You are on page 1of 3

Rara Jonggrang

Haryo Wibakso duwe gawe. Nggelar sukuran anggone diangkat dadi pejabat eselon
ing papane nyambut gawe.
Ora baen-baen, kanggo nambahi semuwane acara kuwi, Den Haryo, ngono sebutane ana
kampung, sengaja nanggap kethoprak kondhang saka tlatah Tulungagung, Jawa Timur.
Jam pitu luwih sethithik tamu-tamu undangane Den Haryo wis wiwit teka, mbrubul kaya
laron.
Sanadyan kursi sing disedhiyakake wis lumayan akehe, ewosemono sajak ora ngemot tamu-
tamu sing teka ing bengi kuwi.
Sawise suguhane banyu mili lan acara mbaka acara sukuran ditindakake, udakara jam 20.30
pagelaran kethoprak sing bengi kuwi mbabar lakon Rara Jonggrang diwiwiti.
Adegan mbaka adegan lumaku jumbuh pakem. Kahanan kuwi njalari atusan mripat prasasat
ora kedhep.
"Jonggrang, aku banget tresna marang sliramu," tembunge Bandung Bandawasa adreng.
"Apa buktine yen sliramu tresna?" wangsulane Jonggrang sajak lelewa.
"Kowe njaluk apa wae mesthi dakturuti."
"Yen sliramu pancen tresna, aku njaluk digawekake candhi sewu jroning wektu sewengi.
Sadurunge keprungu jago kluruk, candhi sewu kuwi kudu dadi."
Cekake crita, kegawa gedhening tresna marang Rara Jonggrang, Bandung Bandawasa banjur
mateg aji.
Nedya nyipta candhi sewu sajroning wektu sewengi.
Ewosemomo, krana rekadayane Rara Jonggrang sing pancene kepengin nyabarake upayane
Bandung Bandawasa, nganti keprungu jago kluruk, candhi sewu ora bisa kasembadan.
Kurang siji.
"Manut petungku wektune durung parak esuk. Nanging geneya wis ana jago kluruk? Iki
mesthi ana sing ora beres," pamawase Bandung .
Jonggrang mesem amba.
"Kuwi bener Bandung . Kabeh iki sanyatane rekadayaku, murih sliramu gagal mujudake
sewu candhi kaya sing dakjaluk."
"Nanging ora apa-apa Bandung. Sanadyan kurang siji ora dadi apa. Sawise aku ngerti krenteg
lan kasetyanmu, aku ora arep cidra ing janji lan saguh nglanggati kekarepanmu."
"Crita Rara Jonggrang kok kaya ngene dadine?!" tembunge Min Kuncung getem-getem
nyipati lakon kethoprak sing lagi ditonton.
"Wah, wah, ora genah lakon iki," tembunge Min Kuncung maneh karo bengok-bengok.
"Lakon kok kaya ngono, kon mbubarake wae!" Min Kuncung mbengok sora.
Krungu tembunge wong-wong sing nonton ana dalan sing ora karuwan kuwi njalari para
tamu sing lungguh ana kursi undangan sakkal dadi kaget.
Ora ngerti underane prekara. Mbah Sholeh minangka sesepuhe kampung kono sing sekawit
lungguh ana kursi undangan, menyat lan banjur tumuju menyang prenahe wong-wong sing
lagi pating kresah-kresuh kuwi.
"Ana apa kok sajak ribut-ribut?" pitakone Mbah Sholeh ing ngarepe Min Kuncung, Dul
Kumbang lan Tino Cebol.
"Kuwi lho Mbah, mosok crita Rara Jonggrang digawe geseh kaya ngono?" semaure Min
Kuncung karo cungar-cungir.
Mbah Sholeh nggleges. " Wis , wis , awake dhewe iki rak mung dadi penonton.
Prekara critane arep digawe piye wae rak ya kena-kena ta.
Karo maneh crita Rara Jonggrang kuwi temene rak ya mung crita tutur tinular, sing bener
piye ya ora ana sing ngerti tenane.
Wis , wis , becik ditutugake anggone padha nonton," kandhane Mbah Sholeh akeh-akeh.
Ing panggung critane terus lumaku.
Genti saiki tekan adegan Bandung Bandawasa sing sajak lagi kasmaran karo wanita liya.
Rara Jonggrang ketoke semono uga. Atine malah mangro karo sawijining Tumenggung.
Ndeleng crita kaya ngono, Min Kuncung, Dul Kumbang lan Tino Cebol bali bengok-bengok
maneh.
Ora narimakake yen crita sing dirasa wis apal ing kupinge digawe morak-marik kaya ngono.
