You are on page 1of 12

Wedharing wyata mirid gempilaning piwucal

Aji Pamasa
DHANDHANGGULA
1. Mangkya nenggih sastradu nayadhi, tinilingna walering darana, ywa sisip ing pangertine,
janma kudu mituhu, pratelane sapta praceki, lamun dipun upaya kinemat ing kalbu,
samubarang kang linakya, sarwi mapan nora badhe damel tuni, suka tentreming rahsa.
2. Kang ginelar wyataning suyati, tlatenana kang pitung prakara, amrih dadi lantarane, datan
gampil kinelun kalulun ing wawatak nisthip, linepat king deksura tinebih panyaru, tan
damel pilalaning lyan, kosok-wangsul weh ayem dasih sadyeki, temah manggih raharja.
3. Apa baya kang pitung prakawis, sinirika cidra lan pitenah, yeku warah kapisane, kaping kalih
puniku, dyan sentana ywa den alingi, sagung tumindak lupa winastanan luput, ping tiga
ywa mawang kadang, pangadilan jinejegna kanthi titi, tan pilih-pilih janma.
4. Catur angger ugering prarepi, tan melik met artaning punggawa, dalah mundhut putrestrine,
de kaping gangsalipun, aywa nganti anglalarangi, olah pangupajiwa sasamining manu,
songgarunggi mring kawula, den ugemi pitutur kaping sat niki, pinuntua ing driya.
5. Kang wusana pitutur sapteki, lamun ngambah margining utama, udinen mrih lestarine, nora
gampil kayungyun, kapiluyu lampah basiwit, tan remen cacaketan klayan watak margu,
sirik cengil pasulayan, anebihi gegelah regeding bumi, nging pedak kautaman.
6. Mangkya kiye gelaring pangerti, paugeran kang pitung prakara, istingarah munpangate,
piguna mring kang ngluru, dadya tales tanduking karti, prenah prandene laras salir
tindakipun, mahanani kasudibyan, temah kalis watak umbag klawan edir, sinantun
paramarta.
7. Pradikane wawaler pratami, kang sinebat cidra lan pitenah, winedhar wiyar tebane, suka serep
ing semu, seserepan wiraos prati, damel padhanging prana nebihken bebendu, nuntun
mring lempenging lana, istingarah kang tinuju tan nalisir, nalusur woting darma.
8. Pracekane janma luhur kaki, datan arsa guna pasang kala, njijiret sapapadhane, tan bungah
lamun nemu, siku dhendha nlikung sasami, nora ngungalken jaja yen asanes lesu, datan
asurak susuka dupi miyat panandhanging sapadheki, luluh welas nalangsa.
9. Tembung cidra sinawung punagi, ngandhar-andhar winuwus nglengkara, pendah madu
mamanise, nging sapawingkingipun, nggembol upas kang niniwasi, nukulaken
panandhang tuwin tilar latu, raos benter nguntar-untar, wisayane karaos awrat ngantebi, lir
kanteban antaka.
10. Ywan wus wani nglairken prajangji, poma-poma dipun tetepana, netes sagung pangucape,
nora lemer ing wuwus, nguwus-uwus tan ana dadi, tetembungan den arah jumbuh kang
sinaguh, tumapak ing lalampahan, datan lumpuh karana kaot sinanggi, weh sengsem mring
tyasing lyan.
11. Lamun sumanggem tanduking gati, dipun eling niyat kang utama, pinurih saged rampunge,
tekad kang wus pinuntu, aywa wudhar tanpa pangaji, wawataking satriya sirik colong
playu, datan ngucireng ngayuda, andhepipis ndhelik winengku raos jrih, nilaraken palagan.
12. Panjangka kang dadya lenging ati, antepana minangka ubaya, pinetang utang estine, lamun
maksih linuru, kaanggepa dereng nglunasi, siyang-ratri tan kendhat nggenipun dhedheku,
nunuwun Hyang Murbeng Suksma, istingarah gung pangajab temah dadi, tan cidra ing
ubaya.
13. Jejering titah sawantah kaki, mokal lamun kalis ing sasanggan, kang wus dadi pepesthene,
milaur urip iku, amituhu kanthi taliti, tegen rigen pralaga tlaten miwah tekun, tan bosenan
nora wegah, angugemi pakaryan kanthi permati, teguh maring bebahan.
14. Lamun sirik watak ngadi-adi, tlunyar-tlunyur miwah lelemeran, dhemenyar pepenginane, tan
kablithuk pandulu, gampil sengsem kang katon edi, nanging mugen manunggal genah
kang tinuju, nering laku nora lengah, istingarah andika manggih basuki, linepat saking
papa.
15. Kenging winastanan cidra ugi, karem donya wah malih pangwasa, nanging mamak
wawatese, tan darbya raos rigung, kanthi nranyak ngrabasa gahi, nyahak wewenanging
lyan kecalan pakewuh, kang den bujung pakareman, watanira suker tan beda wewerri,
buteng ribeng krodhanya.
