap), antonimi (kosok wangsul), lan


ekuivalensi (kasepadanan).
1. Repetisi (pangambalan)
Repetisi inggih punika proses ngambalaning (ujaran, wanda,
tembung, frasa, klausa) ingkang dipunanggep wigati kangge maringi
tekanan salebeting konteks ingkang trep. Adhedhasar papan satuan
lingual ingkang dipunambali salebeting gatra, klausa utawi ukara.
Adhedhasar saking panggenan satuan lingual ingkang dipunambali
wonten ing gatra, klausa utawi ukara, repetisi saged dipunbentenaken
dados wolu werna, inggih punika repetisi epizeuksis, tautotes, anafora,
epistrofa, simploke, mesodiplosis, epanalepsis, lan anadiplosis.
a. Repetisi Epizeuksis
Repetisi epizeuksis inggih punika proses ngambalaning
satuan lingual (tembung) ingkang dipunwigatikaken kaping pintenpinten sacara runtut. Tuladhanipun repetisi ingkang kados mekaten
saged dipuntingali ing ngandhap punika,
Minangka tiyang ingkang nggadhahi iman, mumpung
taksih wonten kalodangan, mumpung taksih

dipunparingi

kasarasan, lan mumpung taksih dipunparingi yuswa ingkang


dhawa. Dedonga wajib kangge manungsa. Dedonga mumpung
taksih saras temtu kemawon langkung sae tinimbang dedonga
nalika butuh. Mangga panjenengan lan kula dedonga sami-sami
mumpung Allah tresna umatipun.

27

b. Repetisi Tautotes
Repetisi tautotes inggih punika pangulangan satuan lingual
(tembung) kaping pinten-pinten salebeting konstruksi. Supados
langkung gamblang wigatosaken tuladha punika,
Kula lan piyambakipun kapeksa kedah uri adoh-adohan,
ananging

kula

pitados

sanget

kaliyan

piyambakipun,

piyambakipun ugi sanget pitados kaliyan kula. Kula lan


piyambakipun sami-sami pitados.
c. Repetisi Anafora
Repetisis anafora inggih punika proses ngambalaning
satuan lingual tembung utawi frasa sepisan saben pada utawi ukara
salajengipun. Ngambalinipun ing saben pada punika lumrahipun
kadadosan salebeting geguritan, ewadene pangulangan ing saben
ukara kawontenan salebeting gancaran. Wigatosaken tuladha
punika,
sanes nepsu,
sanes pasuryanipun panjenengan,
sanes samparanipun panjenengan,
sanes badanipun panjenengan,
kula tresnani panjenengan amargi manahipun panjenengan.
Tuladha geguritan ing inggil punika kadadosan repetisi
anafora awujud pangulangan tembung sanes ing pada sepisan
dumugi pada

kaping sekawan. Repetisi ingkang mekaten

28

dipunginakaken panyerat geguritan kangge nelakaken maksud bilih


kula (tokoh sepisan ing geguritan punika) tresnani satunggaling
tiyang sayektosipun amargi manahipun, sanes amarga nepsu, sanes
amargi pasuryan, sanes amargi samparan, sanes amargi badan.
d. Repetisi Epistrofa
Repetisi epistrofa inggih punika proses ngambalaning
satuan lingual tembung utawi frasa ing pada pungkasan (geguritan)
utawi pungkasaning ukara (gancaran) sacara runtut. Wigatosaken
tuladha punika,
apa kowe omong wedi
apa kowe omong bab wedi
kowe omong wedi
kowe omong baba wedi
(Yatmana, 2010: 130)
e. Repetisi Simploke
Repetisi simploke inggih punika pangulangan satuan
lingual ing wiwit lan pungkasaning pada utawi ukara sacara runtut,
kados ingkang ketingal wonten ing tuladha punika.
sing padha guneman kae gombal
sing padha ngrungokake ya gombal
sing maca kuwi gombal
sing nulis uga gombal
(Yatmana, 2010: 361)

29

f.

Repetisi Mesodiplosis
Repetisi mesodiplosis inggih punika pangulangan satuan
lingual ing tengah-tengah gatra utawi ukara sacara runtut.
Tuladhanipun,
wong gedhe ora gupak pulut mangan nangkane
wong cilik gupak pulut ora mangan nangkane
tambah rekasa gupak nangka mangan pulute
(Yatmana, 2010: 245)

g. Repetisi Epanalepsis
Repetisi epanalepsis inggih punika pangulangan satuan
lingual, ingkang tembung utawi frasa pungkasanipun saking pada
utawi ukara punika kalebet ambalan saking tembung utawi frasa
sepisan. Repetisi jinis punika saged dipuntingali ing tuladha
punika,
Nyuwuna

pangapunten

dhumateng

piyambakipun

saderengipun piyambakipun rawuh nyuwun pangapunten.


Panjenengan ngalah boten ateges piyambakipun ngalahaken
panjenengan.
Tumidhaka becik tumrap sesami mumpung taksih saged
tumindhak becik.
h. Repetisi Anadiplosis
Repetisi anadiplosis inggih punika proses ngambalaning
tembung utawi frasa pungkasan saking pada utawi ukara punika

30

dados tembung utawi frasa sepisan ing pada utawi ukara


salajengipun. Wigatosaken tuladha ing ngadhap punika,
ing gesang punika wonten ancas
ancas dipugayuh kanthi usaha
usaha kaliyan donga
donga ateges pikajeng
pikajeng inggih punika perjuangan
perjuangan inggih punika pengorbanan
2. Sinonimi (padhan tembung)
Chaer (2007: 85) maringi pangertosan ngenani sinonimi
ingkang saged dipuntegesaken minangka nama-nama sanes kangge
prekawis ingkang sami; utawi unen-unen ingkang tegesipun sami
kirang langkung sami kaliyan unen-unen sanesipun.
Sinonimi satunggaling kohesi leksikal kangge nyengkuyung
wacana dumados gembleng. Sinonimi nggadhahi fungsi kangge
nggayutaken teges ingkang sepadan antawis satuan lingual tartemtu
kaliyan satuan lingual sanesipun salebeting wacana.
Adhedhasar wujud

satuan

lingualipun,

sinonimi

saged

dipunbentenaken dados gangsal werna, inggih punika sinonimi antawis


morfem (bebas) kaliyan morfem (terikat), tembung kaliyan tembung,
tembung kaliyan frasa utawi sawalikipun, frasa kaliyan
klausa/ukara kaliyan klausa/ukara.

frasa,

31

a. Sinonimi morfem (bebas) kaliyan morfem (terikat)


Tuladhanipun:
Piyambakipun terus ngusahani madosi jatidirinipun.
Tuladha ing inggil piyambakipun (morfem bebas) lan ipun
minangka (morfem terikat). Punika nggadhahi teges ingkang
sami, panambang -ipun maringi kagamblangan saking tembung
piyambakipun.
b. Sinonimi tembung kaliyan tembung
Tuladhanipun:
Sanajan sayah, kula sampun nampi upah. Setaun nampi gaji
80%. SK pegawai negeriku medal. Gajiku minggah.
Ketingal ing tuladha kasebat, gemblenging wacana kasebat
antawisipun dipunsengkuyung dening aspek leksikal ingkang
awujud sinonimi antawis tembung upah ing ukara sepisan
kaliyan tembung gaji ing ukara kaping kalih lan tiga. Kalih
tembung punika nggadhahi teges ingkang sami.
c. Sinonimi tembung kaliyan frasa utawi sawalikipun
Tuladhanipun:
Kutha punika wau ndalu jawah lan badai. Akibat saking
wontenipun memala punika kathah gedung ingkang ambruk,
griya-griya penduduk ambruk.
Gemblenging wacana ing inggil dipnsengkuyung dening
aspek leksikal ingkang awujud sinonimi antawis frasa jawah

32

lan badai ing ukara sepisan kaliyan tembung memala ing ukara
salajengipun.
d. Sinonimi frasa kaliyan frasa
Tuladhanipun:
Tina punika kenya ingkang pinter kekancan. Nembe kalih
dinten pindah wonten ing ngriki, piyambakipun sampun saged
adaptasi kanthi sae.
Gemblenging wacana kasebat dipunsengkuyung dening
aspek leksikal ingkang awujud sinonimi anatawisipun frasa
pinter kekancan ing ukara sepisan kaliyan adaptasi kanthi sae
ing ukara kaping tiga. Kalih tembung punika nggadhahi teges
ingkang sami.
e. Sinonimi klausa/ukara kaliyan klausa/ukara
Tuladhanipun:
Ginakaken landasan teori ingkang trep kangge medharaken
prekawis kasebat. Pendhekatan ingkang dipunginakaken
kangge ngrampungaken prekawis punika ugi kedah akurat.
Klausa medharaken prekawis kasebat ing ukara sepisan
nggadhahi sinonimi kaliyan klausa ngrampungaken prekawis
punika ing ukara kaping kalih. Kalih klausa kasebat nggadhahi
teges ingkang sami.

