You are on page 1of 1

TULADHA ASOK PANINGSET ( PASRAH PANINGSET )

Satunggaling tataran tiyang badhe jejodohan, sasampunipun nembung/nglamar lan sa


mpun pikanthuk wangsulan gumathok, kalajengaken asok pangingset. Pihak calon pen
gantin jaler satunggaling wekdal ingkang sampun katemtokaken saderengipun, masra
haken paningset, minangka kekancinganing rembak anggenipun badhe jejodohan/bebes
anan, kala rumiyin wekdalipun antawis setengah dumugi satunggal tahun saderengip
un ijab.
Paningset dalah pangiringipun, limrahipun dipun damel pepethan sawarnining kewan
lajeng winadhahan baki dipun tata kanthi sae lan endah mila ngresepaken manawi
kadulu. Baki-baki kala wau dipun bekta para Kenya kabusana sarwa edi peni, dene
lampahipun tumuju dalemipun calon besan wonten ingkang piniji minangka sespuhipu
n, lan ing mangke ingkang badhe masrahaken manawi paningset kala wau ugi kinanth
en “redana” saget dipun asta sesepuhipun, ananging ugi saget dipun sarengaken kaliya
n baki, kanthi wadhah miligi. Redana punika anggenipun masrahaken sarampungipun
atur pasrah paningset, dene kala rumiyin kanthi tembung : “Ngaturi urun kagem tumb
as sarem”.
Sapunika asok paningset limrahipun dipun sarengaken wonten ing malem midodareni,
kalajengaken ijab qabul mila paningset kala wau ugi kinanthen “mahar/mas kawin” min
angka jangkepipun ijab qobul.
Wasana masrahaken paningset punika cengkoronganipun sami kaliyan masrahaken peng
antin, namung ing babakan wigatining prelu mesthinipun benten tuladhanipun makat
en:
Adangiyah : Salam.............................................
Katur Bp.............................ingkang kinormatan.
Kula ing mriki tinanggenah hamakili panjenganipun Bp./Ibu......................
ingkang pidalem .........................dalu/siang punika mundhi dhawuh kinen s
owan ing ngarsa panjenengan.
Namung saderengipun kula ngaturaken wigatining sowan kula, sumangga tansah munju
kaken raos suka syukur wonten ing ngarsanipun pangeran ingkang Maha Mirah, dene
awit sih berkahipun, kula panjenengan saget sami pinanggih kanthi wilujeng.
Bp.........................ingkang kinormatan, sasampunipun kula kasembadan kant
hi wilujeng sowan panjenengan, langkung rumiyin kinen ngaturaken salam taklimipu
n Bp./Ibu......................katur dhumateng Bp..............................d
ene ingkang dados telenging sedya saha wigatining prelu, Bp/Ibu.................
..............anggenipun badhe andhaupaken putranipun kakung Bagus..............
................kaliyan Rr...................... Putra-putrinipun Bp............
......................dalu/siang punika sowan saprelu ngaturaken sarat sarono ut
awi paningset, dadosa tandha cehna anggenipun sampun sami gumolong sedyanipun, k
ajawi punika kula ugi ngaturaken redana, minangka urun-urun tumbas sarem. Awit d
aking punika sumangga keparenga nampi kanthi suka bungahing panggalih.
Minangka panutuping atur kula, bok bilih sowan kula sakadang wonten meranging su
sila, semanten ugi wonten atur kula ingkang boten mranani ing panggalih, kula na
mung tansah nyenyadhang lumebering sih samudra pangaksami. Nuwun.
Mekaten menggah tuladha ingkang dados bakening wacana samasa masrahaken paningse
t, dene wacana atur panampinipun, cengkoronganipun ugi sami kaliyan malika nampi
pasrah penganten.

You might also like