16. Paran nggenira nyepeng sumangi, setya tuhu bekti mring Hyang Murba, ywa cidra gung
pepecehe, prancana tan den ugung, temah ndadra misesa wathi, tundhonipun nalangsa
nalisir king wangsu, tilar salir manah sonta, kusung-kusung kemrungsung kecalan santi,
angulari papaka.
17. Dipun tlaten samya angulari, murih dadya manuswa bisama, ywa gampil mupus tekade,
ywan rumpil lampahipun, upayanen kanthi sasmreti, saswih maring Hyang Murba tumus
sanggya manu, tebih saking tutur cidra, nging maujud datan mandheg katamarti, satemah
pinitaya.
18. Menggah tuduh ingkang gung utami, kanthi wijang kawrat sastracetha, tumetes kadya
kusare, rinumpaka ing tembung, basagita adi wigati, susmaya prabaning Hyang abyor
cahya kitu, kang anecep wurukira, dhepe-dhepe gilig ing prana maniwi, kasmala binirata.
19. Poma eling swawi dipun luri, pranahara jatining manuswa, titah sawantah jejere, cidra
mring karseng Ulun, iku teges nggenjah papati, apese ngemping lara nyanyadhang
bebendu, datan uwal king cintaka, ngundhuh wusa wisaya dadya mangangi, gesang datan
piguna.
20. Sasing janmi swawi angupadi, dimen pana tuduhing Hyang Suksma, aywa mblasar
tumindake, tan keragan mring napsu, temah dyusdha niyak wastuti, nginger-inger wawaler
mamada sastradu, leheng meleng mring pranamya, angulati bebener ingkang nayadhi,
tumus dugeng dalaha.
21. Mangkya cidra tumraping akrami, jalu gini datan ana beda, kenging winastan pracore,
lampahnya pindha margu, undhuhane mrawata wesdhi, basan pranameng kapi wruh rukem
kayungyun, lupa upasing walika, ngindhik-indhik pamrihe damel papati, mamanise
wisasa.
22. Wanti-wanti peceh parahati, pisan cidra angel anguwalna, kumudu kang kapindhone, katri
wus kadi wuru, temah wasa nering prajangji, sengkeraning pralaga datan ana westu,
parnoh sagung tindakira, kang den uja tan liya dityasmaraji, rongeh tansah walisah.
23. Wawaler tumrap sanggya pawestri, ngumbar gujeng kucah liring netra, adol ati sapa bae,
dhadasar badan lugu, dupeh edi ngelam-elami, kasukan kang binujung atilar pakewuh, tan
mangabisatya mring raka, lamun limpe ngaluyur ramban taruni, angrarantam praceka.
24. Pan wus dadi sasakiding parwi, cegah hawa tahen ring prancana, rumaket-raket sasambe,
was maring kakung tuhu, abiwadha setya hastuti, dyatmika neng nayadhi nging sirik
salingkuh, tutura angarah-arah, ririh raras sinuprih katon mrak-ati, tansah saswih ring
garwa.
25. Nora beda waler ingkang sami, tumrap priya kang wus bale wisma, burusa lair batine,
asisipat memengku, luber ing sih sarwi ngayomi, dadya gapiting braya ywa mingkuh
pakewuh, pantang pepes batosira, lamun manggya keh sambe-kalaning margi, jroning
gesang punika.
26. Dipun emut ma nenem puniki, dhihin mantep ing pamilihira, ping kalih madhep atine, katri
marem mring jatu, kaping pate mawang ring rabi, pinindhakna wawadhah ringkih
kaotipun, kalima mangabiwadha, garwanira den papanken rowang padmi, kanem
mardaweng budya.
27. Poma-poma kenceng den cepengi, traping laku minongka manggala, catur wala pepindhane,
sona ing setyanipun, myang turangga cukat ing karti, dwipangga datan keguh saguh kang
ginayuh, brekiti ing sregepira, siyang-ratri makarya tan wenten sepi, swawi dipun tuladha.
28. Aywa pisan cidra ing prajangji, tilar garwa kapencut ing liya, awit awon pinanggihe, manah
gampil kayungyun, kasulistyan aniniwasi, adhakan dadya tuman angel mantunipun, lamun
dipun turutana, amengangah ngangah-angah saya ndadi, becik den singkirana.
29. Kakarone kasengsem tataki, tuhu bekti nggigilut wiyata, murih dadi lantarane, tentrem ing
brayatipun, tumus harja miwah basuki, sumrambah tedhak-turun sapawingkingipun,
sadaya samya pinerdya, dimen pana warahing luluhur yekti, temah kalis rubeda.
30. Sabanjure winedhar sastradi, apan baya winastan pitenah, nyarweteh kedaling lambe,
ngrarakit tembung lunyu, amemada sarta ngadili, ngumbar panyatur ala keh panacadipun,
alaning liyan den andhar, kaya-kaya becike tan ana sami, klayan dhiri pribadya.
