You are on page 1of 4

Mezzayu Arinta Radvadini XI MM / 22 Amalia Pratiwi XI MM / 01

Wayang
Wayang iku pagelaran nganggo bonka kang umum katon ndah ing wewayangan lan dilakokak dning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonka kasebut bisa kang awujud 2 dhimensi utawa awujud 3 dhimensi. Umum, kang wujud 2 dhimensi, kagaw saka kulit (walulang), kang biyasan kulit sapi, utawa wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digaw saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manka warna adhedhasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawatara tlatah, uga ana kang gaw wayang saka suket, lan kerdhus, ananging wayang jinis ngn iki ora pati akh ditemoni. Manut ing kemajuane jaman, wus tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang. Crita kang dilakonak dijupuk saka pos Mahabharata lan Ramayana kang uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana kang nggelar lakon crita-crita 1001 wengi saka tanah Arab. Wayang kang ngn iki diarani Wayang Menak. Pagelaran iki misuwur ing tanah Jawa. Ing pagelaran iku wayang ditanjepk ing debog ing sisih tengen lan kiwan dhalang. Ing tengah, critan digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar. Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa wa, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Pagelaran wayang wis diakoni dning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang di pni ing babagan crita dongng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwalik, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi.

Sajarah
Para ahli durung ana kang bisa mesthkak kapan wayang wiwit ana ing Indonsia. Nanging yn ndeleng prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wayang kira-kira wis ana sadurung agama Hindu mlebu. Nalika kuwi lakon wayang durung nganggo crita-crita kang dijupuk seka India. Pagelaran iki dienggo srana nyembah marang roh leluhur. Sawetara anggitan sastra jaman Mataram anyar akh kang nulis perkara sajarah wayang. Nanging, para ahli sajarah ora sarujuk marang apa kang tinulis ing kono amarga ora cocok marang cathetan lan tinggalan sajarah kang wis ana. Prasasti paling kuno ana ing abad kaping IV Masehi. Prasasti ngemot ukara mawayang kanggo pagelaran pahargyan sima utawa bumi perdhikan. Katrangan kang luwih trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masehi. Ing kono tinulis si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Artin kira-kira: Si Galigi ndhalang kanggo Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara."

Agama Hindu kang mlebu ing Nusantara gaw crita wayang bda karo aslin. Crita Ramayana lan Mahabharata wiwit dienggo kanggo dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh (991-1016), akh crita seka India kang mlebu lan digaw gagrag jawan. Wayang wiwit nyebar ing ngendi-ngendi nalika Majapahit nguwasani Nusantara. Crita-crita kang aslin seka India iku pungkasan wis geseh karo maun. Para pujangga Jawa gaw crita dhw kanggo mepaki apa kang wis ana. Ing Pedhalangan, crita-crita iki sinebut lakon carangan. Jaman Islam mlebu, Walisanga uga nganggo wayang ing panyebaran. Ing jaman iki wiwit ana Wayang Menak. Gagrag-gagrag tambah akh ngepasi Mataram anyar. Walanda kang digdaya gaw kraton Surakarta ngracik akh crita wayang kanggo nglelipur ati. Indonsia merdika uga nyumbang gagrag wayang kang manka warna. Manka warna wayang mau ana kang tetep digelar ana kang mung urip ing jaman dhw. Wayang kang paling akh dienggo yaiku wayang kulit purwa.

Sebutane Wayang
Yn dijupuk seka ukaran, wayang kuwi seka wewayangan, amarga pagelaran ana ing wayah wengi lan nganggo lampu. Nanging katrangan iki wis ora bisa diugemi manh. Wayang dadi ora mligi bonka kang ana wewayangan. Wayang golk kang digaw seka kayu ora ngandhelak wewayangan. Ukara wayang wis dadi pagelaran bonka kang digelar dning dhalang. Umum, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wayang iki digaw seka tatahan kulit kwan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana.

Manka Warna Wayang


Wayang ing tanah Jawa Wayang bbr yaiku wayang kang digaw saka kain utawa kulit lembu kang awujud bbran (lembaran).[1] Wayang Bbr yaiku mori digambari wayang dipitontonak sarana dibbr banjur dicritakak.[2] Saben bbran kuwi nggambarak sakadegan crita. Yen wis rampung dilakonk, bbrane digulung manh.[1] Wayang iki digaw jaman krajaan Majapait.[1] Wayang iki asal saka Pacitan lan Gunung Kidul.[3Wayang Kulit Wayang Kulit iku sajinising pagelaran wayang sing nrapak bonkah-bonkah saka kulit. Jinis wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa. Wayang iki digawe seka kulit kang ditatah lan dientha kaya dn manungsa. Umum wayang kulit nggunaake lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan maneka warna crita liyan.

