You are on page 1of 2

Tuntunan Pembawa acara

Assalamualaikum wr.wb Asghaduala illa haillallah wahdahula sarikala Wa asghaduana muhammadan abduhuwarosuluh.Amabadu Alhamdullilahirobilalamin ,puj syukur monggo kito kunjukaken dumateng Ngarsa dalem Allah SWT ,sahingga wonten ing wekdal ndalu puniko kito sedoyo saget makempal wonten ing papan puniko,,saperlu netepi menopo ingkang dados kesepakatan kito sedoyo inggih punika pakempalan rutin muda/i RT 4,5,6. Sholawat soho salam ugi katetepno dumateng junjungan kito ,,Nabi Agung Muhammad SAW.,nun inggih Nabi ingkang tansah kito antu-antu safaatipun benjang wonten ing yaumul kiamah.Allahuma amin.. Salajengipun wonten ing mriki kulo pinongko pambekto hadicoro,badhe ngaturaken reruncening hadicoro ingkang badhe kalampahan samangke,.Hadicoro ingkang : 1. Pambuka 2. Acara Sambutan Ketua pemuda Wakil dari Pembimbing 3. Acara inti(Iuran &Arisan) 4. Lain-lain 5. Panutup Mekaten urut-urutaning hadicoro ingkang badhe kalampahan samangke. Kito lajengaken acara ingkang angka sepisan inggih punika pambuka(monggo kito bikak acara wonten ing ndalu punika kanthi waosan basmallah sesarenganbismilllahirohmannirohiiim..),,,,,(matur nuwun,,,mugi-mugi kanthi waosan basmallah kolo wau ndadosaken kelancaran wonten ing acara punika),,, Kito lajengaken acara ingkang angka kalih inggih punika sambutan saking ketua pemuda ,dhumateng panjenenganipun Kangmas Hayus Wawan Handoko kasumanggakaken(dhumateng panjengenanipun,kaaturaken agunging panuwun)

Sambutan Ingkang salajengipun inggih punika sambutan saking pembimbing,,,dhumateng Bapak(,,,.)sumonggo .(matur nuwun dhumateng Bapak.. ingkang sampun ngaturaken sambutanipun,,). Acara inti dhumawah wonten ing angka tiga,,dhumateng Kangmas Aris handoko selaku sekertaris sumonggo wekdal kulo aturaken .,,,,( dhumateng panjenenganipun kaaturaken agunging panuwun) Kito lajengaken acara ingkang angka sekawan inggih menika Lain-lain ,,dhumateng anggota ingkang badhe ngisi acara punika wekdal kulo aturaken. (dhumateng panjenenganipun kulo aturaken agunging panuwun) Gegandengan acara wonten ing ndalu punika sampun paripurna.monggomonggo pakempalan ing ndalu punika kito tutup kanthi doa tutup majelis,,kulo ing mriki minangka pambekto hadicara kathah lepat lan kekiranganipun, nyuwun agunging pangapunten. Saking kulo cekap semanten Wassalamualaikum Wr.Wb,,,,,,,

You might also like