33

3. Antonimi (kosok wangsul)


Antonimi saged dipuntegesaken minangka nami sanes kangge
prekawis ingkang benten; utawi satuan lingual ingkang tegesipun
kosok balen utawi mggadhahi oposisi kaliyan satuan lingual sanesipun.
Adhedhasar sifatipun, oposisi makna saged dipunbentenaken dados
gangsal werna, inggih punika oposisi mutlak, oposisi kutub, oposisi
hubungan, oposisi hirarkial, lan oposisi majemuk.
Oposisi makna utawi antonimi ugi kalebet satunggaling aspek
utawi kohesi leksikal ingkang saged nyengkuyung gembleng
sawijining wacana sacara semantis.
a. Oposisi Mutlak
Pertentangan teges sacara mutlak, umpaminipun oposisi
antawisipun tembung gesang kaliyan tembung seda, lan oposisi
antawis obah kaliyan anteng.
b. Oposisi Kutub
Oposisi teges ingkang boten nggadhahi sifat mutlak,
ananging nggadhahi sifat gradasi. Tegesipun, wonten tingkatan
teges ing tembung-tembung kasebat. Umpaminipun oposisi teges
antawis tembung-tembung:
Sugeh

><

mlarat

Gedhe

><

cilik

Dhawa

><

pendhek

Amba

><

sempit

34

Seneng

><

susah

Tembung ing inggil dipunsebat oposisi kutub amargi


wonten gradasi ing antawisipun oposisi kekalihipun, inggih punika
wontenipun realitas tuladhanipun: sugeh sanget, sugeh, radi sugeh,
radi mlarat, mlarat, lan mlarat sanget tumrap pagesangan tiyang ing
donya punika.
c. Oposisi Hubungan
Oposisi teges ingkang nggadhahi sifat njangkepi setunggal
kaliyan sanesipun. Amargi oposisi punika nggadhahi sifat
njangkepi setunggal kaliyan sanesipun, mila tembung ingkang
setunggal menawi kawontenaken amargi kawontenan tembung
ingkang sanes dados oposisinipun; utawi kawontenan tembung
ingkang setunggal dipunsebabaken dening wontenipun tembung
ingkang sanes, kadosta oposisi antawisipun tembung-tembung:
Bapak

><

ibu

Dwija

><

murid

Dosen

><

mahasiswa

Dokter

><

pasien

Sade

><

mundhut

Wigatosaken tuladha oposisi teges ingkang wonten ing ngandhap


punika.
1). Ibu Rini punika dwija ingkang ayu lan pinter. Kajaba punika,
piyambakipun ugi pinter anggenipun mucalaken materi

35

piwulangan ing kelas, saengga murid remen dhumateng


piyambakipun.
Ukara ing inggil kawontenan oposisi antawisipun tembung
dwija ing ukara sepisan kaliyan murid ing ukara kaping kalih.
Dwija minangka realitas menawi kawontenipun dipunjangkepi
dening murid lan ugi mekaten sawalikipun.
d. Oposisi Hirarkial
Oposisi teges ngenani deret jenjang utawi tingkatan. Satuan
lingual ingkang nggadhahi oposisi hirarkial lumrahipun tembungtembung kadosta nami-nami satuan ukuran (dhawa, awrat, wos),
nami satuan itungan, tanggal, lan sanesipun. Umpaminipun
ketingal ing oposisi ing ngandhap punika.
TK >< SD >< SMP >< SMU >< PT
Detik >< menit >< jam >< dina >< minggu >< wulan ><
taun
Kilogram >< kuintal >< ton
Panganggenipun tembung-tembung kasebat antawisipun
saged dipunamati ing ngandhap punika.
1). Nalika taksih ing TK, Silvy punika lare ingkang periang, wani,
lan cerdas, saengga sasampunipun mlebet SD piyambakipun
dados lare ingkang pinter sanget lan tansah dados bintang
kelas. Prekawis punika kalangsungan dumugi SMP. Ananging,
sasampunipun Silvy mlebet ing SMU sifatipun ingkang

36

periang punika ical kawiwitan nalika bapak lan ibunipun


pegatan.

Pungkasanipun

Silvy

kapeksa

boten

saged

nglajengaken kuliah ing PT amargi ibunipun boten kiat


ngragati.
Tuladha ing inggil saged dipunpanggihi oposisi hirarkial
antawisipun TK, SD, SMP, SMU, lan PT, ingkang mggambaraken
realitas jenjang utawi tingkatan pendidikan saking tingkatan TK
dumugi PT.
e. Oposisi Majemuk
Oposisi makna ingkang kadadosan ing pinten-pinten
tembung (langkung saking kalih). Bentenipun antawis oposisi
majemuk kaliyan oposisi kutub mapan ing wonten botenipun
gradasi ingkang dipunbuktikaken menawi dipunsisihaken kaliyan
tembung radi, langkung, lan sanget ing oposisi kutub, lan boten ing
oposisi majemuk. Lan bentenipun kaliyan oposisi hirarkial, ing
oposisi hirarkial wonten teges ingkang nerangaken jenjang utawi
tingkatan. Ananging ing oposisi majemuk boten kados mekaten,
supados

langkung

gamblang

saged

ningali

tetembunganipun:
Mendel > < wicara > < ewah > < tumindhak
Mlayu > < mlampah > < mlangkah > < mandheg

tuladha

37

Ukara ing inggil menawi dipundadosaken pacelathon kados


mekaten.
Adi mlayu amarga ajrih dipundukani ibunipun. Sasampunipun
radi tebih saking ibunipun, piyambakipun mlampah tumuju
griyanipun

kancane.

Dumugi

ing

griya

punika

lajeng

piyambakipun mlangkahaken samparanipun mlebet ing griya. Adi


kaget lan enggal mandheg amargi ingkang

wonten ing

ngajengipun yaiku ibunipun.


4. Kolokasi
Kolokasi inggih punika asosiasi tartemtu nalika migunakaken
pilihan tembung lan tembung kasebat cenderung dipunginakaken
sacara kasisihan. Tembung-tembung ingkang nggadhahi kolokasi
inggih punika tembung-tembung ingkang asring dipunagem salebeting
jaringan tartemtu, umpaminipun salebeting jaringan pawiyatan badhe
dipunginakaken tembung-tembung ingkang wonten gegayutanipun
kaliyan prekawis pawiyatan. Wondene menawi ing prekawis pertanian
tetembungan ingkang dipunagem kadosta sawah, petani, winih pari,
pari, lan panen. Tuladha panganggenipun tembung-tembung ingkang
nggadhahi kolokasi kados mekaten.
Nalika kula taksih alit, bapak asring ngajak kula dhateng sawah.
Bapak punika petani ingkang sukses. Kanthi lahan ingkang wiyar lan
winih

pari

ingkang

nggadhahi kualitas

ingkang

sae

sarta

dipunsengkuyung kaliyan sistem pengolahan ingkang sampurna mila

38

panen saged kasil. Saking asil panen punika saged kangge ngragati
pagesangan kanthi kacukupan.
5. Hiponimi
Hiponimi saged dipuntegesaken satuan basa (tembung, frasa,
ukara) ingkang tegesipun dipunanggep kalabet bageyan saking teges
satuan lingual sanesipun. Unsur utawi satuan lingual ingkang murakabi
pinten-pinten unsur utawi satuan lingual ingkang hipernim utawi
superordinat.

Tuladha

panganggenipun

hiponimi

saged

dipunwigatosaken ing wacana punika.


Kewan reptil punika wonten ingkang gesang ing darat lan ugi
wonten ingkang gesang ing toya. Kadosta kodok lan ulo. Ceceg yaiku
reptil ingkang gesang ing tembok-tembok. Lan ugi wonten reptil
ingkang gesang ing semak-semak lan sesuketan yaiku kadal. Kajaba
punika, ugi wonten reptil ingkang saged ngowahi werna kulitipun
inggih punika bunglon.
Ing inggil punika ingkang kalebet hipernim utawi superordinatipun
inggih punika reptil. Wondene kewan-kewan ingkang kagolong reptil
kadosta kodok, ulo, ceceg, kadal, lan bunglon minangka hiponimipun.
Sesambetan antawis unsur ngadhap utawi antawis tembung ingkang
dados anggota dipunsebat kahiponim. Kanthi mekaten, saking wacana
kasebat saged dipuntingali ing bagan punika.

39

REPTIL...Hipernim
Hiponimi

Kodok

Ulo

Ceceg

Kadal Bunglon.Hiponim

Kohiponim
Bagan I
Sesambetan antawisipun hipernim, hiponim, lan kohiponim,
salebeting hiponimi reptile.
6. Ekuivalensi
Gegayutaning antawis satuan lingual tartemtu kaliyan satuan
lingual sanesipun ingkang sepadan salebeting paradigma. Wonten ing
prekawis punika, pinten-pinten tembung asil proses afiksasi saking
morfem asal ingkang sami lan ningalaken wontenipun gegayutan
ingkang sepadan, umpaminipun gegayutaning teges antawis tembung
nuku, dituku, nukokake,

ditukukake, lan wong tuku, sedayanipun

kawujud saking tembung tuku. Ugi mekaten maos, waosan,


dipunwaos, pamaos ingkang kawujud saking tembung maos. Supados
langkung gamblang wigatosaken tuturan punika.
Fatimah sregep sanget maos buku. Sae punika buku piwulangan
utawi buku waosan sanesipun. Piyambakipun nggadhahi perpustakaan

40

alit ing dalemipun. Sedaya buku ingkang dipunkoleksi sampun


dipunwaos. Fatimah nggadhahi cita-cita pengen dados pamaos
pawarta ing televisi supados sedaya tiyang matepangi.

41

BAB III
ASILING PANALITEN LAN PIREMBAGANIPUN

Wonten ing Bab III punika mujudaken asiling kagiyatan panaliten ingkang
sampun katindakaken. Kagiyatan punika kawiwitan saking pangempalaning dhata
lan analisising dhata kanthi pendhekatan, teknik, lan metodhe ingkang sampun
kaandharaken ing panaliten, pramila kapanggihaken asiling panaliten ingkang
badhe kaandharaken ing ngandhap punika.
A. Asiling Panaliten
Wacana tembang Seleksi Karaoke Keroncong Campursari 2002 punika
ngandhut 12 tembang ingkang nggadhahi irah-irahan kadosta Iki Weke sapa,
Lara Branta, Walang Kekek, Caping Gunung, Yen ing Tawang ana Lintang,
Lelo Ledung, Jangkrik Genggong, Resepsi, Andhe-andhe Lumut, Kecik-kecik,
Gemes, lan Tukang Pijet. Album Seleksi Karaoke Keroncong Campursari
2002 punika dipunsekaraken dening Waldjinah.
Gemblenging wacana ingkang dipunasilaken cakepan tembangtembang ing album Seleksi Karaoke Keroncong Campursari 2002 punika
dipunsengkuyung dening kohesi leksikal, inggih punika setunggaling wujud
ing antawisipun tembung/ukara ingkang gegayutan kanthi raket. Kohesi
leksikal dipunpadosi kanthi cara milih tetembungan ingkang trep lan
nggadhahi gayutan leksikal.
41