Wayang Klitik sinebut uga Wayang Krucil[1] yaiku wayang kang digaw saka kayu, kang wujud padha karo wayang kulit.[2] Wayang iki nduweni ciri khas yaiku yn ta ditanggap ora nganggo gedhebog tancepat nanging nganggo kayu kang wis dibolong-bolongi.[2] Crita kang kerep ditanggapk yaiku nyaritakak Damarwulan lan Majapait.[2] Wayang iki campurane wayang golek lan wayang kulit. Praupane kaya wayang kulit nanging digawe seka kayu. Amarga seka kayu, awake wayang tanpa cempurit. Pagelarane ora nganggo kelir/layar. Debog kanggo tancepan diganti nganggo kayu kang wis dibolongi, jenenge slanggan. Wayang iki wis arang digelar.

Wayang Golek iku sawijining seni tontonan wayang sing kagaw saka bonka kayu. Wayang iki populr banget ing Tlatah Pasundhan. Wayang Gedhog : Ing basa Jawa kuno, gedhog artine jaran. Gedhogan artine kandhang jaran. Nanging ana uga kang maknani gedhog seka thuthukane dhalang ing wadhah wayang sing munine dhog dhog dhog. Banjur apa sesambungane karo jaran? Wayang gedhog asring nganggo lakon Crita Panji. Ing lakon iki pangeran-pangeranne nganggo jeneng Kudha, kayata Kudha Wanengpati. Ing jaman Kasultanan Demak, ana wayang gedhog kang nganggo lakon wayang purwa. Ana uga kang nganggo crita kethoprak, kayata Damarwulan. Wangune wayang gedhog kaya wayang kulit. Wayang iki digawe seka kulit kanthi tatahan satriya sabrangan. Bedane maneh, ing kene mung ana patang macem praupan. Rupa kaya raseksa lan wanara ora ana. Praba lan topong uga ora ana.

Wayang Mnak iku wayang sing critan adhedhasar lakon mnak. Wayang mnak umum nganggo wayang golk (wayang golk mnak), nanging uga ana sing nganggo wayang kulit. Saprangan wong uga nyebut kanthi aran wayang tengul.

Wayang kancil iku klebu wayang modern sing diciptaak ing taun 1925 dning Bo Liem. Wayang iki migunaak crita-crita kwan. Wayang digaw seka kulit, lan pisanan ditatah dning Lie Too Hien sing cacah kurang luwih 100 paraga. Paraga sing kondhang yaiku Si Kancil sing pinter. Lakon sing kondhang yaiku Kancil Nyolong Timun. Lakon dijupuk seka Serat Kancil Kridhamartana anggitan Radn Panji Natarata. Wayang iki banjur diterusak lan disampurnaak dning Radn Mas Sayid ing taun 1943.

Wayang Wahyu iku sajinising wayang sing nganggo paraga-paraga saka Agama Katulik. Wayang Wahyu iku sing ngripta bruder Timotius saka Klathn ing taun 1964.

Wayang Pancasila kuwi carita wayang kang persis karo wayang purwa kang bedakak mung lakon-lakon, ning wayang Pancasila lakon pejuang-pejuang bangsa Indonsia caritan uga bab perjuangan Bangsa Indonsia Wayang Sejati Wayang Jemblung Wayang wong Wayang Sandosa Wayang Ukur Wayang Jawa Wayang Topng Wayang Pothi Wayang Rvolusi Wayang Dongng Wayang Fabel e-wayang

[sunting] Wayang ing tlatah liya


Wayang Betawi Wayang Sundha Wayang Palembang Wayang Banjar Wayang Bali Wayang Sasak

Lakon Wayang

Wayang Purwa Crita Menak Crita Panji Babad Tanah Jawa

Gagrag ing Tanah Jawa


Pagelaran wayang kang sumrambah ing tanah Jawa agaw variasi kang manka warna. variasi utawa jinis iku kang asring sinebut gagrag. Gagrag wayang ing tanah Jawa antaran:

Wayang Kulit Gagrag Ngayogjakarta Wayang Kulit Gagrag Surakarta Wayang Kulit Gagrag Banyumasan Wayang Kulit Gagrag Cirebon Wayang Kulit Gagrag Jawa Wetan Wayang Kulit Gagrag Madura

You might also like