You are on page 1of 4

Harjuna Sasrabahu

Datan kawursita tindake Sang Ramaparasu, Genti kang cinarita, perak ginawe adoh, doh ginawe perak. Kang ana ing nagari Maespati. Sinten ta ingkang ngasta pusaraning adil ing kana, nenggih jejuluk Sang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu darbe watak ber budi bawa laksana, remen paring sandhang marang kang kawudan, paring teken wong kang kalunyon lan paring usada marang kang nandhang sesakit. Sang Prabu uga darbe watak dana wesi asat, tan kersa sesukan lan datan remen tedhak marang sajabaning kedhaton. Sang Prabu amung tedhak lamun ana sabab kang kumudu kudu tinandangan pribadhi. Senajanta Sang Prabu sinung kasekten kang magila gila, nanging Prabu Harjuna Sasrabahu datan darbe krenteg ngrabasa prang nglurug bala ngelar jajahan marang manca praja. Nanging maksa keh para raja manca nagari kang padha sumuyud sumawita datanpa sarana kagebuging yuda, amung padha kayungyun marang pepoyaning kautamaning Narendra.

Sang Prabu Harjuna Sasrabahu kagungan garwa, nama Dewi Citrawati. Putri kang sulistya ing warna, titising Bathari Widawati. Putri saking Nagari Magada, kang duk inguni rinebutan dening para raja saka saindengin ndonya kang tuggal karep ngayunake Sang Dewi.

Nanging kadi cara punapa dene sang Prabu yekti unggul ing ngayuda ngasorake para raja sewu negara kang sedya ngayunake Sang Dewi? Yekti Sang Prabu nalika samana andhuta sang Rekyan Apatih kang nama Patih Suwanda kang tuhu sura sekti. Ing kana kaleksanan Patih Suwanda ngasorake para raja, misungsung putri boyongan marang ratu gustinira, Prabu Harjuna Sasrabahu.

Ngambali carita kang wus kawuri, nalika samana Patih Suwanda kang jroning lumaksana bali marang Nagri Maespati ngudarasa jroning ndriya

Sewu raja kaleksanan tak asorake yudane, kanthi ora ngetogake kasudibyan lan kasektenku sakwutuhe. Nanging saiki aku nedya ngaturake putri boyongan menyang gustiku kang aku durung nate anjajagi sepira kaprawirane. Aja aja kasudibyane ora angluwihi saka kasektene raja sewu negara kang nembe tak asorake. Yen pancen kaya mangkana, apa bebathen kang kasandhang jenengingsun, lamun aku ngawula marang Sang Prabu Harjuna Sasrabahu. Prayoga lamun ingsun ndadar, sepira kadigdayane Prabu Harjuna Sasrabahu. Wus dumugi ing kedhaton Maespati, Suwanda kang nembe keduga mboyongi Dewi Citrawati, lumarap lan matur ing ngarsanira sang Prabu.

Suwanda, bungahing atiku tanpa kinira dene sira kuwawa mrantasi gawe amboyongi Putri Magada. Matura, apa keng dadi pamintanira, ganjaran apa kang mesthi kaparingake marang sira yayi Suwanda. Manawi kepareng, kula anggadhahi panyuwun namung setunggal wujudipun. Penyuwun kula mboten sanes, hamung kersaa Sang Padukendra andadar kasekten kawula. Ucapira Patih Suwanda katon sumongah sesongaran. Legeg tyase Sang Prabu, dupi mireng panyuwune Patih Suwanda. Nanging kaya dene we kresna kang tumetesing dlancang seta, kumudu kudu Sang Prabu anetepi pangandika kang wus kaucapake. Gelising kandha, raja lan pepatih wus siaga ing dhiri ngungasake kasektenira. Dedreg umyeg genti kalidhih, saka kaladuking kandha wus patangpuluh dina patangpuluh ratri kekalihipun, nggenya toh jiwa, bandawala pati.

Nalika samana waringuten Patih Suwanda, dene wus antara lama datan keduga ngasorake kasudyiban ratu gustinira. Saksana gya musthi senjata pamungkas kang winastan Cakrabaswara, sanjata kang apamor segara muncar. Datan kasamaran marang bebaya kang kasandhang dening senjata gilap kang tuhu ampuhe kagila gila, Sang Prabu Harjuna Sasrabahu sigra matek aji Triwikrama. Sirna sipating raja kang pekik ing warna, jleg dadi brahala kang gedhene angebaki jagad. Brahala kang kuwawa amung telung pecak wus keduga ngubengi jagad. Mulat ratu gustinira Triwikrama, miris kekes manahira Patih Suwanda, kang datan kasamaran lamun ratu gustinira sayekti panjalmaning Bathara Wisnu. Sakala sumembah ing pepadane Prabu Harjuna Sasrabahu kang memba brahala, sarwi angandika.

Dhuh Pukulun sesembahan kula, muga kawelasana jasad kawula. Kersaa paduka ngrucat aji Triwikrama, mboten kasamaran malih lamun paduka Sinuwun tuhu sesembahan kula ingkang sejati. Sanalika rucat wujuding Triwikrama, ririh aturira marang Patih Suwanda.

Yayi patih, senajan sira wus lancang anggonira tumindak, kumawani ndadar sepira kaprawiranku, nanging tetep sira dumadi jejering Patih kang tak tresnani. Yayi, gedhening dedosan kang sira sandhang awit saka pokal pakartimu, yekti ana paukuman kang kudu sira lakoni Dhuh panjalmaning Bathara Wisnu, andhadha lepat keng abdi. Keparanga matur, pidana menapa ingkang paduka bade kapatrapan dhateng jasad kawula. Menawi maksih sembada kula minangkani, senajan ta paduka andhawuhi anrenggalangi mengsah munah satru sekti, yekti kula mboten badhe suwala.