42

Wonten ing panaliten punika boten sedaya jinis kohesi leksikal saged
kapanggihaken, namung wonten gangsal jinis kohesi leksikal inggih punika
arupi repetisi (pangambalan), sinonimi (padhan tembung), antonimi (kosok
wangsul), hiponimi (hubungan inggil-andhap), ekuivalensi (kasepadhanan).
1. Repetisi
Repetisi ingkang wonten ing cakepan tembang-tembang Seleksi
Karaoke Keroncong Campursari 2002 inggih punika wonten ing ngandhap
punika.
(1)

Iki piye iki piye (IWS/VI/1)

(2)

Walang kekek menclok ning tenggok (WK/I/1)


Walang abang menclok ning kara (WK/II/1)
Walang biru walange putih (WK/II/2)
Walang ireng dawa sotange (WK/III/2)
Walang kayu tiba nang lemah (WK/IV/2)
Walang kekek walange kayu (WK/V/1)

(3)

Ning gunung tak cadongi sega jagung (CG/II/1) Yen


mendhung tak silihi caping gunung (CG/II/2) Syukur
bisa nyawang gunung ndesa dadi rejo (CG/II/3)

(4)

Yen ing tawang ana lintang cah ayu (YITAL/I/1)


Lintang-lintang ngiwi-ngiwi nimas (YITAL/II/3)
Yen ing tawang ana lintang cah ayu (YITAL/IV/1)

(5)

Cep meneng aja pijer nangis (LL/I/2)


Yen nangis ndak ilang ayune (LL/I/4)
Lagi goleki cah nangis (LL/III/4)
Yen nangis mundhak ibu bingung (LL/IV/4)

(6)

Kecik-kecik kecike manila ya mas ya (KK/I/1) (KK/III/1)


Kecik-kecik kecike manila ya mas ya (KK/I/5)
Kecik-kecik diwadhahi takir ya mas ya (KK/II/1)
Sawo kecik saka baliyasa (KK/I/2)
Kecik abang kecik sawo gunung ya mas ya (KK/IV/1)
Oeng kecike digondhol wulung (KK/IV/5)

43

(7)

Ah gemes aku, gemes aku (G/I/1)


Ah gemes tenan (G/II/1)
Ah gemes aku, gemes aku (G/IV/1)

(8)

Wong yen lagi gandrung (IWS/I/1)


Wong yen lagi naksir (IWS/I/3)
Wong yen lagi kepikat (IWS/III/1)
Wong yen lagi nyenengi (IWS/III/3)

(9)

Ra perduli mbledhose gunung (IWS/I/2)


Ra perduli yen perang nuklir (IWS/I/4)
Ra perduli donya kiamat (IW/III/2)
Ra perduli lagi inflasi (IWS/III/4)

(10) Irung mbangir duweke sapa ndhuk (IWS/V/1)


Irung mbangir iya duwekmu (IWS/V/2)
(11) Lambe tipis duweke sapa ndhuk (IWS/V/3)
Lambe tipis iya duwekmu (IWS/V/4)
(12)

Gulu kuwi duweke sapa ndhuk (IWS/V/5)


Gulu iki iya duwekmu (IWS/V/6)

(13) Bangkekane duweke sapa ndhuk (IWS/V/7)


Bangkekane iya duwekmu (IWS/V/8)
(14) Direwangi nretek-nretek (IWS/II/2)
Direwangi kredat-kredit (IWS/IV/2)
(15) Yen kelingan mring sliramu....adhuh (LB/I/1)
Yen siyang tansah ngalela (LB/I/3)
Yen sliramu bakal cidra (LB/III/2)
(16) Walang kekek menclok ning tenggok (WK/I/1)
Walang kekek walange kayu (WK/IV/1)
Walang kekek ya mas walange kadung (WK/IV/7)
Walang kekek dereng rampung (WK/IV/8)
Walang kekek menclok ning sawah (WK/V/1)
Walang kekek menclok nang tampah (WK/VI/1)
(17) Mabur maneh menclok ning pari (WK/I/1)
Mabur maneh menclok wit jati (WK/V/2)
Mabur maneh menclok wit pete (WK/VI/2)

44

(18) Yen ditinggal lunga setengah mati (WK/I/4)


Yen dha seneng ya mas aja mung mandheng (WK/III/3)
Yen kepingin ya mas arep melu aku (WK/IV/3)
Yen mung trima tak kon jaga omah (WK/IV/4)
(19) Bisa nggambang ya mas ora bisa nyuling (WK/III/7)
Bisa nyawang ora bisa nyanding (WK/III/8)
(20) Biyen tak openi ning saiki ana ngendi (CG/I/2)
Biyen ninggal janji ning saiki apa lali (CG/I/4)
(21) Yen nangis ndhak ilang ayune (LL/I/4)
Yen nangis mundhak ibu bingung (LL/IV/4)
(22) Jangkrik genggong jangkrik genggong (JG/II/1)
Jangkrik upa saba ning tangga (JG/III/3)
(23) Yen pinuju angrawuhi ing malam resepsi (R/I/1)
Yen sinawang nganti kaya kontes widodari (R/I/4)
(24) Para putri sami lenggah jejer katon rapi (R/I/3)
Para priya lenggahe (R/II/1)
(25) Sawo kecik saka baliyasa (KK/II/2)
Sawo rontok tibane nang banyu (KK/III/2)
(26) Irung mbangir duweke sapa ndhuk (IWS/V/1)
Lambe tipis duweke sapa ndhuk (IWS/V/3)
Gulu kuwi duweke sapa ndhuk (IWS/V/5)
Bangkekane duweke sapa ndhuk (IWS/V/7)
(27) Irung mbangir iya duwekmu (IWS/V/2)
Lambe tipis iya duwekmu (IWS/V/4)
Gulu iki iya duwekmu (IWS/V/6)
Bangkekane iya duwekmu (IWS/V/8)
(28) Yen kelingan mring sliramu...adhuh (LB/I/1)
Wis pesthine lelakonku....adhuh (LB/IV/1)
(29) Marang mega ing angkasa nimas (YITAL/I/3)
Lintang-lintang ngiwi-ngiwi nimas (YITAL/II/3)
(30) Sumedhot rasaning ati (YITAL/II/2)
Rungokna tangising ati (YITAL/IV/2)

45

(31) Cep meneng aja pijer nangis (LL/I/2)


Lagi goleki cah nangis (LL/III/4)
(32) Urip mbujang mas kok rasane bingung (KK/IV/3)
Oeng dhuwit sithik sing nginger bingung (KK/IV/6)
(33) Kecik-kecik kecike manila ya mas ya (KK/I/1)
Kecik-kecik diwadhahi takir ya mas ya (KK/II/1)
Kecik-kecik kecike manila ya mas ya (KK/III/1)
Kecik abang kecik sawo gunung ya mas ya (KK/IV/1)
(34) Dalu datan bisa nendra (LB/I/4)
Sapa kang bisa paring usada (LB/IV/3)
(35) Apa sliramu wes lali tenan (LB/II/1)
Yen sliramu bakal cidra (LB/III/2)
(36) Aja ngeyek ya mas karo wong wedok (WK/I/3)
Omah gendheng ya mas ta sapunane (WK/I/7)
Bujang manis ya mas ora ngluyura (WK/II/3)
Andheng-andheng ya mas ana pilingan (WK/II/7)
Yen dha seneng ya mas aja mung mandheng (WK/III/3)
Bisa nggambang ya mas ora bisa nyuling (WK/III/7)
Yen kepingin ya mas arep melu aku (WK/IV/3)
Walang kekek ya mas walange kadung (WK/IV/7)
Duwe bojo enom ya mas nyang ati susah (WK/V/3)
Mikul suket ya mas di entul-entul (WWK/V/7)
(37) Biyen tak openi ning saiki ana ngendi (CG/I/2)
Biyen ninggal janji ning saiki apa lali (CG/I/4)
(38) Wis cep menengo anakku (LL/III/1)
Enggal menengo yo cah ayu (LL/IV/2)
(39) Kendal kaline wungu (JG/I/1)
Semarang kaline banjir (JG/III/1)
(40) Para putri sami lenggah jejer katon rapi (R/I/3)
Para priya lenggahe (R/II/1)
(41) Mbesuk dadi mas wong kang dipercaya (KK/I/3)
Bengi mikir mas esuk sore mikir (KK/II/3)
Mbiyen ngaku mas jare isih jaka (KK/III/3)
Urip mbujang mas kok rasane bingung (KK/IV/3)

46

(42) Bola bali kok mung kuwi pitakone (G/I/4)


Ning jan-jane mung nambahi kangen wae (G/IV/4)
(43) Wes adate tukang pijet golek gawe (TP/I/2)
Krecak krecek tukang pijet masa kini (TP/IV/1)
Krecak krecek tukang pijet kelas tinggi (TP/IV/3)
(44) Yen beneran awak lungkrah dadi sumiyah (TP/II/2)
Boyoke pegel awak kesel di ingel-ingel (TP/II/3)
(45) Lelene mati digepuk (JG/I/3)
Gepuk nganggo walesane (JG/I/4)
Saking teks leksikal ing inggil punika

dipundhut satuan

lingual/tembung-tembungipun kados ing ngandhap punka.


a. Repetisi Epizeuksis
Frasa iki piye (1) dipunambali kaping kalih kanthi negesaken
pitakenan iki piye punika wujud bingung saking pangripta ingkang
terus kemawon taken ngenani kaleresan dhumateng wanita ingkang
dipuntresnani punika kagunganipun sinten. Antawis tembung iki lan
piye punika wonten gegayutanipun ingkang dumadosaken wacana
tembang punika saged gembleng, amargi tembung iki ingkang
dipundhereki dening tembung

piye punika

nggadhahi ancas

mujudaken satunggaling pitakenan inggih punika iki piye. Teges


saged benten menawi tembung iki punika umpaminipun dipundhereki
dening tembung ngene ateges satunggaling pernyataan. Tembung
walang (2) ingkang nggadhahi teges minangka punjering saking
wacana tembang Walang Kekek kasebat. Gemblenging ing wacana
kasebat saking tembung walang ingkang dipunambali kaping pinten-

