You are on page 1of 3

Piranti Pawon

1. Tampah Fungsinipun kangge ngeresiki kaccang-kacangan, uwos, utawi pantun ing jumlah ingkang kathah. Caranipun diayak lan reregedanipun saged misah saking kacangkacanganipun, uwos, utwi pantunipun. Ugi saged kangge mepe krupuk. Piranti punika kadamel saking empring ingkang dipunanyam.

2. Wajan Wajan yaiku piranti kangge masak utawa ngoreng panganan lan sakpanunggalipun. Wajan kang dhuweni kagunan kanggo piranti masak kagawe saka wesi lan waja kang biasan ana ing ndhuwur pawon, angklo lan kompor.Wajang kang wujud bunder lan cekung iki biasa dianggo masa panganan/masakan kang diolah.Wajan kang kagawe saka wesi lan waja luwih becik panas ing ndhuwur geni kang diwenenhi lenga kletik.

3. Cowek lan wunthu Piranti ingkang kangge ngalusaken bumbu-bumbu pawon utawi kangge damel sambel. Kadamel saking watu.

4. Sothel Fungsinipun kangge molak-malik bahan pangan ingkang dipungoreng. Kadamel saking kayu utawi saged saking alumunium.

Piranti Tani
1. Cangkul Fungsinipun kangge ngedhuk utawi ngratakaken lemah. Kadamel saking wesi utawi baja lan gagangipun saking kayu.

2. Arit Piranti ingkang biasanipun kangge mbabat suket. Kadamel saking wesi baja lan gagangipun saking kayu. Awujudipun mlengkung kados wulan sabit.

3. Ani-ani Fungsinipun kagem manen pari. Mawa ani-ani tangke bulir pari diiris stunggal-stunggal, dados proses punika betahaken pagawen saha wektu, naning kauntunganipun punika, benten kalihan mawa sawijining arit, mboten sedaya tangke kairis. Dados bulir ingkang dereng masak ora nderek kairis.

Dolanan Tradisional
1. Congklak Dolanan tradisional ingkang ngagem papan congklak lan 98 wiji congklak. Biasanipun wiji congklak ingkang dipunagem inggih menika saking cangkang kerang utawi wiji-wijian.

2. Gobak Sodor Salah sawijining dolanan ing tlatah Jawa kang dilakokake dening 3-5 bocah. Caranipun dolanan punika yaiku ngadhang-adhangi mungsuh supados mboten nglewati bates garis kanthi bolak-balik, lan salah stunggal gegrombolanipun kados saged nglewati garis kanthos balak-balik ingkang lapangan kang sampun katemtokaken.

3. Bekelen Punika sejatine arupa dolanan bocah kagem ngisi wektu ngaso sekolah. Bekelan piyambak punika gadah piranti kados: Bal karet seukuran bola pingpong. Timbel sing bentukipun gepeng kados kacang kulit, wonten titik-titikipun.

You might also like