You are on page 1of 5

Serie No.

1289

_____________

Serie No. 1289

Babad Tanah Jawi


Jilid: 1
Nyariyosakn sajarah
wiwit saking Nabi Adam dumugi para dewa,
lajng para ratu ing tanah Jawi wiwit saking
Bathara Brama sarta Bathara Wisnu
dumugi nagari Pajajaran tuwin madgipun
nagari Majapait.

Bale Pustaka
------------------- 1939
Batawi Sntrm

Wwnangipun ingkang ngarang


kaayoman miturut anggr ingkang
kapacak ing Statsblad 1912 No. 600

Bbuka
Srat Babad Tanah Jawi punika kathah.
Ingkang sampun kacap, kaumumakn

wontn, ingkang drng kacap utawi botn


badhe kacap pintn-pintn, pinanggih
wontn ing pasimpnanipun para spuh,
ingkang angsalipun saking tilaranipun para
lluhur ingkang sampun botn wontn, sarta
ingkang badhenipun kawarisakn dhatng
anak putu ingkang kantun. Dene para lluhur
anggnipun sami simpn Srat Babad Tanah
Jawi wau, sakawit inggih saking nurun srat
babad gadhahanipun sans. Turunanipun
gntos katurun ingkang sami kapengin
gadhah, lajng katdhak ing sans, lumuntalunta ngantos dados pintn-pintn kadosdene
wontnipun samangke.
Mnggah sdyanipun anggnipun sami
nurun utawi ndhak wau, sakawit inggih
namung badhe kangge simpnan piyambak,
kangge waosan piyambak utawi nyngkanipun
kangge waosanipun anak putu. Rhning
makatn, dados pandhakipun inggih namung
saskecanipun, manut kajng utawi
snngipun piyambak, manawi mrangguli
ingkang kamanah lpat, dipun lrsakn,
manawi kamanah kirang, dipun wwahi,
[wwah...]
--- 1 : [4] --[...i,] sapiturutipun. Mila inggih botn
anggumunakn, dadosipun samangke Srat
Babad Tanah Jawi wau inggih warni-warni
sangt. Ugr wontn ingkang gadhah mh
kenging kajibakn tamtu beda kalihan
gadhahanipun sans. Angl sangt badhe
anyumrpi utawi pados pundi ingkang taksih
baku. Kangge anggampilakn pamilih wau,

ingkang prayogi piyambak sasagd-sagd


inggih pados ingkang spuh. Tata lairipun
barang spuh punika drng kathah ewahipun.
Sasampunipun gadhah ancr-ancr pamilih
ingkang spuh, manawi sagd inggih lajng
madosi wontn ing papan dununging asalipun,
inggih punika ing karaton Jawi. Awit Srat
Babad Tanah Jawi punika dumadosipun tamtu
wontn ing karaton. Sarhning sami-sami
karaton, karaton ing Surakarta punika ingkang
spuh piyambak, mila pthkipun inggih ing
ngriku punika dununging Srat Babad Tanah
Jawi ingkang upaminipun sampun botn baku,
inggih drng kathah onyanipun saking
ingkang baku.
Kalrsan, bibliotik ing Ldhn ing nagari
Walandi anggadhuh nyimpn srat wau,
gadhahanipun pamarentah Walandi,
pisungsung saking Ingkang Sinuhun Kangjng
Susuhunan Pakubuwana VII, tur tdhakanipun
sungging wontn ingkang sampun dumugi ing
Ngayogyakarta, ing bibliotikipun Tuwan Dr. Th.
Pigeaud.
--- 1 : [5] --Dening Bale Pustaka srat wau lajng
dipun panggih, ingkang lajng kawdalakn
samangke punika.
Manawi katandhing kalihan srat babad
sansipun, utawi Srat Babad Tanah Jawi
ingkang sampun sumbar, botn namung
katingal bedanipun kemawon, nanging ugi
katingal mnangipun spuh, sarta cara
tiyangipun mangangge makatn mnang

cancut, mnang singst, sarta mnang runtut.


Ewadene sanajan sarwa singst, manawi
sawg nyariyosakn llampahan utawi
kawontnan ingkang kamanah di tuwin pni,
tlsih utawi andharipun inggih botn
anguciwani.
Mila sthining manah, Bale Pustaka
anggnipun ngdalakn Srat Babad Tanah
Jawi punika kajawi niyat mwahi waosan utawi
ssrpanipun bngsa Jawi, ugi niyat mmtri
tilaranipun pujngga kina ingkang pants
dipun paptri.
Mugi-mugi ancasipun Bale Pustaka ingkang
samantn wau kasmbadana.
Bale Pustaka
--- 1 : [6] ---

You might also like