47

pinten wujud kanthi werninipun saking walang kasebat. Tembung


gunung (3) dipunambali amargi dipunanggep wigati kangge
ndeskripsikaken kahanan ingkang wonten gegayutanipun kaliyan
gunung. Tembung lintang (4) dipunambali kaping pinten-pinten
amargi dipunanggep wigati. Kados ing irah-irahanipun Yen ing
Tawang ana Lintang, tembung lintang punika wonten gegayutanipun
kaliyan tembung tawang. Amargi mapanipun lintang punika wonten
ing tawang.
Tembung nangis (5) ingkang dipunambali kaping pintenpinten amargi dipunanggep wigati lan kangge maringi ancas menawi
tembang punika negesaken kahanan Ibu ingkang taksih ngenengngeneng putrinipun amargi pijer nangis. Saking dhata (6) ketingal
wonten ing tembung kecik ingkang dipunambali kaping pinten-pinten
amargi dipunanggep wigati lan kangge nedahaken irah-irahan saking
tembang punika inggih punika kecik-kecik. Dhata (7) tembung gemes
dipunambali kaping pinten-pinten amargi dipunanggep wigati lan
kangge nedahaken wosing saking tembang punika yaiku gemes.
b. Repetisi Anafora
Wonten ing dhata (8) wong yen lagi ing inggil ngandharaken
menawi pangripta taksih nandhang asmara. Gemblenging wacana
tembang kasebat saged ketingal saking frasa wong yen lagi kaliyan
wos saking tembang punika ingkang nyariosaken kahanan saking
pangripta ingkang taksih nandhang asmara. Sifat-sifatipun punika

48

kadosta gandrung, naksir, kepikat, lan nyenengi. Menawi ing dhata


(9) ra perduli ing inggil dipunambali negesaken menawi nyariosaken
tiyang ingkang taksih nandhang asmara punika boten peduli kaliyan
kahanan punapa kemawon ingkang ngalangi tresnanipun. Ingkang
langkung wigati punika tresnanipun saged kalajengaken.
Saking dhata (10) irung mbangir, (11) lambe tipis, (12) gulu,
(13) bangkekane

dipunambali kaping kalih kangge nglarasaken

tuturan, ukara ingkang larik kalih minangka wangsulan saking


pitakenan pangripta dhumateng wanita ingkang dipuntresnani. Kejawi
ing inggil taksih wonten saperangan tembang ingkang nedahaken
repetisi anafora inggih punika ing tembung (14) direwangi ing
ngandhap punika nggadhahi teges bilih tiyang ingkang taksih
nandhang asmara punika kedah ngusahani supados tresnanipun
punika saged kagayuh. Sanadyan direwangi nretek-nretek lan kredatkredit bakal dipunlakoni. Tembung yen (15) punika tembung ingkang
wigati, mila dipunambali kanthi ancas nyariosaken kahanan nalika
taksih lara branta.
Ing dhata (16) ing inggil punika frasa walang kekek
dipunambali kanthi ancas nyariosaken bilih irah-irahan saking
tembang punika yaiku walang kekek. Menawi irah-irahan saking
tembang punika walang ireng mesthi kemawon frasa ingkang asring
dipunambali punika frasa walang ireng. Dhata (17) ing inggil
pangambalan wonten ing frasa mabur maneh menclok punika

49

nggadhahi teges walang kekek punika asringipun mabur saking


panggenan setunggal dumugi panggenan sanesipun. Antawisipun
tembung mabur maneh lan menclok punika wonten gemblenging
wacana inggih punika walang utawi kewan punapa kemawon ingkang
mabur kamangke mesthi menclok. Menawi (18) ing inggil punika
pangambalan wonten ing tembung yen punika nyariosaken kahanan
salebeting tembang punika. Dhata (19) ing inggil kejawi nglarasaken
tuturan kasebat ugi negesaken menawi tresna kaliyan satunggaling
tiyang punika boten namung nyawang kemawon ananging ugi kedah
saged nyanding.
Saking dhata (20) ing inggil tembung biyen dipunambali ing
wiwitaning gatra mila kalebet ing repetisi anafora. Pangambalan
punika dipunanggep wigati amargi kangge negesaken nalika ing
jaman rumiyin, mila tembung biyen dipunambali. Dhata (21) ing
inggil frasa yen nangis ingkang wonten gemblengipun inggih punika
antawis tembung yen lan nangis punika wonten gegayutanipun, wos
saking tembang punika nyariosaken usahanipun Ibu ingkang ngenengngeneng putrinipun ingkang taksih nangis kanthi dilela-lela. Tembung
(22) jangkrik dipunambali kangge negesaken bilih tembung jangkrik
punika dados punjering tembang punika. Dhata (23) lan (24) ing
inggil punika tembung yen lan para dipunambali amargi dipunanggep
wigati kangge nyariosaken kahanan nalika wonten ing resepsinan.

50

Menawi dhata (25) punika pangambalan tembung sawo ing


wiwitaning gatra dipunanggep wigati supados wacana gembleng.
c. Repetisi Epistrofa
Saking dhata (26) dipunambali kanthi ancas nyariosaken bilih
pangripta punika nggadhahi pitakenan ngenani tiyang ingkang taksih
dipungandrungi punika kagunganipun sinten. Pitakenan duweke sapa
nduk punika negesaken ing tembang bilih ukara kasebat wigati sanget
maknanipun. Antawisipun tembung duweke lan sapa punika wonten
gegayutanipun inggih punika bilih satunggaling kepemilikan punika
gayutanipun kaliyan tiyang utawi sanesipun ingkang dados subyek.
Wonten ing saperangan tembang (27) iya duwekmu punika nggadhahi
ancas nglarasaken tembang yaiku mangsuli pitakenan saking
pangripta

utawa

priya

ingkang

taksih

gandrung

kaliyan

piyambakipun. Dhata (28) ing inggil punika pangambalan tembung


adhuh punika minangka bukti saking raos ingkang taksih nandhang
lara branta sengga medalaken swanten adhuh. Ugi saged kangge
maringi ancas nglarasaken tembang kasebat. Dhata (29) tembung
nimas negesaken menawi tembung punika wigati, lan kangge
nglarasaken tembang kasebat.
Wonten ing saperangan tembang (30) ing inggil punika
pangambalan wonten ing tembung ati. Nggadhahi peran kangge
maringi gambaran utawi nandhesaken ing tembang, bilih tembung
punika wigati sanget maknanipun. Tembung nangis (31) dipunambali

51

supados saged nglarasaken cakepan tembang punika. Ing tembung


(32) ing inggil punika tembung ingkang dipunambali punika bingung.
Kangge maringi gambaran bilih tiyang ingkang taksih gesang
piyambak (ateges dereng krama) punika kathah bingunge lan menawi
wonten niatan krama ugi kathah bingunge amargi kathah ragadipun.
d. Repetisi Simploke
Wonten ing saperangan tembang (33) ing inggil tembung
kecik lan ya mas ya, dipunambali kanthi ancas tembung punika
dipunanggep wigati mila dipunambali saben pada.
e. Repetisi Mesodiplosis
Wonten ing dhata (34) ing inggil negesaken kahanan saking
tiyang ingkang taksih nandhang lara branta. Ngantos nyuwun
pitulungan dhumateng sinten kemawon ingkang saged maringi usada.
Dhata (35) punika pangambalan tembung sliramu dipunambali amargi
dipunanggep wigati, minangka sasaran utawi punjering tuturan saking
cakepan tembang punika. Asil dhata (36) punika frasa ingkang
dipunambali ing tengahing gatra inggih punika frasa ya mas. Frasa
punika dipunambali wonten ancasipun inggih punika kangge
ngelingaken dhumateng mas utawi para priya menawi nresnani wanita
boten namung setengah-setengah ananging kedah ingkang tenanan.
Lan ngelingaken menawi kagungan garwa enem punika boten
kepenak uripe, amargi namung ndamel ati susah. (37) tembung
ingkang dipunambali ing inggil punika nggadhahi ancas nglarasaken

52

ing wiwitaning pada inggih punika tembung biyen, dipungayutaken


kaliyan tembung ning saiki
Dhata (38) ing inggil pangambalan menengo ing tengahing
gatra nggadhahi teges inggih punika ibu ingkang taksih ngenengngeneng putranipun supados enggal meneng. Tembung kaline (39)
punika dipunambali kangge gemblengaken wacana tembang kasebat.
Ing gatra sepisan tembung Kendal dipundhereki tembung kaline,
supados gembleng mila ing pada sanesipun ingkang nyebataken kutha
Semarang ugi dipundhereki tembung kaline. Dhata (40) ing inggil
punika pangambalan ing tengahing gatra punika ketingal saking
tembung lenggah. Saking dhata (41) ing inggil punika tengahing gatra
ingkang dipunambali punika tembung mas. Negesaken bilih wosing
tembang punika dipuntumujukaken kagem para priya. Wonten ing
saperangan tembang (42) ing inggil punika tembung ingkang
dipunambali ing tengahing gatra inggih punika mung.
Wonten ing saperangan tembang (43) ing inggil punika
tembung ingkang dipunambali ing tengahing gatra inggih punika
tukang pijet. Pangambalan frasa tukang pijet punika negesaken bilih
wos saking tembang punika inggih punika ngenani tukang pijet. Mila
frasa tukang pijet asring dipunambali kangge nguataken irah-irahan
saking tembang punika. Kejawi punika, ingkang dipunambali ugi
wonten ing saperangan tembang ing ngadhap punika. Inggih punika
pangambalan tembung awak (44) dipunambali kangge gemblengaken

53

kaliyan tembung tukang pijet. Amargi pagawean saking tukang pijet


punika mijeti awak.
f. Repetisi Anadiplosis
Saking dhata (45) punika tembung ingkang dipunambali
inggih punika gepuk. Nggadhahi ancas dumadosaken wacana ingkang
gembleng.
Supados langkung gamblang anggenipun mirsani, ing ngandhap
punika sumadya tabel repetisi ingkang wosipun jinis repetisi lan tuladha
satuan lingualipun.
Tabel 1. Repetisi
No.

