You are on page 1of 8

MAKALAH

SEJARAHIPUN WAYANG
Makalah menika dipunserat kangge njangkepi tugas mata kuliah Ekspresi Tulis Lanjut

Dosen Pengampu: Sutrisna Wibawa, M. Pd.

dening

Ida Rahmawati

NIM. 06205241005/A

JURUSAN PENDIDIKAN BAHASA DAERAH

FAKULTAS BAHASA DAN SENI

UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA

2008

PURWAKA

Puji Syukur hamung konjuk wonten ing ngarsaning Gusti ingkang asipat
welas lan asih awit saking sih wilasa-Ipun kula saged ngrampungaken makalah
“SEJARAHIPUN WAYANG” menika. Makalah menika karipta adhedhasar
kepengin nglestantunaken kabudayan jawi imggih menika wayang.
Makalah menika migunani tumrap soksintena ingkang kepengin
mangertosi kaliyan kabudayan Jawi ingkang gegayutanipun kaliyan wayang.
Makalah menika ngandharaken pangertosan wayang sarta sejarahipun wayang
menika. Wayang ingkang sakmenika taksih dipunjagi lan dipunpriksani tumrap
soksintena badhe musna.
Kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng sasintena kemawon
ingkang sampun kersa paring pitedah, palilah, saha panyengkuyung amrih
mawujudipun makalah menika.
Kula tansah nyenyadhong pitedah sarta wewarahipun pranupiksa ingkang
maos makalah menika, temah makalah menika saged nyembadani pamundhutipun
para maos. Nuwun!

Yogyakarta, 11 Nopember 2008

Pangripta
Ida Rahmawati

BAB I
PAMBUKA
A. Wigatosing Rembag
Warisan budaya saking para leluhur punika kathah ingkang saged dipun
sinau dening kawula muda. budaya adilihur punika ugi saged paring pambiyantu
para muda ingkang ngangsu kawruh ngembangaken kabudayan. satunggaling
budaya luhur ingkang taksih sae inggih menika wayang. Wayang iku pagelaran
nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké
déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang awujud 2
dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umumé, kang wujud 2 dhimensi, kagawé
saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3
dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang
manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah,
uga ana kang gawé wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngéné
iki ora pati akčh ditemoni.
B. Ingkang Wigatos Dipunrembag
Lumantar makalah menika, badhe dipunaturaken uneg-uneg
ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan kados pundi
pangertosan wayang menika lan wayang menika langkung ngrembaka
lan kondhang kawentar wonten masyarakat Indonesia khusussipun
masyarakat Jawi piyambak. Babagan menika wigatos sanget
dipunpenggalih khususipun dening warga ingkang rumaos “asli” saking
Jawi, utawi sinten kemawon ingkang hanggadhahi raos handarbeni
dhumateng wayang, supados kawontenan tiyang Jawi lan ugi
kabudayanipun langkung dipunakeni dening kelompok-kelompok warga
ndonya sanesipun.

C. Kekajengan Ingkang Dipunrembag


Wonten 3 perkawis ingkang dopunaturaken wonten makalah menika:

1.menapa ingkang dipuntegesi wayang?


