You are on page 1of 4

NOVIANAH Pasinaon Basa Jawa

Wawan Rembug
Ing salah sawijining jeron kelas SLTP ing kutha Salatiga krungu rembugane para siswa lan Bu Guru (kabeh jeneng sesinglon) sing arep padha nganakake darmawisata ing kutha Jogja. Kabeh nggunakake basa Jawa, Bu Guru nggunakake basa Ngoko dene para siswane nggunakake basa krama Inggil. Kepriye rembugane para siswa lan Bu Guru bisa kasimak ing ngisor iki. Bu Guru Kepriye bocah-bocah wis ana gambaran obyek wisata tujuan ing Jogja? Para Sampun Bu.!! (bareng-bareng anggone siswa mangsuli). Bu Guru Coba kowe Dewi, miturut panemumu apike menyang obyek ngendi? Dewi Miturut pemanggih kula, saenipun dhateng Museum kaliyan Kraton kemawon Bu! Agus Huh kuna Bu pemanggihipun Dewi, boseni. Saenipun dhateng pesisir Parangtritis kemawon, kathah sambenipun. Bu Guru Huss Agus, Ibu durung takon marang kowe! Rungokna dhisik panemune Dewi. Mengko kowe uga bisa usul. Dewi Amargi menawi dhateng Museum lan Kraton kathah manfaatipun ugi saged mangertosi jaman rumiyin. Bu Guru Ha a, apik usulmu, ing museum lan kraton bisa mangerteni kabudayan bangsa kita ing jaman biyen. Banjur kowe Agus, apa alesanmu. Agus Ingkang kula angge alesan, ing pesisir hawanipun semilir, asrep lan saged renang Bu! Bu Guru Oo ngono ta, dadi yen ing kene hawane kurang adhem lan ora bisa renang?! Kae

kolam renang akeh. Ngertiya ya adus lan renang ing pesisir kuwi mbebayani banget. Bisa-bisa kerem lan ndrawasi. Ratih (Karo nyela-nyela) Menawi usul kula dhateng Malioboro kemawon Bu, saged blanja warni-warni. Agus Walah padune mung arep mejeng ta?! Ratih Eee sirik ta kowe! Bu Guru Uwis-uwis, gampang sesuk yen ana wektu longgar bisa mampir Malioboro kanggo blanja warna-warna Agus Lan saged mejeng nggih Bu. Bu Guru Ya kena Gus, yen kowe arep mejeng, dak golekke nggon ing Mall. Kepriye? Para Ha.. ha.. ha.. (Padha ngguyu kemekelen). siswa Pacelathon kapedhot amarga krungu bel bubaran. Kaya ing pasinaon sadurunge, para netter utawa para maos disuwun kersa ngisi ukara sing durung rampung. Tembung-tembung sing kacithak kandel minangka pancingan kanggo ngisi. Sugeng ngisi! Undha-usuking tembung ngoko - krama kaya sing digunakake ing dhuwur. Tembung Ngoko adem mangerti mangerteni panemu warna warna-warna wis Krama asrep mangertos mangertosi pemanggih warni warni-warni sampun Krama Inggil asrep mangertos mangertosi pemanggih warni warni-warni sampun

Dialog
Di salah satu ruang kelas SLTP di kota Salatiga terdengar pembicaraan siswa-siswi dan Bu Guru (semua nama samaran) yang akan mengadakan

pariwisata ke kota Jogja. Semua menggunakan bahasa Jawa, Bu Guru menggunakan bahasa Ngoko sedangkan para siswa menggunakan bahasa krama Inggil. Bagaimana pembicaraan para siswa dan Bu Guru dapat disimak di bawah ini. Bu Guru Bagaimana anak-anak sudah ada gambaran obyek wisata tujuan ke Jogja? Para Sudah Bu.!! (serentak menjawab). siswa Bu Guru Coba kamu Dewi, menurut pendapatmu sebaiknya ke obyek mana? Dewi Menurut pendapat saya, sebaiknya ke museum dan kraton saja Bu! Agus Huh kuno Bu pendapat Dewi, membosankan. Sebaiknya ke Pantai Parangtritis saja, banyak selingannya. Bu Guru Huss Agus, Ibu belum bertanya kepadamu! Dengarkan dulu pendapat Dewi. Nanti kamu juga boleh usul. Dewi Sebab jika ke museum dan kraton banyak bermanfaat selain bisa mengetahui kebudayaan zaman dahulu. Bu Guru Iya, bagus usulmu, di museum dan kraton dapat mengetahui kebudayaan bangsa kita di zaman dahulu. Kemudian kamu Agus, apa alasanmu. Agus Alasan saya, di pantai udaranya sayupsayup, dingin, dan dapat renang Bu! Bu Guru Oo begitu to, jadi kalau di sini udaranya kurang dingin dan tidak bisa renang?! Itu kolam renang banyak. Ketahuilah jika mandi dan berenang di pantai itu sangat berbahaya. Bisa-bisa tenggelam dan mengerikan. Ratih (Sambil menyela) Kalau usul saya ke Malioboro saja Bu, dapat belanja macammacam. Agus Walah inginnya hanya akan mejeng to?! Ratih Eee sirik ya kamu! Bu Guru Sudah-sudah, mudah besuk jika ada waktu longgar dapat singgah ke Malioboro untuk

belanja macam-macam Agus Dan bisa mejeng ya Bu. Bu Guru Ya boleh Gus, jika kamu akan mejeng, saya carikan tempat di Mall. Bagaimana? Para Ha.. ha.. ha.. (Semua tertawa terbahaksiswa bahak). Dialog diputus sebab terdengar lonceng usai pelajaran. Seperti pada pembelajaran sebelumnya, para netter atau pembaca dimohon untuk berkenan mengisi kalimat yang belum selesai. Kata-kata yang tercetak tebal sebagai pancingan untuk mengisi. Selamat mencoba! Tingkatan tataran kata ragam ngoko - krama seperti yang dipakai di atas. Tembung Ngoko adem mangerti mangerteni panemu warna Krama asrep mangertos mangertosi pemanggih warni Krama Indonesia Inggil asrep dingin mangertos tahu mangertosi mengetahui pemanggih pendapat warna, warni macam beraneka warni-warni ragam sampun sudah

warna-warna warni-warni wis sampun

You might also like