Jinis Repetisi

Cacah

Tuladhanipun

1.

Epizeuksis

Iki piye (IWS/IV/1), walang (WK/I/1;


II/1,2; III/2; IV/2; V/1), gunung
(CG/II/1,2,3), lintang (YITAL/I/1;
II/3; IV/1), nangis (LL/I/2,4; III/4;
IV/4), kecik (KK/I/1,2,5; II/1; III/1;
IV/1,5), gemes (G/I/1; II/1; IV/1)

2.

Anafora

18

Wong yen lagi (IWS/I/1,3; III/1,3), ra


peduli (IWS/I/2,4; III/2,4), irung
mbangir (IWS/V/1,2), lambe tipis
(IWS/V/3,4),
gulu
(IWS/V/5,6),
bangkekan (IWS/V/7,8), direwangi
(IWS/II/2; IV/2), yen (LB/I/1,3; III/2),
walang kekek (WK/I/1; IV/1,7,8;
V/1)), mabur maneh menclok (WK/I/1;
V/2; VI/2), yen (WK/I/4; III/3; IV/3,4),
bisa (WK/III/7,8), biyen (CG/I/2,4),
yen nangis (LL/I/4; IV/4), jangkrik
(JG/II/1; III/3), yen (R/I/1,4), para
(R/I/3; II/1), sawo (KK/II/2; III/2)

3.

Epistrofa

Duweke sapa ndhuk (IWS/V/1,3,5,7),


iya duwekmu (IWS/V/2,4,6,8), adhuh
(LB/I/1; IV/1), nimas (YITAL/I/3;

54

II/3), ati (YITAL/II/2; IV/2), nangis


(LL/II/2; III/4), bingung (KK/IV/3,6)
4.

Simploke

Kecik-ya mas ya (KK/I/1; II/1; III/1;


IV/1)

5.

Mesodiplosis

11

Bisa (LB/I/4; IV/3), sliramu (LB/II/1;


III/2), ya mas (WK/I/3,7; II/3,7;
III/3,7; IV/3,7; V/3,7), ning saiki
(CG/I/2,4), menengo (LL/III/1; IV/2),
kaline (JG/I/1; III/1), lenggah (R/I/3;
II/1), mas (KK/I/3; II/3; III/3; IV/3),
mung (G/I/4; IV/4), tukang pijet
(TP/I/2; IV/1,3), awak (TP/II/2,3)

6.

Anadiplosis

Gepuk (JG/I/3,4)

Cacah Total

45 repetisi

2. Sinonimi
Sinonimi ingkang wonten ing cakepan tembang-tembang Seleksi
Karaoke Keroncong Campursari 2002 inggih punika wonten ing ngandhap
punika.
(1) Kadya rinujing atiku (LB/I/2)
Nanging aku ora ngira (LB/III/2)
(2) Aku ngenteni tekamu (YITAL/I/2)
Tresnaku sundul wiyati (YITAL/II/4)
(3) Wong yen lagi gandrung (IWS/I/1)
Wong yen lagi kepikat (IWS/I/3)
(4) Yen dha seneng ya mas aja mung mandeng (WK/III/3)
Bisa nyawang ora bisa nyanding (WK/III/8)
(5) Yen ing tawang ana lintang cah ayu (YITAL/I/1)
Mega kartika kairing (YITAL/II/2)
(6) Yen ing tawang ana lintang cah ayu (YITAL/I/1)
Marang mega ing akasa nimas (YITAL/I/3)

55

(7) Kakung putri ngagem busana kang edipeni (R/I/2)


Para priya lenggahe (R/II/1)
(8) Ah gemes aku (G/I/1)
Ah mangkelake (G/I/3)
(9) Boyoke pegel awak kesel di ingel-ingel (TP/II/3)
Sing dipijet bukan kayu bukan besi (TP/IV/2)
(10) Mbiyen ngaku mas jare isih jaka (KK/III/3)
Urip mbujang mas kok rasane bingung (KK/IV/3)
(11) Nadyan lagi bokek (IWS/II/1)
Nadyan ora duwe dhuwit (IWS/IV/1)
a. Sinonimi antawis morfem (bebas) kaliyan morfem (terikat)
Wonten

ing dhata (1) lan (2) punika antawisipun morfem

(bebas) kaliyan morfem (terikat). Ingkang minangka morfem (terikat)


punika ku lan ingkang minangka morfem (bebas) punika aku.
b. Tembung kaliyan tembung
Saking dhata (3) ing inggil sinonimi tembung kaliyan tembung
ingkang awujud gandrung lan naksir sami-sami nggadhahi teges
wontenipun pangrasa kesengsem lan remen saking manahipun
pangripta. Dhata (4) punika antawis tembung mandheng lan nyawang
nggadhahi teges ingkang sami inggih punika ningali. Ing dhata (5)
antawisipun tembung lintang lan kartika nggadhahi teges ingkang sami
yaiku bintang. Menawi dhata (6) tawang lan akasa punika ugi sami
tegesipun inggih punika langit. (7) antawisipun tembung kakung
kaliyan priya anggadhahi teges ingkang sami. Saking dhata (8)
antawisipum tembung gemes lan mangkelake, kalih tembung punika
nggadhahi teges ingkang sami inggih punika rasa gemreget ana ing ati.

56

Tembung pijet lan ingel-ingel (9), kalih tembung punika nggadhahi


teges ingkang sami inggih punika satunggaling katrampilan asta
ingkang saged dumadosaken awak dados kepenak. Dhata (10)
antawisipun tembung jaka lan mbujang anggadhahi teges ingkang sami.
Inggih punika para priya ingkang dereng krama.
c. Tembung kaliyan frasa utawi sawalikipun
Wonten ing saperangan tembang (11) ing inggil sinonimi
tembung kaliyan frasa ingkang awujud bokek lan ra duwe dhuwit
nggadhahi teges ingkang sami inggih punika boten wontenipun arta
utawi boten wontenipun piranti ingkang lumrahipun kangge dol tinuku.
Supados langkung gamblang anggenipun mirsani, ing ngandhap
punika sumadya tabel sinonimi ingkang wosipun jinis sinonimi lan tuladha
satuan lingualipun.
Tabel 2. Sinonimi
No.

Jinis
Cacah
Sinonimi

1.

Antawisi
pun
morfem

1. -Ku (LB/I/2)=aku (LB/III/2)


2. Aku(YITAL/I/2)=-ku (YITAL/II/4)

2.

Tembung
kaliyan
tembung

3.

Tembung
kaliyan

1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
1.

Tuladhanipun

Gandrung(IWS/I/1)=kepikat(IWS/I/3)
Mandheng(WK/III/3)=nyawang(WK/III/8)
Lintang(YITAL/I/1)=kartika(YITAL/II/2)
Tawang(YITAL/I/1)=akasa(YITAL/I/3)
Kakung(R/I/2)=priya(R/II/1)
Gemes(G/I/1)=mangkelake(G/I/3)
Ingel-ingel(TP/II/3)=pijet(TP/IV/2)
Jaka(KK/III/3)=mbujang(KK/IV/3)
Bokek(IWS/II/1)= ora duwe dhuwit
(IWS/IV/1)

57

frasa
Cacah Total

11 sinonimi

3. Antonimi
Antonimi ingkang wonten ing cakepan tembang-tembang Seleksi
Karaoke Keroncong Campursari 2002 inggih punika wonten ing ngandhap
punika.
(1)

Wis watake priya jare ngaku setya (JG/III/6)


Tekan dalan selewengan (JG/III/7)

(2)

Aku mung kudu narima (LB/IV/2)


Sapa kang bisa paring usada (LB/IV/3)

(3)

Yen kelingan mring sliramu....aduh (LB/I/1)


Apa sliramu wes lali tenan (LB/II/1)

(4)

Dek jaman berjuang njur kelingan anak lanang (CG/I/1)


Mbiyen ninggal janji ning saiki apa lali (CG/I/4)

(5)

Yen siyang tansah ngalela (LB/I/3)


Dalu datan bisa nendra (LB/I/4)

(6)

Bungah susah dilakoni (LB/II/4)

(7)

Abot entheng ta lakonane (WK/I/8)

(8)

Dhuwe bojo enom ta mas nyang ati susah (WK/V/3)


Bojo tuwa watuke kekel kesel mijeti (WK/V/4)

(9)

Biyen tak openi ning saiki ana ngendi (CG/I/2)

(10) Yen ngetan bali ngulon (JG/V/1)


(11) Awak adem panas (JG/V/6)
(12) Putrine ngger kang ayu rupane (AAL/I/3)
Putrine ngger kang ala rupane (AAL/V/3)

58

(13) Sing becik dienggo dibuwak barang sing ala (KK/I/4)


(14) Kakung putri ngagem busana kang edipeni (R/I/2)
(15) Tumuruna ana putri kang unggah-unggahi (AAL/I/2)
Nadyan ala menika kang putra suwun (AAL/VI/3)
(16) Ngguya ngguyu mesam mesem (R/II/4)
a. Oposisi mutlak (pertentangan teges sacara mutlak)
Wonten ing saperangan tembang (1) punika antawisipun
tembung setya lan selewengan nedahaken oposisi makna mutlak.
Amargi ing

tembung setya

lan

selewengan

boten

wonten

gradasinipun. Dhata (2) saperangan tembang ing inggil punika ugi


taksih kalebet oposisi mutlak. Tembung narima punika kosok
wangsulipun paring.
b. Oposisi kutub (oposisi ingkang boten nggadhahi sifat mutlak,
ananging nggadhahi sifat gradasi).
Saking dhata (3) lan (4) punika kalebet ing oposisi kutub.
Tembung-tembung punika boten asifat mutlak, ananging gradasi. Ing
antawis tembung-tembung punika taksih saged dipunseseli kadosta
tembung sanget, radi, lan langkung. Tembung kelingan lan lali
punika kalih tembung ingkang kosok wangsul. Kelingan anggadhahi
teges satunggaling prekawis ingkang taksih wonten ing penggalihipun
tiyang kasebat. Menawi lali punika satunggaling prekawis ingkang
sampun boten saged dipuneling utawi sampun boten wonten ing
penggalihipun tiyang kasebat. (5) kalebet oposisi kutub amargi ugi
saged kaseselan tetembungan sanget, radi, lan langkung. Siyang

