You are on page 1of 2

Coba deloken, kowe klebu wong opo? 1. Wong sing ORA JUJUR.

Wong sing nek ngentut terus nyalahke wong liyo. 2. Wong GOBLOG. Wong sing ngampet ngentut nganti jam-jaman. 3. Wong sing jembar WAWASAN-e Wong sing ngerti kapan kudu ngentut. 4. Wong sing SENGSORO Wong sing pengin banget ngentut ning ora iso ngentut. 5. Wong sing MISTERIUS Wong sing nek ngentut, wong liyo ora ono sing ngerti. 6. Wong sing GUGUPAN Wong sing ujug-ujug nyetop entute nek pas lagi ngentut. 7. Wong sing PERCOYO awake dhewe (percaya diri) Wong sing ngiro nek entute dhewe ambune wangi. 8. Wong KEJEM (sadis) Wong sing nek ngentut nang amben terus ngibaske seprei-ne nang ambene koncone. 9. Wong sing ISINAN Wong sing nek ngentut ora muni ning terus rumongso isin. 10. Wong sing STRATEGIS Wong sing nylamurke entute kanthi ngguyu cekakakan. 11. Wong sing BODHO. Wong sing nek bar ngentut terus ngunjal ambegan dienggo ngganti entute sing metu. 12. Wong CETHIL. Wong sing nyadhangke entute (nek ngentut diencret thithik-thithik) . 13. Wong SOMBONG Wong sing seneng ngambu entute dhewe. 14. Wong RAMAH Wong sing seneng ngambu entute wong liyo. 15. Wong sing ORA SENENG SRAWUNG Wong sing nek ngentut ndhelik. 16. Wong AKUATIK (iki boso jowone opo yo? tulung Jad terjemahno) Wong sing senenge ngentut nang njero banyu ben-e muni blekuthuk-blekuthu k . 17. Wong sing ATLETIS Wong sing nek ngentut karo ngeden. 18. Wong JUJUR Wong sing ngakoni nek bar ngentut. 19. Wong PINTER

Wong sing niteni ambune entut tonggone. 20. Wong SIAL Wong sing nek ngentut mesthi katutan AMPASE. Mugi-mugi dipun paringi sabar lan kawelasan.

You might also like