You are on page 1of 3

Cerita Saka Manca ing papan sarwa salju, aku ngangen-angen lawang gubug binuka ana bedhiyang lan

lincak nanging wis kebacut dadi salju guritan apadene kekarepan nglinthing bareng tumiyupe angin nunjem-nunjem dom periih sadawane wengi kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi sing durung kober kababar unine prasasti

Babad Wedhi Pasisir Sorene sore jingga wengine wengi biru kembang pandhan mesem marang mbulan tangane ngawe-awe sajak kemayu apa hiya iki dayane layang atimu sing jare bakal ditulis kalane ijen lan sendhang mung amping-ampingann jendhela sing wengi iki isih panggah binuka? biyen aku nate apal gojegmu kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan ing lemah suwung pinggire taman ora ketang mbalang liring sambi mungkur nyamudana wingkis sakehing kekarepan nutup kudhuping kekembangan iki babad wedhi pasir pinaes ganda aruming mawar rarasing riris dhadha kumesar

PETENGING WENGI sumribit angin ngelus langit sore manuk sriti bali ing pucuking cemara nganti tekaning wengi sing nyenyet gawang-gawang katon pasuryanmu gawe tambah kekesing angin sore tumlawung rasa kang ngulandara wengi bakal tumeka maneh bareng karo wewayanganmu kang bakal ngebaki impen petenging wengi lumaku turut petenging lurung bakal gawang-gawang campur mega-mega apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ?

PEPADANG BAKAL TUMEKA angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun bumi kang kapidak kebak sinengker anggawa ganda bacin manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore peteng kang gemuleng ing angganing manungsa wus sinerat ana ing kitab duk ing uni pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah kanggo kita sami jalma manungsa kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun amadhangi sakendhenging jagat raya mara gage kita sami tumenga ing angkasa mangayubagya rawuhipun sang pepadhang kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga mangestu nampi pepadhang ..

You might also like