31. Tyang kang remen mbeberken wawadi, lir karaba muleg ing akasa, anguwus-uwus wuwuse,
basda winewah bumbu, pamurihe saya wigati, sanes kinarya lalap uraping panyatur,
nukulken wijining tikbra, dyan pracara ukara datanpa bukti, iku watak katbuta.
32. Tembung sisip sinusup kasisip, murih bisa sasap ing sasama, samakeyan sasolahe, kudu
unggul binuru, nora ngetang katala sami, lumuh lamun prawadha kalindhih ing semu,
mangungsir mrih kasumbaga, ancik-ancik kunarpanireng sasami, jail lampah candhala.
33. Amemada sisiping sasami, nora beda gandaning kusana, lir bathang ingkang wus lungse,
bacin lamun den ambu, anderbala mbabar wewerri, parandene si punggung pambeg wah
kumingsun, kadi hakim kusalanya, angadili sapa-sapa ingkang wesdhi, kasereng lir
katwara.
34. Dipun emut ywan namung sawiji, ingkang yasa sanggyaning prarepa, tuwin jumeneng
hakime, tan liya mung Hyang Agung, kang kagungan gung kasugatin, misesa palimirma
miwah paring bendu, de manuswa iku sapa, kumawani kumlungkung ngadil-adili,
tumanduk ring papadha.
35. Poma bisa mapanaken lathi, datan lemer ngumbar-umbar kata, kanthi permati empane, wit
kasunyatanipun, ilat iku lir wisa mandi, dhahat karya sangsaya punapi kasumbung, lamun
kalintu trepira, ing kawurya pranama adamel tuni, katiwang ing papaka.
36. Emperipun kendhali turanggi, dipun trapken jroning cangkemira, sanadyan alit wujude,
ywan pinekak satuhu, temah gampil den kemudheni, tumrah badan sakojur tan liya mung
manut, makaten lidhah sanyata, dyan mujudken perangan badan kang lengit, nging misesa
mring janma.
37. Kadi latu nyalat wreksa langking, dyan sapletik bisa ngambra-ambra, temah mbesmi alas
gedhe, makantar urubipun, ngalad-alad ambilaeni, ilat iku tan beda kadya hagni tuhu, lir
jagading kadurakan, kang dumunung jro jiwa-raganireki, dadya sangarakalya.
38. Angreh sato teka langkung gampil, buron wana peksi raja-kaya, dalasan saisining we, saged
kadamel lulut, tan mangkono ilatireki, nyata kalangkung lungit ywan kinarya tutut, pindha
krodhaning denawa, nyembur wisa wisaya aniniwasi, surata siya-siya.
39. Klawan ilat padha muji Gusti, ngidung dhikir ing sawayah-wayah, kadi brahmana anggepe,
kaya-kaya manekung, angemperi panatagami, nging klawan lidhah ugi nyupatani manu,
mijil king tutuk sajuga, ipat-ipat punapa dene wastuti, muspra datanpa guna.
40. Jihwa pindha landheping bedhami, lamun linga muwus ngayawara, pasulayan undhuhane,
nyebar wijining tatu, datan mokal wawalar ndadi, nora gampil pineper kalamun katrucut,
andhatengaken braminta, saraga gung ngebeki jro tyasireki, lengka kang rinaosna.
41. Lir kusara mrentul wanci enjing, sumberipun saking alam raya, sung seger tanem-tuwuhe,
watak asih tan sengkung, dadya daya ingkang nguripi, makaten imbanipun lidhah ingkang
westu, netesken sarkara soba, sarasati binawa amangastuti, ngenut pangrehing suksma.
42. Nadyan namung perangan kang lengit, lamun mogel mobah jroning latha, ananawur sarawa
ge, kang dados panenipun, sakelangkung anggigirisi, waged dados kabegjan kalamun
pituhu, nanging kosok-wangsulira, amangangi kalamun nyenyebar branti, pramila kang
bisama.
43. Kang wasisdha tansah angulati, mring bebener wucaling bremana, sinartan manah kang
sarje, kasantyan kang den bujung, mekak hawa laksita juti, lidhah dipun kendhali tutur tan
kalantur, sumimpang sagung pitenah, awiweka mrih dadya harjaning janmi, yeku
manuswa tama.
44. Salir wawengkaning janma singgih, tinalesken wisiking Hyang Suksma, kang kaajab mung
bahage, rurumpakaning wuwus, was winawas kanthi premati, leget mring kautaman
priyatna ing tembung, weh sarsa maring sasama, sestu soba suka wicaga ring dasih,
dharaka pramusita.
45. Pan wus langkep lingkabing pramodi, menggah warah cidra lan pitenah, dipun ening
panampine, lebetna manjing kalbu, dimen menep jro sarasati, dadya daya paraya salir
dhasdhi langut, langet langkananing lana, leng lumingling ngluluri pranamya dhani,
ngulari reh sampurna.