59

inggih punika satungggaling wekdal nalika bumi angsal sinar saking


srengenge. Menawi dalu punika wekdal nalika posisi bumi wonten
ing sakwingkingipun srengenge. Mila namung angsal sinar saking
rembulan. Saperangan tembang ing inggil punika (6) ugi taksih
kalebet oposisi kutub. Tembung bungah lan susah punika saged
dipunparingi tembung sanget, radi, lan langkung. Menawi teges
saking tembung bungah piyambak punika ateges satunggaling
kahanan ati ingkang seneng boten wonten prekawis ingkang damel ati
susah utawi sedih. Menawi susah punika kosok wangsulipun.
Wonten ing saperangan tembang ing inggil ngetingalaken
wontenipun oposisi kutub. Antawisipun tembung abot lan entheng (7)
punika saged dipunparingi tembung rada, sanget lan langkung.
Saperangan tembang (8) punika enom lan tuwa kalebet oposisi kutub.
Punika saged dipunparingi tembung rada, sanget, lan langkung
kadosta rada enom, lan rada tuwa. Dhata (9) ing tembung biyen lan
saiki, ingkang negesaken wekdal ingkang benten. Menawi biyen
inggih punika kahanan ing wekdal rumiyin, saiki negesaken kahanan
ing wekdal sakpunika ingkang taksih kalampahan. Saking dhata (10)
punika kalebet oposisi makna kutub. Punika amargi ing tembung
punika saged dipunparingi tembung rada, sanget, lan langkung.
Tuladhanipun radi ngetan, lan ngulon sanget. Dhata (11) punika
saged dipunlebetaken ing jinis oposisi makna kutub amargi
antawisipun tembung adem lan panas wonten tembung anget. Saking

60

dhata (12) punika antawisipun ayu

lan ala punika ateges kosok

wangsul. Lan kalebet ing oposisi makna kutub amargi ing kalih
tembung punika saged dipunparingi tetembungan rada, sanget, lan
langkung. Wonten ing saperangan tembang (13) ing inggil punika
antawisipun tembung becik lan ala punika kalebet oposisi ingkang
kutub. Amargi ing tembung punika saged dipunparingi tembung rada,
sanget, lan langkung. Tuladhanipun rada ala, rada becik, lan becik
sanget.
c. Oposisi hubungan (oposisi ingkang nggadhahi sifat njangkepi
setunggal kaliyan sanesipun).
Wonten ing saperangan tembang (14) ing inggil punika
antonimi ketingal wonten ing tembung kakung putri. Tembung punika
kalebet oposisi hubungan amargi oposisi punika nggadhahi sifat
njangkepi setunggal kaliyan sanesipun. Tuladha sanesipun inggih
punika Bapak lan Ibu, Dosen lan Mahasiswa, ugi Dwija lan Murid.
Saking dhata (15) punika tembung putri lan putra kalebet oposisi
makna hubungan amargi oposisi punika nggadhahi sifat njangkepi
setunggal kaliyan sanesipun.
d. Oposisi majemuk (Oposisi ingkang kadadosan ing pinten-pinten
tembung (langkung saking kalih)
Wonten ing saperangan tembang (16) ing inggil punika,
seratan ingkang kacethak kandhel punika kalebet ing oposisi makna
majemuk.

61

Supados langkung gamblang anggenipun mirsani, ing ngandhap


punika sumadya tabel antonimi ingkang wosipun jinis antonimi lan tuladha
satuan lingualipun.
Tabel 3. Antonimi
No.

Jinis Antonimi

Cacah

Tuladhanipun
1. Narima(LB/IV/2)=paring(LB/IV/3)
2. Setya(JG/III/6)=selewengan
(JG/III/7)
1. Kelingan (LB/I/1)=lali (LB/II/1)
2. Kelingan (CG/I/1)=lali(CG/I/4)
3. Siyang(LB/I/3)=dalu(LB/I/4)
4. Bungah (LB/II/4)=susah(LB/II/4)
5. Abot (WK/I/8)=entheng(WK/I/8)
6. Enom (WK/V/3)=tuwa(WK/V/4)
7. Biyen(CG/I/2)=saiki(CG/I/2)
8. Ngetan(JG/V/1)=ngulon(JG/V/1)
9. Adem(JG/V/6)=panas(JG/V/6)
10. Ayu(AAL/I/3)=ala(AAL/V/3)
11. Becik(KK/I/4)=ala(KK/I/4)
. Kakung (R/I/2)=putri(R/I/2)
. Putri (AAL/I/2)=putra(AAL/VI/3)

1.

Oposisi Mutlak

2.

Oposisi Kutub

11

3.

Oposisi
Hubungan

4.

Oposisi
Majemuk

1. Ngguyu (R/II/4)=mesem(R/II/4)

Cacah Total

16 antonimi

4. Hiponimi
Hiponimi ingkang wonten ing cakepan tembang-tembang Seleksi
Karaoke Keroncong Campursari 2002 inggih punika wonten ing ngandhap
punika.
(1)

Ra perduli mbledhose gunung (IWS/I/2)


Ra perduli yen perang nuklir (IWS/I/4)
Ra perduli donyo kiamat (IWS/III/2)

62

(2)

Mabur maneh menclok ning pari (WK/I/2)


Walang abang menclok ning kara (WK/II/1)
Mabur maneh menclok wit jati (WK/V/2)
Mabur maneh menclok wit pete (WK/VI/2)

(3)

Yen ing tawang ana lintang cah ayu (YITAL/I/1)


Tresnaku sundul wiyati (YITAL/II/4)
Mega kartika kairing rasa tresna asih (YITAL/III/2)
Ngenteni mbulan ndadari (YITAL/IV/4)

(4)

Kendal kaline wungu (JG/I/1)


Semarang kaline banjir (JG/III/1)

(5)

Sawo kecik saka baliyasa (KK/II/2)


Tuku sawi ing kutha semarang (KK/IV/2)

(6)

Yen ngrujak rujako nanas (JG/V/3)


Aja ditambahi kweni (JG/V/4)

(7)

Klenting ijo iku kang dadi asmane (AAL/I/4)


Klenting abang iku kang dadi asmane (AAL/III/4)
Klenting kuning iku kang dadi asmane (AAL/V/4)

(8)

Bengi mikir mas, esuk sore mikir (KK/II/3)

(9)

Krecak krecek sapa sing krasa boyoke (TP/I/3)


Lembut hati bubar mijet nyiwel pipi (TP/IV/4)

(10) Irung mbangir duweke sapa ndhuk (IWS/V/1)


Lambe tipis duweke sapa ndhuk (IWS/V/3)
Gulu kuwi duweke sapa ndhuk (IWS/V/5)
Bangkekane duweke sapa ndhuk (IWS/V/7)
Saking dhata (1) frasa mbledhose gunung, ing antawisipun tembung
punika wonten gemblengipun, inggih punika tembung mbledhose mesthi
dipundhereki kaliyan punapa kemawon ingkang awujud bundher lan
ageng. Kadosta gunung, balon, ban, lan sapanunggalipun. Perang nuklir
ugi anggadhahi gegayutan kados mekaten, punapa kemawon ingkang
gegayutan kaliyan tembung perang mesthi kemawon nyariosaken
sawijining kadadosan ageng ingkang dumadosaken raos ajrih, lan ing frasa

63

donya kiamat gemblengipun punika saking tembung kiamat ingkang samisami nyariosaken sawijining kadadosan ingkang ageng lan medalaken raos
ajrih. Sedaya tembung ing inggil punika nggadhahi tembung minangka
hipernim utawi superordinat inggih punika mala (musibah). Wonten ing
saperangan tembang (2) tembung pari, kara, jati, lan pete ing inggil
punika nggadhahi tembung minangka hipernim utawi superordinatipun
inggih punika tetuwuhan. Menawi ing saperangan tembang (3) ing inggil
punika ingkang nedahaken hiponimi inggih punika tembung tawang,
lintang, wiyati, mega, kartika, lan bulan nggadhahi tembung minangka
hipernim utawi superordinatipun punika tata surya. Dhata (4) lan (5) ing
inggil

punika

nggadhahi

tembung

minangka

hipernim

utawi

superordinatipun inggih punika kutha. Menawi ing saperangan tembang


ingkang (6) hipernim saking tembung nanas lan kweni inggih punika wohwohan. Dhata (7) ing inggil punika nggadhahi tembung minangka
hipernim utawi superordinatipun inggih punika warna. Wonten ing
saperangan tembang (8) ing inggil punika nggadhahi tembung minangka
hipernim utawi superordinatipun inggih punika wekdal utawi wayah.
Menawi dhata (9) lan (10) ing inggil punika nggadhahi tembung minangka
hipernim utawi superordinatipun inggih punika peranganipun awak.
Punika nggadhahi ancas kangge nggayutaken teges ingkang sepadan
antawisipun tembung setunggal kaliyan tembung sanesipun, kanthi
mekaten ugi kangge nyengkuyung dumadosaken wacana supados
gembleng.

64

Supados langkung gamblang anggenipun mirsani, ing ngandhap


punika sumadya tabel hiponimi ingkang wosipun tembung-tembung
hiponim lan hipernimipun.
Tabel 4. Hiponimi
No.
1.
2.
3.

4.

Hiponimi
Mbledhose gunung (IWS/I/2), Perang
nuklir (IWS/I/4), Donya kiamat
(IWS/III/2)
Pari (WK/I/2), kara (WK/II/1), jati
(WK/V/2), pete (WK/VI/2)
Tawang (YITAL/I/1), lintang
(YITAL/I/1), wiyati (YITAL/II/4),
mega (YITAL/III/2), kartika
(YITAL/III/2), mbulan (YITAL/IV/4)
Kendal (JG/I/1), Semarang (JG/III/1)

Hipernimi
Mala
Tetuwuhan
Tata surya

Kutha

5.

Baliyasa (KK/II/2), Semarang


(KK/IV/2)

6.