2.kados pundi sejarahipun wayang?
3.kados pundi sebutanipun wayang menika?
BAB II
WAOSING PIREMBAGAN
1. Pangertosan Wayang
Wayang menika pagelaran ingkang ngagem boneka umumipun. Wayang
dipunlakokakan dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut, saged
awujud 2 dimensi utawa 3 dimensi. Umumipun, ingkang wujud 2 dimensi,
kadamel saking kulit (walulang), ingkang biasanipun kulit sapi, utawi mendha.
Menawi ingkang 3 dimensi, limrahipun dipundamel saking kajeng ingkang
dipunrenggani ageman saking kain maneka warna adhedasar karakter wayang
kasebut. Nanging ing sawetara tlatah, ugi wonten ingkang damel wayang saking
suket, tuwin kerdus, ananging wayang jinis menika boten kathah.
2. Sejarahipun Wayang
Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing
ana ing Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis
ono biyen-biyen, rikolo isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama
Hindu Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya wayang wis diduweni karo
dening bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa.
Wektu kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan
animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia.
Miturut kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo
nyenyuwun petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga biso disuwuni kanggo
pengayom kasusahaning lan kacilakane menungsa. Kosok baline ruh kuwi mau
iya uga dipercaya sing bisa ndadekake gangguan utawa kacilakane menungsa.
Mula rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun bantuane roh para leluhur,
banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene bisa ngundang,
nimbali para rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni keselametan lan
kamulyane menungsa. Upacara ritual mau dianakna dibarengi nganggo cara gawe
pagelaran wayang.
Kacarios woten ing wiwitaning tahun masehi, bangsa Hindu ingkang asalipun
saking Jazirah India kathah ingkang sami datheng dados imigran ing Indonesia. Lajeng
kebudayaan Hindu-Budha menika pungkasanipun saged dipuntrima dening masyarakat
Jawi. Wonten ing jaman menika, basa Sansekerta sampun dipunagem dening kalangan
bangsawan ingkang salajengipun mempengaruhi basa asli Jawa tuwin Bali. Wonten ing
mriki kesenian wayang kaliyan bangsa Hindu dipunagem dados wadah ngembangaken
tuwin wedharaken budaya agami Hindu wonten ing carios Mahabharata utawi Ramayana.
Kahanan kados mekaten menika lajeng ndadosaken campur tuwin manunggalaken
budaya asli Indonesia kaliyan Hindu. Kesenian wayang ndadosaken agami Hindu cepet
nyebar, ngresep tuwin dipuntampi dening masyarakat
Kira-kira awalane tahun masehi, kaya sing dicritakake karo dening para ahli
sejarah mau, bangsa Hindu sing asale soko jazirah India akeh pada teka dadi
”imigran” menyang Indonesia. Bareng suwening-suwe, gelem ora gelem
dadekake pengaruh kabudayan Hindu-Budha iki akhire iya bisa diterima karo
dening penduduk asline Indonesia.
Ing sakjroning jaman kuwi, basa Sansekerta wis dienggo karo kalangan
bangsawan sing sakteruse banjur mempengaruhi basa asli Jawa lan Bali. Ing kene
kesenian wayang karo bangsa Hindu dienggo wadah ngembangake lan wedharake
budaya agama Hindu lewat crita Mahabharata utawa Ramayana. Suwe-suwe
kahanan kaya mangkono kuwi sing sakbanjure ndadekake campur lan manunggale
budaya asli bangsa Indonesia karo budaya Hindu. Kesenian wayang sing
budayane wis campur manunggal iki mau sing sakteruse dadi sinebab agama
hindu cepet nyebar, ngresep lan diterima ing masyarakat Indonesia.
Mulane ing jroning crita wayang iku akeh pranatane budaya agama
Hindu.Miturut kitab Sastra Centhini kasebutake mula bukane kesenian wayang
purwo kuwi cinipta karo dening Raja Jayabaya soko Kerajaan Kediri. Kira-kira
abad 10 Prabu Jayabaya hanyipta gawe gegambarane roh leluhure sing terus
ditulisake ing godong lontar. Gegambaran sing kaya mangkono mau akeh sing
ditiru soko gambarane ”relief” crita Ramayana, sing wis tinulis ing candi
penataran Blitar. Prabu Jayabaya ing kana mau banget katertarikane marang isine
Crita Ramayana mergo dewekne kuwi termasuk raja sing meyembah dewa
Wishnu, sing uga nganti sakprene karo masyarakat isih dipercaya Prabu Jayabaya
dianggep panjelmaane lan titisane Betara Wishnu.
Ing jaman sakwise, yaiku jaman Jenggala kesenian wayang purwa kuwi
disampurnakake wujude karo dening Raja Jenggala Raden Panji Rawisrengga sing
bergelar Sri Suryawisesa. Sakteruse dadi apik lan indahe. Kocap cinarita terus
wayang-wayang sing wis kawujud mau banjur diklumpukake lan disimpen ing
jeroning peti ”khusus” sing ”nyeni” indah. Bebarengan karo kuwi uga diciptakake
pakem crita wayang purwa sing pagelarane dianakake setiap ana upacara-upacara
penting ing istana kerajaan lan uga didalangi dewe karo Sri Suryawisesa.
Rikala jaman Majapahit gegambarane kesenian wayang kuwi saya luwih
disampurnaake lan dadi tambah apike, amarga wis ditambah bagian kana-kene
sing disik-disikane dadi kekurangane, terus digulung dadi siji. Wayang sing
wujude gulungan kuwi, yen dienggo pagelaran gulungane dibeber. Mulo kuwi
jenis wayang sing mangkene terus diwenehi jeneng Wayang Beber. Wiwit ono
panemune wayang beber iki kesenian wayang banjur diwedharake ngrambah
metu soko lingkungane keraton. Lan wiwit kuwi uga masyarakat saknjabane
keraton bisa melu ndeleng keindahane pagelaran kesenian wayang beber.
Sakbanjure nyedaki pungkasaning jaman Majapahit, pengaruh Agama Islam wis
wiwit ngrambyah lan kawedhar ing tanah Jawa. Karo dening para wali lan sunan
Kesenian wayang kuwi uga dienggo ”media effektif” medharake ajaran agama
Islam. Kahanan kaya mangkono kuwi uga sing dadekake kesenian wayang akeh
perubahan wujud sing cukup ”signifikan”, kanggo ngilangake gegambarane
manungsa sing ing Agama Islam kuwi diharamake lan uga kanggo ngilangake
gegambaran sing mujudake pengaruh agama Hindu. Ing jaman kuwi, wujude
wayang di owah, digawe soko kulit lan balung sing wujude mung kaya simbol-
simbol supaya gegambarane menungsa dadi samar, sakteruse nganti sakprene
wujude wayang mung kaya lan dadi arupa simbol-simbol wewayangan
panguripane menungsa.