46. Mangkya dungkap warah kaping kalih, ywa ngalingi luputing sentana, awit ageng
durakane, babasan ngingu-ingu, pringga dhusdha mutawatosi, walagang nggennya lumung
ywan datan kapugut, ngreregedi janaloka, wusna anjrah sulurnya angririsaki, wohira gung
rudita.
47. Lumingkabing wawaler puniki, wus winedhar dening pramudika, tilingna kanthi lumengge,
resepna kang satuhu, temah dadya daya basuki, ukara rinumpaka jroning sekar Pangkur,
prihe sami pinungkurna, sagung trekah kang cengkah klayan prarepi, swawi dipun gatosna.
P A N G K U R
48. Murih harjaning puraya, poma-poma wicaga den ugemi, cepengana ingkang wastu,
langkana tan wrin godha, upayanen paugeran priha tan wur, lumeng prabaning nagara,
sumrambah kawula dasih.
49. Ywan pramoda dadya wasa, wit tan lengkep manira angluluri, dadya ura jroning dhatu,
paraha sanagara, temah sisah lamun katala wus kusup, angel dipun dandosana, jugar wigar
kang kawuri.
50. Lamun ginadhuh wisesa, aywa gampil atilar silastuti, sanadyan tumrah ing bandhu, pakeken
datan lirwa, nora ngugung dupeh sentananing ratu, dhusdha pinaring papaka, dharaka
manggih astuti.
51. Kang wasisdha angreh praja, gegebengan pradika gegyan adi, ywa parasama ring manu,
linenggahna sapadha, siningkirna sagung dhasdhi angriridhu, murih kalis king dhuskarta,
satemah lulus basuki.
52. Pirengwa dipun landhepna, piyarsakna gung pasambating kasi, kalamun datan pakantuk,
kaadilan kang santya, sanadyanta dudu tuturasing ratu, ywan gesangipun kastura,
tikbranira dipun sanggi.
53. Tumarah para sentana, kang gumendhung morang kehing kintaki, kang dadya ugering
dhatu, remen anunggyangtaya, amikara dupeh maksih tedhak luhur, aywa mangu pinidana,
ngetrepi jejeging adil.
54. Aywa pisan darbe sedya, angalingi klepataning sentani, lampahnya aywa den ugung, niyak
sagung prarepa, saya ndadi dhumateng wisesa wuru, nora idhep mring dadalan, muksapada
kang linari.
55. Masiya maksih sudara, nanging remen miyala sasing janmi, becik tinerapan siku, dinendha
sawatara, ingkang murwat klayan kalepatanipun, pamurih reh jinejegna, ywa nganti
amemerangi.
56. Nilep lepating sentana, paribasa babathang den kemuli, sanadyanta nganti brukut, wus datan
kawistara, mongka sutra ingkang kinarya salimut, tetep dugi titi mangsa, kinuswa
gandaning pati.
57. Aja dupeh kadang raja, tandang-tanduk sarwi ngewan-ewani, panganggepipun kalantur,
kascar-yan kalenggahan, kasyang asih kibir edir lawan umuk, apracara sagendhingnya,
tyang alit tan ana wani.
58. Awasna pamawasira, wirahsane bebener duk inguni, basan badrak badan kramu, langking
tan ana rega, nora bener kalamun tan den paelu, sinikara siya-siya, kawuri amamalati.
59. Prayojana ingkang prama, nora gingsir kalindhih sagung pamrih, ngudi cantya aji mumpung,
sentana dadya bala, tan nayuti sanadyanta tindak luput, binari asuka-suka, tundhone
angundhuh tuni.
60. Aywa wuru mring sarkara, mamanise wisesa pinracadi, dupeh lelenggah ngaluhur, sanak
kadang den uja, pinaringan wengan awawatak diyu, kethaha mring donya brana, prana
winengku ing moksil.
61. Pan wus jamaking manuswa, lamun mukti padatan dadya lali, mring pangwasa kapiluyu, ical
landheping rahsa, andrawili kasukan ingkang kabujung, mring dasih suka andaha,
trekahnya anjurbalani.
62. Suka-suka parisuka, ngajak-ajak tingkahipun nyrambahi, dhateng sanak-kadangipun,
jinarken ngambra-ambra, lamun lepat sengadi datan anahu, kupiya ywa kawistara, pinurih
tiningal edi.
63. Nggagadhang endrasangsara, mring sentana mirah nggennya andani, sinarujuk dyana luput,
lumuh penget myang warah, wit misesa datan wenten tembung klintu, samudaya
kaleresna, tyang andeh tan ana wani.
64. Lamun kaladuk enaka, mangka murba wewenang angreh kasi, tedhak turun dipun
ugung, acongkak sosongaran, angandelken maksih dharahing ngaluhur, ande sangsaraning
praja, anjuk risaking nagari.
65. Poma dipun waspadakna, ywan amengku wisesa nyakrawati, aywa kalulun ing napsu, tyas
ura nir waskitha, kang satiti mulat sisiping tumanduk, nadyanta alit kewala, bisa akarya
papaki.
