You are on page 1of 3

XII IPA 3

Pak Bawa :
Pak Guru :
Yani : A`yunil Khatimah (04)
Ibu : Atriyusri Hanafah (03)

Pengen Nyindhen

Nalika Yani taren marang bapake arep latihan nyindhen, sakala wong tuane kakung
iku ora nyarujuki. Pak Bowo , bapake Yani iku mampang-mampang raine nganti abang
mbranang. Wangsulane sora setengah nggetak.

Bapak : “Ora bisa ! Bocah wedhok kok arep dadi sindhen.Mengko rak ora kajen!”

Yani : “Tiyang kula remen nyekar kok Pak, menapa kepareng pak kulo latihan nyanyi
ndhangdut kemawon?”

Bapak : “Piye…?? Kowe arep nyanyi ndhangdut? Wong dadi pesinden sing ora megal-megol
wae ora lilo, kok malah arep nyanyi ndhangdut. ORA KENO!!.”

Yani : “Yen ngaten nggih latihan nyindhen mawon nggih Pak?”( Yani iseh mekso marang
bapake)

Ibu : “Hooh pak, mbok yo dituruti wae,la wong mbiyen ki si Yani tau juara.” (pituture
ibu)

Yani : “Leres pak. Lajeng Pak Guru dhawuh supados kulo latihan nyindhen kemawon.”

Bapak : “Kowe ki juara nembag?? Kapan kuwi?”

Yani : “Dereng dangu Pak!”

Ibu : “Kiro-kiro wis sewulan nanging ora matur bapak.”

Bapak : “O…ngono to. Terus.. Pak Gurumu ndhawuhi latihan nyinden, ngono po?”

Ibu : “La iyo…! Panjenengan mboten pirso nopo bilih suarane Yani ki apik?”

Bapak : “Yo… memper yen suarane apik, la wong ibu kwi mbiyen penyanyi.”(setengah
mangkel)

Ibu : “La iyo…, mulane mbok yo disaguhi wae.”

Yani : “Inggih pak, angsal nggih Pak?”

Bapak : “E…e…e…,yo tak pikire sikek. Engko bengi tak sholat istiqaroh. Gugah yo
Bu!”(lungo mlebu kamar)

Sawise matur karo bapake, Yani banjur mator kalih Pak Guru bilih bapake durunng
maringi idin. Yani nyuwun supoyo Pak Guru ngrewangi matur dumateng bapake. Pak Guru
nyaguhi kekarepane.
Rong dhino sawise,

P.Guru : “Kulo nuwon..!”

Bapak : “Sinten nggih…?”(sambi mbukak lawang)

P.Guru : “Oh…Pak Dal..monggo mlebet!”

P.Guru : “Nggih…matur suwun.”

Bapak : “Monggo lenggah rumiyen Pak!”

P.Guru : “Nggih…!”

Bapak : “Wonten kerso menapa nggih Pak? Kok kadingaren tindhak mriki?”

P.Guru : “Dhumateng Bapak Bowo, sowan kulo mriki sapindah badhe silaturahmi
saklajengipun kulo badhe tanglet kahananipun Yani.”

Bapak : “Wonten menapa nggih Pak kaliyan Yani?”

P.Guru :”Nggih mengkaten Pak, kulo niku menawi mulang Yani Basa Jawa ing sekolah,
mreksaninputranipun panjenengan niku sae suwantenipun menawi nembang jawi. Lan
kulo tanglet dhumateng si Yani yen bocahipun remen dados sindhen.”

Bapak : “Injih napa Pak?”

B.Guru: “Sakestu Pak.”

Bapak : “Hmmm…Mekaten Pak Guru, kulo niku estunipun remen yen anak kulo niko
sakmangke sakwise lulus SMA saget nerusaken dados guru lan nyuwun ngapunten
mboten dados sindhen.”

P.Guru : “Oh…mekaten nggih Pak, menawi kulo angsal mangertos dados guru menapa nggih
Pak?”

Bapak : “Hmmm…pokok e dados Guru…Pengen kulo niku, uripe anak kulo mangkeh luweh
sae kaliyan sakniki.”

P.Guru : “Menawi kulo angsal urun tembung, sakwise lulus SMA mangkeh putrine
panjenengan saget nerusaken wonten ing UNY jurusan Basa Jawi. Mangke Yani saget
daos guru lan golek ngelmu bab pasindhenan menapa dhene ingkang diremenake.”

Bapak : “Pripun niku prespeke?”(miker suwe)

P.Guru :”Insyakallah ageng Pak. Itung-itung mangke Yani sage nguri-uri kabudayan Jawi.

Bapak : (Miker suwe)

“Bismillah,mugi-mugi niki wangsulan padonga kulawau ndalu.”

P.Guru : “Alhamdulilah, nggih mangke saged dirembag malih kaliyan Ibu lan Yani.

Bapak :(manthuk) Nggih…”

P.Guru : “Nggih Pak, ngoten mawon, kulo nyuwun pamit dhumateng Bapak sakaluarga.”
Bapak : “Ooo…nggih…matur nuwunsanget nggih Pak… Nyuwun ngapunten malah mboten
disuguh.”

P.Guru : “Mboten napa-napa Pak. Mangga…paring Pak.! Asslamualaikum.”

Bapak : “Wassalamualaikum, ngatos-atos Pak.”

Sawise Pak Guru kondor, bapak, ibu Bowo, lan Yani podho rembugan babagan
kekarepane Yani. Lan pungkasane Pak Bawa sarujuk Manawa Yani dados sinden lan
nerusaken ing UNY jurusan Basa Jawa.

Limang tauh candhake anake Pak Bawa iku wis namatak SMA lan nerusake ing
UNY,kajawi kuwi Yani uga dados swarawati. Yani dadi waranggana sing kondhang. Dadi
swarawati dhalang sing kondang-kondhang, malah kepara wis rekaman ing kaset-kaset. Yen
kelingan jaman menggak Yani latihan nyindhen, Pak Bawa mung mesam-mesem nggeguyu
awake dhewe.Saiki atine adhem ora koyo jaman ngelingake Yani.

You might also like