You are on page 1of 3

Sambutan Malam Midodareni

Atur Pambagyo :
Nuwun Bapak lan Ibu …..(orang tua pengantin putri) ingkang binerkahan sihing Gusti
ingkang murbeng dumadi. Ingkang wiwitan, keparengan kula minangka sesulihanipun
calon pengantin kakung, ingih punika Bpk./Ibu ...... (orang tua calon pengantin putra)
sarimbit ngaturaken salam pambagyo sugeng dalu, mugi-mugi Bapak saha Ibu …..(putri)
dalah lumebering para putra lan sanak kadang tansah binerkahan lan pinayungan sihing
Gusti Kang Murbeng Dumadi, satemah tansah manggih rahayu widodo, nir ing
sambekala.

Inggih margi saking berkah lan lubering sih Gusti, mugi-mugi punapa kemawon ingkang
sampun jinangka lan rinancang ing Dalu Midadareni punika sageda kaleksanan punapa
ingkang dados kersaning Bapak/Ibu …..(putri) tanpi pambengan satunggal punapa.

Makaten ugi, inggih saking sihing Gusti Kang Maha Asih, Bapak/Ibu …(putra) sarimbit
dalah putra-putra, sanak kadang lan brayat sanesipun, inggih pinaringan rahayu widodo
satemah saged gumrudug tanpa larapan nderek sowan minangkani undanganipun
Bapak/Ibu….(putri) ing dalu punika.

Nering Pasewakan :

Wondene punapa ta ingkang dados nering manah Bapak/Ibu …..(putra) sakrimbit sowan
ing ngarsanipun Bapak/Ibu …..(putri) ing dalu midodareni punika wosing saged kapèrang
dados kalih perkawis :
1. Ingkang wiwitan. Sarehning mbenjing enjang punika kang putri sulistya, pun rara ….
(nama calon pengantin putri) bade nampi daup suci ing ……kaliyan lare kula kasebat
pun bagus …(nama calon pengantin putra), pramila ing dalu midodareni punika, perlu
kula nyowanaken lare kula punika minangka kangge ambuktekaken menggah calon
pengantin kakung saestu sampun siyaga ing damel, lan ingih nyata larenipun wonten.

Mugi-mugi kawontenan ingkang makaten punika saged ndadosaken raos plong


wonten ing manah Bapak saha Ibu …..(putri)

2. Dungkap perangan ingkang kaping kalih, keparengan kula minangka sesulih ing dalu
midaraneni punika, nedya angleluri kabudayan Jawi ingkang sampun lumampah ing
duk nguni ngantos wekdal samangke, minangkani tata-cara limrahipun priyantun
ingkang bade bebesanan. Pramila, sakderenginpun keparenga kula nyuwun sih
gunging pangaksami dene kula lumancang kumowantun badhe nyaosaken pratanda
sih dumateng Bapak/Ibu …..(putri) minangka paningset kang putrid pun rara …(nama
putri) arupi sinjang (atau benda lainnya) dalah uba rampe kadosdene ingkang sampun
kawrat ing dlancang katur.

Sedaya punika minangka sarana singsetaning rembag antawisipun panjenengan


Bapak …(putra) kekalih kaliyan panjenenganipun Bapak-Ibu …..(putri) kekalih
ingkang bade mala-kramaaken putranipun jaler Bagus ………pikantuk pun Rara …..
Boten sanes bab punika mugia andayanono dumateng calon temanten kekalih tansah
pinayungan dening Gustti, tulus widodo, ngetrepi idam-idamanipun saha kersaninpun
para sepuh.

Wasana, mbok bilih kuciwaning atur saha meranging tata-krama ingkang nuwuhaken
mboten sarju saha renaming penggalih panjenenganipun Bapak-Ibu ……(putrid),
kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami

(Pembicaraan dihentikan sebentar untuk acara “Serah-serahan”. Ibu …(putra) dan ibu
diminta berdiri di depan. Ibu …(putra) dan ibu-ibu lainnya rombongan pengantin
putra menyerahkan barang bawaannya ke atas meja).

3. Srah-srahan :
Ibu …..(putra) mengatakan :
Ibu …..(putri) kang kinasih, kersaa Ibu nampeni pratanda sih trisno punika
minangka sarana singsetan rembag antawisipun kulawarga kula kaliyan kulawarga
Ibu….(putri) kanthi pamuji mugi-mugi cecaos punika andayanana dumateng calon
temanten kekalih.

Sumangga panjengan tampi

Ibu ….(putri) mengatakan :


Ibu ….(putra) kang kinasih, paringipun pratanda sih tresna minangka singseting
rembag kita kekalih, yektos sampun kula tampi kanthi lega-legawaning manah.
Mugi-mugi bab punika sageda handayani dumateng calon temanten kekalih murih
tansap pinayungan sihing Gusti, tulus widada, kados mimi lan mintuna, anggenipun
minangkani kersanipun para sepuh. Nuwu

4. Atur Pungkasan :
Gandeng sampun dumugi ing paripurnaning sedaya atur, pramila pangendikan
sinegeg dumudi semanten rumiyin lan mbok bilih wonten atur kula saklimah kalih
klimah ingkang mboten cumondong kaliyan kersanipun Bapak-Ibu …..(putri),
mboten namung panyuwun kula kersaa Bapak lan Ibu ….(putri) paring lubering sih
pangaksami.

Kejawi saking punika, gandeng kula kekalih rumaos wonten gandeng cenengipun
kaliyan pahargyan dalu midodareni punika, mboten wonten lepatipun menawi kula
sakbrayat nderek ngaturaken gunging panuwun dumateng para tamu undangan lan
para saderek sanak kadang ingkang sampun ngrawuhi lan nedya nyengkuyung
pahargyan dalu midadareni punika.

Ugi boten kesupen, kula minangka sesulih nderek bingah lan ngaturaken gunging
panuwun dumateng Bapak ….. ingkang badhe nedar upacara/pengajian ing dalu
punika.
Kados sampun sakmanten atur kula, lan wekdal kula aturaken malih dumateng
pranata cara (MC).

Nuwun.

You might also like