66. Kalamun dadi pramuka, pinitaya mangreh jantraning nagri, andurasa labetipun, melik den
anjuk tebya, sung ancuta mring bebener datan indung, sirik nyilibken piala, pracekaning
sentaneki.
67. Bangkit nahen sagung hawa, kaadilan tan kendhat dipun udi, tumrah kawula sadarum, tan
ana beda-beda, wus samesthi kang lepat pinaring bendu, dadya pangungsen sanyata,
tumrap kang sami andasih.
68. Becik lamun paramarta, sung apura kawula ingkang lali, niyak gegebengan luhur, wus
mratobat sanyata, nanging baya aywa kalimput ing semu, katalya ing panggraita, lampah
dora datan maksi.
69. Mangkana traping trapsila, samektakna manah kadya udadi, nalar mulur tan kalantur, dyan
loma pangapura, aywa mamang matrapi ingkang kalintu, pinta-pinta paneraknya, kadang
kawula pan sami.
70. Utana lestari begja, titis mawas gelitaning prakawis, nora nilarken papacuh, ambuburu
angkara, dupeh lagya ginadhuhan sendhang madu, mring asanes siya-siya, lepating kadang
siningid.
71. Angunguja karseng driya, catur wengis tumanduk ing sasami, basan tatanem
gugrumbul, kemarung bobondhotan, undhuhane prahara gung sakelang-kung, waris
sentana den uja, tan ana nohan nuhoni.
72. Keh tyang sudra ananantya, tinilingna pasambat kawlasarsi, nora luweh mring panglawung,
dupeh sanes sentana, iku dudu wawantuning pangreh luhur, luput winastan waskitha,
kekeling kang dipunneni.
73. Urip muspra nir sarkara, kakarene tan liya sarwi rungsit, nglangut nenga namu-namu, ical
jatining rahsa, dadya linglung nunjang palang kade diyu, risak sakehing ukara, wus tan
wenten silastuti.
74. Latah remen andurkara, kibir edir jubriya sagung janmi, mring bebecik tan anaur, malah
mamales ala, kosok-wangsul mring sanak-kadang sadarum, panyaruwe tan pinanggya,
jinarken amurang tatir.
75. Makaten kababarira, ywan kaandhar pepeceh kang kaping dwi, andungkap warah katelu,
yeku amawang kadang, nora beda klayan piwucal karuhun, menggah lengkeping ukara,
sinekar Asmaradani.
ASMARADANA
76. Tanasing janma utami, ingkang tumrah gesangira, mring pakeken datan andor, ngugemi
sagung wiyata, winedhar sang twijara, mahnani gancaring laku, linepat salir rencana.
77. Aywa nganti atatawing, ngandelken kadang sentana, dupeh maksih dharah dhewe, nanging
pasemoning nitya, tan kenging pinitaya, rongeh jlalatan ing semu, tan pantes sinung
kawiryan.
78. Dyan kadang lamun tan becik, nora untung rinaketan, bisa dadi kajalomprong, angajak-ajak
sangsara, tiwas tuwas wuntatnya, wasna kaduwung ing kalbu, nanantya datan piguna.
79. Ruruh rentahing andani, pinaringken ring sasama, kang amiji karseng Katong, tuturasing
kretiyasa, pantes den pedakana, tulakang dadya babayu, kukuwating anggyanira.
80. Saking pasemon wus keksi, wawantuning taluwanwa, remen narajang papakon, polah-
tingkah saraweyan, tan jetmika ing budya, gumuyu rasan sarwa sru, raos lingsem datan
darbya.
81. Boten wurung tumut isin, winirang lampah dursila, nir kretyawan datan kalok, kembet
awoning sentana, murang kehing pranata, kawurya tilar talutuh, temah angundhuh
cintraka.
82. Alelengis sarwi rukmi, busana mawa lengkawa, pambeg ladak lumuh anor, rumaos
trahing kusuma, pantes sinudarsana, iku wateke wong kumprung, kapengkok nora
sembada.
83. Lamun ngrentahken paparing, kukucah gung kamirahan, jroning tyas adil kang dumon, nora
mawang beda-beda, dharah punapi liya, piniji ingkang tuwajuh, bangkit angentasken
karya.
84. Lumingling sagung kajatin, datan kalentu garjita, patitis salir pepunton, nora kawuh ing
pangrasa, tulya kujanapapa, sung kawiryan maring bandhu, mongka lengka twasanira.
85. Dyan sanes darbe kawanin, tangginas ngrampungi karya, lumrah pinaring pambombong,
sokur bage linuberan, sarna donya sosoba, swawara asih sawegung, kadang konang
binucala.
86. Ywa karya tyasing lyan kanin, wit paparing tan warata, pilih-pilih ingkang kanon, singa
celak kang kadrasa, tebih nora tinenga, iku patrape wong pengung, ngembrah dadi
taluwanwa.
