Professional Documents
Culture Documents
Raden Adjeng Kartini
Raden Adjeng Kartini
Raden Adjeng Kartini utawi langkung leres Raden Ajoe Kartini, (Jepara, 21 April 1879 Rembang, 13 September 1904), punika satunggiling pahlawan nasional R.I. Panjenenganipun satunggiling tokoh wanita saha tokoh pendidikan Jawi. Raden Adjeng Kartini punika asalipun saking latar priyantun Jawi. Senadyan panjenenganipun putri saking R.M. Sosroningrat saking garwa ingkang sepuh piyambak, nanging saking garwa ampil. Kala punika poligami punika limrah lan dipun-anggep biasa kmawon. Kartini piyambak pirsa manawi prakawis punika ndadosaken risakipun saha pasulayan ing antawis anggota kulawargi, dados piyambakipun mboten sarujuk. Prakawis punika amargi piyambakipun nat sinau ing sekolah Walandi.
Babad slira
Kartini miyos ing Jepara ing tanggal 21 April 1879. Panjenenangipun putri satunggaling priyantun Jawi, Bupati Jepara, Radn Mas Sosroningrat saking garwa ampil anami Ngasirah. Ngasirah punika larnipun Modirono utawi Ki Modirono. Miturut Pramoedya Ananta Toer, Modirono punika satunggiling mandhor pabrik gendhis ing Mayong, Jepara.[1] Sasansipun Kartini, Ngasirah ugi peputra Drs. R.M.P. Sosrokartono (1877-1951), kangmas Kartini ingkang misuwur dados satunggiling ahli basa weton Universitas Leiden. Lajeng kaliyan garwa padminipun, R.M. Sosroningrat pinaringan putra 8 malih. Nami "Kartini" serta "Kartono" punika dipun-pendhet saking tembung "karta" utawi "karti" ingkang tegesipun "sa", "trepti" utawi "mukti". Tembung puniki asalipun saking basa Sangskreta kta ingkang tegesipun "suci" utawi "dinamel". Senadyan satunggaling tiyang wadon, tiyang sepuh Kartini marengaken piyambakipun mlebet sekolah, satunggaling sekolah Walandi. Miturut Kartini piyambak punika satunggal-tunggalipun sekolah ing Jepara.[2] Ngantos yuswa 12 taun, Kartini saged sekolah. Wonten mriki piyambakipun sinau basa Walandi. Ananging rikala sampun yuswa 12 taun, piyambakipun kedah manggn wonten ing griya amargi sampun piningit. Amargi Kartini gadhah kasagedan basa Walanda, lajeng wonten griya piyambakipun miwiti sinau piyambak saha nyerat kaliyan rncangipun ingkang saking Walandi. Salah satunggiling inggih punika Rosa Abendanon ingkang kathah ndukung piyambakipun. Lajeng Kartini dipundhawuhi krama kaliyan bupati Rembang, ingkang sampun kagungan garwa tiga.[3]. Kangg Kartini bab punika arupi satunggiling panisthan ingkang dipunadhepi kanthi tabah. Nyatanipun ingkang garwa mboten patos awon dhumateng Kartini, lan Kartini dipunparingi
kabbasan rlatif. Ingkang garwa mangertos punapa ingkang dados gegayuhanipun Kartini, lan Kartini dipunparingi kabbasan lan dipun paringi dhukungan kangg ngadegaken sekolah wanita ing sisih wtan gapura kompleks kantor Kabupatn Rembang, ing satunggiling bangunan ingkang dinten punika dipunginakaken minangka Gedhung Pramuka. Putra pratami lan ugi ingkang pungkasan lair ing tanggal 13 September 1904, lan sawetawis dinten sasampunipun, Kartini sda ing yuswa 25 taun. Amargi kagigihanipun Kartini, saged dipunadegaken satunggiling Sekolah Wanita dning Yayasan Kartini ing Semarang, wonten ing taun 1912, lan salajengipun wonten ing Surabaya, Yogyakarta, Malang, Madiun, Cirebon lan kitha sansipun. Nami sekolah kasebat inggih punika "Sekolah Kartini". Yayasan Kartini punika dipunadegaken dning kulawarga Van Deventer, satunggiling tokoh Pulitik Etis. Prsidhn Soekarno ngedalaken Kaputusan Presidhn Republik Indonesia No.108 Taun 1964, tanggal 2 Mei 1964, ingkang netepaken Kartini minangka Pahlawan Kamardikan Nasional sakantenan netepaken dinten klairan Kartini, tanggal 21 April, supados dipunpngeti saben taun minangka dinten riyaya ingkang salajengipun dipunwastani pahargyan Dinten Kartini.
