You are on page 1of 3

KERJA BARENG

Ana ing sawijining desa ana pemuda kang wus akrab banget, yaiku
Sardi lan Jono. Bocah loro iku seneng banget nggawe ulah. Sampek
kanca-kancane sing liya ora gelem nyedhek amarga mesthi diusili.
Wektu iku sawise sekolah Sardi ngampiri Jono.
Sardi
Jono
Sardi
Jono
Sardi
Jono
Sardi
Jono
Sardi
Jono

: Jon, ayo engko dolan ! ( Nggeplek pundake Jono)


: Gaweanmu dolan ae . Koyo wong pinter wisan.
: Halah gayamu, gelem opo ora kowe ?
: Dolan nyandi lho ?
: Yo emboh... Pokoke dolan ben koyo cah gaul ngono lho...
: Emmm.. ayo lek ngono. Tapi wegah aku lek sampek
maghrib eneh !
: Hehehe, ora-ora.
: Gek nggawa duit opo ora ?
: Halah, kuwi dirembug engko ae... Yo wis aku arep
mulih ( Mlaku ngadohi jono )
: Oke-oke.... Engko kowe neng o omahku.

Sawise iku Sardi lan Jono dolan. Sardi lan Jono ora kelingan yen iki
mau wayahe kelompok drama B. Jawa kanggo ujian praktek kelas 3.
Ing sawijining panggon, Deni lan Parman nunggu bocah loro maeng.
Bocah loro kuwi ora ngerti marang ngendi parane Sardi lan Jono.
Parman
Deni
Parman
Deni
Parman
Deni
Parman
Deni
Parman
Deni

: He, enek sing ngerti Sardi karo Jono ?


: Lha yo nangndi cah loro ki, maeng opo ndak krungu
di omongi...
: Opo jajal diparani neng omahe ?
: Omahe sopo ?
: Yo omahe Jono ae sing enek wong tuwane
: Lek ora enek piye ? Gek iki urung latihan blas lho...
: Halah kuwi masalah keri, sing penting anggotane wis
enek kabeh.
: Yo wis kowe rono ae, aku neng kene karo nggae
naskah dramane, piye ?
: Hmmm, yo lekno. Sing apik lho yo critane ?
: Oke bos.....

Banjur Parman mara menyang omahe Jono. Ing kono Parman ora
nemoni sopo-sopo. Akhire Parman mbalik maneh lan nerusake nggawe
teks drama karo Deni. Akhire ditunggu sampek maghrib Sardi lan Jono
ora ana ketok.

Deni
Parman
Deni
Parman
Deni
Parman

: Piye bocah iki ? kok ora enek ketok ?


: Lha yo piye neh, lek panggah ora gelem kelompok yo
golek liyane ae.
: Nah, setuju aku. Yo wis aku pamit. Ki mesthi wong
tuwaku wis nggoleki.
: Oke, dirembug sesuk neng sekolahan ae. Bocahe ditakoni.
: Eh iyo, ojo lali sesuk nggawa gitar gae musicale.
: Gampang, yo uwis ndang muliho.

Deni mulih amarga wis maghrib. Sesuke neng sekolahan Deni lan
Parman rembugan bab drama B. Jawa. Kanggo ngisi waktu ngenteni
Jono lan Supardi bocah loro kuwi ngrembug musik kang bakal digawe.
Parman
Deni
Parman
Deni
Parman
Deni
Parman
Deni
Parman
Deni
Parman
Deni
Parman
Deni
Parman
Deni

: Ayo sakiki nggawe musik kanggo dramane. Sing tentang


lagu daerah ae.
: Yo angel lho kuwi, lha kowe opo iso ?
: Jajal kene aku (njupuk gitar saka tangane Deni)
: Halah kemiso, jajal piye....
: (nyanyi gundul-gundul pacul)
: Hahaha, kuwi rak yo tembang dolanane bocah lho...
: Sing penting lagu daerah lho...
: Ojo, diganti liyane ngono lho.
: Jajal kowe iso opo ora ? (ngekekne gitar marang Deni)
: (Main gitar)
: Lha kuwi opo ora yo lagu pop.... hahaha
: Hahaha, lha aku ora iso lho..
: Kene lek ngono aku ae.
: (Ngekekne gitar) Aku sing nyanyi yo ?
: (Nyanyi karo Deni)
: Haha, apik kuwi... yo uwis nggae kuwi ae...

Sing ditunggu-tunggu mara-mara teko karo mlayu. Ora rumangsa


yen ditunggu.
Jono

: Heh, bocah-bocah wes podo latihan drama Bahasa Jawa,


kelompoke awake dhewe piye ?
Deni lan Parman : Trus gue harus bilang wow gitu ? wow
Supardi : Heladalah, iki tenanan lho...
Parman : Lha kowe dhek wingi nyandi ae ?
Supardi : Nyapo aku sing kok takoni....
Parman : Lha wayahe kan kelompok, kowe yo wis diomongi...
Supardi : Kapan lekmu omong ? ( mulai nesu )

Parman : Ow, kowe wis pikun yo ?


Pak Guru : He he, enek opo iki ?
Deni
: Niki, Pak. Sardi kalih Jono dhekwingi mboten purun
kelompok drama.
Pak Guru : Weh weh, lha nyapo kok ora kelompok ki ?
Jono
: Lha ancen ora diomongi to, Pak.
Pak Guru : Iyo to le ? Ora kok omongi ?
Deni
: Sampun, Pak. Tapi mboten dugi.
Pak Guru : Lha kwi kowe ora teko...
Jono
: Ora diomongi, Pak.
Pak Guru : Halah wis ora usah ngeyel, ndang gek kelompok
Sawise ngono, bocah papat kelompok nggae drama. Amarga gotong
royong akhire kelompoke iso nampilake drama kang apik lan akeh
kanca-kancane sing seneng.
Parman : Apik banget gayamu cah, jan pantes dadi artis.
Deni
Parman
Sardi
Parman
Pak Guru
Sardi

: Lho yo jelas lah, sopo disek...


: Di, Jon, nyapo meneng ae ki.... wis berhasil lho
: Aku njaluk sepuro yo, Man.
: Halah, ora opo-opo.... Sing penting iki wis sukses.
: Lha yo ngono, lek gotong royong bareng kan iso apik hasile
: Kula nyuwun pangapunten, Pak. Nika sampun
mboten sopan kalihan bapak.
Jono
: Kula nggih, Pak.
Pak Guru : Yo wis ora opo-opo. Makane ojo diterusne lekmu ndugal ki.
Sardi lan Jono mulai ngrubah sikape. Pirang wulan sawise kuwi
bocah papat maeng oleh nilai Ujian kang paling apik dhewe. Gotong
royong lan kerja keras iku bisa ndadekake semubarang gawe dadi
gampang lan oleh hasil kan muasne.

You might also like