87. Sumimpanga king durniti, dumarusa myang diggama, bubujeng pamurih kalok, kakadang
dinadya bala, asanes winiruda, daridya undhuhanipun, pawingking manggih katala.
88. Kalamun datan sawawi, bisa mengku saniskara, manah rupak nora kamot, teges sanes trah
ngawirya, becik lamun rumasa, ngembat wisesa tan saguh, milaur mundur kewala.
89. Dipun emut aja dumi, lagya darbe pangawasa, deriti marang sakehing wong, nanging
sanak-kadangira, den papanken ing ngarsa, mongka tan pengkuh ing kewuh, makarya nora
kawaba.
90. Tilingna ning ing kawathi, patitis pamawasira, gatosna ingkang sayektos, lamun paparing
wisesa, aywa mawang sentana, kawanin suba tan sengkung, iku dinadya pramoda.
91. Kathah-kathahipun janmi, twasa kalimput dureta, wuru dhumateng pangwaos, mumpung
maksih amisesa, morang sakehing tata, sanak-kadang mitra-karuh, linenggahken papan
eca.
92. Boten lingsem ing durniti, jireh ingangkat kretyawan, lenggah twijara tyang parnoh,
pandhir dinadya pangarsa, pingging sinuba dwija, ngangsu kawruh mring tyang blilu,
mung krana maksih sentana.
93. Lagya kalampah samangkin, ing jaman kala katwara, mundhak-mundhak ing pakewoh,
nerendra nir ring sudarsa, bucal lampah tatakya, reh praja dening babandhu, tilar warahing
pujangga.
94. Darbening lyan den talappi, kasereng nunten kawirya, sareng sentana sapunton, sarujuk
jajarah samya, daruti semunira, tan beda bebegal lamun, naracak miwah ngrabasa.
95. Ewon-ewoning wong drengki, guyub ngambah durniminta, sugal diksura den soroh,
sakadang cepeng wisesa, praja dadya puwara, garwakara sugih galu, kang nandhang wong
sanagara.
96. Ywan wus kukumpul nyawiji, dundum brana duratmaka, beda apa tiyang awon, suka-suka
sagendhingnya, netra kawuh tan menga, suthik wruh roganing manu, tinengen mung
kasukannya.
97. Dudu patraping wong singgih, mirungga maring sentana, mawang kadang lamun andon,
suka dalajat pangkatnya, tanpa panitipriksa, kang winiyat dupeh bandhu, sanadyan sisipat
dura.
98. Lamun mangsa kala dugi, jugar tataning puraya, gesang saraga wah kasor, drasa kaleban
kasmala, kawurya dadya ura, ririsak datarpa duwus, katala katiwang marga.
99. Mring sasama gardhawari, aywa pilih-pilih jalma, sadaya titahing Manon, datan remen karya
pringga, nging pinurih enaka, kasaenan amemengku, kawaba nandukken dardya.
100. Lamun becik mring sawiji, mongka gething dhateng liya, iku winih ingkang awon, remen
anyelir sentana, mring asanes durcara, raos meri ingkang thukul, tulakang panen kasmala.
101. Nandukna bebener ugi, boten kenging kawa-kawa, tan mingkuh saking wawaton, miling-
miling dupeh mitra, lilingen kang prakara, linimbang-limbang satuhu, kanthi lungiting
pangrasa.
102. Nadyan tedhaking acedhis, nanging bener pratikelnya, pantes kalamun linakon, kosok
wangsul dyan sentana, nging kasingsal ing budya, tinurut temah kalintu, nyimpang
margining utama.
103. Mlarat donya datan pasti, asor ing bubudenira, makatena tiyang kalok, tan wastu luhur ing
nala, becik lamun saranta, tinaliti kanthi turut, patitis pamawasira.
104. Petanana kang priyatni, pundi titiyang pranamya, pratingkahipun tan parnoh, paraya anteng
garjita, prayoga purugana, nora krana maksih bandhu, nging pradana pangawruhnya.
105. Miyat sudraning sasami, marma manah tinarbuka, thukul welas tan pitakon, maksih kembet
apa liya, iku nora prayoga, becik legawa tutulung, lila mardawa ing budya.
106. Wageda dadya palupi, jumbuh turasing ngawirya, nuhoni jejeging pakon, papakeming
puruhita, janma paramatatya, madhangi kang puru-puru, ngruwat sanggyaning piroga.
107. Lakon jaman kalasrenggi, trekahe tiyang candhala, kadi rewanda saranggon, gendhon
rukon tindak dhusta, tan ana jrih duraka, ywan lepat tutup tinutup, pinurih tan kawistara.
108. Wus sinerat jro pepesthi, tekane jaman drubiksa, nora maelu piawon, sanak kadang dalah
yoga, wuru kayungyun arta, wengis mamalak ing pemut, suthik nilingken wasita.
109. Mengker mangsa danawa ji, maksih tilar wawantunya, tan gampil luntur winasoh, santun
ingkang baureksa, tindakira tan beda, srakah kethaha lestantun, ngungumbar saliting hawa.
