You are on page 1of 1

DOLAN ING SEGARA BAMBANG

Dina minggu aku lan keluarga menyang segara. Aku merana numpak mobil. Ing perjalanan, aku ndeleng pemandangan kayata gunung, kewan, lan wit-witan, apik banget, aku dadi seneng. Nalika aku ndeleng pemandangan, ndak kerasa aku lan keluargaku wis nyampek ing Segara Bambang. Perjalanan merana kira- kira siji jam. Nalika wis nyampek merana, aku langsung mlayu menyang segara, keceh-keceh karo adikku ing banyu segara. Hemm rasane adem banget, terus aku playon karo adikku, gundang-gundangan karo ombak ing Segara Bambang, aku karo adikku seneng banget, padha cengengas-cengenges ngenteni ombak sing guedhe... Keluargaku liyane padha mapan, nggolek panggonan sing radha adhem. Pancen ing Segara Bambang swasanane tambah panas, nanging tetep seger amarga banyune adhem lan angine semilir sepoi-sepoi amarga akeh witwitan klapa sing dhuwur ing kono. Sak marine aku lan adikku dolan ing segara, terus dolanan pasir ngawe kerajaan pasir. Nalika wis arepe rampung, moro-moro ombake teka lan ngrusak kerajaan pasirku. Waduh aku sedih banget. Nanging adikku ngajak aku nggoleki kerang-kerang, aku dadi ora sedih maneh. Aku oleh kerang akeh lan apik amarga warna-warni, adikku uga. Nalika aku lagi asyik nggoleki kerang, ibuku nyelok aku lan adikku dikongkon mangan bareng. Rasane enak banget mangan ing segara masiyo mek karo iwak asin lan sambel. Sak marine mangan aku lan adikku nggoleki kerang maneh karo mlaku-mlaku ing sak keliling segara. Ora kerasa srengengene wis kathene mudhun ing ngisore gunung. Iku tandhane aku lan keluarga kudhu moleh. Ing perjalanan aku seneng banget, elingeling pengalaman ing Segara Bambang. Dolan ing Segara Bambang iku pengalamanku sing ora bakal tak lalina. FEDRINATA ADITAMA PUTRA IV B / 14

You might also like