Yayi, yen ta panjenenganingsun dhawuh umangsah yudha anrenggalangi mungsuh, ingsun wus datan kasamaran klawan kasudibyan kang sira darbeni. Pamintaku amung sawiji, pindhahana taman Sriwedari saka ing Swargaloka, gawanen tumeka ing ngarcapada. Papanaen ana ing taman Maespati, kanggo sarana lelipur garwaningsun yayi Citrawati. Sakala pepes manahira Patih Suwanda, dres wijiling kang reriwe kadya dineres.

Nanging boting jejibahan kang wus dadi sesandhangan, wajib kaestokake. Saksana Patih Suwanda anyaguhi.

Sinuwun, kalilana kawula nyuwun pamit, saha nyuwun pangestu. Senajanta dereng katingal gatra kadi pundi sarana ingkang kangge minangkani awrating jejibahan ingkang Paduka paringaken. Bebasan colok lintang sesambung obor, keparenga ingkang abdi pamit saking ngarsa jengandika gusti Prabu.

Yayi, lelungsen tak bebakali, pangestuku ambanyu mili. Aja wedi ing weweka, daya daya kelaksanan apa kang sinedya. Surem jagade, puteg nalare Sang Patih Suwanda. Galeyah galeyah lampahira kang amung kaseret gregeting nala pecaking suku. Jroning ati amung kebak derenging kekarepan, nanging gegayuhan meksa kaya natab bebeteng waja kang kandel. Bawane satriya kang nora lirwa ing sesanggeman kang wus kasangkul, sepiraa maksih kandel rasa luput yen nampa bebendu.

Kocap kacarita, gelising kandha, lampahira Patih Suwanda kepapag lan ingkang rayi Bambang Sukasrana, reseksa bajang kang kuciwa ing warna. Nanging pepethingane dene Sukrasana tuhu sekti mandraguna, putus marang saliring agal lembat.

Ooh kakang Sumantri, tak upadi seprana seprene teka kakang Sumantri ketemu ing papan kene. Kakang ajanilapake aku lan lunga maneh, marga kakang wis prasetya ora bakal ninggal adimu. Kakang, aku ora bisa pisah karo kowe mbaka gingganga sarambut. Sukrasana matur marang kadangira tuwa kanthi pangucap celad kang dadi ceciri. Adhikku dhi wong bagus Sukrasana. Aku ora bakal selak marang janjiku sakawit. Nanging tulungana kakangmu kang lagi nandhang reruwet.Sumantri ngucap kanthi kawlas arsa. Oooh pantes yen ngana. Pasuryanmu ketok suntrut. Kandhaa kakang, apa kang dadi bundhelaning rasa susahmu. Adhimu bakal ngluwar bot repot kang ka sandhang, sing wigati, aja kakang ninggal aku maneh. Aja dadi atimu dhi, kakangmu wus andhada kaluputan. Ing nguni ora ateges aku lumuh sesandhingan karo kowe dhi. Nanging aku darbe jejibahan ngenger marang negara Maespati. Angesthi marang dawuhe kanjeng rama Resi Swandagni. Yen aku wus klakon mukti, yekti siadhi bakal tak kanthi mlaku reruntungan. Aku prasapa, yen aku goroh, aku saguh sirna dicecamah buta galak Sineksen janji Bambang Sumantri kanthi geter pater bumi prakempa.

Yen kaya ngana, enggal sajarwaa, apa kang mesthi tak tindakake kakang Sumantri? Cinaritaake bab bot repot kang kasangkul saka dhawuhe Prabu Harjuna Sasrabahu, sakala Bambang Sukrasana ngguyu latah. Tumuli Sukrasana mbombong manahira Bambang Sumantri.

Kakang, kuwi perkara gampang, lilanana adhimu kang ngalih jejibahanmu ngembani wajib Datan kawursita tandangira Bambang Sukasrana, saking pitulunging ingkang rayi, patih Suwanda kang inguni nama Bambang Sumantri wus kaleksanan ing sedya, mboyongi Taman Sriwedari. Nanging jroning taman asri kang wus kasil binoyongan, ing kana ana kurban, Sukrasana tiwas kaniaya. Wus kaleksanan sesanggeman kang kasangkul, temah nagari ing Maespati dumadi kaya dene kang kaocapake para empu sastra ; negara kang panjang apunjung, pasir wukir, gemah ripah loh jinawi, kerta tata tur raharja. Lelabuhane Rakyan Apatih Suwanda wus nuwuhake rasa supeketing kekadangan tumrap Raja lan Pepatihe, kaya dene kadang sinarawedi. Tan ana rasa kuciwa Prabu Harjuna Sasrabahu, sabab tandang grayange Patih Suwanda nggenira mranata praja, tan ana cicir mbaka sajuga. Nanging kasejatening katentreman ing alam dunya tan ana kang lestari, yekti gilir gumanti kadya dene cakra manggilingan.

Kocap, abdinira Sang Dasamuka kang winastan Ditya Kalamarica, tumindak mbebidhung api rowang, nrenggiling angapi mati. Jroning katentremaning taman Sriwedari, jro osiking swasana praja. Ditya Kalamarica keduga munggel yuswane Dewi Citrawati.

You might also like