You are on page 1of 2

Nama : Widati Dewi Hapsari

NIM : 10015132
Kelas : 3D / PGSD

Tedhak Siten
Amarga dadi pusate kabudayan, ritual budaya wes mesti kerep diadakke
masyarakat Solo. Mulai saka mantenan, lairan tekan lelayon ora owah saka rangkaian
upacara adat kang dadi budaya masyarakat Solo. Kaya upacara iki mau, tedhak siten.
Tedhak Siten yaiku salah sijine upacara adat jawa kanggo bocah kang usia 8 sasi
(pitung lapan), ana ing daerah liyane ing Indonesia dikenal upacara Mudhun Lemah
iki nganggo istilah kang bedo. Tedhak ngandung arti mudhun lan Siten ngandung arti
siti utawa lemah.
Upacara iki mujudake rasa syukur amarga ana ing usia iki si bocah arak mulai
ngenal alam ing sekitare lan mulai ajar mlaku. Tujuan liyane saka upacara iki yaiku
kanggo ngenalke sang buah hati karo ibu pertiwi. 'Amarga ana ing pepatah jawa
ngucapke Ibu Pertiwi Bopo Angkoso` kang ngandung arti bumi kanggo Ibu lan langit
kanggo Bapak, ujare MuIti Raharjo Kepala Seksi Pelayanan InIormasi Wisata Dinas
Pariwisata Seni lan Budaya Pemerintah Kota Solo.
Ana ing upacara adat iki ana urutan utawa tahapan kang kudu dilewati si
bocah, ing ngendi setiap tahapan utawa proses mau nduweni nilai-nilai budaya kang
cukup dhuwur. Isine merloake uba rampe (Perlengkapan) kang aneka warna, lan
setiap uba rampe kang digunakake nduweni arti kang cukup jeru. Uba rampe kang
digunakake ana ing acara tedhak siten iki yaiku juadah(jadah) warna warni (7 warna:
putih, abang, ijo, kuning, biru, coklat, abang enom/ungu, andha kang digawe saka
tebu ireng (tebu arjuna), kurungan (biasane bentukke kaya kurungan pitik) kang diisi
barang/benda (misale: alat tulis, dolanan kang aneka bentuk lan jenise kanggo
lambang/tanda kanggo masa depan bocah, banyu gege (banyu kang disimpen ana ing
tempayan/bokor sewengi lan isukke diangeti nganggo sinar srengenge, ayam panggang,
gedhang raja (nglambangake harapan ben bocah mau ing masa depane bisa urip
sejahtera lan mulyo, lawe wenang lan udhik-udhik (kang terdiri saka jenis biji-bijian,
duit logam lan beras kuning).
Perlengkapan tambahan yaiku jajan pasar, aneka jenang-jenangan, tumpeng
lengkap karo gudhangan lan sega. Kanggo prosesine dhewek ana beberapa tahap.
Tahap pertama, bocah dibimbing wong tuane kanggo mlaku ing ndhuwur jadah. Tahap
kepindho, bocah dibimbing maneh munggah tangga kang digawe saka tebu ireng
(kanggo maksud supoyo bocah mau ana ing uripe lurus terus ana ing dalan kang
bener kaya tebu ireng, lan uripe terus mundhak dadi luwih apik kang wes dicita-
citakan, uning, tumpeng robyong, lan tumpeng gundhul. Tahap ping telu, bocah dijak
mlebu ana ing kurungan (kurungan mau ndueni maksud kanggo njaga konsentrasi
bocah) lan milih benda kang wis disiapaken sakdurunge, lan benda sing dipilih mau
nggambarake apa kang dipilih bocah ana ing masa depane, contone bocah milih
dolanan bentuk alat kedokteran, mula ana ing masa depane bocah arak dadi dokter.

You might also like