Wong telu sing terus muni-muni nyipati lakon kethoprak sing ora genah kuwi njalari wong-
wong sakiwa-tengene uga melu kresah-kresuh.
Kabeh sakkal dadi uring-uringan nonton lakon kethoprak sing sajeg jumbleg lagi ditemoni
kuwi.
Ing kursi undangan, Mbah Sholeh sing lungguh anteng kaya tamu-tamu liyane satemene uga
ngrasakake kahanan ora beres karo lakon kethoprak sing lagi ditonton kuwi.
Nanging nglungguhi dadi jejere wong tuwa lan didadekake sesepuh, dheweke trima meneng,
sanadyan atine muni seje.
Ing suwalike gancaring crita kethoprak sing temene gawe ngungune wong akeh kuwi, ing
njero omahe Den Haryo uga lagi umyeg dhewe-dhewe. Wong-wong wadon sing lagi padha
rewang ing omahe Den Haryo wiwit kresah-kresuh ngrasani sing lagi duwe gawe.
"Ndang, kowe ngerti ora sapa sing dadi paraga Rara Jonggrang kae," pitakone Yu Srining
marang Endang sing lagi padha tata-tata panganan.
"Rak ya anggota grup kethoprak kuwi ta," semaure Endang.
"Kleru, Ndang. Manut kabar sruing-sruing sing daktampa, sing dadi paraga Rara Jonggrang
kuwi bintang tamu sing sengaja ditekakake lan dipilih Den Haryo."
Endang rada kaget krungu tembung kaya ngono.
"Lho, kok bisa?" tembunge sabanjure.
"Apa bener kuwi?" Lik Ndari sing lagi lap-lap piring melu nrambul gunem.
"Manut rasan-rasane wong-wong, paraga Rara Jonggrang kuwi rak pemain kethoprak saka
Solo. Yen ora kleru jenenge Suyati," wangsulane Yu Srining sajak manteb.
Endang lan Lik Ndari manthuk-manthuk, nanging sajak ora dhong.
"Lan yen arep ngerti, Suyati kuwi jare dadi selingkuhane Den Haryo sasuwene iki.
Ya krana kuwi dheweke dikon main ing kethoprak bengi iki."
Ing satengah-tengahe wong-wong wadon sing padha rewang kuwi lagi rasan-rasan, dheweke
dikagetake karo jangkahe Den Haryo sing lagi nyedhaki sisihane.
Lan sing ndadekake kagete wong-wong sing padha rewang, sisihane Den Haryo saikine karo
mingseg-mingseg, nangis.
"Dadi anggone sampeyan nanggap kethoprak iki duwe tujuwan arep nandhing-nandhingake
aku karo paraga Rara Jonggrang kuwi, iya Pak?" tembunge Bu Nur, sisihane Den Haryo,
keprungu rada sora kanthi wirama serak.
Embuh apa jalarane, krungu tembunge sisihane sing kaya ngono, Den Haryo sakkal dadi
muntap.
"Kowe aja angger omong!" sambunge.
Bu Nur anggone mingseg-mingseg saya keprungu sora. Nanging sajak ora direken dening
Den Haryo. Malah sabanjure wong lanang kanthi pawakan gedhe dhuwur kuwi banjur
semparet ninggalake sisihane sing lagi nangis, banjur bali ing tengah-tengahe tamu undangan.
Ing panggung kethoprak, babaring lakon sing bengi kuwi ngangkat crita Rara Jonggrang,
ndungkap rampung.
Pungkasane crita Rara Jonggrang kepeksa mati krana kerise Bandung Bandawasa.
Semono uga Bandung tiwas dening Tumenggung, simpenane Rara Jonggrang.
"Kethoprak ra mutu!" tembunge Min Kuncung karo muring-muring.
"Bangsat! Merga pokale sing duwe gawe, crita kethoprak bisa digawe sakkarepe dhewe!"
tembunge Tino Cebol ora kalah sengite.
Sawetara Mbah Sholeh sing dumadakan ana ing tengah-tengahe wong-wong sing lagi
muring-muring nyipati lakon kethoprak ora nggenah kuwi, trima meneng.
Ora menggak lan ora nyalahake Min Kuncung sakancane.
Sebab, ing batin atine ya gumun setaun, ing atase lakon ketoprak kok bisa digawe sakkarepe
kaya ngono.
Sawise layar ditutup, tamu-tamu undangane Den Haryo banjur mulih menyang omahe
dhewe-dhewe.
Eloke, sawise pagelaran kethoprak sing mbabar lakon Rara Jonggrang, mendhung kandel
dumadakan ngemuli kampung kono.
Nyisakake crita seje tumrape Den Haryo lan sisihane.

You might also like