Nanas (JG/V/3), kweni (JG/V//4)

Woh-wohan

Ijo (AAL/I/4), abang (AAL/III/4),


kuning (AAL/V/4)

Warna

8.

Bengi, esuk, sore (KK/II/2)

Wekdal/ Wayah

9.

Boyoke (TP/I/3), hati (TP/IV/4), pipi


(TP/IV/4)

Perangan awak

10.

Irung (IWS/V/1), lambe (IWS/V/3),


gulu (IWS/V/5), bangkekan(IWS/V/7)

Perangan awak

Kutha

5. Ekuivalensi
Ekuivalensi ingkang wonten ing cakepan tembang-tembang Seleksi
Karaoke Keroncong Campursari 2002 inggih punika wonten ing ngandhap
punika.

65

(1)

Yen ngrujak rujako nanas (JG/V/3)

(2)

Bengi mikir mas, esuk sore mikir (KK/II/3)


Kok ya kebangeten dipikir ora rumangsa (KK/II/4)
Oeng wong manis dadi pikiran (II/6)

(3)

Wis jamane dicelukake pijet wae (TP/I/4)


Sing dipijet bukan kayu bukan besi (TP/IV/2)
Lembut hati bubar mijet nyiwel pipi (TP/IV/4)
Wonten

ing saperangan

tembang (1)

ing

inggil

punika

gegayutaning tembung antawisipun ngrujak lan rujako sedayanipun


awujud saking tembung rujak. Dhata (2) punika gegayutaning tembung
antawisipun mikir, dipikir lan pikiran sedayanipun awujud saking tembung
pikir. Menawi dhata (3) ing inggil punika gegayutaning tembung
antawisipun pijet, dipijet lan mijet sedayanipun awujud saking tembung
pijet.
Supados langkung gamblang anggenipun mirsani, ing ngandhap
punika sumadya tabel ekuivalensi ingkang wosipun tembung-tembung
ekuivalensi lan tembung lingganipun.
Tabel 5. Ekuivalensi
No
1.
2.
3.

Tembung-tembung ekuivalensi
Ngrujak, rujako (JG/V/3)

Tembung lingga
Rujak

Mikir (KK/II/3), dipikir (KK/II/4), pikiran


(KK/II/6)

Pikir

Pijet (TP/I/4),
(TP/IV/4)

Pijet

dipijet

(TP/IV/2),

mijet

66

B. Pirembaganipun
Gemblenging lan kawentahanipun wacana salebeting cakepan album
Seleksi Karaoke Keroncong Campursari 2002 punika dipuasilaken saking
pinten-pinten aspek. Satunggaling aspek panyengkuyung punika inggih punika
kohesi leksikal, mujudaken aspek wujud sintaksial inggih punika unsur-unsur
wacana (tembung lan ukara) ingkang dipunginakaken kangge nyusun
satunggaling wacana punika gegayutan kanthi rumaket lan wetah. Wonten ing
ngandhap punika sedaya jinis kohesi leksikal badhe kaandharaken.
Miturut Sumarlam (2009: 35) , bentenaken kohesi leksikal dados enem
werna, inggih punika repetisi (pangambalan), sinonimi (padhan tembung),
kolokasi (sandhing tembung), hiponimi (hubungan inggil-andhap), antonimi
(kosok wangsul), lan ekuivalensi (paradikma). Saking panaliten ingkang
katindakaken asiling panaliten nedahaken gangsal jinis kohesi leksikal, inggih
punika repetisi, sinonimi, antonimi, hiponimi, lan ekuivalensi. Supados
langkung gamblang anggenipun mirsani ing ngandhap punika samoun
sumadya tabel asil saking panaliten.
Tabel 6. Dhata
Kohesi
Leksikal
Repetisi

Jinis

Cacah

a. Epizeuksis

b. Anafora

18

c. Epistrofa

d. Simploke

e. Mesodiplosis

11

Cacah
Total

45

67

f. Anadiplosis
Sinonimi

a. Morfem
(bebas)
morfem (terikat)

kaliyan

b. Tembung kaliyan tembung

Antonimi

2
8
11

c. Tembung kaliyan frasa

a. Mutlak

b. Kutub

11

c. Hubungan

d. Majemuk

16

Hiponimi

10

Ekuivalensi

3
Cacah sedaya dhata

85

68

BAB IV
PANUTUP

A. Dudutan
Adhedasar

analisis

ingkang

sampun

dipuntindhakaken

dening

pangripta, sapunika badhe dipunandharaken dudutan gegayutan kaliyan


prekawis-prekawis anggenipun damel skripsi kanthi irah-irahan Kohesi
Leksikal Cakepan Tembang-tembang Ing Album Seleksi Karaoke Keroncong
Campursari 2002 pramila saged kapendhet dudutanipun.
Gemblenging wacana ing album Seleksi

Karaoke

Keroncong

Campursari 2002 nggadhahi kekohesifan inggil, inggih punika gegayutanipun


tembung setunggal kaliyan tembung sanesipun. Rumaket sanget amargi
ngemot kathah kohesi leksikal. Kohesi leksikal inggih punika arupi repetisi
(pangambalan), sinonimi (padhan tembung), antonimi (kosok wangsul),
hiponimi (hubungan inggil-andhap), lan ekuivalensi (kasepadhanan). Kohesikohesi leksikal punika nggadhahi mupangat inggih punika kangge mujudaken
cakepan-cakepan tembang salebeting album punika minangka wacana ingkang
kohesif lan koheren.
Sesambetan kaliyan kohesi leksikal, ing kajian punika dipunpanggihi (i)
repetisi 45 dhata, (ii) sinonimi 11 dhata, (iii) antonimi 16 dhata (iv) hiponimi
10 dhata lan (v) ekuivalensi 3 dhata. Saking analisis punika, kohesi leksikal
ingkang asring dipunpanggihi wonten ing album Seleksi Karaoke Keroncong
Campursari 2002 inggih punika kohesi leksikal jinis repetisi. Repetisi punika
68

69

nggadhahi pangaribawa ingkang ageng, amargi lumantar saking repetisi


punika kula lan panjenengan saged mangertosi ciri khas utawi dumadosaken
gemblenging wacana tembang punika.
B. Pamrayogi
Sasampunipun numindhakaken analisis kohesi leksikal ing album Seleksi
Karaoke Keroncong Campursari 2002. Wonten pinten-pinten pamrayogi
kagem sedaya, ing antawisipun inggih punika:
1. Menawi badhe nganalisis babagan kados ing panaliten punika, kedahipun
panaliti mangertosi wosipun ingkang dipuntaliti lan kedah nguwaosi
materi ingkang dados dhasar panaliten.
2. Analisis kohesi leksikal ing album seleksi karaoke keroncong campursari
2002 saged dipunginakaken minangka paugeran utawi acuan mliginipun
ngenani analisis wacana bahasa lan sastra Jawa.
3. Pangripta nyuwun pangapunten dhumateng sedaya menawi ing panaliten
punika taksih tebih saking sampurna lan taksih kathah kekiranganipun,
mila pangripta ngaturaken maturnuwun dhateng sedaya ingkang maringi
panyaruwe dhateng panaliten punika.

70

KAPUSTAKAN
Chaer, Abdul. 2007. Kajian Bahasa. Jakarta: Rineka Cipta.
Depdiknas. 2005. Kamus Besar Bahasa Indonesia. Jakarta: Balai Pustaka.
Eriyanto. 2001. Analisis Wacana Pengantar Analisis Teks Media. Yogyakarta:
LKIS Yogyakarta.
Fananie, Zainuddin. 2001. Telaah sastra. Surakarta: Muhammadiyah University
Press.
Fatimah. 1994. Wacana. Bandung: Eresco.
Harjito. 2007. Melek Sastra. Semarang: Kontan Media.
Jorgensen, Marianne W dan Phillips, Louise J. 2007. Analisis Wacana.
Yogyakarta: Pustaka Pelajar
Mulyana. 2005. Kajian Wacana. Yogyakarta: Tiara wacana.
Prabowo, Dhanu Priyo. 2007. Glosarium Istilah Sastra Jawa. Yogyakarta: Narasi.
Purwadi. 2006. Seni Tembang. Yogyakarta: Tanah Air.
Rani, Abdul, dkk. 2006. Analisis Wacana. Malang: Bayumedia publishing.
Sobur, Alex. 2006. Analisis Teks Media. Bandung: Remaja Rosdakarya.
Sudaryanto. 1993. Metode dan Aneka Teknik Analisis Bahasa. Yogyakarta: Duta
Wacana University Press.
Suharianto. 1982. Dasar-dasar Teori Sastra. Surakarta: Widya Duta.
Sumarlam. 2003. Teori dan Praktik Analisis Wacana. Surakarta: Pustaka Cakra
2004. Analisis Wacana: Iklan, Lagu, Puisi, Cerpen, Novel, Drama.
Bandung: Pakar Raya.
2006. Analisis Wacana Tekstual dan
Universitas Sebelas Maret.

Kontekstual. Surakarta:

2009. Teori dan Praktik Analisis Wacana. Surakarta: Pustaka Cakra.


Tarigan, Henry Guntur. 1993. Pengajaran Wacana. Bandung: Angkasa.
Titscher, Stefan, dkk. 2009. Metode Analisis Teks dan Wacana. Yogyakarta:
Pustaka Pelajar.
Yatmana, Sudi. 2010. Geguritan Alam Sawegung. Yogyakarta: Elmatera
Publishing.
70

1. Cakepan tembang Iki Weke Sapa


I.

Wong yen lagi gandrung


Ra perduli mbledhose gunung
Wong yen lagi naksir
Ra perduli yen perang nuklir

II.

Nadyan lagi bokek


Direwangi nretek nretek
Jarene wes jodho
Apa-apa duweke wong loro

III.

Wong yen lagi kepikat


Ra perduli donya kiamat
Wong yen lagi nyenengi
Ra perduli lagi inflasi

IV.

Nadyan ra duwe dhuwit


Direwangi kredat kredit
Jarene wis jodho
Apa-apa duweke wong loro

V.