3. Sebutan Wayang

Yen dijupuk seka ukarane, wayang kuwi seka wewayangan, amarga


pagelarane ana ing wayah wengi lan nganggo lampu. Nanging katrangan iki wis
ora bisa diugemi maneh. Wayang dadi ora mligi boneka kang ana wewayangane.
Wayang golek kang digawe seka kayu ora ngandhelake wewayangan. Ukara
wayang wis dadi pagelaran boneka kang digelar dening dhalang. Umume, sebutan
wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wayang iki digawe seka tatahan kulit
kewan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana
BAB III
PANUTUP
Crita kang dilakonake dijupuk saka epos Mahabharata lan Ramayana kang
uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi
saka tanah Arab. Wayang kang ngene iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki
misuwur ing tanah Jawa. Ing pagelaran iku wayang ditanjepke ing debog ing sisih
tengen lan kiwane dhalang. Ing tengah, critane digelar. Sedina sewengi lakon
diwedhar.
Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa wae, nanging uga ing tlatah liya
ing Nuswantara. Pagelaran wayang wis diakoni dening UNESCO ing tanggal 7
November 2003, dadi karya kabudayan kang edi peni ing babagan crita dongeng
lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of
Humanity).
Wayang iku pagelaran nganggo boneka kang umume katon endah ing
wewayangane lan dilakokake dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka
kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umume, kang
wujud 2 dhimensi, kagawe saka kulit (walulang), kang biyasane kulit sapi, utawa
wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawe saka kayu kang direnggani
penganggo saka kain kang maneka warna adhedhasar karakter wayang kasebut.
Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gawe wayang saka suket, lan kerdhus,
ananging wayang jinis ngene iki ora pati akeh ditemoke ing Indonesia.
Jinising wayang inggih menika: Wayang Golek,Wayang Thengkul
Bojonegoro,Wayang Krucil,Wayang Purwa,Wayang Beber,Wayang
Uwong,Wayang Gedog,Wayang Sasak,Wayang Calonarang,Wayang
WahyWayang Menak,Wayang Klitik,Wayang Suluh,Wayang Papak,Wayang
Madya,Wayang Parwa,Wayang Sadat,Wayang Kancil.

DAFTAR PUSTAKA
http://aindra.blogspot.com/2007/10/wayang.html-74k-
ki-demang.com/index.php?option=com_content&task=view&id=782&Itemid=739 - 24k

You might also like