You are on page 1of 1

Budayaku

Febi Pakartining Tias


terkadhang ana rasa tumlawung
sumimpen primpen jroning ati kang rengka
endah edine budhaya luhung
kebandhang globalisasine mangsa

yen aku kangen kumandhange kidhung


jebul kang dakrungu
lagu manca kang durung srawung
yen aku kapang marang lutung kasarung
o……………..aku tansaya bingung

budayaku…
ati kang rengka iki tansaya gripis
sliramu kekikis nganti krisis
para mudha taruna padha ora nggubris
kapilut gandrung marang tembung manis
marang gebyare budhaya manca kang ora etis

budayaku…
siji mbaka siji para mudha taruna padha lali
siji mbaka siji para mudha taruna cidra ing janji
marang jejering wajib nguri-uri
memetri budhaya jawi
murih bisa widada lestari

You might also like