Irung mbangir, duweke sapa ndhuk


Irung mbangir iya duwekmu
Lambe tipis, duweke sapa ndhuk
Lambe tipis iya duwekmu
Gulu kuwi, duweke sapa ndhuk
Gulu iki iya duwekmu
Bangkekane duweke sapa ndhuk
Bangkekane iya duwekmu

VI.

Iki piye iki piye


Duweke sapa ndhuk
Mesthine ana sing duwe

2. Cakepan Tembang Lara Branta


I.

Yen kelingan mring sliramu, adhuh


Kadya rinujing atiku
Yen siyang tansah katon ngalela
Dalu datan bisa nendra

II.

Apa sliramu wes lali tenan


Dek semana nate janji
Sedya arep urip bebarengan
Bungah susah dilakoni

III.

Nanging aku ora ngira


Yen sliramu bakal cidra
Bareng saiki wis mulya
Banjur krama ora nganggo kandha-kandha

IV.

Wis pestine lelakonku, adhuh


Aku mung kudu narima
Sapa kang bisa paring usada
Nggonku nandhang lara branta

3. Cakepan tembang Walang Kekek


I.

Walang kekek menclok ning tenggok


Mabur maneh menclok ning pari
Aja ngeyek ya mas karo wong wedok
Yen ditinggal lunga setengah mati
E..ya..ye...ya...e...ya
E..ya..ye..yae..ya..yo..yayo
Omah gendheng ya mas ta sapunane
Abot entheng ta lakonane

II.

Walang abang menclok ning kara


Walang biru walange putih
Bujang manis ya mas ora ngluyura
Sing wis duwe putu ora tau mulih
E..ya..ye..ya..e..ya
E..ya..ye..yae..ya..yo..yayo
Andheng-andheng ya mas ana pilingan
Aja dipandheng mundhak kelingan

III.

Walang ireng mabur mbrenggenggeng


Walang ireng dawa sotange
Yen dha seneng ya mas aja mung mandheng
Golekana ngendi omahe
E..ya..ye...ya...e...ya
E..ya..ye..yae..ya..yo..yayo
Bisa nggambang ya mas ora bisa nyuling
Bisa nyawang ora bisa nyanding

IV.

Walang kekek walange kayu


Walang kayu tiba nang lemah
Yen kepingin ya mas arep melu aku
Yen mung trimo tak kon jaga omah
E..ya..ye...ya...e...ya
E..ya..ye..yae..ya..yo..yayo
Walang kekek ya mas walange kadung
Walang kekek dereng rampung

V.

Walang kekek menclok ning sawah


Mabur maneh menclok wit jati
Duwe bojo enom ya mas nyang ati susah
Bojo tuwa watuke kekel kesel mijeti
E..ya..ye...ya...e...ya
E..ya..ye..yae..ya..yo..yayo
Mikul suket ya mas di entul-entul
Senenge banget ora bisa kumpul

VI.

Walang kekek menclok ning tampah


Mabur maneh menclok wit pete
Sumungkena mring gusti Allah
Nindhakake dhawuh-dhawuhe

4. Cakepan tembang Caping Gunung


I.

Dhek jaman berjuang njur kelingan anak lanang


Biyen tak openi ning saiki ana ngendi
Jarene wis menang keturutan sing digadang
Biyen ninggal janji ning saiki apa lali

II.

Ning gunung tak cadongi sega jagung Yen


mendhung tak silihi caping gunung Syukur
bisa nyawang gunung ndesa dadi reja Dene
ora ilang nggone padha lara lapa

5. Cakepan tembang Yen ing Tawang Ana Lintang


I.

Yen ing tawang ana lintang cah ayu


Aku ngenteni tekamu
Marang mega ing angkasa nimas
Sun takoke pawartamu

II.

Janji-janji aku eling cah ayu


Sumedhot rasaning ati
Lintang-lintang ngiwi-ngiwi nimas
Tresnaku sundul wiyati

III.

Dhek semana janjiku disekseni


Mega kartika kairing rasa tresna asih

IV.

Yen ing tawang ana lintang cah ayu


Rungokna tangising ati
Binarung swarane ratri nimas
Ngenteni mbulan ndadari

6. Cakepan tembang Lela Ledhung


I.

Tak lela lela lela ledhung


Cep meneng aja pijer nangis
Anakku sing ayu rupane
Yen nangis ndhak ilang ayune

II.

Tak gadang bisa urip mulya


Dadiya wanita utama
Ngluhurke asmane wong tuwa
Dadiya pandekaring bangsa

III.

Wis cep menengo anakku


Kae mbulane ndadari
Kaya buto nggegilani
Lagi goleki cah nangis

IV.

Tak lela lela lela ledhung


Enggal menengo ya cah ayu
Tak emban slendang batik kawung
Yen nangis mundhak ibu bingung

7. Cakepan tembang Jangkrik Genggong


I.

Kendal kaline wungu


Ajar kenal karo aku
Lelene mati digepuk
Gepuk nganggo walesane
Suwe ora pethuk
Ati sida remuk
Kepethuk mung swarane

II.

(E...yae...yae...e...ya...e...yae..yae..yae)
Jangkrik genggong jangkrik genggong
Luwih becik omong kosong

III.

Semarang kaline banjir Ja


sumelang ra dipikir Jangkrik
upa saba ning tangga
Malumpat ning tengah jogan
Wis watake priya
Jare ngaku setya
Tekan dalan selewengan

IV.

(E...yae...yae...e...ya...e...yae..yae..yae)
Jangkrik genggong jangkrik genggong
Wani nglirik sepi uwong

V.

Yen ngetan bali ngulon


Tiwas edan ora kelakon
Yen ngrujak ngrujako nanas
Aja ditambahi kweni
Kene tiwas nggagas
Awak adem panas
Jebul ana sing nduweni

VI.

(E...yae...yae...e...ya...e..yae..yae..yae)
Jangkrik genggong jangkrik genggong
Sampun cekap mangsa baron

8. Cakepan tembang Resepsi


I.

Yen pinuju angrawuhi ing malam resepsi


Kakung putri ngagem busana kang edipeni
Para putri sami lenggah jejer katon rapi
Yen sinawang nganti kaya kontes widodari

II.

Para priya lenggahe


Rada adoh sak wetara
Utak-atik lirak-lirik
Ngguya-ngguyu mesam-mesem
Sajak arep mundhut lagu

III.

Sinten niku lenggah pojok ndelik ana mburi


Menga-mengo sajake kok ana sing diwedeni

9. Cakepan tembang Andhe-andhe Lumut


I.

Putraku si andhe, andhe-andhe lumut


Temuruna ana putri kang unggah-unggahi
Putrine ngger kang ayu rupane
Klenting ijo iku kang dadi asmane

II.

Dhuh ibu kula dereng purun Duhh


ibu kula mboten medhun Nadyan
ayu sisane si yuyu kangkang

III.

Putraku si andhe, andhe-andhe lumut


Temuruna ana putri kang unggah-unggahi
Putrine ngger kang ayu rupane
Klenting abang iku kang dadi asmane

IV.

Dhuh ibu kula dereng purun Dhuh


ibu kula mboten medhun Nadyan
ayu sisane si yuyu kangkang

V.

Putraku si andhe, andhe-andhe lumut


Temuruna ana putri kang unggah-unggahi
Putrine ngger kang ala rupane
Klenting kuning iku kang dadi asmane

VI.

Dhuh ibu kula inggih purun


Dhuh ibu kula badhe medhun
Nadyan ala menika kang putra suwun

10. Cakepan tembang Kecik-kecik


I.

Kecik-kecik kecike manila ya mas ya


Prayogane tumrap para mudha
Mbesuk dadi mas wong kang dipercaya
Sing becik dienggo dibuwak barang sing ala
Oeng kecik-kecike manila
Oeng yen kasep njur aja gela

II.

Kecik-kecik diwadhahi takir ya mas ya


Sawo kecik saka baliyasa
Bengi mikir mas, esuk sore mikir
Kok ya kebangeten dipikir ora rumangsa
Oeng kayune ukir-ukiran
Oeng wong manis dadi pikiran

III.

Kecik-kecik kecike manila ya mas ya


Sawo rontok tibane nang banyu
Mbiyen ngaku mas jare isih jaka
Ning bareng ketemu haroto anake wolu
Oeng ana grumbul dalan luwak
Oeng yen durung bejane awak

IV.

Kecik abang kecik sawo gunung ya mas ya


Tuku sawi ing kutha semarang
Urip mbujang mas kok rasane bingung
Bareng arep rabi haroto reregan larang
Oeng kecike digondhol wulung
Oeng dhuwit sithik sing nginger bingung

11. Cakepan tembang Gemes


I.

Ah gemes aku, gemes aku


Yen eling marang sliramu
Ah mangkelake
Bola bali kok mung kuwi pitakone

II.

Ah gemes tenan
Yen ngendhikan astane melu kluyuran
Ah mangkelake
Durung-durung werna-werna panjaluke

III.

Lho lho lho mengko dhisik


Lho lho lho mengko ndak kecelek
Lho lho lho ja kesusu
Lho lho lho mundhak geguyu

IV.

Ah gemes aku, gemes aku


Yen maca meneh layangmu
Ah mangkelake
Ning jan-jane mung nambahi kangen wae

12. Cakepan tembang Tukang Pijet


I.

Kecrak kecrek turut pinggir dalan gedhe


Wes adate tukang pijet golek gawe
Kecrak kecrek sapa sing krasa boyoke
Wis jamane dicelukake pijet wae

II.

Ngendi wae wis carane aja diece


Yen beneran awak lungkrah bisa sumiyah
Boyoke pegel awak kesel di ingel-ingel
Yen ra ngandhel aja mangkel mundhak kogel

III.

Ngendi wae wis carane aja diece


Yen beneran awak lungkrah bisa sumiyah
Ra sah meri wong saiki akeh sing lali
Jare gengsi jebul mikirke sing siji

IV.

Kecrak kecrek tukang pijet masa kini


Sing dipijet bukan kayu bukan besi
Kecrak kecrek tukang pijet kelas tinggi
Lembut hati bubar mijet nyiwel pipi

You might also like