110. Saking iring wetan semi, muncar-muncar poladannya, nging paeka kang den gembol,
ngimpun-impun sanggya mitra, sarana suka purba, cinegah lumawan sampun, ngogak-
ogak pangu-wasa.
111. Kinarya kudhung agami, mangka wawaton den prusa, iku nyanyadhang pakewoh, kang
nunggil winastan bala, beda den anggep mala, temah puraya tan westu, dredah bangsa
padha bangsa.
112. Tyang pengung mangreh nagari, tindakipun dumarusa, nora jejeg mring wawaton, wit tan
jajag reh waskitha, mung bubujung hartaka, kaleng-gahan miwah dhatu, tilar waspaosing
prana.
113. Pasemonnya ladak edir, mangathik kadang myang mitra, lirwa wisiking Hyang Manon,
supe harjaning kawula, remen lamun pinuja, pangiring samya anglulu, pamrih antuk kang
den sedya.
114. Pungkasing jaman deriti, lamun benjang ana janma, mijil saking jro wewengkon, sudarpa
asidikara, wadana ning susmaya, tan mawang kadang satuhu, adil tuwin paramarta.
115. Tyang kang mlarat datan langking, sugih tan mangeran bandha, migati mring sakehing
wong, suthik nenengen sudara, adil sagung prakara, tebih melik cegah napsu, mungkul
mring Hyang Widi-wasa.
116. Wus tan kapencut ing daging, alus sakelangkung lembat, agal donya datan kamot, sasat
Pangeran maraga, ngrucat salir angkara, jro riribed sonya tuhu, pupuja ngentasi karya.
117. Meleng gilig kang den udi, harjaning rastala samya, datan kasengsem pambombong, kang
damel rupaking jangka, nora mangathik jana, priha tindak tan kalintu, lepat boten
kawistara.
118. Dungkap pungkasing wigati, wawarah mangreh puraya, mirid karsaning Hyang Katong,
sinambet wedharing weca, gelaring tanah Jawa, dyan mung samrica binubut, pantang
lamun den badala.
119. Sinuprih tan morang margi, uwal saking lenging widya, suka pemut mring kang mirong,
nyinyingkur aji pamasa, angedirken pangwasa, jinugag lingkabing wahyu, sambet
wyataning twijara.
120. Piwucal catur puniki, prakawis met donya brana, kalayan angudi wadon, gegaran wenang
misesa, tan luput ginayuha, mring panguwaos gumendhung, sapa wani mancasana.
121. Asring dadya ciri wanci, ingkang lagya amisesa, pongah awawatak rimong, nubruk buron
ingkang ringkya, minongka tatadhahnya, makaten tyang alit iku, den mangsa nora suwala.
122. Menggah lengkeping kintaki, kacetha pupuh lajengnya, rinumpaka sekar Sinom, dyan
kawedhar sakadarnya, manut gaduking nala, paripaos timun wungkuk, kinarya imbet
kewala.
S I N O M
123. Wus dadi jamaking janma, jro jaman mengeng puniki, ngasil-asil donya brana, raos
lingsem wus kawuri, tebih tataning nagri, mring gebyar samya kayungyun, tur ginadhuh
wisesa, saya wantun nerak margi, kang den bujung tan liya mung kasukannya.
124. Raos tuwuk tan kadarbya, sasat genthong ingkang ciri, masiya dipun grujuga, toya
sablumbang saari, panggah datanpa isi, ngowos-owos maksih suwung, tangeh lamun
marema, antuk leksa kurang kethi, puluh-puluh iku wataking drubiksa.
125. Becik wantuning walika, anguntal mangsanireki, sapisan tumunten nendra, tan mosik
nganti sasasi, kadya lampah tataki, nenedha sacekapipun, nora kaladuk hawa, ngangah-
angah jroning budi, beda janma ingkang wuru mring pangwasa.
126. Mangiwut tatandho arta, bikut genira nalapi, wus ical ewuhing rahsa, prawira datan
kadarbi, mamak dhumateng gahi, waton antuk kang den bujung, dyan ngrebat uriping lyan,
tegel tan ewed papati, welasarsa wus tebih saking pangrasa.
127. Tyang alit kadamel tumbal, dadya wadaling durniti, ringkih dipun kaniaya, kinarya
ompaking wisdhi, pangadhuh tan praduli, nganung-anung aji pum-pung, murba gunging
wisesa, kang badal dipun sirnani, songar dupeh tan ana wantun mamada.
128. Remen angalap ruruba, punapa dene upeti, mundhut lebon king punggawa, wah malih
kawula sami, pangarem-arem mili, temah gesang tansah kogung, keceh wang paribasa, tan
nenga gegesing dasih, kang tinengen karemenaning pribadya.
129. Urip dadi salah kaprah, akarya ngungun ing ati, elok lamun rinasakna, nora bares malah
mukti, nasar antuk astuti, kang jujur nandhang kalantur, blaka manggih antaka, resik
winada tan wasis, puluh-puluh wus dugi lengkeping jangka.