Serat-serat
Sasampunipun Kartini sda, Mr. J.H. Abendanon ngempalaken lan ndamel buku saking kempalan serat-serat ingkang nat dipunkintunaken dning R.A Kartini dhumateng para rncangipun ing Eropah. Abendanon wekdal punika mengku jabatan minangka Menteri Kabudayan, Agama, lan Karajinan Hindia Walanda. Buku punika lajeng dipun paringi sesirah Door Duisternis tot Licht ingkang tegesipun Rampung peteng, sumilak padhang. Buku kempalan serat Kartini punika dipunterbitaken ing taun 1911. Buku punika dipuncithak kaping gangsal, lan ing cithakan ingkang pungkasan wonten tambahan serat Kartini. Ing salebeting basa Inggris, serat-serat Kartini ugi nat dipunterjemahaken dning Agnes L. Symmers. Terbitipun serat-serat Kartini, satunggiling pawstri pribumi, sanget narik kawigatosan masarakat Walanda, lan pamikiran-pamikiran Kartini wiwit ngwahi pandhangan masarakat Walanda dhumateng pawstri pribumi ing Jawi. Pamikiran-pamikiran Kartini ingkang kasokaken ing seratseratipun ugi dados inspirasi kangg tokoh-tokoh kebangkitan nasional Indonsia.[4]
Pamikiran
Ing serat-serat Kartini kaserat pamikiran-pamikiranipun perkawis kondhisi sosial wekdal semanten, utaminipun perkawis kondhisi pawstri pribumi. Sabagan ageng serat-seratipun isinipun keluhan lan gugatan khususipun ingkang gegandhngan kaliyan budaya ing Jawi ingkang dipunsawang minangka rerendheting kemajengan pawstri. Panjenenganipun pngin wanita kagungan kabbasan nuntut lmu lan sinau. Kartini nyerat gagasan lan gegayuhanipun, kados kaserat: Zelf-ontwikkeling lan Zelf-onderricht, Zelf- vertrouwen lan Zelf-werkzaamheid lan ugi Solidariteit. Sedaya punika adhedhaasar Religieusiteit, Wijsheid en Schoonheid (inggih punika Katuhanan, Kawicaksanan lan Kandahan), dipuntambah kaliyan Humanitarianisme (pari kamanungsan) lan Nasionalisme (tresna marang praja). Serat-serat Kartini isinipun ugi pangajeng-ajengipun kangg pikantuk pitulungan saking njawi. Ing wekdal pitepangan kaliyan Estelle "Stella" Zeehandelaar, Kartini ndungkap pepnginan supados saged kados kaum mudha ropah. Panjenenganipun nggambaraken kasangsaran pawstri Jawi amargi kungkungan adat, inggih punika mboten saged bbas lenggah ing bangku sekolah, kedah
dipunpingit, dipunpalakrami kaliyan priyantun ingkang mboten dipunkenal, lan kedah purun dipunmadu. Pandhangan-pandhangan kritis sans ingkang dipundungkap Kartini ing serat-seratipun punika kritik dhumateng agamanipun. Panjenenganipun nangletaken witkna ngapa kitab suci kedah dipunlafalaken lan dipunapalaken tanpa dipunwajibaken kangg dipunpahami. Panjenenganipun ndungkap ugi perkawis pandhangan: donya bakal langkung tentrem menawi mboten wonten agami ingkang asring dados alesan manungsa kangg sulaya, pepisah, lan silih nyakiti. "...Agami kedah njagi kita tinimbang ndamel dosa, nanging pinten kathahipun dosa dipundamel tiyang atas nami agami punika..." Kartini ugi nangletaken perkawis agami ingkang dipundadosaken pangleresan dhumateng kaum priyantun kangg poligami. Kanggnipun Kartini, sampun cekap kasangsaran ingkang dipunalami dning pawstri Jawi, ingkang donyanipun namung wewates tembok griya lan sumadiya ugi kangg dipunmadu. Ing bab awal puniki. Serat-serat Kartini kathah ndungkap perkawis alangan-alangan ingkang kedah dipunadhepi nalika kagungan gegayuhan dados pawstri Jawi ingkang langkung majeng. Kartini kagungan rama ingkang kagolong majeng amargi sampun nyekolahaken putri-putrinipun wadn namung dumugi yuswa 12 taun, tetep kmawon konten kangg dumugi ing mrika katutup. Kartini tresna sanget dhumateng ingkang rama. Nanging nyatanipun, tresnanipun dhumateng ingkang rama kasebat ugi ing pungkasanipun dados alangan ageng kangg mujudaken gegayuhanipun. Ingkang rama, ing serat, ugi dipundungkap bilih panjenenganipun tresna sanget dhumateng Kartini. Panjenenganipun dipunsebataken pungkasanipun ngidinaken Kartini sinau dados guru ing Betawi, wadn sadrngipun mboten ngidinaken Kartini kangg nglajengaken studi ing Walanda utawi kangg mlebet sekolah kadhokteran ing Betawi. Pepnginan Kartini kangg nglajengaken studi-utaminipun ing ropah panci dipundungkap ing