You are on page 1of 1

Babad Wedhi Pasisir Sorene sore jingga wengine wengi biru kembang pandhan mesem marang mbulan tangane

ngawe-awe sajak kemayu apa hiya iki dayane layang atimu sing jare bakal ditulis kalane ijen lan sendhang mung amping-ampingann jendhela sing wengi iki isih panggah binuka? biyen aku nate apal gojegmu kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan ing lemah suwung pinggire taman ora ketang mbalang liring sambi mungkur nyamudana wingkis sakehing kekarepan nutup kudhuping kekembangan iki babad wedhi pasir pinaes ganda aruming mawar rarasing riris dhadha kumesar

You might also like