130. Pawingking ngundhuh dahana, ingkang ngririsak nagari, karya uraning pranata, tumus
gesangireng dasih, bebener den tebihi, wusna samya andon napsu, lupa rehing prawira,
bubujung mulading kapti, praja jugar kawula buyar wuntatnya.
131. Ywan lepat gennya mranata, musna lestarining nagri, wengkon samya ambalila, crah
adredah rebat mukti, tilar tepaning sami, padha bangsa samya campuh, mangsah prang
mumungsuhan, tan enget raos manunggil, lamun kadhung kaduwung datan piguna.
132. Ical kuncaraning praja, puwara kasub jinawi, surem madyaning buwana, tan pinetang
nagara ji, rinemeh jro papaki, masgul wit datan pinunjul, gung asor dalajatnya, kondhang
bangsa ingkang wengis, nora idhep tataning janma utama.
133. Prihatos lamun uninga, trekahing umat puniki, tega roga-ning sasama, beda gama
den cengili, seje bangsa sinengit, kadya wawantuning diyu, jro liliwunging wana,
bubujeng buron kang ringkih, pinrawasa den gaglag kanthi kethaha.
134. Tebih saking asih darma, welas-arsa pan wus sepi, tan eman patining liya, dingkik-
diningkik sasami, sak-serik saya ndadi, miruda padhaning manu, tyang mursid sampun
sirna, saking lebeting nagari, kang tinengen duraka klayan dursila.
135. Tangane padha candhala, narajang sagung papali, agahan karem mring donya, kala jiret den
pasangi, samya ngarah papati, panguwasa soroh napsu, munasika kawula, hakim remen
wang upeti, pra pangarsa mutusi sukeng tyasira.
136. Angger-angger sinelakan, tinekuk-tekuk sakarsi, miturut kang asung arta, wus supe
jejeging adil, babasan grumbul eri, ngrerendhet ambancang laku, kemarung pindhanira,
mitra tegel angapusi, wus tan ana kang kenging dipun pracaya.
137. Aja pasrah marang kanca, punapa dene pawestri, ngaleyeh ing pangkonira, tan jejeg
kedaling lathi, langkung kathah mapali, mantu lumawan si biyung, anak lanang tan bektya,
marang bapa mamancahi, dugeng jangka jaman babaya cintraka.
138. Kalakyan ing jaman ika, tyang sugih remen ngapusi, kang mlarat tan pinracaya, dora cidra
salir janmi, wawaler den campahi, nenedha tangeh atuwuk, padharan tansah luwya,
sisimpen datan gadhahi, nyebar wiji tangeh angundhuh wohira.
139. Ngombeya maksih dahaga, tatamba panggah sakit, linipur saya dhuhkita, den
nepken mubal andadi, ewuhaya ing budi, sinabarna dadya gugup, arsa aso kang sayah,
langkung kesel kang pinanggih, lamun lena sungkawa nora kuwawa.
140. Atatandho rajabrana, asalipun king durniti, takeran sami den suda, traju ginanjel tan westi,
watu timbangan cicir, kabeh pokal tangeh lugu, temahan kenging walat, ipat-ipating
Hyang Widi, tan sempulur ginawa dugeng pralaya.
141. Nahen napsu nora kampah, ngumbar hawa tanpa budi, sengsem kasmaran wanodya, tan
emut trapsileng krami, tilar waskiteng kapti, dupi wus lenggah ngaluhur, nguja mubaling
branta, suthik mirengna papali, nir tuladha sumimpang saking pranata.
142. Kayungyun mring kasulistyan, nyanyaput nering pangreti, ical waspaosing driya, kineluh
liring pawestri, supe walering margi, tan maelu pager ayu, pakewed tan kadarbya, winada
nora malangi, lenging cipta mung juga tinurutana.
143. Rinungrum gampil arentah, lir lembu dipun patrapi, cinongok ing cungurira, kadi tyang
bodho katali, babandan den adili, pindha kukila kapulut, babaya tan uninga, lena linepas
jemparing, lamun kena panen mamala antaka.
144. Poma-poma elingana, kang dadi walering margi, ngombeya ing belikira, ywa nglurug sanes
parigi, myang liyan gampil melik, ngandelken kuwasa-nipun, wenang mundhut babana,
kalebet minta pawestri, garwa yoga tan pinetang waton bisa.
145. Cacat menggahing pangarsa, lamun remen luru warih, kasengesem mring sendhanging
lyan, ngasag-asag sapinanggih, raos ewed wus sepi, rongehing manah kadlarung, parwi
dasih ingalap, sinengguh dadya upeti, yen mangkana ical prabawaning praja.
146. Becik lamun tinahena, atataki sawatawis, marema ingkang kadarbya, ywa malang tumoleh
margi, tyas meleng ning nyawiji, muncar wibawaning prabu, sinuyudan kawula, pinitaya
dipun aji, temah lulus sempulur kuncaranira.

You might also like