You are on page 1of 1

SHOLAT JUM’AT

Hadirin sidang jum’ah ingkang minulyo, monggo kita tansah muji syukur lanning kataken
taqwa kita dumateng Alloh SWT. dalam arti ngelampahi sedaya dawuh-dawuhipun lan nebihi sedoyo
awisan-awisanipun, kados dene ngelampahi sholat jumat wonten ing saat puniko.
Keranten hal puniko jumbuh kaliyan dawuhipun Alloh SWT. wonten ing Al-Qur’anul Karim
surat Jum’ah ayat : 9-10 : “Hai wong – wongkang wus podo iman nalikane wus den undang sirokrono
arahe sholat soko dino jum’at mongko cepet-cepet siro eling marang gusti Alloh ,lan ninggalo siro
kabeh ing dol tinuku, krono kang mengkono iku luwih bagus kedue siro kabeh lamun siro iku wong
kang podo ngerti . Mongko tatkalane wus rampung sholat, mongko gumelaro siro kabeh ing ndalem
bumi lan nupriho sirokabeh soko kanugrahane Alloh, lan ilingo siro kabeh ing Alloh kelawan saakeh-
akehe ,supoyo siro kabeh iku dadi wong kang podo bejo”.
Sak lajengipun punopo kito namung nglampahi sholat jum’at lan kito namung pikantuk
piwales / ganjaranipun anggen kito sholat jum’at?
Hadirin ingkangkaulo hormati, saestunipun kathah sanget amalan –amalan utawi perbuatan
ingkang kedah kito lampahi sakderengipun sholat jum’at lan katah sanget fadilah utawi ganjaranipun
perbuatan puniko ,kados dhawuhipun gusti kanjengNabiMuhamad SAW,: “Sinten tiyang ingkang
adus/siram wonten ing dinten jum’at mongko den apurosaking piyambakipun pinten-pinten dosane.
Lan nalikanipun mlampah/bidal dumateng panggenanipun sholat jum’at mongko gusti Alloh nyatet
saben-saben sak-jangkaha ing ibadah rongpuluh tahun . Mongko tatkalane wong iku nglampahi
sholat jum’at mongko den ganjar kelawan amal rongatus tahun”.
Bahkan gusti kanjeng nabi pernah ngendiko: “Sak temene anggonku sholat jum’at iku luwih
ndemenake marang ingsun
tinimbang haji sunat”. Lan dipun ruwayataken malih wonten ing kitab durrotun nashikhin saking
kitab Kangzul Akbar : “Saktemene gusti Alloh nitahake malaikat kang ngadek ono ngisore‘aresy, lan
malaikat iku anduweni patang puluh ewu sungu, saben saben sungu siji temeko sungu sijine iku
pelakon sewu tahun, lan ing atase sungu siji iku ono patang puluh ewu baris songko malaikat, lan ing
ndalem peraupane malaikat siji iku ono srengengene, lan ing atase pundake malaikat siji ono
rembulane, lan ing atase dhadane malaikat siji ono piro-piro lintang. Mongko nalikane ono ing dino
jum’at mongko malaikat mau sujud kerono arahe Allah ta’la, lan malaikat mau matur ing dalem
sujude “Allahummaghfir liman sholaasholatal jum’ati min ummati Muhammadin SAW”. Lan Allah
njawab “Hei malaikatingsun podo neksenono siro kabeh saktemene imgsun wus paring pangapuro
marang wong kang sholat jum’at”.
Milo saking puniko mangga kito tansah nglampahi kewajiban sholat jum’at ingkang ageng
sanget fadhilahipun selagine mboten wonten uzur ingkang sanget. Lan mangga kito ajak sederek
sederek kito lan tetanggi-tetanggi kito ingkang dereng kerso nglampahi sholat juma’at. Keranten
tiyang puniko menawi mboten nngkampahi sholat jum’at dawuhipun Nabi Muhammad : “Sinten
tiyang ingkang tinggal sholat juma’at kelawan tapo uzur mangko wajib sodaqoh sak dinar, mongko
lamun ora nemu ( nduweni ) sakdinar mongko separone”. “Lan sinten tiyang ingkang tinggal sholat
jum’at laping telu kanti nuli nuli mongko ora ditompo persaksiane”.
Saklajengipun mangga kito sesareng sareng berdoa mugi mugi kito sedoyo dening Allah
tansah dipunparingi taufiq, hidayah lan inayah, Allahumma amin yaa Robbal’alamin.

Nama : Bernita Nur Cahyani

No : 12

Kelas : XI IPA 4

You might also like