serat-seratipun. Saprangan rncang penanipun nyengkuyung lan ngupados mujudaken pepnginan Kartini kasebat. Lan nalika pungkasanipun Kartini mbatalaken pepnginan ingkang mh mawujud kasebat, kadungkap wontenipun kuciwaning rncang-rncang penanipun. Niyat lan rencana kangg sinau ing Walanda kasebat pungkasanipun malih ing Betawi mawon sasampunipun dipunwejang dning Nyonya Abendanon bilih punika ingkang paling becik kangg Kartini lan rayinipun Rukmini. Salajengipun, ing tengah taun 1903 nalika Kartini yuswa kirang langkung 24 taun, niyatan kangg nglajengaken studi dados guru ing Betawi ugi pupus. Ing satunggaling serat dhumateng Nyonya Abendanon, Kartini ndungkap mboten kagungan niyat malih amargi piyambakipun sampun badh palakrama. "...Singkat lan cekak mawon, bilih kula mboten badh migunaaken kesempatan punika malih, amargi kula sampun badh palakrama..." Kamangka ing wekdal punika pihak dhpartemn pangajaran Walanda sampun mbikak kasempatan kangg Kartini lan Rukmini sinau ing Betawi. Nalika badh palakrama, wonten wahan panilaian Kartini perkawis adat Jawi. Piyambakipun dados langkung tolran. Panjenenganipun nganggep palakrama badh mbeta kauntungan piyambak ing salebeting mujudaken gegayuhanipun ngadegaken sekolah kangg para pawstri bumiputra wekdal punika. Ing serat-seratipun, Kartini nyebataken bilih ingkang garwa mboten namung nyengkuyung gegayuhanipun kangg nuwuhakn ukiran Jepara lan sekolah kangg pawstri bumiputra kmawon, nanging ugi dipunsebataken supados Kartini saged nyerat satunggaling buku.
Buku
Wonten ngandap punika kapacak sawetawis irah-irahan buku ingkang wigatos perkawis utawi dning Kartini. Sasampunipun serat-serat Kartini dipunterbitaken dning Abendanon, kathah pertalan saha buku-buku komentar ingkang dipunserat perkawis Kartini.
saprangan serat. Alesan sans inggih punika kangg njagi lampahing carios supados kados roman. Miturut Armijn Pane, serat-serat Kartini saged dipunwaos minangka satunggaling roman kagesangan pawstri. Puniki ugi ingkang dados salah satunggaling panjlasan alesan serat-serat kasebat dipunwilah dados gangsal bab pambahasan.
Dipanagara utawi Perang Jawi saha dipun-tindhesipun tiyang Jawi mawi Cultuurstelsel utawi sistm "tanempeksa" ingkang kawonten dning sistm kolonialisme saha imperialisme ingkang nyekupung para kaum "kapitalis". Dados Kartini ing buku puniki uga dados simbul "perjuangan kelas sosial".
Kontroversi
Wonten sawetawis priyantun ingkang mangu-mangu bab leres utawi mbotenipun serat-serat Kartini. Wonten ingkang nganggep yn J.H. Abendanon, Menteri Kebudayaan, Agama, lan Kerajinan wekdal punika, ngrkayasa serat-serat Kartini. Kasujanan punika muncul awit buku Kartini terbit wekdal pamarntahan kolonial Walandi nemb ngayahi pulitik etis ing Hindia Walandi, lan Abendanon kalebet ingkang gadhah kepentingan lan ndhukung pulitik etis. Ngantos sapriki sabagan ageng naskah asli serat inggih drng dipunsumurupi kawontenanipun. Miturut almarhum Sulastin Sutrisno, tapak katurunan J.H. Abendanon inggih sesah dipunlacak dning Pamarntah Walandi. Panetepan tanggal klairan Kartini minangka dinten ageng (riyadi) ugi dados dhiskusi. Phak ingkang kirang sarujuk, ngusulaken supados mboten namung mahargya Dinten Kartini kmawon, nanging ugi mahargya sakantenan kaliyan Dinten Ibu wonten ing tanggal 22 Desember. Alesanipun inggih punika supados mboten pilih kasih kaliyan pahlawan-pahlawan wanita Indonsia sansipun, amargi taksih wonten pahlawan wanita sans ingkang mboten kawon kaliyan Kartini kados ta Dewi Sartika lan sansipun.[5] Miturut pamanggih punika, tlatah perjuangan Kartini namung wonten ing Jepara lan Rembang kmawon, Kartini ugi mboten nat manggul sanjata nglawan panjajah. Ugi taksih wonten sawetawis alesan sansipun. wodn ingkang sarujuk malah mratlakaken yn Kartini mboten namung minangka tokoh mansipasi wanita ingkang ngangkat derajat kaum wanita Indonsia kmawon, nanging minangka tokoh nasional ingkang tegesipun, kanthi ide lan gagasan pembaruanipun kasebat panjenenganipun sampun berjuang kangg kepentingan bangsanipun. Cara pikiripun ugi sampun nglingkup perjuangan nasional.